Crita Jawa : Sepuluh Taun Kepungkur

Kendaraanku dak genjot. Persenel dak idak. Aku banjur ngambang ora ngambah bumi, mecaki dalan aspal hotmik. Kadhangkala nggronjal ana legokan, plethuk 75 kang duwe aran belalang tempur dak epotke. Trek-trek gandheng padha mlaku ora tata anggone ngebaki dalan. Montor clurut banter salib-saliban. Kepara kendharaan uga langgar-langgaran. Kabeh kaya dhene padha saingan dadi rajane dalan. Siji loro dak sawang bocah nganggo seragam putih klawu padha numpak kendharaan. Bocah mau boncengan telon.

“Ya ampun, apa ora tau di kandhani simboke jane? masak wong wadon di cepit lanangan ngarep mburi?” grundelanku.
Sawetara dak tamatke bocah-bocah mau. Jebul aku lagi dhong yen dina iki bakal ana akeh para lulusan mudhun ngebaki dalan.

“Yit. Ndang cepet. Dienteni kanca-kanca.” Dumadakan Riko ngeplak gegerku.
Tanpa mikir apa-apa, aku melu ngono wae nggrombol mandheg sangisore wit trembesi pinggir dalan.
Jenengku Yitno, nanging kanca-kancaku padha ngundhang kanthi jeneng Mayit. Mbuh apa kerana awakku kang pancen ora duwe daging apa merga jenengku wae kang ana Yit-e.

“Huuuuu...haha..haaaa.” Bengoke kanca-kanca sinambi adus pilok. Semana uga aku. Rambutku sing kaku dak jegrakke banjur pilok abang nyemprot ing rambut, klambi lan kathok dawaku. Dadi sangar tenan aku saiki.

Pokoke dina kuwi dadi dina kang ora bakal bisa dilalekake. Anane mung seneng-seneng karo mogleng-mogleng. Gabung karo sekolah liya, ora kenal, ora dadi ngapa. Yen nganggo seragam di orek-orek mesthi dadi kanca sak perjuwangan. Embuh lanang embuh wadon. Kabeh tumplek blek nyawiji.

Kahanan kang kaya mangkono mau tumekane isyak isih ana sing nekat nggleyer-gleyer kepara kendharaane di jengat-jengatke.  Nanging saya wengi swara mau siji mbaka siji ilang. Mulih menyang ngomahe dhewe-dhewe.

Dina-dina sawise, ati sansaya plong. Ora ana buku, polpen, kelas, guru, bel mlebu, lan tangi esuk. Anane mung santai lan nyante. Arep menyang ngendi wae ora ana sing ngelekke. Arep ngapa wae ora ana sing menggak.

Yen bengi neng prapatan nganti wayah sirepe wong, banjur turu njingkrung tekan bedhug. Tangi-tangi madhang, kelop-kelop ing ngarep omah tekan ngasar. Banjur ana wae sing ngampiri embuh dijak dolan menyang ngendi. Ujung-ujunge surup bali mulih, adus, salin, madhang, lunga maneh kumpul maneh ing prapatan. Padha bareng-bareng nembang tembang wajib, “makan ga makan asal kumpul”. Kabeh pada seneng, kabeh padha mongkog. Mangkono kuwi saben dinaku sawise lulus. Merdeka tenan uripku.
Nganti sawijining dina ana pawongan kang ngabangake kuping lan ngeplak kamardikanku.

***

“Kowe kuwi saiki wis gerangan, Yit. Mbok ya mudheng sithik. Golek-golek gaweyan kaya lumrahe nom-noman kae. Ora gur klumbrak-klumbruk kaya ngono.”
Ukara mangkono mau ya mung dak rungokake, banjur dak sebulake maneh liwat kuping kiwaku.

“Ya, Pak. Suk yen wis wayahe rak ya oleh gaweyan dhewe.” Wangsulanku tanpa ngrumangsani.
“Apa kurang suwe sing nganggur, ta Yit?  Kae sawangen, Tarni anake likmu sing biyen kelas 5 nalika kowe lulus, saiki wis arep nganti lulus SMP.” Ngendikane bapakku rada nggetak.

Mripatku isih kelop-kelop nyawang kahanan. Kahanan kang ora owah. Kabeh isih panggah. Kaya nalika aku isih sekolah. Sirahku dak gedhek-gedhekake. Pinggire dak jenggungi. “Rasane kok ya mumet, ya.” Batinku.

Dak anggep bener wae ngendikane bapakku, yen wong urip kuwi pancen kudu kerja kanggo nyukupi kabutuhan urip. Tanpa isin aku banjur takon-takon bab gaweyan marang kanca-kancaku mbok menawa ana sing ngerti.

Kembali ke Daftar isi Kumpulan Cerkak Berbagai Tema

“Wah dengaren takon gaweyan, Yit?” kancaku malah gantian takon.
“Yen ora butuh mesthi ya aku ora bakal takon, Su.” Wangsulanku sengak marang kancaku kang duweni jeneng Sukidi, kang lumrah diundang Su.
“Gaweyan ki akeh, Yit.” Kancaku liyane nyaut.
“Tenan ora kowe?”

“Tenan, gaweyan kuwi akeh nanging ora ana sing mbayar.”
 “haahaa..haahaa..” Dumadakan padha ngakak bareng.
“O.. lha semprong tenan kowe, Man.”
Kabeh isih padha ngguyu. Aku mung bisa kukur-kukur rambut kaya wong bingung.
“Sesuk jam setengah wolu dhines karo aku, Yit.” Swara Tarman bener-bener ngagetake jantungku.

***

Bener, esuke Tarman ngajak aku dhines. Sedina kanthi bayaran telung puluh ewu. Nanging ora dadi ngapa, luwung bisa kanggo tuku udud lan kanggo nambah tuku uyah simbok. Aku maturnuwun banget marang Tarman kang wis narik aku dadi kancane kerja sanajan mung laden tukang.

Ing kono tepanganku dadi akeh. Sawise kontrakake gusis, akeh kanca-kancaku kang padha njaluk kontrak maneh lan mesthine nerusake pagaweyan mau. lan mesthine uga ana sing pilih metu golek pagaweyan liyane. Aku uga melu metu, milih melu kancaku kerja ing sawijining perusahaan mebel. Aku dadi tukang ngamplas.
Dina-dina dak lakoni kanthi seneng, sanajan seneng mau sayektine mung kapeksa. Jane pengine ya kepengin dadi mandhor utawa juragane kareben kasile bisa tikel tekuk. Ora mung awak lan nasibku kang seprene ketekuk-tekuk.

“Bose.. bose.. teka.” Bengoke kancaku sawijining dina. Kaya biasane yen ana cek-cekan aku lan kanca-kancaku luwih sregep kerja. Dak lirik bos ku jane ya mung cilik, kuru. Ora adoh kaya aku. Bedane ya mung dhewekke nganggo dasi rapi lan sepatunan kempling.

“Sethel kendho, Bro.” Kancaku sijine nyeluluk pratandha yen bose wis metu.
Mangkono saben dinane aku kerja menyang pabrik mebel mau. Pendhak setu nampa gaji, kanggoku akeh, nanging tetep durung bisa nggayuh rega-rega kang padha ndedel. Dina kuwi kaya padatan, jam setengah lima mulih. Belalang tempur dak genjot, dak gas, mlaku sapinggire dalan gedhe lan alus. Bali maneh ketemu karo trek-trek ora tata kang ngebaki dalan. Ana dalan legok kira-kira dhuwure sak kempolku, setangku dak banting nengen. Natap setang kendaraan liya. Sing dak tatap mau ambruk manengen.

“Mase, piye ta?” pitakone wong mau.
“Piye apane, ngindhari dalan legok no kok.” Swaraku kendel.
“lha mase kat mau kayane ngalamun terus”. Sing di boncengke melu payu.
“lambemu nek omong sak penake dhewe.” Wangsulanku sak kenekke.

Saknalika kanca-kancane sing dak tatap mau padha mara ngrubung. Puluhan para lulusan mau nganggo seragam kang wis di orek-orek werna-werna.
Aku mung ndeleng mlongo ora ngerti apa kang bisa maneh dak tindakake.

“Damai mawon, Mas.” Swarane sawijning kancane mau kang banjur njaluk salaman aku. Liyane padha melu-melu ngetutke. Aku ya mung males salaman akeh mau.
Sabanjure belalang tempur dak tuntun menyang pinggir.  Aku nderekke grombolan lulusan kang cacahe rangadubilahi. Ora bisa dietung. Lanang wadon padha campur. Aku mung bisa dheleg-dheleg ana pinggir dalan lan ngawasi lelakone lulusan mau, apa ya bakal nututi tipakku?



Kembali ke Daftar isi Kumpulan Cerkak Berbagai Tema



Share :

Facebook Twitter Google+
0 Komentar untuk "Crita Jawa : Sepuluh Taun Kepungkur"

Back To Top