Cerkak Politik : SATRIYA PININGIT

SATRIYA PININGIT

Dhusun kali krete sakidule tanggul kali gedhe. lagi panas-panase Pilihan lurah darurat. Merga lurah sadurunge sing jare arep nancepke jejeging adhil malah wus ndekem ing kunjaran, lantaran mblandhangake dhuwit bengkok pitulikur yuta. Telung jago pilih tandhing lan tim suksese padha kampanye. gambar tela, pohung lan jagung, pating crenthel. Ora luput debog sing arep bosok wae ya ditempleki gambar pohung. Sepandhuk MMT gedhe gambar jagung tongkol selawe padha kemlawe ngawe-awe.

“Wis ta, mbok arep piye-piye, jagung bakal unggul. Mergane ragade akeh dhewe. Bar  mbogorke sawah rong pathuk, Ndaa.” “Ooora bisa ngono gitulohh. Pak Tugijan biyen nalika dadi carek wis nate malsu dhokumen. Dhuwit jatah kanggo guyub tani arep dikurangi. Manawa ora dikonangi Pak RW loro, ora bakal dhuwite dibalekake gitulohh”. “sabar-sabar, padha dileremake atine dhisik, dhuwit gedhe lan kampanye mewah iku durung mesthi menang. Pirsanana pak Harnol Sukoco juragan bus pariwisata kae, sanadyan sugih mblegedhu nanging kampanyene mung prasaja. Mulane suk tanggal telulas padha nyoblos gambar pohung! Yora, yora…” oraaaa(bareng). Ora ora ora ee ora ora oora (ana sing gagap keri).

 “ya mesthine prasaja, lha wong jagomu kuwi wonge cethil uthil tur methithil, Ndaa”.”weh, thek waton car-cor njeplak wae kowe”.”ya samesthine, kuwi fakta, Ndaa. Biyen wektu…” “wis, bisa mingkem ora kowe. Tampanana cothangku..””lik Jolidring, eling lik, wis dhe, pakdhe, wis lik, lik lik ee liik, dhe dhe ee paakdhe. ”aja padha misah aku”. Lik aku, ee lik aaku, Pakdhe misah Ee pakdhe miiisah. (mas gagap mbingungi).

Panase kampanye sawetara redhem. Para warga padha geger ing pakuburan wayah surup. Wis rong dina iki ana pawongan gering udakara umur 40-an taun kanthi rambut gondrong klesat-klesot. amung meneng ora tau nyuwara. Sakjane wus dijak Pak RW loro kon manggon ning omahe, nanging mung meneng. Mboh, setan ngendi sing njelma ing awake juragan sayur. Tugelan Bata disawatake nyrempet cengel. Pawongan iku nggeblak getihen.  Para warga padha nggujengi juragan sayur.

“Eling pak. Wis dhe, mesake. Uwis yur, uwis”.”wong edan kuping wajan, dikon minggat kat gek wingi ora gek ndang minggat! malah plorak plorok. pecokku mau endi!”.”wis dhe, wis lik”surup-surup yur,”pun pak sayur” uwis dhe. “Dhuh Gusti paringana sabaaar, pawongan iki ya titahe Gusti, ya kaang, kang”. Simbok randha Yitno nangis ndrini sinambi ngulaki getih nganggo suwekan jarike. 

Juragan sayur, diseret para warga menyang ngomahe.“para sedaya, sampun nggih, sami bibar, pun wayahe magriban,”.”nggih, nggih Pak”. Pak RW Sakri mbubarake para warga tumuli nyedhak pawongan iku. Sarung cap gajah engklek sing maune diubetke ning awake banjur di slampirke ing pundhake pawongan iku lan nyekel lengene katon wus akrab. “Ngapunten ya kang, Wis ora sah dipenggalih. Dak suwun kanthi sanget, sesuk manawa wis kepenak awakmu, kondura menyang dalemu. Iki aku ana sethithik, mung cukup kanggo tuku es. Aja duweni panemu, menawa aku ngusir njenengan”.


 “Niki, Mbok” swara anake simbok randha Yitno sing wus setaun iki angon wedhuse Pak RW loro saploke lulus SMP. Menehake suguhan tela, pohung, jagung lan wedang putih, amarga dikongkon simboke. Wis dadi adate, calon lurah menehi lambange marang para warga. Pawongan iku mencerengi mripate anak iku ora uwis-uwis, nganti Jatmika anake simbok randha Yitno wedi. 

Dumadakan krungu “kriiing-kriiing”. hapene Pak RW Sakri muni “Halo, asalamualaikum …“ 
“wes ngger, gek ndang bali. Wis surup”. “nggih mbok”. Jatmiko dikon bali simboke.
“Oya Yu, iki aku oleh welingan, pasar Mranggen Semarang ana sing butuh batur. Manawa jadmika gelem. sesuk bakda subuh mangkat”. “oo, ya kang, matur nuwun, mengko dak kandanane. “ wangsulane mbok Randha Yitno marang Pak RW Sakri.

***

Jam setengah lima esuk, ing pakuburan. Pohung, jagung lan Dhuwit seket ewu isih wutuh. Tela kalong loro. Wedang ing cangkir gari separo. sarung cap gajah engklek katut digawa pawongan gekwingi.
Ing omah gedhek, simbok randa Yitno medhar sabda marang anake sing arep nglembara. 

 “Ngger, cah bagus ontang-antinge simbok. Sing gedhe pangapuramu ya, Ngger. Mangertenana. Ali-ali lan Kebon wetan omah wus ambyar dak dol dadi tambahe ragad gerahe bapakmu. Sejatine welinge bapakmu, bandha iku kanggo ngragadi sekolahmu supaya dadi “wong”. Ngger , simbok ora bisa nyangoni anggonmu mbebara. Amung dhuwit satus lan cengkir gadhing iki, dadi pratandha pangestune simbok. Aja kok sawang wujude, sawangen werdine.“ 

“Satus ateges asat nganti atus. Aja leren sadurunge kesel, aja turu sadurunge ngantuk, lan aja mangan sadurunge ngelih. Cengkir minangka kenceng ing pikir. Tetegna pikirmu aja plingak-plinguk. Pikiren sadurunge tumindhak. Watak hambeg adigang, adigung, adiguna aja kok cedhaki. Watak seneng golek banyu bening aja kok sumingkiri. Manembaha marang Gusti rina wengi. Dadiya satriyaning nagari kang sayekti. Wis ngger, gek ndang cancut!.”

“Nun inggih, Simbok gondhelaning swargi. Dalem nyuwun agunging samodra pangaksami. Ampun dipunpenggalihi kebon lan Ali-ali. bakal dalem gantos ngluwihi antebing gunung merapi. Dhuwit satus bakal dak gegem, cengkir gadhing bakal dak untal. Sendhika dhawuh, Mbok. Sungkem dalem punika, bakal nggegerake jagading carita.” Trothog.. thog... 

***

Desa kali pepe sakidule tanggul kali gedhe wus owah gingsir ora kaya pitung taun kepungkur. Tata titi tentrem Kerta raharja kahanane saiki. Dalan-dalan sing maune padha nggronjal, wis ganti aspal hotmix. 

“Ki lurah Sakri tela sing biyen dadi Pak RW loro, ngejak perangkate padha mlaku bareng mbukak gapuraning rahayu, nyengkuyung ngangkat drajade wong cilik. Dhasare ki lurah Desa kali pepe, priyayine prasaja tur wicaksana. dipilih rakyate nganti rong periode.” Gunemane pak Harnol Sukoco marang Pak Tugidi sing saiki dadi edan”. 

 “Mbah, Saestu dalem nyuwun pangapunten. Dalem boten mangertos menawi panjenengan sejatosipun calon Ratu kang nembe njajah ndesa milangkori, ingkang bakal mbangun gapuraning cahya. dalem nyuwun pangapunten.” Swarane mantan juragan sayur lirih karo klesotan ing pakuburan. awake lumpuh cacad amarga nemoni kacilakan nalika truk sayur sing ditumpangi ngglempang ing jurang sawetane Cemara sewu, telung dina sawise kedadean biyen. 

“Bocah angon Jatmika,S.E. putrane mbok randha Yitna wus kondur. Duwe sawah rong hektar, Ndaa. ditanduri perumahan lan buwah naga. Nyambi dadi konsultan bisnis properti lan supleyer buah sak Jateng. Didhawuhi simboke, taun ngarep kon nyalon bupati ing Kabupaten SarwoRisak papan laire bapake. Andhap asore sansaya ndadi, seneng tetulung marang liyan, pinter, sugih sisan. Watak iki kang bisa nutup gapuraning angkara”. Yora, Ndaa. “nda nda nda, ee nnnda, yora yora ee yoora.”(mas gagap keselak sop. Njagong  ninggone Jatmika,S.E ).

 “ … Anggen kula sampun kamawantun, nigas wacana nyigeg pangandikan sagung para tamu ingkang minulya.” Swara pambyawara katon ngombak banyu. “ooo jolidring, pambyawarane saka ngendi gitulohh?“. “wah lali aku, ning Jare alumni Univet Sukoharjo.” “ooo mula, paramasastra lan subasitane trep lan jumbuh karo kahanane, gitulohh.”

Temanten kekalih simbok randha Yitno lan mas Sardiman karyawane Jatmika.S.E., jaka thung-thing nadyan umure ngancik 41taun, dadi sawangane para tamu. Seneng, bungah, mbrebes mili nyawiji dadi siji. Sakjane, sajroning batin simbok randha Yitno kepengin mbengok. “Pancen, Gusti tansah mriksani.”

Share :

Facebook Twitter Google+
0 Komentar untuk "Cerkak Politik : SATRIYA PININGIT"

Back To Top