Titipane Om Sos lan Mbah Parto
“I am the sword. I defend the weak.”
Pethikan ing dhuwur kang nganggit R.M.P. Sosrokartono(1877-1952), kangmase R.A Kartini. Ing gesange Sosrokartono asesinglon Om sos, Ndoro Sosro, Joko Pring, utawa Mandor Klungsu Iki ditepung minangka pawongan kang ngedhap-ngedhapi mligine Ing bab ilmu basa. Kejaba rancag anggone ngendikan ing basa dhaerah wewengkon Nuswantara(10 basa), uga lanyah ing 17 macem basa negara-negara barat.
Ora maido, yen Ing taun 1917 piyambakke kadhapuk dadi juruwarta perang saka ariwarti “the new york herald tribune”, Amerika. Mesthine wae kang nglamar pagaweyan mau ora mung Ndoro Sosro wae, ananging akeh para winasis basa kang uga melu tes.
Para panglamar kudu bisa nyingkat pawarta kang dawane sak kolom dadi 30 tembung lan ditulis ing petang basa, yaiku Inggris, Prancis, Spanyol lan Rusia. Kerana lolos tes kasebut, Sosrokartono dadi pawongan milyuner ing wewengkone kanthi gaji $1,250 sewulan.
Ilmune nulis ora mung kandheg tekan juruwarta, ananging sawise bali menyang negarane Om Sos uga tetep ajeg nulis. Tulisan-tulisan mau awujud wejangan-wejangan kanggo nata jiwa, raga, akal, budi lan batin.
Wejangan-wejangan manjing ana ing ilmu kantong kosong, ilmu kanthong bolong, uga ilmu suwung. Ilmu-ilmu mau ngandhut babagan lelaku urip lan kauripan, kepriye anggone nglakoni urip? Kepriye tumindak marang wong liya? Kepriye dadi manungsa kang wicaksana? Lan isih akeh liya-liyane.
Rong ukara kang dadi pethikan mawa basa Inggris ing dhuwur yen dijarwakake dadi, “Aku kaya dhene pedang. Aku mbela wong cilik”. Bisa dimangerteni yen tulisan mau wis dadi semboyan gesange Om Sos. Tulisane akeh kang mbela wong cilik sanajan piyambakke katurunan ningrat.
Padinan nulis wus manunggal ing jiwane Om Sos, kang nuwuhake jiwa tentrem kanggo nulis pirang-pirang wejangan. Nulis diniyati supaya urip bisa migunani marang sesama. Wejangane Om Sos banget bisa dadi patuladhan marang para manungsa ing laladan Nuswantara. Lelaku nulis ing panguripane kasunyatan bisa mangaribawani para panulis liyane menawa urip iki pancen kudu ditulis.
Saliyane Om Sos, panulis kang kawentar luhur yaiku Suparto Brata. Panulis iki nate nulis pengalaman pribadhie nalika isih cilik ing kalawarti Panjebar Semangat wedharan 30 Juli 2011. Kanyata Suparto Brata wiwit cilik wis digladhi maca lan nulis. Suparto Brata biyene nglakoni sekolah angka loro ing sragen. Sekolah angka loro tegese ora kelas loro, nanging jeneng sekolah ing wektu cilikkane Suparto Brata. Sekolah loro kuwi anggone sinau wiwit kelas 1 tekan kelas lima.
Suparto Brata ngandharake wektu semana ing Sragen kuwi swasanane sarwa Jawa. Saben wektu krungu bab basa Jawa, tembang Jawa, lan kabudhayan Jawa ing bebrayan agung. Nalika ing sekolah, Suparto brata uga ora adoh saka bab maca, nulis, sastra lan nembang. Saben dina sing diwulangake ing sekolah yaiku maca lan nulis.
Pelajaran liyane sing dudu wulangan maca-nulis sastra, ora diwulangake saben dina. Kanthi katrampilane maca lan nulis ing bab sastra, Suparto Broto akeh nrima penghargaan utawa juwara lomba nulis sastra. Kauripane Suparto Broto dilakoni kanthi maca lan nulis.
Sosrokartono lan Suparto Brata minangka tuladha kang saben dinane wis mbalung sungsum anggone nulis. Titiwanci pungkasan para winasis mau wis ora bisa ngancani nulis para generasi saiki, merga wus kasedan ing jati.
Ananging para generasi bisa maca saka pesen-pesene para winasis mau kang banget mupangate. Sosrokartono nate pesen ing wejangane, “Sinau basa, sinau bangsa/Tegesipun ; sinau ngudi raos lan batos/Sinau ngudi kamanungsan”. Sosrokartono ngejak para generasi sabanjure padha ngugemi basa. Merga sinau basa dadi cagakke ngudi ilmu bab kamanungsan.
Suparto Brata uga titip pesen ing bab sastra Jawa, yen Basa Jawa iku minangka piranthi kanggo numplak bakat crita, sugih lan modhern. Menawa pinter-pinter migunakake, Suparto brata percaya hadiah nobel kasusastran kang kapisan kanggo Indonesia bakal kecandhak liwat crita mawa tulisan basa Jawa.
Referensi :
1. “Drs. R.M.P. Sosrokartono. Sebuah biografi”. Solichin Salam. Penerbit :Yayasan Pendidikan Sosrokartono Jakarta; 1994.
2. “Wawasan cerita pendek sastra jawa modern”. Poer Adhie Prawoto. Penerbit : Angkasa bandung; 1988
Bisri Nuryadi
.
0 Komentar untuk "Artikel Jawa tentang Suparta Brata dan Sosro Kartono"