Artikel Sejarah lontar

Lontar, Crita lan Sujarah

Presiden Soekarno nate medhar sabda kanthi ukara, “Jas merah, jangan sekali-sekali meninggalkan sejarah”. Ukara mau wis njilma ing saben sanubari pawongan saknegara Indonesia. Nanging mung sethithik pawongan kang bisa ngonceki lan mbabar laku kaya dhene ngendikane sang proklamator mau. 

Tumrap wong Jawa, sujarah ora bisa dipisahake karo candi, prasasti lan naskah tulisan kang wektu semana isih migunakake lontar. Amerga ing wujud kuwi mau, kita bisa mangerteni apa ta kang ditindakake para leluhur jaman biyen. Sakliyane kuwi kita uga bisa mangerteni karya apa wae kang dikasilake para pepundhen Jawa. 

Ing titiwanci pungkasan iki, kita isih bisa ngestreni karya-karya para leluhur Jawa saka tembang-tembang Jawa kang banget akehe. Tembang mau ora bisa uwal saka sujarah candi, prasasti lan lontar mau. Kabeh mesthine isih ana gegayutane. 

Sastra Jawa kuna kang sejatine basa sastra, biyen asline awujud prasasti-prasasti kang diukir ana ing gepengan kuningan utawa watu-watu. Mung saperangan wae prasasti-prasasti mau bisa dislametake merga kepangan wektu pirang-pirang abad suwene. Saiki barang sing banget ajine mau akeh-akehe diawetake lan digulawentah ing Bali. 

Saliyane prasasti, tulisan-tulisan kuna bisa ditemokake ana ing godhong lontar(Borassus flabelli-formis). Tembung “lontar”,  dumadi saka tembung “ron” lan “tal”. Tembung mau wis ngalami metathesis utawa owah-owahan. “Ron” ateges godhong, lan “tal” ateges wit. Ing Bali, godhong lontar diarani embat-embatan utawa katihan.

Ora gampang gawe lambaran tulisan kang apik sajrone lontar. Wiwitane, godhong lontar kudu digaringake luwih dhisik. Banjur dijejegake lan kudu dipepe maneh sangisore cahya srengenge.  Sawise mau, godhong lontar dadi kaku kaya dhene kayu, lan pungkasane bisa dadi lambaran tulisan.  

Kawruh babagan carane ngolah godhong lontar kaya ing dhuwur bisa kita waos ana buku “Kalangwan, Sastra Jawa kuna selayang pandang:1983.” Anggitane P. J. Zoetmulder, kanthi cacah 648 kaca.

Sakjane karya-karya para leluhur kita ora kalah karo karyane para pepundhen negara manca. Mung emane para generasi mudha padha isin ngakoni lan ngenggo karya para leluhure dhewe mau. Akeh kang nganggep yen karya lan budhayane wong Jawa wis ora bisa ditrepake ana ing jaman modhern saiki. Apa maneh crita lan tembang Jawa, malah dadi geguyon menawa dicritakake utawa ditembangake sangarepe para kawula mudha saiki. 

Yen dirunut saka sujarah, akeh crita saka negarane dhewe kang dadi babon crita kondhang saka negara manca. Minangka conto, bisa dijupukake saka serat kanthi asesirah Pancatantra. Serat kang wis kawentar ing perpustakaan dunia kanthi migunakake basa Sanskerta mau duweni umur luwih saka 15 abad. 

Serat Pancatantra nate diterjemahke bebas ana ing pirang-pirang basa, kayata Persia kuna (taun 672). Sawise kuwi nusul negara-negara liya kang uga melu nerjemahake bebas, kayata Arab, Turki, Mongolia, Tamil lan isih akeh maneh negara liyane. 

Sabanjure tulisan mau diterjemahake kanthi basa latin lan pungkasane bisa mlebu ing donya kasusastraan benua Eropa. Saperangan critane wis nate disalin ana kumpulan crita kondhang kang wis kawentar sak jagad raya, yaiku crita Seribu satu malam (Alfulailah wa lailah).

Kanthi crita lan sujarah kang nate ditulis ing watu utawa lontar dening para leluhur Jawa ing dhuwur, sak ora-orane bisa dadi cekelan para generasi mudha. Para generasi mudha kudu bisa ngakoni lan nresnani sujarah, crita, karya lan budhayane dhewe. Aja nganti kaya unen-unen “kacang lali lanjaran”. Sujarah lan crita leluhure dhewe ora disinauni, nanging malah nyinauni sujarah lan crita leluhure negara liya.  

Apa maneh ing wulan kamardikan kang wis ngancik 69 taun iki. Sapa wae kudu nglenggana, yen wujud tulisan sajrone watu lan lontar kang ngemot sujarah utawa crita kuwi pangaji banget tumrap para generasi mudha bangsa. 


Bisri Nuryadi



Share :

Facebook Twitter Google+
0 Komentar untuk "Artikel Sejarah lontar"

Back To Top