Cerkak Remaja : Ana Tresna Ing Kelas Ungu

“Wah.. kowe gek wingi jane ya melu ambyur og, Mel.” Swarane Retno mbeda.
“Mbahmu kuwi. Apa njaluk kolame dadi lautan merah.“ Mela mangsuli sinambi ngeplak lengene Retno. Sing dikeplak malah ngguyu ngakak.
“Banyune bening banget ya. Aku pengin rana maneh ki.” Aku melu payu.
“Ora kaget. Kowe ki pancen pinginan og, May-May.”

Dumadakan Pak Ahmad Rawuh. Retno njawil pupuku. Aku sing lungguh ing dhuwur meja banjur mudhun bali ing pangonanku dhewe.

“Selamat siang semuanya?” Salame Pak Ahmad.
“Selamat siang, Pak guru.”Jawab para siswa bareng.

Crita sing lagi gayeng-gayenge mau kapeksa dipungkasi merga pelajaran bakal diwiwiti. Wis lumrah yen aku, Mela lan Retno crita-crita mangkono. Merga wong telu klebu aku mau wis dadi sak kanca geng, kang anggotane ya mung Aku, Retno lan Mela.  Ing geng iki kabeh kudu netepi janjine ora bakal duwe pacar sadurunge lulus SMK. Dadi kaya tembunge cewek-cewek gaul kae, geng iki dijenengke geng ungu, ateges statuse jomblo.

Biyen sakdurunge kabentuk geng ungu, Aku, Retno lan Mela pancen wis kekancan kenthel. Bedane biyen Retno lan Mela kuwi duweni pacar. Nanging durung suwe anggone pacaran, Retno lan Mela medhot pacare dhewe-dhewe. Merga pacare mau padha selingkuh karo wanita liya.

Wiwit kuwi, Retno lan Mela ora gelem pacaran maneh. Nganggep kabeh lanangan kuwi mung kaya dhene gombal mukiyo. Lha yen aku? Aku durung nate duwe pacar. Lagi arep nyedhaki pawongan lanang wae wis dipenggak dening Retno lan Mela.
“Kabeh lanangan kuwi padha wae, May. Sadurunge kebacut lho.” Ukarane Retno nalika semana.
“Percaya wae, May. Wis saiki awake dhewe ora sah duwe pacar. Mendhing kekancan malah akeh paedhae. ”
Nalika kuwi aku mung meneng lan ngrungokake wejangane kanca-kancaku mau.

“Coba sekarang Mayasari. Jelaskan apa yang di maksud dengan jaringan itu?” Swantene Pak Ahmad kang banget ngagetake. Kanca-kanca sak kelas padha nyurak, kajaba Retno lan Mela.
“Mulane aja kakeyan ngalamun?” Swarane Eri, salah sawijining kanca kang ora seneng karo gengku.
“Huuuu..Huuuu..” Surake kanca-kanca sansaya banter.
“Sudah-sudah, semuanya diam.” Pak Ahmad mbacutake. “Mayasari, silahkan dibenahi posisi duduknya.”
“Iya, Pak.” Sautku lirih.
“Bapak ulangi sekali lagi, dengarkan baik-baik. Jaringan itu adalah suatu.....

***

Dina iki pancen beda karo dina-dina sadurunge. Jam sekolah ditambah, merga ing kelas 12  diwajibake melu Les pelajaran UAN(Ujian Akhir Nasional). Dadi kang lumrahe muleh jam setengah loro, dadi jam setengah papat.

Pancen ya lagi apes dina iki. Udane deres, ditambah maneh awakku kang kabuntel mantol batman kudu mandheg sapinggire dalan. Banku mburi kempes.

Kendaraan dak tuntun ing ngarep toko kang lagi tutup. Hape ana tas, sire arep dak jupuk kanggo ngebel Mela utawa Retno. Nanging tanpa antan-antan atiku dikagetake karo pawongan kang uga nganggo seragam putih klawu ngadeg ing sisihku. Aku kenal banget karo pawongan kuwi.

“Enek apa, May. Kok mandheg dhewekan?” pitakone.
“Bane bocor.” Wangsulanku cekak.
“Sing mburi iki, ta.”

Aku mung meneng ora mangsuli apa-apa. Pit motor banjur disetandarke loro. Roda mburi diputer  indhik-indhik. Jebul ana paku idep nancep sapinggire ban.
“Kenek paku, May.” Kocape sinambi ndudut paku mau.
“Iya, ta?”
“Mengko dak terke menyang tambal ban, May. Cedhak og, Pertigaan kae nganan sepuluh meter banjur ana prapatan ngiwa. Ngenteni terang dhisik wae.”

Batinku anyel, kena ngapa bocah iki malah ngancani aku, kamangka anggonku mangsuli pitakone semu sengak. Aku isih ora lila, ya wong iki kang biyen nate nglarani atine Retno.
“Piye kabare kanca-kanca, May?” Pitakone.
Aku mangsuli karo mlengo, “Apik kabeh og, Pik.”

“Ya Alqamdulilah yen ngono.“
Ora suwe saka iku dheweke mbacutake omongane maneh.
“Wah ora ngira yen awake dhewe wis kelas rolas ya, May. Kayane lagi wingi-wingi awake dhewe lagi kelas sepuluh.”

“Ya jelas. Lha wong bar mutus Retno banjur gonta-genti pacar. Ya genahe cepet.” Ngomong mangkono ya mung dak batin.
“Iya, Pik.” Wangsulanku sabanjure.
Setengah jam anggonku ngiyup lan mangsuli pitakone Topik. Embuh, kelebon apa cah iki? Kaya-kaya pitakonane ndelujur terus. Gek pintermen anggone gonta-ganti underan.
“Wis terang, Pik. Aku dhisik, ya.” Tanpa ngenteni wangsulane, motor dak tuntun kanthi mesin urip.
Nanging ya ndilalah, Topik malah ngetutake menyang mburi. Kepara malah ngenteni anggonku nambalke ban.

 “Patute Topik kuwi dadi bank soal, og. Masak isine mung takon wae. Nganti judheg aku.” Critaku nalika ing sekolahan.

Sing dak critani ya mung padha ngguyu ngakak. Nanging saknalika Retno meneng, lan ngeles metu saka ruangan. Aku lan Mela ya mesthine mangerteni, yen dheweke uga isih nduweni sisa-sisa tresna kang aboh marang Topik.

Ora dak kira bubar kedadeyan iku hapeku kerep ana sms mlebu. Ya saka nggone Topik. Asem tenan, bocah iki kurang gaweyan. Sms-e ndadak nganggo macem-macem barang. Ana pitakonan,  geguritan, lan ukara-ukara lucu.

“Mangan duren ing ruwang tamu, ora leren anggonku ngoyak sliramu.” Salah siji sms-e sing kurang ajar. Embuh oleh saka ngendi tembung-tembung mangkono mau. Aku ora bisa crita babagan iki marang kanca gengku. Amarga ya njaga atine Retno. Wedi kekancanku marang Retno dadi remuk.

Nanging apa ya iki wis dadi pepesthen. Saka sms lan kerep dolan menyang ngomahku, gambare Topik tansah mubeng-mubeng ana pikiran. Aaahhh.. mbuh aku kudu piye? Atiku rasane uleng-ulengan ora nggenah. Aku dadi ora kuwasa nolak ajakane Topik kanggo mecaki dalan-dalan aspal ing saben malam minggu.

“Malem minggu ki ngene iki, May. Cah enom tenan.” Bengoke Topik sing lagi nggoncengke aku. Bangkekane banjur dak jiwit. Tanpa kumecap apa-apa aku banjur gocekan nyetut.
Nanging ora dak sangka, jebul malem minggu kuwi dadi tuk perkara ing gengku. Ana sing mangerteni yen aku mlaku bareng Topik. Crita mau tekan kupinge Eri, wis genah disebarke tekan ngendi-ngendi.

“Makan-makan, Cah.” Pambengoke Eri sesuke ing kelas.
“Lha enek apa ta?” Pitakone liyane.
“Enek sing lagi dadiyan lho, mantan kancane dhewe.”
“Jane sapa ta, Ri? Dadi penasaran aku”. Kanca liyane nyaut.
“Sapa meneh yen ora Maya karo Topik”
“Haa.. tenan ora kuwi, Ri?”

Sabanjure kabeh kanca-kanca sak kelas padha nyurak aku. Jebul Retno ya wis krungu prekara iki. Dheweke banjur mlayu ana mburi. Mela namatke praupanku, banjur mlayu ngoyak Retno.
“Mela.” Bengokku banjur melu ngoyak.

Dak delok cah loro padha rangkul-rangkulan sedhih. Aku melu nyedhak lan ngrangkul. Aku nyoba njaluk pangapura marang Retno.

“Sori, Ret. Ora ngene iki maksudku...”
Retno lan Mela mung meneng sinambi ngetokake luhe dhewe-dhewe. Aku jane ya pengin nangis nututi luhe kanca-kancaku mau, nanging ora bisa. Kepara ragane Topik ajeg playon ana utekku. Lan jare malah kepengin mudhun, anjlog ing atiku.

Kembali ke Daftar isi Kumpulan Cerkak Berbagai Tema






Share :

Facebook Twitter Google+
0 Komentar untuk "Cerkak Remaja : Ana Tresna Ing Kelas Ungu"

Back To Top