Cerita : Melu CPNS-an

Gancere ocehan kenari F1 kang gumandul ing ngarep omah gawe sumringah kang ngrungokake. Nanging manuk kang regane rong yuta mau ora bisa nambani atine pak Jiman kang tembe keranta-ranta. Lara ati, merga diubeg-ubeg dening anakke dhewe. 

Ora salah yen wong urip kuwi nduweni gegayuhan, Semana uga Pak Jiman. Dheweke kepengin anakke cacah loro, Toni lan fredy mbuntuti profesine, dadi guru. 

Mulane biyen sawise lulus SMA, banjur padha dilebokake ing jurusan keguruan utawa FKIP. Petang taun tumuli kakang adhi mau padha lulus lan nyandhang gelar S.Pd..Pak Jiman ora entek-entek anggone mbudidaya supaya anak-anake gelem WB ana sekolah.

“Sing sabar ya, Le. Mulang kuwi kudu pengabdian dhisik. Suk suwe-suwe rak ya diangkat.” Mangkono unine Pak jiman nalika mejangi anak-anakke. Toni lan Fredy ya mung manut sanajan wis ngerti yen WB kuwi gajine ora sepira-a. Pak Jiman optimis yen mbesuk katurunane bakal dadi guru negeri kang bisa ngangkat derajate wong tuwa.  

Ing pendaftaran CPNS iki dheweke wis nyemadyakake dhuwit 200 yuta kanggo bocah loro mau. Ora nunggu suwe anggone Pak Jiman ngadhep marang kakange dhewe, Pak Sugeng,  kang saiki lungguh ana kursi wakil  DPRD Kabupaten.

“Kang, kae ponakane sampeyan padha arep melu CPNS-an. Mumpung ana pendaftaran, iki njaluk tulung kepriye supayane lolos.” Ngendikane Pak Jiman akrab nalika sowan ing omahe Pak Sugeng. 
“Piye ya, Dhi. Orane kok ora gelem mbantu. Nanging saiki kabeh sing ngurusi saka pusat ki. Gek ujiane nganggo internet.” Wangsulane Pak Sugeng tandhes.

“Wis kang, piye carane ngono. Iki mung njaluk tulung wae. Apa ya sampeyan tega yen bocah-bocah kae mung kluntrang-klunturung ngetan-ngulon. Iki ana rejeki, mbok menawa para kanca DPRD bisa mbantu.” Karo ngelungake amplop kang wis dicepakake. Pungkasane Pak Sugeng nrima amplop mau kanthi bungah.

***

 “Mas, syarate IP-ne minimal 2,75. Kamangka IP-ku mung 2,55, kurang sithik. Wah berarti aku ora bisa melu ki. Aaaahhh.. Bapak bakal ngamuk tenan ki.” Kandhane Fredy marang kakange, Toni.
“Wadhuh.. aku ya ora bisa melu, Dhik. Akreditasine kudu B, kamangka kampusku mung C. Dadi aku ora memenuhi syarat.“ Wangsulane Toni rada ngluntruk.

Nom-noman loro mau padha ngrembug kepriye supayane bapake ora mangerteni kedadeyan iki. Amerga yen bener-bener ngerti, wis kaya kiyamat tenan donya iki. Gelem ora gelem kakang adhi mau banjur ngganepi administrasi sing dibutuhake kanggo syarat-syarat nglamar. Sanajan wis mangerteni yen berkas-berkase mau ora memenuhi syarat. Nanging kuwi mung kanggo gawe seneng atine Bapake.

“Niki, Pak. Syarat-syarate sampun sedaya.” Toni lan Fredy nduduhne amplop sing isine berkas-berkas lamaran. Bapakke ya mung nampa lan sabanjure dicangking menyang kantor pos.  
Pirang-pirang dina sawise, awan-awan jam 2  ana tukang pos menehi surat balesan.

“Kulanuwun.” Swarane tukang pos.
“Nggih, mangga-mangga.”
“Ngapunten, Pak. Mriki griyane Mas Toni lan Fredy nggih?”
“Nggih leres, Pak. Pripun?”
“Menika badhe ngaturaken surat.”
“Oo..nggih, Pak. Maturnuwun.”

Tukang pos banjur lunga. Nalika kuwi Toni lan Fredy ora ana ngomah. Wiwit ngirim lamaran, wong loro mau ora tau saba omah. Embuh padha nglungani menyang ngendi.

Amplop balesan banjur di bukak lan diwaca. Saemba kagete Pak Jiman lan bojone. Ing kono ditulisake yen Toni ora lolos seleksi administrasi merga Ip-ne ora nyandhak. Lan Fredy uga ora lolos seleksi merga akreditasi kampuse C.

“O.. lha cah ora nggenah. Wong tuwa wis ngaya-ngaya mung diapusi. Wis ngragati kuliyah lan nyangoni saben dina nanging ora bisa mbales bektine wong tuwa.” Saknalika pak jiman muntab. Bojo sing neng sandhinge ya mung ngrungokake karo mangsuli,” Sing sabar, Pak.” 

“Sabar apa, anak ora aturan. Arep tiru sapa jane?“ Karo mlebu kamar njipuk Hape kanggo ngebel anak-anakke. 
“Kowe saiki dha neng ngendi? bisa ora bisa padha mulih saiki.” Swarane Pak Jiman nggandhem mecah bumi. 
Jam 17.10 Wik (Wektu iring kulon), Toni lan Fredy tekan ngomah. Wong loro diceluk lungguh menyang kursi tamu. Kaloron padha deleng-delengan, bingung apa kang lagi dumadi.

“Yahmene lagi dha muleh, jane saka ngendi?” pitakonane Pak Jiman karo mencereng mandheng anak-anake.
“Ee.ee.. saking dolan ten nggene rencang, Pak.” Semaure Fredy kanthi swara ndredheg. 
“Blayangan wae. Dadi guru ora padha wae. Mbok ya pisan-pisan mikir uripmu! mikira masa depanmu! Ora bisane mung dolan-dolan wae. Pikiren lamaranmu cpns kae!” Wong loro padha pandheng-pandhengan. Kaget nalika bapake ngetokke amplop cacah loro, lan sabanjure dibanting sangarepe Toni lan Fredy.
“Diwaca!”

Amplop dibukak lan diwaca. Jebul apa kang ditindakake pirang-pirang dina wingine konangan merga amplop walesan mau. 

“Cah ora bisa ngabekti marang wong tuwa. Wong tuwa mung diapusi. Lha sing kuliyahmu ki gunane nggo apa. Ijasah ora kanggo gawe. Lha utekmu padha nyang ngendhi? Apa ora isin, yen ditakoni tangga-tangga. Anakke guru kok padha goblok-goblok. Sing siji bijine ora nyandhak. Sijine maneh ora bisa klebu ana universitas favorit merga ya uteke kethul. Gek bapakmu ki wis titip dhuwit pakdhemu kanggo nglebokke kowe. Lha terus yen wis ngene iki piyyy..., ..uks..uks..” Swarane Pak Jiman kanthi tangan nyekel dhadhane. 
“Pak..Pak..Pak-e.” Swarane bojo lan anak-anake padha nyeluki lan nampa awake kang wiwit lemes. Cepet-cepet Pak Jiman di gawa menyang rumah sakit.

***

Kanyata Jantunge Pak Jiman kumat. Kudu diterapi obat jalan lan kudu bisa njaga kondisi emosine. Yen tensine munggah bisa ngakibatke lara setruk utawa mati separo.

Sawise kedadeyan kuwi Pak Jiman saben esuk mung lungguh ing ngarep omah. Anggone ngajar ing sekolahan sawetara cuti nganti larane mari. Dheweke ora bisa uring-uringan maneh, wedi yen larane tambah ndodro sanajan dhuwit 200 yuta durung bali. Kabare dhuwit mau wis di bagi-bagi kanggo kanca-kancane sing padha ngrewangi anggone mbudidaya Toni lan Fredy.

Pikirane kang judheg tambah uleng-ulengan yen kelingan dhuwit mau. Nanging ya mung bisa disimpen ing njero ati. Rai gedhek tenan menawa arep njipuk amplop kang wis diwenehake. Kamangka isi amplope wis amblas sisan. Dheweke ya mung bisa nyawang lan ngrungokake ocehan manuk kenari F1 kang sansaya nggancer unine sinambi dheleg-dheleg sandhuwure kursi.
   

Share :

Facebook Twitter Google+
0 Komentar untuk "Cerita : Melu CPNS-an"

Back To Top