Crita Jawa : Kebo kabotan sungu

Putihe ebun sing anyes isih ngemuli desa. Adhem jumekut sing dirasakake wis sumingkir amarga “butuh.” Ing wayah esuk umun-umun iku, Narto kaya-kaya nduweni ajian pati rasa. Tanpa rasa adhem, bronjong diunggahake ana sadhuwure pit kebo. Katon saka wetan ibu lan nini muleh saka mejid. 

 “Janur gunung, kadengaren yahmene lagi mangkat, To?” luruhe mbah wiji mantan sindhen sinambi  mlaku jejere yu tinah.

“nggih mbah. lha niki malah kerinan gara-gara jam dhekere boten nggugah. Mangga mbah, ayo yu.” Semaure Narto karo nggenjot pit ngebut sajake kesusu banget. 
Sadurunge mbah wiji nambai pitakonan, bejo wis nginclik tekan kulon ngebuk. Yu tinah amung mlongo karo gedheg-gedheg. Nyelingi karo mlaku.

“Lek Narto ki mesake banget nggih mbah, yahngeten pun kudu mangkat glidhik .” 
“owalah nduk, lha wong wis ngenake butuh ki ya kudu ora tedheng aling-aling, direwangi ndhas-ndhas nggo sikil, sikil-sikil nggo ndhas wae sok kendhile jek nggoling.” Mbah wiji sing wis akeh mangan uyah iku njlenterke,  Yu tinah mung manthuk-manthuk.

Sauntara limang jam setengah, Narto bali anggone glidhik jare yu tinah. kaya padatan, krungu pit mandheg  bojone kang lagi memeni kumbahan tumuli nyedhak lan nyekel stang pit, bronjong banjur dijunjung Narto ing ngarep omah. Tanpa ana swara, Narto mlebu njujug pawon ngungkapi krodhong sega, karepe arep sarapan sanajan wis telat.

Ngatini, bojone Narto sing ana njaba nyuntak rosokan saka kresek banjur milihi endi wesi lan endi kerdhus. “Nduk, lho rene tak paringi boneka cilik.” “endi mak.” Semaure ida anak ragil kang umure wis ngancik limang taun nanging durung dilebokake TK. 

Jebule Narto lunga mau golek rosok. Gaweyan iku wus dilakoni Narto udakara petang taunan, saploke dheweke di PHK saka pabrik amarga bangkrut. Anyel tur gregeten, kaya-kaya donya iki ora adhil babar pisan kanggo Narto. Wong cilik dadi korban modherenisasi.

Sejatine Narto iku saka kluwarga sing nduwe, almarhum bapake biyen pensiunan guru. Kakange dadi tentara angkatan darat ing samber nyawa Ngayogyakarta, dhene mbakyune dadi guru bahasa Indonesia ing SMP negeri.. Narto kang anak ragil iku sakjane wis ping papat ndaftar Angkatan udara nyusul kakange, ananging gagal terus amargane ora tau lulus tes nglangi. Mbuh amarga pancen ora bisa nglangi apa mbeneri nasibe wae sing elek. Wiwit kedadean iku Narto kerep sangga uwang kaya wis ora dhuweni greget maneh.

Kluargane padha mesake, saben dina mesthi diwejangi. ”Sing uwis ya uwis to ngger-ngger, gaweyan iku akeh ora gor siji thok.” “galo, Nar!ditawani Pakdhe Slamet kerja ning pabrik gula gondhang reja, UMR lho, sawise setaun.” “melu pelatihan satpam wae, Nar. Patut kowe, mergane dedegmu gedhe dhuwur.” Mangkono ajake kluarga lan tangga teparo. 

Narto mung mesem, sajroning batin gelo tenan, gegayuhan kang wiwit cilik wis diantu-antu, saiki klakon mlayu ngadohi dheweke. Kelingan nalika jaman kelas papat SD wektu pelajaran nggambar, didhawuhi Bu guru Sayekti nggambar kewan sing nduweni sikil papat, malah nggambar tentara numpak tank karo mantor mabur sing lagi perang. Lan manawa wus mulih saka sekolah kerep gawe tembak-tembakan saka papah gedhang nganti kaose reged gupak tlutoh kabeh.

Mbakyune amung trima meneng, mergane sadurunge wus nawani Narto ngakon kuliah ing UNS njipuk FKIP PENJASKES nanging Narto mung alesan wae. “lha kula mono ora bisa renang ya, Yu, gek mulang bocah-bocah ki aku apa ya bisa”. “jenenge wae kuliah to, Nar. Mengko rak ya diwarai karo dhosene, suk mben ki guru bakal mulya lho, mesthi kangkat PNS kabeh, sing penting sabar”. “tugase niku lho, Yu. Mesthi mengko akeh banget.” Sangertine Narto kuliah iku abot banget, lha wong wektu STM biyen wae kaya kepeksan mlebu. Mung golek sangu, sok malah menggok dalan ra tekan sekolahan.

***

Narto sing saiki wus nduweni anak papat, manggon ana sawijining desa ing kecamatan Colomadu. Omahe kang wis tembok ananging durung dilepa kuwi biyen yasane kakang lan mbakyune sing gemati. Ananging gandheng kakang lan mbakyune wis padha nduweni anak SMA lan kudu ngragati anggone sekolah, kakang lan mbakyune amung kala-kala nginguk Narto. Sok malah mung setaun sepisan. 

Eko, anake mbarep sing wis kelas 6 nyedhak. “Pak, ken tumbas buku ngge persiapan ujian!” 
Narto kaget.“ujian apa maneh, nah gek wingi wis dikeki no kok.” Wangsulane Narto ngeden. 
“Gek wingi artane dijaluk mak’e”.
“horok, piye to. Nii, Ngatini, dhuwite Eko mbok jaluk to?”

Bojone sing lagi ngenget jangan langsung ngadeg.“Nah gek wingi aku wis ngomong no kok, dinggo nempur beras ning nggone mbah Giyem. Ndaringane wis nggalisit. Turahane rong puluh ewu tak gawa. Mulane yen ana wong omong ki dirungoke, ora mung mlebu kuping tengen metu kuping kiwa thok”. Swarane bojone ora kalah banter karo Narto.

Ngatini wis mudheng manawa bojone isih nyimpen dhuwit, mergane gekwingine oleh job pijet ning perumahan kulon ndesa lan mengko bengi jam wolu dikon menyang hotel Jonggrang sing ora adoh saka ndesane. Dhasare bojone Narto ki galak tur kala-kala nganyelke, dhuwit jatah kanggo blanja sok dikurangi  dinggo ngiras mi ayam. Nduwe turahan dhuwit sithik wae mesthi menune dienaki. Ratau gelem prihatin, pingine mung mangan enak terus. 

***

Kurang luwih telungsasi sasi sawise iku, wengi udakara jam wolu kahanan mendhung peteng. Langit kaya-kaya wis muntub-muntub pengin nyamberake bledhek. Narto bali menyang ngomah saka nggone juragan Heru. Bojone kang lagi ngeloni ida supaya turu nyelathu.”Mas, Eko mau ngomong yen dheweke kepengin sekolah ning SMPN 19 kaya kanca-kancane”. 

Krungu kaya mangkono mau Narto kukur-kukur sirah kang sejatine ora gatel. “SMP Brangkelan wae sing murah, jare Juragan heru wektu aku mijeti mau yen sekolah kono suk bisa oleh beasiswa”. “kuwi jare juragan heru, lha Jarene pemerintah malah wis nganggarke 20% dhana kanggo pendhidhikan kok ya sekolah isih larang wae, durung seragam karo buku-buku.” Piwalese Ngatini sok intelek. “wis rasah digagas, malah cumleng mengko. Madhang sek wae penake”. Telap-telep anggone Narto mangan, sanajan mung jangan kates lan lawuh tahu karo sambel tomat. 

“aku sek, aku sek. dhisik aku, aku menaang.” “lha kowe urik og maz”.  Dwi lan Tri anake Narto nomer loro lan telu rebutan mlebu lawang sawise nonton tipi ning nggone lek Tarjo ngarep omahe. “tletik og mak, ajeng udan”. “Lha mas eko nendi kok ra mulih. Wis gek ndang do turu, sesuk sekolah barang no kok”.” Wau ten nggone mas Riyo kalih mas Deki”. durung suwe saka kuwi, krungu swarane eko gendadapan. “wadhuh, udane deres tenan, nganti teles kabeh”. “mulanen to Ko, Ko, yen ngerti mendhung ki gek ndang mulih, wis gerangan angel diatur.” “sst, ja banter-banter lho Pak, wis wengi. Gek ndang salin kono, ndak malah masuk angin mengko.”

“Jedheeerrr.“ Sambere bledhek, dumadakan lampu ndesa padha mati. Mungkin trafo wetan lapangan kae njeblug, wis lumrah yen ana udan gedhe lan samber bledhek mesthi listrike oglangan.
Ning endi-endi Peteng ndhedhet, Mung ana swara bledhek lan udan sing krungu.  

Anake Narto wis padha turu angler, Narto sing kat mau ngepleh-epleh ning dhuwur amben durung bisa turu, isih grememengan karo bojone. “eh, Mas, senthong kayane trocoh lho”. “yowis ben, paling gendhenge cuwil sithik, sesuk tak dandanane”. “O ya mas, sampeyan wis ngerti durung mas, anake yu Ngatmi sing lagi wae lulus SMA kae jare meteng, wis nganti telung sasi lagi konangan ki”. “weh, sing bener Ni, sing omong sapa? Bocah sing gawene liwat ngarep omah numpak alfa ireng kae”.

” Heleh, iya mas bener, gek mau sore wis do rasan-rasan wektu dha nempur beras ning nggone mbah giyem”. “owalah, lha gek sing lanang piye? sangertiku kae wonge menengan ki”.”sampeyan wae ngertine nek gor meneng, jare wong kuningan ngono, anake wong nduwe jare”.”wis jan, bocah saiki sakarepe dhewe, aturane angel tenan. Pancen angel dipenggak, apa pancene wis kepengin ya?”. Krungu wangsulane Narto, ngatini ngguyu nyekikik, nanging rada diampet. “Sampeyan ki lho mas, yen ngomong waton, boten dipikir dhisik. Ya mungkin kacilakan ngono.” Tangane Narto grayak-grayak cemumukan. “Wis tangane... Ngapa lho mas. “apa ta, sithike”. “heleh, apalane”. 

Embuh apa sing dipikirake Narto, sing mesthi pikirane sing maune kebak “butuh” wis malih dadi plong. Ora digagas maneh kepriye SMPne Eko, durung ragad kanggo dwi lan tri sing sedhelo maneh unggah-unggahan kelas, munggah kelas telu lan papat SD. Apa maneh ida sing wis telat sekolah TK. 

Pikiran kaya ngono mau wis mabur, mbuh nendi. Kabeh ngantuk, kabeh turu. Mata merem, awak lerem. Supaya sesuk bisa makarya maneh ketemu karo kanca-kancane ning TPA sakidule terminal. Apa nyawang eseme para batur ing perumahan kulon ndhesane. 
Kahanan sansaya hening lan udan sansaya deres nggrujug desa Bangsenan.











Share :

Facebook Twitter Google+
0 Komentar untuk "Crita Jawa : Kebo kabotan sungu"

Back To Top