Cerkak Katresnan : Tresna Kepenggak Rupa

Tekaku ing bandara kene ora bakal tuku tiket utawa numpak montor mabur. Apa maneh methuk  kanca, ponakan utawa sedulur. Aku mung kepengin mbuwang rasa sumpeging dhadha. Mula kuwi aku golek hawa sing beda. Dak sawang para bakul padha jlentrek-jlentrek masarake dagangane. Nyawang bakul es saknalika ndadekake guluku krasa garing. Apa maneh pungkasanku ngombe gek mau awan. 

“Es degan gula pasir, Pak.”Kocapku ngono wae marang bakul mau. 
Sinambi golek lungguhan, sawise es sajrone plastik dak cekel, langsung wae dak sedhot. Saknalika kala menjingku munggah mudhun. Bingung, apa kang kudu dak tindakake, aku ngiling-ngilingi es degan mau. Aku pancen pilih es degan gula pasir. Aku isih anyel yen ditawani es degan gula Jawa. Wektu-wektu iki aku kemropok karo apa wae sing sambetane karo Jawa. Kaya-kayane Jawa kuwi ribet lan kakehan aturan. Gara-gara  aturan Jawa mau pikiranku dadi nggeladrah kaya mangkene.

Rong dina kepungkur aku diadhep Bapak. Kok rasa-rasane ana sing wigati tenan. 
“Le, sliramu apa isih sambetan karo kancamu, Wanda kae?” pitakone Bapak.
Aku banjur unjal ambegan. Sawise Bapak mangerteni omah lan dina laire Wanda. Kaya-kayane Bapak ora nyarujuki sambetanku karo Wanda. 

“Taksih, Pak.” Wangsulanku alon.
“Le cah bagus, dak kandani ya. Manut Bapak wae. Wanda kuwi omahe wewengkon lor, kamangka kluwargane dhewe saka kidul. Sak ora-orane miturut petung Jawa kuwi, kowe kudu golek kekasih saka wewengkon kidul utawa kulon.”  

Bapak njlentrehake akeh babagan kawruh Jawa marang aku. Aku ya mung meneng, ora mudheng petung Jawa lan ora bakal sudi mangerteni. Gara-gara petung Jawa mau, aku kudu nyidrani Wanda, kekasihku. Sanajan ora patiya ayu, nanging Wanda wis bisa ngisi atiku. Aku uga ngrumangsani, apa ana ta pawongan kang sampurna kuwi? 

Sakjane aku ora bakal gelem nuruti prentah bapak, nanging aku uga ora bisa uwal saka ngendikane Bapak. Aku kudu nrima apa kang wis di garisake kluwargaku. Aku bakal dijodhohake marang putra kancane Bapak nalika SMA. 

Babar pisan aku durung tau ketemu dhewekne. Nyawang fotone wae durung. Biyen nalika Bapak menehi foto marang aku, aku mung mlengos ora ngawasi. Nanging jare ngendikane Bapak tresna kuwi jalaran saka kulina. Kuwi rak mung unen-unen. Apa maneh unen-unen Jawa maneh. Huh.. blas ora dak parelu.
“Pesawatnya terbaaannngg...” Bengoke sawijining bocah karo nudhing montor mabur kang wiwit wae lepas landhas. 

Merga swara bocah mau, lamunanku dadi pecah. Bali menyang kahanan saknyatane. Dak sawang sore sansaya surup, aku menyat saka Bandara. Bali mulih.

Telung mingguan sabanjure, aku diajak Bapakku menyang panggonan sing ora dak mangerteni. Menawa lelungan pancen aku kang mboncengke Bapak. Aku minangka anak ya mesthine kwatir yen bapak lelungan adoh kudu motoran dhewe. Sakjam anggonku ngegas motor lanang werna abang kuwi. aku lan Bapakku tekan panggonan kang dituju. 

“Kula nuwun. Assalamualaikum.” Bapak ndhodhoki lawang.
Ora suwe saka njero omah ana kang mbukakke lawang lan mangsuli salame Bapak.
“Ohh.. Pak Karto.. mangga-mangga pinarak..” Bapakke kanthi grapyak nyumanggakake tamune mlebu ngomah. 

“Tumben Pak Karto ki.. lha iki apa mbarepmu sing mbok critakake aku kae.” 
Aku ya ora kaget Bapake mau ngendikan mangkono. Rak wong tuwa ki mesthi neng endi-endi sing dicritakake anakke ta? 

Aku ya banjur ngejak salaman. “ Nggih, Pak leres. Dalem Prasetyo. Mbajengipun Bapak.”
Aku ya mung ngrungokake nalika bapak jagongan ngglenik. Ora suwe anggone jagongan ana sawijining wanita njedhul saka mburi. Dhewekke nggawa tepak kang ndhuwure ana teh anget cacah telu lan remikan. Aku ya mung ndomblong nyawang kenya mau. Ragane kang dhuwur tur weweg lan pakulitane resik ndadekake kaya-kaya praupane kena slorote cahya. Katon padhang. 

“Dhek Prasetyo. Ayo diunjuk.” Akone Bapak mau ngagetake panyawangku.
“ng..ng..nggih, Pak.” Swaraku saknalika gagap. Aku ya mung ngombe lan temal-temil ngrasakake remikan kang wis sumadya. Pikiranku menyang ngendi-ngendi mbayangake kenya mau. Bapakku terus wae nutukake wigatine.

“Lha si Wiwik mau apa wis rampung anggone skripsi?” Pitakone Bapak. 
Wis wisuda setaun kepungkur. Malah saiki wis mulang SMP. Ya ben golek pengalaman dhisik karo nunggu jodhone. Lha mas Prasetyo wis duweni calon no kok.. hehe. “ Guyone Bapakke mau ngagetake banget. Bapakku ya mung ngguyu njegeges. Aku mung plonga-plongo.

“Oya, jare si Sukimin kae melu transmigrasi ya?”
Bapakku mula mbukani tetembungan anyar. Kaloron padha regeng anggone nyuntak crita. Apa merga wis sawetara suwe ora kepethuk. Malahan pikiranku nggladrah tekan ngendi-endi. Kaya dene pikiran dadi bubrah weruh kenya mau. Rumangsaku kahanan dadi cepet. Sauntara anggone bapakku ngendikan wis rampung. Bapak lan aku banjur pamitan. 

Ing tengah-tengah dalan aku tansah mikirake wanita mau. “Pak, Nika wau putri ingkang mbajeng napa ragil?” Pitakonku. 
“Bapakku malah ngguyu nyekikik, banjur mangsuli, “Anak nomer loro. Mase wis mentas petang taun kepungkur. Apa ana rasa karo dheweknen” Bapak mbeda aku.
“Halah.. Lha napa purun kalih kula ta, Pak.” Aku melu mbeda. 

Gemujenge bapakku malah sansaya banter. “Oalah.. ngger..ngger, kae mau ki sing arep dak jodhohke karo kowe iki.”

Krungu wangsulane Bapak atiku kesendhal. “Mak..ciiittt..”Dumadakan setang sing dak cekel mbanting mangiwa. “Grobyak”, kendaraanku nabrak krikil gedhe ing pinggir dalan.
“Piye to, Le. Indhik2 wae sing ngepit, ngawaske ngarep.”

Kendaraan mandheg. Rasa-rasane iline getihku uga kandeg. Bapakku ora dak parelu. Aku meneng sedhela. Mbuh apa kang lagi dak rasakake kaya-kaya kok ana sing beda. Dumadakan sakjroning atiku mbatin, “ Apa ya jebul bener. Yen ta rupa sejatine bisa ngenggokake tresna?”. 


Kembali ke Daftar isi Kumpulan Cerkak Berbagai Tema

Share :

Facebook Twitter Google+
0 Komentar untuk "Cerkak Katresnan : Tresna Kepenggak Rupa"

Back To Top