Bahasa Jawa Kelas 6/1 Pelajaran 2


Pelajaran II
Kelas 6/2

SK
Mendengarkan
Mampu mendengarkan dan memahami ragam wacana lisan melalui pembacaan teks pidato dan cerita wayang.
Berbicara
Mampu mengungkapkan pendapat dan perasaan secara lisan tentang pidato dan mengapresiasi tembang macapat.
Membaca
Mampu membaca dan memahami teks pidato dan membaca huruf Jawa.  
Menulis
Mampu menulis karangan dalam berbagai bentuk dan menulis huruf Jawa.

KD
1.1 Mendengarkan pembacaan teks pidato.   
2.1 Menceritakan isi pidato sesuai unggah-ungguh.
3.2 Membaca kalimat berhuruf Jawa.  
4.1Menulis karangan (parafrase, dialog, narasi, dan sebagainya).

Karakter : toleransi, jujur, berani, percaya diri, rapi

    A.   Nyemak (Ngrungokake Pidhato utawa Sesorah)
Micara ana ing ngarepe wong akeh  (pasamuan) pancen akeh sing miyur katetegane.  Ana sing teteg ning ana sing ra kepenak dirungokake.  Ana ing basa Jawa suara sing apik mbarengi seru lan ora mbrebegi iku sing kepenak. Ndadekake kawibawan dhewe menawa arep maca lan ngrungokake pidhato.

Garapan 
Rungokna sesorah ing kumpulan RT, kelompok tani, kumpulan ibu-ibu, lan apa wae ing lingkunganmu kang ana sesorahe.  Rungokna banjur tulisen ing papan kang wis kasedhiake ing ngisor iki!
Acara :
Papan panggonan :
Dina :
Wektu :
Asmane sing sesorah :
Isine sesorah :
Wangsulan: 
Kabijakan guru 

Garapan 
Coba kowe gawea tuladha pidhato kang ringkes wae, kayata pidhato kanggo acara ing kampungmu, manawa wis rampung banjur aturna asilmu nggarap marang gurumu, banjur wacanen sesorahmu kuwi ana ing ngarep kelas!
Wangsulan : 
Kabijakan guru 

    B.   Micara (Nyritakake Pidhato utawa Sesorah)
Nyritakake isine pidhato utawa sesorah iku ora gampang. Sing sepisan kudu dilakoni yaiku ngrungokake sesorah kanthi premati. Supaya awake dhewe ngerti apa isine pidhato iku. Sabanjure awake dhewe bisa nyritakake isine pidhato kuwi mau nganggo basane dhewe kanthi unggah-ungguh kang trep tanpa ngowah-owahi isine pidhato.
Isine pidhato utawa sesorah sing wis kok tulis ing latihan dhuwur critakna nganggo basamu dhewe ing ngarep kelas! 
Kanggo nggampangake anggonmu nyritakake, tulisen dhisik intine isi pidhato sing bakal kosampekake ana ing bukumu dhewe-dhewe!

Kembali ke Daftar isi Soal, Kunci, Materi Basa Jawa SD, SMP, SMA/SMK


    C.   Maca (Maca Tulisan Jawa)
Wacan tulisan Jawa ing ngisor iki wacanen kanthi premati!

Wacan ing dhuwur iku salinen nganggo aksara latin !
Wangsulan : 
Bapak lagi wae rampung panen kedhele. Bapak banjur tindak menyang toko mundhut radio anyar. radio iku salah sawijining piranti kanggo komunikasi, kajaba radio jaman saiki akeh piranti komunikasi kang luwih modern yaiku faksimil lan internet. Jaman biyen 

    C.   Nulis (Nulis Pacelathon)
Pacelathon, yen awake dhewe uga sering nyebut guneman. Pacelathon utawa guneman iku mesthi dilakoni saben uwong ing saben dinane. Ana wae sing dirembug kaya ta ngrembug gawean, pemerintahan, pelajaran, lan liya-liyane. Menawa rembugan iku kudu nganggo unggah-ungguh kang becik. Ing antarane sajroning guneman mau ora kena nglarani atine sing diajak guneman apa dene nglarani atine sing ngrungokake anggone guneman.
Gatekna tuladhane pacelathon ing ngisor iki!
Wiji : “Tris, susah ya anggere mangsa rendheng teka kaya mengkene iki?”
Sutris : “Lho, kenapa ta, Ji? Yen mangsa rendheng teka lak kudune seneng to awake dhewe bisa nenandur, sabanjure bisa panen.”
Wiji “Yen iku sih, iya. Sing susah kuwi mlakune iku lho, Tris. Aku dadi males neng ngendi-endi. Amarga dalan ing sangarepe omahku kae lak isih jemek. Aku dadi sebel angger arep neng ngendi-endi ing wayah udan ngene iki.”
Sutris : “Oo...kuwi, to? Aku jane ya sebel, ki? Ning piye, ya? Pak RT ora ana dhawuh kepiye-kepiye.”
Wiji : “Dhawuh kepiye maksudmu?”
Sutris : “Jane kan, piye carane ta, supaya dalan iku ora jemek yen mangsa rendheng teka. Ditatani watu, dipelur, utawa diaspal sisan.”
Wiji : “Lha yen kowe duwe uneg-uneg kepriye, Tris? Sing genah lak RT-ne dhewe iki kan ora duwe dhuwit kas. Kas wis entek dienggo mbangun jembatan kidul desa kae.”
Sutris : “Iya ya! Nanging kan isa kerja bakti ngumpulake wong sak RT banjur golek watu ing alas kidul desa sing akeh watune. Mengko banjur diusung nganggo gerobak bareng-bareng. Sabanjure ditata ing dalan sing isih jemek iku, Ji.”
Wiji : “Iya bisa wae kaya mengkono kuwi. Nanging apa padha gelem warga RT kene yen diajak kerja bakti kaya mengkono kuwi?”
Sutris : “Iki kan kanggo kemajuane desane dhewe, ya kudu gelem. Tulung usulna mbesuk yen rapat RT ya uneg-unegku kuwi mau. Aku ora wani.”
Wiji : “Oo...iya, iya. Besuk yen ana kumpulan RT taksampekne usulanmu kuwi.
Aku ya seneng yen ana kancaku sing mletik pikire kaya kowe iki.”
Sutris : “Halaaah....kowe ki...!!!”


Garapan 
Jawaben kanthi nggatekake wacan ing dhuwur!
1. Kepriye usule Wiji kanggo ndandani dalan jemek?
Wangsulan: 
Kerja bakti ngumpulake warga sak RT kanggo dandani dalan, carane golek watu ing alas kidul desa, mengko banjur diusung nganggo gerobak , banjur ditata ing dalan kang jemek iku 
2. RT kuwi cekakan saka apa?
Wangsulan: 
Rukun Tetangga 
3. Sapa sing lagi pada guneman ing pacelathon dhuwur?
Wangsulan : 
Wiji lan Laras 
4. Apa sing dirembug ing pacelathon dhuwur?
Wangsulan : 
Perkara dalan ngarep omahe wiji kang jemek yen mangsa udan 
5. Apa sebabe Wiji susah saben mangsa rendheng teka?
Wangsulan : 
Dalan ngarepe rusak dadi yen mangsa rendheng dadi jemek 


Uji Kompetensi
A. Wacanen Kanthi Premati!
Upacara Adat ing Jawa Tengah
“Desa mawa cara, negara mawa tata”. Unen-unen iku pancen wis trep dienggo, awit pancen wong Jawa iku wiwit saka Jawa sisih wetan nganti tumeka ing Jawa sisih kulon, tansah ngleluri adat lan tata carane sing ditindakake nganti saiki. Dene ing Jawa Tengah dhewe wis lumrah yen adat lan tata carane kanggo nglairake rasa panuwun marang Gusti Allah, nganakake slametan. Dene tata carane, sawise ambenge kenduren didongani, ana sing banjur dirahapi bebarengan, umpamane ing upacara adat bersih desa. Nanging yen upacara adat liyane umpamane syukuran, bancakan, slametan wong mati, lan sapiturute, sawise didongani lumrahe brekate banjur digawa mulih menyang omahe dhewe-dhewe.
Wong urip iku, wiwit saka lair tumeka mati ngalami owah gingsir.  Owah-owahan iku kadhang kala uga ana sandhungane, alangane, apese, godha, lan sapiturute. Mula iku kudu ngreti sarat sarana sing bakal ditindakake, upamane:
a. upacara sajrone ana kandhutan;
b. upacara lairing jabang bayi;
c. upacara ngancik diwasa;
d. upacara dhauping penganten;
e. upacara tumbuk yuswa;
f. upacara kasripahan.
Ana ing upacara kasripahan, sanajan wis mati, ngajal, utawa tilar donya, wong sing mati isih tetep digatekake lan dislameti dening kulawargane. Dene urutane mangkene:
a. surtanah : slametan sing dianakake bareng jenazah disarekake
b. nelung dina  : slametan sawise tinggal donya ing telung dina;
c. mitung dina : slametan sawise geblage ganep pitung dina;
d. matang puluh dina : slametan sawise geblage ganep patang puluh dina;
e. nyatus dina : slametan sawise geblage ganep satus dina;
f. mendhak pisan : slametan sawise  geblage ganep setahun;
g. mendhak pindho : slametan sawise geblage ganep rong taun;
h. nyewu dina : slametan sawise geblage ganep sewu dina.
(Kapethik saking Wursita Basa 6)

1. Kena ngapa upacara slametan iku ditindakake?
Wangsulan:   
Kanggo ngalairake panuwun marang Gusti

2. Aranana jinis slametan liyane kang isih ditindakake dening masarakat Jawa!
Wangsulan:   
Tingkeban, sadranan, selapanan, nyepasar, lan sapanunggalane.

3. Apa tegese unen-unen “Desa mawa cara, negara mawa tata”?
Wangsulan: 
Saben daherah kuwi nduweni adat dhewe-dhewe.

4. Sebutna jinise slametan kang ditindakake pawongan kanggo nylameti wong kang wis ngajal/mati!
Wangsulan:   
Surtanah, nelung dina, mitung dina, matang puluh dina, nyatus dina, mendhak pisan, mendhak pindho, nyewu dina.

5. Kepriye tata carane slametan kang ditindakake?
Wangsulan: 
Ditindakake marang adate dhewe-dhewe


1. Saderengipun monggo tansah ngunjuk-aken puja lan puji syukur dhumateng Gusti ingkang Moho Kuaos ingkang taksih paring kesehatan, kasarasan, napa dene kesempatan dhumateng kula panjenengan sedaya.
Prethelan pidhato ing dhuwur diarani ....
a. pambuka c. isi
b. panutup d. gumujengan
Wangsulan :  (a)

2. Bapak-bapak kerja bakti ngusungi wedhi saka kali kanggo urug dalan.
Tembung kerja bakti istilahe ... gunung.
a. gugur c. ngrubuhake
b. janur d. ngrangsang
Wangsulan :  (a)

3. Slametan yen mbobot umur 7 sasi neng kandutan yaiku ....
a. Sepasaran c. Ngidak siti
b. Mitoni d. Siraman
Wangsulan :  (b)

4. Wujud urip rukun ing masarakat, tuladhane ....
a. layat c. plesiran
b. dodolan d. buruh
Wangsulan :  (a)

5. Slametan bareng-bareng nyuwun keslametan ana ing desa sing dianakake saben tahun sepisan yaiku ....
a. Besik c. Syukuran
b. Bersih desa d. Mahargyan
Wangsulan :  (b)

6.

Tulisan ing dhuwur kawaca ....
a. sepatu karo sandhal abang
b. sandhal karo sepatu abang
c. sepatu sandhal karo abang
d. sandhal sepatu karo abang
Wangsulan :  (a)

7. Matur medharake uneg-uneg, pengu-muman, apa dene sesrepan ngilmu ing sangarepe wong akeh diarani ....
a. kethoprak c. sesorah
b. ndhalang d. nembang
Wangsulan :  (c)

8. Aksara Jawa iku cacahe ana ....
a. 10 c. 28
b. 20 d. 30
Wangsulan :  (b)

9. Cirine basa layang sing becik yaiku ....
a. baku c. endah
b. runtut d. gampang ditampa
Wangsulan :  (a)

10. Sesambungan kulawarga antarane kowe karo putrane budhemu arane ....
a. ponakan c. nakdulur
b. misan d. putu
Wangsulan :  (c)

11. Ireng-ireng kulit keong, padha seneng ....
Tembung kang trep kanggo ngganepi parikan ing dhuwur yaiku ....
a. nyambut gawe
b. gugur gunung
c. gotong royong
d. kerja bakti
Wangsulan :  (c)

12. Tawon madu ngisep sekar, dadi guru kudu ....
Tembung kang trep kanggo ngganepi parikan ing dhuwur yaiku ....
a. galak c. telaten
b. sabar d. pinter
Wangsulan :  (b)

13. Ing ngisor iki sing kalebu jinis tembang macapat yaiku ....
a. maskumambang
b. menthog-menthog
c. jamuran
d. gundhul pacul
Wangsulan :  (a)

14. Tembang macapat iku cacahe ....
a. 10 c. 12
b. 11 d. 13
Wangsulan :  (b)

15. Ngenteni ing prapatan.
Ukara ing dhuwur menawa katulis kanthi aksara Jawa sing bener yaiku ....

Wangsulan :  (d)

16. Ing kampung, pamong sing kajibah urusan bab kepaten lan mantenan yaiku ....
a. carik c. bayan
b. ulu-ulu d. modin
Wangsulan :  (d)

17. Pos rondha saliyane kanggo piket njaga keamanan lingkungan uga kanggo ....
a. nampa tamu nginep
b. papan ngumpule bocah nom-noman
c. ngraketake seduluran para warga
d. ngeyup yen kepanasen lan kodanan
Wangsulan :  (c)

18. Organisasi kemasarakatan  paling ngisor dhewe yaiku ...
a. Rukun Tetangga c. Dasa Wisma
b. Rukun Warga d. koperasi
Wangsulan :  (a)

19. Saben selapan dina, RT 03 RW 02 nganakake kumpulan RT.
Etungan selapan dina padha karo ... dina.
a. 25 c. 35
b. 30 d. 40
Wangsulan :  (c)

20. Masarakat kang uripe cedhak segara umume nyambut gawe dadi ....
a. petani c. nelayan
b. pedagang d. guru
Wangsulan :  (c)

21. Wong sing nduwe keprigelan mono prayogane disukuri kanthi dikembangake lan dimupangatke.
Tembung kang katulis kandel ing ukara kasebut memper tegese karo....
a. becike c. tujune
b. karepe d. lumrahe
Wangsulan:
a. 

22. Sutarno saben mangkat sekolah mesthi telat.
Tanggepan kang pas yaiku ....
a.  Sutarno bocah bodho senenge telat.
b.  Sutarno keset tangi esuk dadine telat.
c.  Sutarno bocah kendel wani telat.
d.  Sutarno perlu diconto amarga wani telat.
Wangsulan:
b. 

23. (1) Arin tangi saka paturone.
(2) Sabanjure, Arin adus.
(3) Bel muni nuduhake tabuh 05.00 WIB.
(4) Arin nglempit kemul lan nata kasure.
(5) Arin sarapan.
Urutan tembung-tembung ing dhuwur kang bener yaiku ....
a. (1), (2), (3), (4), (5)
b. (1), (3), (4), (2), (5)
c. (3), (1), (4), (2), (5)
d. (3), (1), (2), (5), (4)
Wangsulan:
c. 

24. (1) Prunggu-prunggu digembleng.
(2)  Prunggu dibentuk dadi wujud gamelan.
(3) Prunggu-prunggu dicor.
Urutane gawe gamelan kang bener yaiku....
a. (1), (2), (3) c. (3), (1), (2)
b. (3), (2), (1) d. (2), (1), (3)
Wangsulan:
c. 

25. iku-sabetane-merga-kondhang-dhalang
Ukara kang runtut kanggo tembung-tembung ing dhuwur yaiku ....
a. Merga kondhang dhalang iku sabetane.
b. Sabetane iku kondhang merga dhalang.
c. Dhalang iku kondhang merga sabetane.
d. Dhalang iku merga kondhang sabetane.
Wangsulan:
c. 

26.
diwaca ….
a. lemah garing
b. wakul glimpang
c. macul sawah
d. mangan jagung
Wangsulan: c. 

27. Tembung “sekolah” menawa ditulis Jawa, aksara la diwenehi ....
a. cakra c. cecak
b. layar d. wignyan
Wangsulan: d. 

28. Arjuna iku Pandhawa kang angka ....
Wangsulan: c.  

29. ngombe kopi, yen ditulis nganggo aksara Jawa ....
Wangsulan: d. 

30. Nonton balapan karung.
Ukara ing dhuwur yen disalin nganggo aksara Jawa dadi ....

Wangsulan: a. 

D. Parikan ing ngisor iki golekana tutugane ana ing sisihe!
1. Wajik klethik gula Jawa, luwih becik sing  (________) a. tuwa
2. Sriwedari tengah prenahe, angger janji arang  (________) b. wani
3. Wedang bubuk tanpa gula, aja sok ngantuk gelis  (________) c. pinter
4. Anak lutung jare kowe, bareng bingung gelem  (________) d. ngibul
5. Kali praga mili ngidul, kabeh kandha ora  (________) e. nyatane
6. Manuk tuhu mencok pager, yen sinau dadi  (________) f. turu
7. Abang-abang ora legi, tiwas nantang ora  (________) g. mrene
8. Jaran kepang mangan pari, klambi abang merak  (________) h. becik
9. Anak dara jare piyik, seneng nangga ora  (________) i. ati
10. Wedang bubuk gula tebu, mata ngantuk njaluk  (________) j. prasaja
Wangsulan : 
1-j, 2- e, 3-a, 4-g, 5-d, 6-c, 7-b, 8-i, 9-h, 10-f

E. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi pratitis!
1. Sebutna uba rampene teater!
Wangsulan:   
Kreativitas siswa

2. Gaweya tuladhane parikan!
Wangsulan:   
Klapa sawit, wite dhuwur wohe alit. Isih murid aja seneng keceh dhuwit.
Kembang menur, sinebar den awur – awur. Yen wis makmur, aja lali mring sedulur.

3. Apa sing diarani kalawarti?
Wangsulan:   
Yaiku majalah kang penerbitane kang manut wektu tartamtu (seminggu, dwi minggu, wulanan) kang isine maneka warta tulisan utawa gambar.

4. Apa sing diarani ariwarti?
Wangsulan:   
Yaiku iklan.

5. Ukara iki tulisen nganggo aksara Jawa!
a. Seneng maca buku.
b. Sregep sinau ben maju sekolahe.
Wangsulan: 






Share :

Facebook Twitter Google+
0 Komentar untuk " Bahasa Jawa Kelas 6/1 Pelajaran 2"

Back To Top