Jangkane Lemah Samengkone
“Bumi sangsaya suwe sangsaya mengkeret/ sakilan bumi dipajeki/ wong wadon nganggo panganggo lanang/ iku pertandhane yen bakal nemoni /wolak-walike jaman.”
Cakepan ing dhuwur kajupuk saka pethikan jangka Jayabaya. Kang dadi pangertenane umum, jangka mau bener-bener anggitane Prabu Jayabaya(1135-1157M), sawijining raja Kedhiri nalika semana. Yen didelok maneh ing sejarah, nalika Prabu Jayabaya jumeneng nata, kang dadi pujangga kraton yaiku Mpu Sedhah lan Mpu Panuluh.
Kaloron pujangga mau kang nganggit kakawin Bharatayudha, Hariwangsa lan Gatotkacasraya. Ananging ora ana buktine yen Jayabaya nganggit serat kang ana sambetane karo jangka jayabaya mau.
Perkara iki uga bisa didelok ing buku-buku kang ngrembug babagan sastra Jawa kuna. Ing bukune Poerbatjaraka lan Tardjan Hadidjaja asesirah “Kepustakan Djawa” kang dimijilake dening Djambatan(1952) ora disebutake yen Jayabaya nganggit Jangka kang dadi kapercayane saperangan bebrayan wong Jawa mau.
Semana uga buku kang tinulis dening P.J. Zoetmulder asesirah “Kalangwan, sastra Jawa kuno selayang pandang” (Djambatan;1983). Buku kandhel cacah 648 kaca iki uga ora ditemokake tulisan kang ngrembug babagan Jangka Jayabaya.
Kanyatane Jangka Jayabaya katulis ing jaman Kartasura (1678-1775), nalika Pakubuwana II(1727-1749) jumeneng nata sawise kraton pindah ing desa Sala. Pujangga kraton Pangeran Adilangu kang isih katurunane Sunan Kalijaga diwenehi tugas nulis Serat Jayabaya, yaiku kitab kang isine jangka utawa ramalan ing jaman kang arep teka(J.J. Ras;2014).
Ing tulisan iki ora bakal ngrembug babagan sejarah Jangka Jayabaya utawa sapa kang wiwitane nganggit jangka mau. Nanging panulis kepengin ngrembug babagan cakepan ing dhuwur gatra kapindho, “Sakilan bumi dipajeki”. Ukara mau ngandhut seserepan yen samangke bakal ana paugeran, menawa lemah ing Jawa larang banget regane.
Mulane lemah mau ora bisa uwal saka kang jenenge pajek. Kahanan mangkene wis kedadeyan ing jaman saiki. Ing ngendi-ngendi wae rega lemah sansaya mundhak, apamaneh lemah kang manggone ana ing sapinggire dalan gedhe. regane bisa puluhan yuta mung kapetung semeter. Mula ing desa-desa sok ana wong sugih mblegedhu anyaran, amarga bubar mbogorke sawahe. Embuh sawahe mau kanggo perumahan, pabrik, utawa kena gusuran jalan tol.
Saking larange lemah amarga panggonan kang sansaya ciut mau, saiki akeh cara kang migunakake rekayasa teknologi kanggo ngawekani bab mau. Mula ora maido yen wewangunan ing jaman modhern iki, ora amba mangiwa manengen kaya dhene omah adat joglo. Mung pawongan tartamtu kang duweni omah Joglo iki, amarga yen didelok saka bahan-bahan wangunane kang awujud kayu mesthine yen mbangun mbutuhake dhuwit kang ora sethithik.
Apa maneh omah Joglo duweni perangan-perangan tartamtu, kayata pendapa, pringgitan, dalem, sentong, gandok tengen lan gandok kiwa kang mesthine mbutuhake lemah kang wiyar. Mulane wewangunan saiki digawe munggah, tingkat, lan mandhuwur. Ing kutha sala akeh wewujudan kang kaya mangkono, kayata hotel, apartemen, mall, kantor lan omah susun kang manggon ana ing pinggir-pinggir dalan gedhe. Malah saiki ing desa-desa wis akeh omah kang ngusung modhel “minimalis”. Merga cara iki dianggep bisa mangsuli pitakonan bab larange lemah.
Ing negara manca, saking panggonan wis ruwet lan lemahe wis ora nyukupi tumrap pendhudhuke kang akeh, pamarintah banjur padha golek cara kanggo mangsuli perkara kasebut. Sawijining cara yaiku kanthi reklamasi, cara kang ndadekake daratan ing segara.
Segara dihurugi lemah nganti tekan dhuwur banyu lan ngisore diwenehi tanggul. Mula segara kasulap dadi daratan kang bisa kanggo kaperluan panggonan para pendhudhuk. Negara kang wis kasil nindakake reklamasi, kayata Singapura, Dubai, Jepang, Cina, Korea Selatan pancen wis bener-bener bisa nambah wiyare daratan.
Lha saiki kang lagi rame diwartakake ing negarane dhewe yaiku reklamasi Jakarta Utara. Jakarta kudu melu-melu marang negara liya merga kahanan ing kutha iku uga wis kentekkan lemah kanggo pambangunan. Ananging malah njedhul maneka warna perkara lan dredah kang ndadekake reklamasi iki kudu mandheg. Para pangembating praja ing DPR, BPK, Gubernur lan pengembang padha diceluk dening KPK sambetane kasus mau.
Kanggone wong Jawa, lemah pancen dadi sawijining barang kang wingit. Ora bisa sembrana anggone nggulawentah. Lemah, kang bisa kasebut minangka “Ibu Pertiwi” dadi pralambange urip lan kauripan. Yen manungsa bisa ngurmati lemah, lemah uga bakal bisa menehi akeh paedah marang manungsa lan nyawa liyane.
Metu saka jangka Jayabaya kang diaturake ing dhuwur, luput utawa benere jangka mau ora dadi perkara kang wigati. Ananging kasunyatane, lemah saiki wis bener-bener dadi barang kang larang regane lan pancen kudu dipajeki. Dudutane, Perkara lemah ora bakal mandheg diwartakake ing titiwanci iki, nanging mesthine nganti tekan titiwanci samengkone.
Bisri Nuryadi
0 Komentar untuk "Artikel Jawa Ramalan Jayabaya"