Essay/Artikel Jawa: Gunung lan Sastra

Gunung lan Sastra

“Hamung kanthi golek kasuwungan sampurna ing gunung, ingsun duweni pangarep bisa nggayuh panylametan, kang lire bisa dadi kekuwatan kanggo hamemayu hayuning buwana.” (Kitab Sutasoma, kajarwakake saka buku Kalangwan Sastra Jawa Kuno Selayang Pandang;P.J. Zoetmulder;1983, kaca 416).

Rumangsa isih duweni kekurangan, Sutasoma, Raden Ngastina ora gelem dirabekake lan jumeneng nata. Piyambakke milih minggat saka krajan lan ngluru dalan tumuju gunung Himalaya(Zoetmulder lan J.J. Ras nyebut gunung Semeru). 

Tekaning papan pertapan, Sutasoma narima crita lamun Prabu Purusada remen marang daging manungsa. Saking nekate, Purusada ginanjar dening Gusti pikantuk rubeda lara ing sikil kang angel tambane. Banjur Purusada njaluk tulung marang Bathara kala. Ing panjalukan mau, Purusada bakal nglumpukake para raja cacah satus minangka pasembahan. (Purbacaraka: Kepustakaan Djawa; 1952).

Pethilan crita kasebut kajupuk saka kakawin Sutasoma kang tinulis dening Empu Tantular nalika pamarintahan Hayam Wuruk, raja Majapahit(Jumeneng nata;1350-1389 M). Sutasoma milih gunung minangka papan kang bisa menehi kekuwatan lair lan batin. 

Lantaran kekuwatan mau, Sutasoma nduweni watak satriya kang kendel, adhil, wicaksana, lan luhur ing budi pekerti. Kanthi pikiran kang wening, piyambake ora seneng tumindak grusa-grusu lan bisa ngetrapake kawicaksanane kanthi ati sareh tanpa ngajak padudon utawa paten-pinaten sajroning perkara. 

Sipat mangkene kabuktekake nalika Sutasoma mudhun saka pertapan gunung. Sutasoma saguh jumeneng nata ing Ngastina lan nrima Dewi Candrawati minangka permaisuri. Ing pungkasan crita, Sutasoma uga dadi tumbale Purusada kanggo pasembahan Bathara Kalla. 

Tanpa dipeksa, Sutasoma nglilakake ragane supaya dimangsa Bathara kalla, kanthi sarat kudu ngeculake para Raja cacah 99 kang wis dadi sandrane. Mangerteni kahanan mangkono, Purusada atine dadi angluh. Dhewekne banjur mertobat lan janji ora bakal nguntal daging manungsa maneh. Kanggone Sutasoma, gunung bisa ndadekake manungsa dadi satriya kang sabar lan duweni sipat kautaman. 

Crita mau ora mung wujud sastra, nanging tumrape wong Jawa bisa dadi patuladhan laku lan tumindak. Para pujangga kang gesang sadurunge kitab Sutasoma, uga wus mangerteni menawa gunung kuwi papan kanggo nenangake pikir lan nentremake batin. Ing jaman krajan Kediri, Prabu Jayabaya (jumeneng nata;1135-1157 M)  uga nduweni pujangga kang remen marang gunung, yaiku Empu Panuluh. 

Gunung dadi papan kanggo golek wangsit utawa inspirasi sadurunge nulis kitab. Sawise manunggal karo perangan alam, gunung, Empu panuluh bisa kanthi rancag nulisake uneg-unege  sajroning tulisan. Akeh kitab kang kasil dimijilake, kayata Baratayudha, Hariwangsa lan Gatotkacasraya.

Ing maneka warna Kasusastran Jawa kuna lan madya(kakawin, kidung, lsp.), ora sithik kitab kang nyritakake babagan gunung. Gunung minangka salah sijine perangan alam dadi sarana kanggo nggambarake wujud lan kekuwatan alam kang nyawiji sajroning kauripan manungsa. 

Wujud alam donya kang tinulis ing kitab, kayata kakawin, minangka wujud alam kang dadi dedelengan para pujangga Jawa kuno ing kiwa tengene. Gegayutan ing antarane manungsa lan alam dadi bukti lamun para pujangga padha ngrumangsani menawa donya iki sejatine manunggal.

Kanthi mangkono, mbok menawa wis dadi titahe wong Jawa ing sawijining wektu bakal bali menyang gunung, mbuh marang wujud asline utawa simbole. Gunung didadekake papan pungkasan sawise ora ana papan liyane kanggo nglanggengake urip. 

Sejarah diadegake desa-desa ing pereng gunung, kayata gunung merapi, akeh-akehe kang dadi cikal bakale yaiku para pawongan kang dadi korban uleng-ulengane politik ing jaman krajan Jawa nalika semana. Gunung dadi papan kanggo ndelik supaya slamet saka bebaya politik krajan. (L. S. Triyoga: Merapi dan orang Jawa, persepsi dan kepercayaannya;2010).

Gunung dadi papan kang wigati. Kasusastran Jawa kuno, madya lan anyar(babad, serat, lsp.) dadi paraning ngilmu bab gunung. Perkara gunung iki ora mung mandeg sawise Ranggawarsita(1802-1873 M) kaaran pujangga panutup kang tinetepake taun 1871 M. 

Nanging sabanjure, Ki Padmasusastra (1843-1926 M) nggelar jagade sastra ing jaman modhern tumrap para pawongan kang dudu trah utawa pujangga Krajan, bisa nulis sastra Jawa. Kasusastran Jawa modhern ngrembaka lan nukulake roman, cerkak, geguritan lan sandhiwara modhern. (J.J. Ras:Masyarakat dan Kesusastraan di Jawa;2014).

Kairing lumakune jaman, gumlegere gunung isih manjing ana ing maneka warna tulisan sastra modhern lan kocape para dhalang. Ing jagad pewayangan bisa ditingali sajroning pethikan crita, nalika R.Samba lan R.Setyaki dikroyok dening Kurawa merga kepengin njupuk wahyu Cakraningrat kang dumunung ing R.Samba. Para dhalang nggambarake “swarane kaya gunung arep njebluk”, nalika R.Samba ngobahake astane kanggo nggusah para Kurawa. 

Kekuwatan gunung kang ngedap-ngedapi ing jagad sastra mangaribawani urip lan kauripan wong Jawa. Merga kuwi Kekuwatan gunung manjing ana ing tembung “gugur gunung”. Gugur ateges gogrog, jugrug, ambrol, longsor. 

Dene gugur gunung yaiku pakaryan negara sing sarana ngrigakke wong padesan tanpa opah. Ing sejarah, gugur gunung tansah dadi kekuwatan Indonesia kanggo nglawan penjajah. Minangka conto, liwat gugur gunung para satriyaning nagari kasil mbentuk “Panitia Persiapan Kemerdekaan” ing jaman Jepang. (Kuncaraningrat;1974).

Titi wanci pungkasan, Gunung panggah dadi sawijining perangan manungsa Jawa. Wiwit cilik, para bocah Jawa wus ngerti kaendahane gunung. Mbuh kuwi diwenehi pangerten bapa-sibune utawa lumantar pandelengan lan parungonan. 

Kasunyatane, para bocah ing pawiyatan TK lan SD menawa didhawuhi gurune nggambar pemandangan alam, akeh-akehe padha nggambar gunung cacah loro kang manggone jejer kiwa-tengen. Iki dadi sawijining pratandha menawa intuisi lan nalare wong Jawa tan bisa uwal lan oncat saka gunung tekan samengkone. 


Bisri Nuryadi

Share :

Facebook Twitter Google+
0 Komentar untuk "Essay/Artikel Jawa: Gunung lan Sastra"

Back To Top