Pak Guru Wirang

Salebare mulih ngajar, motorku ya mung dak standarke ngono wae ing pinggir omah. Kaya padatan, lawang ngarep dak bukak, tas dak centhelake ing dhuwur amben. Sawise nyopot sepatu lan sragam, aku menyat menyang pawon ngurupke kompor lan numpangke manci kang wis dak iseni banyu. Piranthi mau arep dak nggo nggodog mie.

Mie rong wungkus dak cemplungke. Iki ora dak pangan dhewe, nanging kanggo kembulan karo anakku. Joko, mangkono jenenge. Ganepe Joko Wijayanto. Bocah lanang kang dadi anakku siji-sijine sing saiki lungguh ana kelas 4 SD.  Yen yahmene iki thole Joko mesthi lagi dolan karo kanca-kancane. Mbuh, nekeran utawa ngulokake layangan. Jenenge wae bocah, panas ngenthang-ngenthang ya ora di rasakke. Sing wigati mburu seneng.

Sinambi nunggu mie mateng, awakku dak ambrukke ing kursi kang wis rada amoh kuwi. Sesawanganku tumuju tembok sing durung diplester, isih katon batane. Sok malah ana sing growal merga kesaput jaman. Jamane simbah tekan jamanku omah iki durung bisa owah gingsir. Ora kok emoh di bongkar, nanging ya pancen ora duwe ragad. Lha piye maneh, gaji sasen mung kanggo mangan lan bebrayan, sisane kanggo nyukupi sekolahe Joko. Ya mesthine genah gusis, sok malah minus. Wah, kok kaya paribasan basa Indonesia wae, besar pasak dari pada tiang.

Barang-barang ing jero omah ya mung sak anane. Ora ana barang elektronik kajaba tv lan radhio lawas. Apa mungkin iki kang ndadekake Joko ora betah ana ngomah. Beda karo nggone Riski putrane Pak Bakri kae. Arep pingin semangka, melon lan woh-wohan liyane gari njikuk ing kulkas. Pengin nonton film apa wae gari nyetel ing tivi gedhe, merga wis nyambung parabola. Ditambah maneh Riski yen dolan cekelane tablet. Iki kang ndadekake bocah-bocah kang lagi dolanan nekeran utawa ngulokake layangan padha bubar. Lha piye maneh, saben Riski teka bocah-bocah padha ngrubung. Pancen yen diturut, teknologi lan dolanan tradhisional iku ora bisa gathuk. Kaya langit lan bumi. Meksa bisa keplok?

Sakjane yen dipikir-pikir gaweyane pak Bakri kae padha karo gaweyanku. Ya nyekel buku, ya mulang, ya minterke bocah, ya mlebu jam 7, ya mulih jam setengah loro. Ora ana bedane karo aku. Ya mung  Pak Bakri wis kekangkat pegawe negeri lan wis sertifikasi. lha yen aku? Sertifikasi wae durung, apa maneh ngarepke dadi pegawe negri, kaya cebol nggayuh lintang mesthine. Ngapa biyen aku mung oleh widya bakti sekolah swasta. Kamangka sing diangkat dadi pegawe mung sing widya bakti ing sekolah negri. Ah..pikiranku saya nggrundhel ora karuan.    

“Pak, Mie ne wis mbludak.” Swarane Joko kang gawe ragaku jenggirat saka kursi.
“Wah iya ki, malah kelonyohen. Ndang njikuk piring, Le.“

Joko manut wae apa kang dadi prentahku. Piring kang dhuwure mie godhog wus smadya. Sawise rada anget, aku lan Joko telap-telep anggone ngresikke piring mau.

Jam 4 sore, kresek lan arit dak candak banjur jumangkah nuju sawah. Ngepasi wae mangsa labuh, dadi ijo royo-royone suket katon sumeblak. Kahanan mangkene ndadekake ora suwe anggonku ngarit suket. Mung setengah jam kresekku wis kebak suket seger, mesthine wis bisa maregi wedhusku kang mung cacah 2 ing ngomah. Sak ora-orane kanggo sewengi tekan sesuk awan.

“Mangga, pakdhe.” Lorohku marang Pakdhe Parman kang lagi mopok sawahe merga sesuk arep ditanduri.
“Wah Pak Guru ngarite cepetmen.” Wangsulane padhe Parman.
“He..he.., heleh Pakdhe.. suket gari ngrayuk..hewes-hewes gek ndang rampung.”
“Bojomu apa nglembur maneh, Di?” Dumadakan swarane Mbah Yatno saksisihe Pakdhe Parman ngagetake jantungku. Aku kaget lan tratapan kudu mangsuli kepriye.
“Kadose inggih, Mbah.” Yowis dak wangsuli sak kenane, banjur aku mbacutke lakuku kang dak rikatke.

***

Bojoku pancen arang-arang menyang ngomah. Merga gaweyane kang mesthi ana lembure. Mlebune awan jam 13.00 Wib. Sak jane yen miturut sift, mulihe bengi jam 10. Nanging mesthi mulihe esuk jam 6-an. Alesane ya nglembur kuwi mau. Nanging apa ya nglembur ki ora wayahan? Aku bisa ngomong mangkono mau ya mung ing ati. Sejatine aku wis nate omong kaya ngono, nanging malah dadine ora becik. Dheweke malah muni-muni nggegirisi. Jare yen wong wadon ora melu cawe-cawe golek dhuwit, aku lan kluwarga bakal nelangsa uripe.

Yen njagakke gajiku sing ora sepiroa ora bakal nutup kabutuhan urip kang sansaya ngroket. Minangka wong lanang, atiku kecenthit. Nanging ya piye maneh, kaya ngene kahananku. Merga kang kaya ngono mau akeh tangga teparo kang kadhang kala nggrenengi kluwargaku. Isih kelingan nalika biyen lik kromo omong-omongan karo Pardi, tanggaku.

“Mo, kowe ngerti ora? Yen bojone Paidi duwe demenan, kanca sakpabrik.” Kandhane Pardi lirih.
“Iya ki, jare ya ngono. Malah berita kuwi wis nyebar sak ndesa.” Lik Kromo nambai.
“Lha masak kerja og sedina muput ora mulih, mangkat awan mulih esuk.”
Nalika kuwi aku sing ngrungokake saka sewalikke tembok, krasa yen atiku ceklek, panas lan pengin muntab. Bakal dak tapok lambene wong-wong mau. Nanging ya kosek, ana benere jan-jane omongane pawongan mau.  Wis lumrah yen ing desa ana pawarta kang kaya mangkono mau mesthi dadi bahan rembugan sing anget.

Sakjane mung prekara ekonomi, nanging iki bisa nggremet menyang prekara liya-liyane. Kayadene urusan rumah tangga. Apa kaya ngene nasib guru sing lagi honorer. Ya muga-muga wae ora honorer sak jekke urip.
“Dhok..dhok..” Dumadakan ana wong ndhodhok lawang.
“Pak guru, nyaosake kenduren.”

Dak sawang jam wis nudhing angka 8. Ora ngira suwe tenan anggonku ngalamun. Lawang dak bukak, jebul Lik Parman nggawa kenduren tumpuk loro.
“Kendurene, Pak. Wah kok mboten mlampah tahlilan?” Kandha mangkono karo menehake kenduren sing tumpukan dhuwur.

“Wah iya, Lik. Lagi akeh garapan. Nyelakke bijine bocah-bocah.” Alesanku kang ora bisa dak nalar.
“Maturnuwun lho, Lik. Wis dicangkingke.” Ukaraku kanggo ngrampungi tembunge Lik Parman.
Kenduren kang isi sega, janganan lan lawuh banjur dak salini. Pungkasane aku lan Joko maregake weteng kang wis wayahe njaluk isi mau. Saking senenge anggonku mangan karo anak lanang,  maneka warna Prekara kang ngantemi pikiran saknalika sirna kaya dene srengenge kang katutup awan mendhung.


Kembali ke Daftar isi Kumpulan Cerkak Berbagai Tema












Share :

Facebook Twitter Google+
0 Komentar untuk "Pak Guru Wirang"

Back To Top