Islam lan Mistik
Islam minangka agama kang umate gedhe dhewe ing negara kita. Ananging agama Islam mau sakjane menawa diperang bisa dadi pirang-pirang kapercayan. Akeh aliran kapercayan saka para leluhur isih dinut tekan saiki. Aliran mau manjing ing saben-saben tradhisi, adat lan budhaya.
Islam mesthi wae ora duweni adat utawa tradhisi babagan nyadran, bancakan, kondhangan, lan wiwit ing saben panen. Tradhisi mau dadi paninggalan budhaya saka leluhur Jawa. Sanajan ta, Islam ora duweni tradhisi mau, nanging donga kanthi ajaran Islam isih kenthel mangaribawani tradhisi. Akulturasi budhaya wis kaya dene wedang kecampur sirup. Manunggal, angel yen arep dipisahake.
Ora mung adat utawa tradhisi wae kang kecampur agama islam. Saperangan barang-barang kang dianggep mistis kaya dhene keris, Cundrik, wesi kuning, kol buntet, semar mesem, pring pethuk, akik lan ajian-ajian liyane dianggep uga ajaran islam.
Ngingingi menawa barang-barang mau uga ana rapal saka ayat-ayat islami. Donga mau asale saka para dukun utawa kyai kang sejatine uga mengerteni ajaran agama. Tekan jaman kang diarani modhern iki, tumindak kang kaya mangkono mau isih wae ana. Malah salah sawijining barang mau sansaya moncer lan ndedel regane kerana bisa menehi pengasihan marang kang nganggo.
Akulturasi kaya mangkene, sakjane ora mung kedadeyan ana ing negara kita wae. Akeh negara liyane uga ngalami kahanan kang padha. Ora mung Hindhu-Budha kang mangaribawani islam ing Nuswantara. Wiwit jaman biyen, akulturasi budhaya lan agama wis dadi rembugan dawa kang tekan titi wanci saiki durung ana pawongan kang bisa mbedhah kasunyatan sabener-benere.
Akeh panemu kang njlentrehake menawa mistik (tasawuf) India lan Persia gedhe banget anggone mangaribawani islam ing Nuswantara. Merga kuwi Islam ing nuswantara mligine ing tanah Jawa beda karo Islam ing tanah Arab kana. Haji Abdul Malik Karim Amrullah utawa lumrah sinebut HAMKA, ing buku ”Sekitar Walisanga” menehi saperangan panemu babagan mistik islam ing Nuswantara.
Miturut HAMKA, yen disinau ngrembakane ilmu mistik utawa tasawuf ora bisa dikandakake yen Islam ing Indonesia wae kang beda corak tinimbang Islam ing negara liya. Nanging corak pamikiran kabeh negara Islam ing Asia Tenggara utawa Arab, Syam, Baghdad, Mesir, India, Persia dan Indonesia.
Kabeh negara mau nggunakake corak tasawuf kang saperangan gedhe wis nyebrang saka ajaran asli. Ing kene akeh kang nganggep menawa ajaran islam ing nuswantara wis nyempal saka bakune kang wis diajarake dening Kanjeng Nabi.
Mulane, ing pungkasan iki akeh pawongan kang koar-koar yen agama Islam wis ora murni utawa asli maneh. Amarga wis kecampur karo adat, tradhisi lan budhaya lokal. Kahanan kang kaya mangkene kang ndadekake karukunan dadi rusak.
Kabeh padha njaluk menange dhewe, lan tanpa rasa dosa nyalah-nyalahake kapercayan liyan. Kaya mangkene iki kang kudu dadi rembugan ing kabeh para agamis lan para kaum intelektual, supaya Islam ing negara kita bisa dadi Islam tumemen kang nduweni rasa tentrem. Lire bisa terus ndadekake yen Islam nuswantara kuwi minangka sawijining studi ing negara-negara Islam Timur Tengah, amarga adoh saka tumindak perang kang bakale ngrugekake sasama manungsa.
Bisri Nuryadi
0 Komentar untuk "Artikel Jawa : Islam lan Mistik"