Artikel Jawa tentang Hari Raya Idul Fitri

Nggoleki Gempilane Jiwa

Tanggal 23 maret 1985, pujangga Goenawan Muhamad (GM) nulis essay asesirah  “Jawa” sajroning Catatan pinggir 2. Ing tulisan mau kababar crita nalika GM ing kalodhangan wektu guneman karo Michiko, wanita Jepang ing warung tempura, kutha Shinjuku, Tokyo.   

Michiko nerangake menawa dhewekke luwih seneng kutha Solo utawa Yogya tinimbang Jakarta. Luwih-luwih dewekke kepengin sinau babagan kabudhayan Jawa, kayata kejawen. GM mangsuli menawa dhewekke uga lair ing wewengkon Jawa Tengah. Wanita Jepang mau banjur takon babagan Jawa, pitakonan kang tanpa dinyana dening GM.  

“Bapak, tiyang abangan utawa santri? Priyayi utawa wong cilik?” mangkono pitakonanane Michiko menawa di jarwakake. GM mung bingung bakal mangsuli kepriye, ing pikirane mung kaget kerana tetembungan kang metu saka lambe wanita putih mau, jaman semana mung bisa ditemoni ing buku “Religion of Java” anggitane Clifford Geertz. Ora dinyana, buku mau wis sumebar tekan tlatah Shinjiku. 

Ing kalodhangan guneman mau, Kadhangkala GM ngrasa kikuk, amarga dhewekke ora bisa ditampa apa anane minangka wong Jawa, amarga ana samubarang kang kurang. Wong Jawa kuwi ora saknalika lair banjur jawane nemplek ngono wae, nanging Jawa kuwi kudu di goleki supaya ruh kejawen bisa manjing ana ing  pribadhine dhewe-dhewe. Lan menawa wis mangkono tembe bisa diarani wong Jawa kang wutuh. 

Kanthi crita mau, bisa dadi rerembugan menawa Jawa kuwi pancen proses kanggo golek kawutuhan Jiwa lan kasampurnaning urip. Lha yen jiwane durung wutuh banjur wong Jawa kudu kepriye? Pitakonan iki bisa diwangsuli kanthi ndeleng kahanan pungkasan pasa iki.

Saben taun, para kang ngumbara ing saben paran padha bali menyang desane amarga kepengin methuki rama lan sibu saperlu sungkem. Iki dadi tradhisi kang wajib kanggone wong Jawa, kerana siji mung nggayuh kawutuhane jiwa kang setaun kepungkur wis gempil kepangan wektu. Banjur wong Jawa kepengin nambal gempilane mau supaya bali maneh dadi sampurna. 

Tradhisi kaya mangkene pancen anane mung ing nuswantara. Ora bisa ditemoni ana ing negara-negara islam kaya Timur Tengah. Tradhisi halal-bihalal ing Jawa, diwiwiti dening R.M Said/Pangeran Sambernyawa/KGPAA Mangkunagara 1. Banjur dadi awet lan lestari ing lingkungan wong Islam ing tlatah Jawa, amarga konsep-e padha karo Islam(Jagad Jawa, 23/8/12).

Menawa di nalar, pancen islam ing Jawa kuwi wis ora murni lan wis kacampur karo pirang-pirang kabudhayan liyane. Para leluhur uga wis ngakoni kahanan kang kaya mangkene iki. Ki Hajar Dewantara nalika medhar sesorah “Islam dan kebudayaan” sajrone sarasehan Ahmadiyah Lahore, 29 maret 1941 ing Yogyakarta mbabar babagan Islam lan Jawa. 

Ki Hajar mratelakake kaya mangkene, “Begitulah kebudayaan Islam itu tidak murni, akan tetapi bercampur dengan kebudayaan Arab, India, Persia, Sumatra, Jawa, demikianlah seterusnya; dan jangan pula dilupakan, bahwa pengaruh dari masyarakat itu amat kuat”. 

Kaya dhene wis dadi titikane kabudayan Jawa, kang dadi wadhah ketemune saben kabudhayan kang mara banjur kabudhayan mau ditampa, diolah, dirembakakake lan dianyarake. Pancen budhaya sungkem kuwi asli duwekke wong Jawa, ora mung agama Islam kang duweni, nanging kabeh wong kang lair ing Jawa-malah sak Indonesia- bisa nglakoni tradhisi mau kanthi remening penggalih. 

Semana uga perangan-perangan pawongan Jawa abangan, santri, Priyayi lan wong cilik. Kabeh padha tumplek blek ing desane dhewe-dhewe saperlu nggoleki gempilane Jiwa, supaya dadi manungsa kang sampurna (kembali suci).


Bisri Nuryadi

Share :

Facebook Twitter Google+
0 Komentar untuk "Artikel Jawa tentang Hari Raya Idul Fitri"

Back To Top