Cerkak Katresnan : WIDADARI ING SEPUR LOGAWA

WIDADARI ING SEPUR LOGAWA

“Dhuh Gusti, apa lawang Suwarga lagi jebol ta, ya? Thek ana widadari nyasar ing sepur kene.” Batine Sumardi mak jegageg tratapan nalika nyawang sakedhepan kenya mlaku sasisihe kursine. 

Pikirane katon ngambang ing awang-awang. Pancen, Sumardi yen ngerti wanodya ayu apa maneh putih mesthi atine ora karuan. Lha dheweke wis umur 31 taun nanging isih legan, ya lumrah. 

Pakulitane sawo bosok, mulane kepengin ndandani turunane kanthi golek semah sing putih. Limang wanodya sakjane wis nyedhaki Sumardi, nanging ditampik kabeh. Ya gara-gara mung pakulitane ireng kabeh. 

Memper, Sanajan ora pati gantheng, akeh wanodya kang nyedhaki Sumardi. Merga ya dheweke nyandhang gelar S.Pd. Karo maneh pakaryane uga dikurmati ing tengah bebrayan. Dadi guru basa Jawa ing SMP 24 Purworejo wiwit petang taun kepungkur. Durung kangkat dadi PNS, lagi honorer, ya mung wis oleh no. NUPTK. Dadi ya wis oleh tunjangan saka kabupaten barang. Yen setu kanthi mongkog mulih menyang omahe, mesthi nganggo seragam keki. 

 Nanging, wektu-wektu iki ana kabar sing ora nyenengake. Jare-jare basa Jawa arep diilangi. Dheweke ya ora bisa kumecap apa-apa. Mung Pasrah bongkokan karo sing ngecet lombok. Mulane, dina-dinane dilakoni kaya dina-dina sadurunge. Enjoy wae.

 “Ngapunten, Mas. Mriki no. 163, nggih?” Dumadakan kenya mau wis ngadeg nggejejer nakoni Sumardi. Sing ditakoni mung ngowoh bingung ora wangsulan. Krungu angka 163, atine tumuli jenggirat jedag jedhug kaya penyakit serangan jantung. Tiket sing maune dikanthongi ana kathoke gage-gage dirogoh lan didelok sajak ora percaya, banjur noleh ngawasi nomer ing kursi. Sumardi malah ndomblong karo plingak-plinguk.

Panyawange nyasar ing ngisor. Katon sepatu ireng karo hak sing rada jinjit. Sawangane munggah maneh. Wentis damen meteng katon putih komplit wulu aluse nambahi goreh atine Sumardi. Munggah maneh katon dhengkul sing sithik kerutane. “Sajake kenya iki asring mandi susu lan mesthine yen sikil iku dielus, aluse rangadubilahi. Percaya wae!” Swara atine. Saya munggah saya munggah, pupune sing mesthi ya luwih putih tinimbang ngisorane iku wis ora katon, amerga ketutupan sayak werna biru langit sumilak.     
       
Sumardi ngeleg idu. Nanging durung sida dileg, dumadakan. “Mas, ngapunten niki panggenan kula”. Wanita mau nyeblek lengene Sumardi, “plek..plek..plek..” Sumardi glagepan, idune sing durung sida diulu mau malah metu saka cepitan lambene.”Ceess..”.
“Hahaha.. mase ngiler.” Bengoke bocah kelas loro SD sing manggon sangarepe Sumardi kanthi dipangku ibune. Bocah sing untune katon gigis mau banjur cepet-cepet dibingkem karo ibune sinambi mesem ngampet ngguyu. Bapake sing ana sisihe mlengos reka-reka ora ngerti sanajan batine ngakak kemekelen.”Iki  thek ana abdi negara nanging klakuane kaya kethek ketulup.”Ngono batine bapak mau.  

“Nggih..nggih mbak, ngapunten. ”Sumardi pindah ing sandhinge amarga nomer tikete 162, sawise ngulapi lambene. Raine abang tomat. Kisinan. Saiki Sumardi mung bisa ndhungkluk lan kala-kala nyawang  jendhela kaca sepur. 

Sawetara wektu saka kuwi. ”Badhe tindakan menapa konduran mas?” Dumadakan swarane kenya mau mecah kahanan. Sumardi kaget.

Sajake kenya mau wanodya sing berpendhidhikan, katon saka sopan-santun lan tindak tanduke. Swarane uga empuk kaya kasur hotel Jonggrang kae. 

“Eeee.. Ku.. Kula badhe wangsul ten solo, Mbak. Lha sampeyan?” Semaure Sumardi rada ndredheg, nanging rasa isin kuwi mau saya suwe dadi ilang. Kahanan dadi cuer. Ora kaku maneh. Kenya mau ngajak pacelathon terus.

Mbake mesem banjur wangsulan, “Kula nggih badhe wangsul Mas, griya kula Delanggu. Kirang langkung 20 menit saking stasiun Delanggu. Lha sampeyan badhe kondur ten pundi mas?” 
Jan tenan, wangsulane komplit plit. Sajake Sumardi ora betah tenan nyawang lambene kang nyigar delima. Numlik. Lipenane tipis ora menor. Jumbuh karo pakulitane.

“Kula Solo, Mbak?” 
Lho, Solonipun pundi, Mas?” pitakone nyelak.
“Caket kaliyan stadiyon manahan, Mbak. Niki mangke mandhap stasiun Purwosari lajeng ngojek kirang langkung nggih limalas menit.”
“Oo.. lha budhe kula niku daleme nggih caket Manahan. Sumber, Mas.” 
“ Nggih Mbak, niku caket kaliyan Manahan.”

Pancen hawane rada sumuk. Tangane kenya mau grayak-grayak gulon jaket. Lherekan dicekel tumuli diidhunake indhik-indhik. Atine Sumardi tambah judeg, ora karuan kaya pisanan mau. Jakete werna ireng  dibukak. Mripate Sumardi mentholo. Bapak sing lungguh ing ngarepe mau sajake ya ngamati, nanging banjur lengene dijiwit bojone.

Sumardi bali nyawang jendhela kaca sepur, batine ngguyu ngikik “ Bapake iki wis duwe anak bojo thek klakuane kaya jago weruh babon wae”. 
Saiki kenya mau wis ora nggawa jaket, klambine uga werna biru kaya sayake. 

Sawise ditakoni Sumardi, jebul dheweke dadi staff bagian administrasi ing perusahaan swasta kang manggone uga ing Purworejo. Yen numpak kendharaan, saka sekolahane ya udakara petang puluhan menit. 
Ora krasa wis pirang jam Sumardi omongan karo Kenya mau. Sepur uga wis ping pira wae mandheg ngidhunke lan munggahake panumpang. Nanging ya ora nggagas. Sajake klop banget. Paribasan tumbu oleh tutupe. Dhele oleh ragine.  


Pungkasane, Sumardi diwanek-waneke ngenalke jenenge. Kenya mau uga gelem dijak kenalan. 
“Kula Kartika Wardani, Mas.” Eseme kang pait madu ndadekake Sumardi tambah greget wae.”
“Ting.. tung.. jeg.. jeg.. jeg...” Sepure mandheg maneh. Sajake cepet banget wis tekan Delanggu.

Sumardi bingung. “Eman-eman menawa kenale mung mandheg semene.” Batine Sumardi ora nyamleng. 
“Mbak Kartika, ngapunten. Nyuwun nomer hape angsal?” Panjaluke Sumardi ngagetake kartika sing wis ngadeg antri arep metu. Nanging mbuh kapeksan apa ora ya tetep wae diwenehi.
Bapak, ibu lan bocah sing manggon ing garepe mau uga ngadeg.

 “Mangga, Mas. Riyin nggih.” Luruhe bapak lan ibu mau.
“Nggih..nggih.. mangga-mangga Pak Bu..” 
“Mangga, Kula nggih ngumiyini, Mas.” Ora dinyana kartika nyalami Sumardi. Wong loro padha sesawangan.   
“Ngatos-ngatos nggih mbak.”  
“Inggih mas.”   
Mlakune Kartika mau diterake karo lakune mripat, ati, wandane kang ndomblong, uga dongane Sumardi nadyan kahanan uyuk-uyukan rada angel sing nyawang. Mung katon sethithik rambute sing nggelombang sapundhak.

Kursine Kartika sing lagi wae ditinggal banjur dilungguhi Sumardi. Semlenget rasa bokonge. Anget. Sumardi kelingan ngendhikane simbahe. Yen kursi bar dilungguhi wong wadon krasa anget, kuwi pratanda wanodya mau bakal bisa nentremake atine sing lanang. 

Karo ngrasake angete kursi mau, sirahe Sumardi disendhenke. Ambegan landhung. Pikirane bali ing awang-awang maneh.“Dhuh Gusti, Kula tengga wangsulanipun panjenengan.”  
Ora suwe saka kuwi ana pang rok jalanan ngamen ing sisihe. Pengamen kuwi mau nembang lagune didi kempot.

Krungu lagu mau, atine sumardi sansaya seneng amarga kuwi nggambarake critane marang dek kartika. Sumardi pengin sukuran, pengin menehi dhuwit kanggo pengamen kuwi mau sepuluh ewu. Idep-idep sukuran supaya kepenginane cedhak karo dhek kartika keturutan. Digrayaki dompet ing kathoke katon suwe,,, 
Jebul dhompete wis amblas. 





Share :

Facebook Twitter Google+
2 Komentar untuk "Cerkak Katresnan : WIDADARI ING SEPUR LOGAWA"

Ceritanya sepertinya belom selesai ya mas

sudah selesai mas. dompete smrdi ilang.. he.. maturnuwun pun mampir mas streaming koncotani... niku cerkake ditolak redaksi.. yang pernah dimuat di koran ; kontrakan anyar, guru les basa jepang, ramene bakda ing angenku... cobi di waos mas, nyuwun saran/kritik ipun..

Back To Top