Cerkak : Ramene bakda ing angenku

“Pak, kolakipun ingkang nangka utawi pisang?”. Pitakonku marang Bapak kang numpak Sepedha motor abang. “sadhengah-dhengah ora papa.” Wangsulane bapak karo menehake dhuwit sewu. Bebarengan menehake kolak, saka mburiku ana sawijining Ibu kang njawil tanganku.”Dhek, kolake telu diwadhahi plastik ya!”. ”nggih, nggih Bu, sekedhap nggih”. semaurku kanthi swara glagepan makjegageg kaget krungu pandangune ibu kuwi mau. “maturnuwun, Bu”. Piwalesku seneng. “Kolak-kolak, kolake mbak, kolake mas?”. Sinambi nggawa tremos es. “Thiiiinnnn, thiiiinnnnn” swara klakson padha muni amerga lampune wis ijo. Aku banjur minggir. 

“Isih pira, Dar?”. Pitakon kancaku kang dodolan krupuk urang sinambi nyedhaki aku. “Isih 4, Met, lha nggonamu isih pira?”. Wangsulan campur pitakonku marang kancaku sing nduweni jeneng slamet kuwi“. Ya isih akeh, nanging isih bisa tak dol sesuk maneh”. Semaure slamet karo ndingkluk. “Ya sing sabar, Met. Wong dodolan kuwi rak ya ora mesthi payune ta?. O ya, Ijolan gelem ora, Met? Barteran ngono, krupukmu seplastik tak ijoli kolak loro!”. Panjalukku karo ngetokake kolak saka tremos“. Wah, mathuk kuwi, Dar! Wis gorene, tak nggone mbatalke pasaku engko”. Karo menehake krupuke. Durung suwe anggonku guneman marang slamet, dumadakan krungu swara adzan pratandha wektune buka. Semono uga aku lan slamet, tumuli ngombe kolak bareng. 

“Alqamdulillah, payu akeh tenan kolakku dina iki. “esemku sinambi nggenjot pedhal kang wis wayahe njaluk ganti kuwi. Sedela-sedela aku nglirik kanthongan ing sisih klambiku. ing kono sumeleh dhuwet sing wis tak lempit sewunan cacah pitu, rongewuan loro lan limangewuan siji minangka kasil anggonku dodolan kolak ing saksisihe terminal tertonadi. Ora krasa, lelakon bakulan iki wis tak lakoni wiwit pasa rong minggu kepungkur. Aji mumpung, ya kuwi kang dadi landhesan kena ngapa aku dodolan ing prapatan bangjo wanci jam papat tekan maghrib ing wulan kang wong-wong padha akeh sing golek sesegeran. Sadurunge wulan pasa iki, sawise mulih saka sekolah aku ngrewangi paklik sakbisaku mbengkel mobil kang manggon sakulone kelurahan desaku. Kringet sing kanthil ing bathuk, kesel sing nemplek ing awak, apa maneh isin, wis ora tak gagas babar pisan, kabeh tak lakoni mung mburu cukup supaya bisa ngelongi sakabehe. Wis luntur tenan jiwa kanomanku.    

Kupat-kupat luar padha gumandhul ing sakdhuwure lawang ngarep saben omah.  Gemreneng tangga teparo wis mecah anggone arep olah-olah jangan krecek. Ngelingi menawa bakda ora suwe maneh. Mesthine wong-wong padha mulih menyang desane dhewe-dhewe saprelu njaluk pangapura marang wong tuwa utawa simbahe. sandhangan sarwa anyar, panganan komplit plit, mesthi semadya ing ndhuwur meja. Durung maneh pitrah dhuwit dluwang kang rupane biru sing mesthi mudhun saka dhompete Bapak gawe sumringahe aku lan adhi-adhiku. Kala-kala keprungu guyu lan brebesan kang nyawiji dadi siji. Iku gegambaraning bakdaku taun wingi. Ananging wektu iki rasane beda, beda banget, sepi nyenyet sanajan rame ing ngendi-endi dalan. 

Ahhh ... Umpama wae Bapak isih bisa kumpul bareng kluwarga ing bakda mbesuk. Mesthine aku ra bakal nduweni rasa kang kaya ngene iki. Mesthine  bakda mbesuk tambah nengsemake. Mesthine aku bisa sungkem marang kalorone wong tuwaku kanthi bekti. Mesthine swara guyu lan brebesan iku keprungu maneh ing satengahe omah iki. Kena ngapa mobil gundhul kang momot wedhi petang wulan kepungkur tega nyilakani Bapak sing saweg kondur makarya ing sakwetane Bengawan Solo. Kena ngapa Bapak ya tega ninggalake aku lan kluargaku kang isih banget tresnane. Kabeh kedadeyan kuwi isih bening kasimpen ing sajrone pikiran kang wis kecampur karo kocar-kaciring rasa gumetun kang ngganjel ing dhadha tekan yahmene.  Grundelanku, ora krasa mataku teles kebak loh kang wis smadya netes.

“Magelang, ya, Magelang. Papan kalungguhan simbahku, saben bakda aku lan kluargaku mesthi tumeka ing kana. Dadi, sithik mbaka sithik kasil dodolanku tak klumpokake kanggo mbayar ngebis menyang daleme simbah lan kanggo kabutuhan liyane. Aku ora bisa menawa ngejibke simbokku sing amung bakulan sayur cilik-cilikan ing pasar saben esuk. Adhiku cacah loro wis padha kelas papat lan enem SD, Kabeh lagi mbutuhake ragad kang ora sithik. Aku ora entek pikir, SPP ku dhewe wae wis ngemplang nganti rong sasi durung bisa mbayar sanajan wis dioyak-oyak karo tukang administrasi sekolahku. 

Lha piye maneh, kabeh lelakon wis tak lakoni nanging ora nyukupi kabutuhan anggonku sekolah. Mboh, suk bisa lulus lan dhuweni ijasah SMK apa ora. Pikiranku ora bisa nrawang tekan semono. Kelas siji iki wae akeh sesandhungan sing tak tandhang. Nanging aku uga isih bisa sukur, apa wae kang wis dititipake Gusti marang aku. Aku mung bisa pasrah bongkokan. Sanajan sayektine aku durung bisa nrima iki kabeh. Kapan aku bisa nduweni sipat kang kukuh, bakuh lan puguh kanggo nglakoni urip iki tanpa pawongan sing bisa nyigarake gregetku, kaya kang wis dingendikake dening simbok ing wektu petang puluhan swargine Bapak”. Semaurku ing batin mangsuli pitakonanku dhewe nalika lungguh ing sajrone bis jurusan magelang karo simbok kang ana ing sisihku lan adhi-adiku kang wis padha turu nglipus ing pangkonku lan sisihe simbok.


Share :

Facebook Twitter Google+
0 Komentar untuk "Cerkak : Ramene bakda ing angenku"

Back To Top