Judul buku : Kabuncang ing Pangangen
Penulis : JFX. Hoery
Penerbit : Pamarsudi Sastra Jawi Bojonegoro(PSJB)
ISBN : 978-602-6284-11-2
Cetakan : Pertama, April 2016
Tebal : x + 144 Halaman
PIYE KABARE BUKU SASTRA JAWA?
Sastra bisa gawe urip luwih antep. Tulisan lan crita bisa njembarake wawasan pamaca. Maneka warna tulisan sastra ing basa Indonesia wis akeh ing rak toko buku. Banjur piye karo sastra Jawa?
Ing toko, buku sastra Jawa pancen luwih sithik yen dibandingake klawan sastra Indonesia. Nanging tekan titiwanci saiki sastra Jawa isih eksis ing kalangan para sutresnane. Sawijining buku anyar kang bakulane liwat media online yaiku kumpulan cerkak ”Kabuncang ing Pangangen”, garapane JFX. Hoery. Buku iki ngemot 17 cerkak kang nate kapacak ing akeh kalawarti basa Jawa saka taun 1971 tekan 2015.
Yen bener-bener dideleng tumemen, kumcer iki ora mung ngaturake babagan basa, sastra lan imajinasi panulis wae. Nanging ing kene kenthel karo kandhutan sejarah, owah-owahaning kawicaksanan pamarintah lan pengalamane panulis dhewe ing wektu iki.
Tuladhane, kita bisa maca ing cerkak “Kanugrahan” hal.9 (Panjebar semangat;1978). Panulis minangka “aku”, dadi paraga kang gaweyane nulis. Wektu iku dhewekne lagi mbutuhake dhuwit sing ora sethithik kanggo bea bojone sing arep babaran.
Swasana ati lan pikiran nganggu gaweyane minangka panulis. Dluwang ing mesin ketik digeret banjur diuntel-untel lan diguwang. Sajroning swasana mau banjur kelingan mangsa kawuri kang pancen pait. Wektu semana akeh lamaran gaweyane kang ora digape perusahaan. Mulane kuwi tekan saiki dhewekne uripe mung ngendelake tulisane kang kapacak ing ariwarti utawa kalawarti.
Sakpanemu karo Dhanu Priyo Prabowo kang ngaturake essay ing ngarep buku,“Karya-karyane krasa ana ”ngese”. “Nges” iku katon nalika pengarang kasebut bisa ngolah sauntara prakara sing urip ing madyaning masyarakat kanthi cara sing becik.”
Pancen bisa dibuktekake ana ing cerkak “kanugrahan” iki. Crita ora mung maju ndelujur mangkono wae, nanging kabeh kang sambetane karo panulis, kahanan wektu semana, pengalaman pribadi lan isih akeh liyane uga disuntak ing cerkak iki.
Diaturake yen ing wektu semana sekolah kejuruan dikurangi lan di lebur, kayata STN, SKKP, SMEP owah jeneng dadi SMP. Sabanjure kita bakal dielingake marang patemonan sastra kang ditekani dening sastrawan Jawa kondhang. Dicritakake wektu iku acara sarasehan manggon ana ing Sasana Mulya Surakarta. W.S. Rendra lan Arswendo ngaku yen gaji saka nulis uga ora jumbuh karo kabutuhan urip saben dinane.
Crita kang nyritakake babagan acara kasusastran Jawa pancen asring njedhul ing buku iki. Cerkak, “Oh Jakarta” kaca. 32 (Jaya Baya:1977) bakal ngeterake kita ing kagiyatan sarasehan pengarang Jawa kang dianakake dening mingguan kumandhang ing Jakarta. Himawan, kang dadi paraga utama nyeritakake menawa dheweke uga melu dadi pasertane.
Satekane ing kutha gedhe, pikirane Himawan kaya-kaya ora percaya karo ing sisih kiwa tengene. Kutha kuwi bener-bener beda yen dibandingake karo kahanan desa. Himawan kandha, “Apa maneh kaya ing Jakarta iki. Kuwatir yen mung ngaku aku kenal, nanging duwe kekarepan ora bener”. Kantrhi maca cerkak, “Oh Jakarta” kita uga bakal mangerteni majalah kang ana ing Jakarta wektu iku. Kayata majalah Detektip terbitan 1974 lan mingguan Metropolitan.
Minangka panulis kang nate nampa anugrah saka Kadis pendidikan Bojonegoro, cerkak saka panulis kang mijil warsa 1945 iki ora ketinggalan saka dunia pendidikan formal. Cerkak, “guru” kaca 45 (Jaya Baya 1979), bakal akeh menehi ngerti marang kita babagan owah-owahaning kawicaksanane pamarintah wektu semana. Akeh para wali murid kang takon owah-owahan mau, klebu pelajaran basa Jawa kang diilangake
.
Bapak guru mangsuli, “ Punika adhedhasar pedhoman pengajaran utawi kurikulum taun 1975, ingkang lumampah ngantos sakmenika”. Wali murid liyane takon bababgan wulan unggah-unggahan kelas. Ana owah-owahan taun ajaran anyar, yaiku saka wulan januari owah dadi wulan Juli. Kapeksa unggah-unggahan kelas kudu diundur 6 wulan. Mesthi panulis duweni dhasar kang mantep kanthi anane pethikan mangkono.
Buku kumcer iki ngajarake para pamaca marang tegese kado. Kado ora ateges barang sing larang regane, mewah lan dibungkus kertas warna-werna. Kanggone Jfx. Hoery kado yaiku tulisan kang bisa ndedelake gairah jaman biyen lan kanggo pangeling-eling marang putra wayah. Maca karya sastra basa Jawa ora ateges ketinggalan jaman lan kuno, nanging akeh makna kang bisa dipadhakake karo sastra Indonesia.
Sastra Jawa lan Indonesia bisa dadi kanca kang tansah mlaku bebarengan. Basa Indonesia ora perlu dadi sebab mundur utawa matine basa Jawa. Kabukti manungsa nduweni kemampuan kanggo nguasani luwih saka siji basa.
Sapardi Djoko Damono ing buku “Priyayi Abangan:2000”, kaca.400 ngaturake, “Berdasarkan garis pandangan ini tentunya manusia juga memiliki kemampuan untuk menjadi pendukung lebih dari satu kesusastraan; Orang Jawa mampu menjadi pendukung sastra Jawa dan sastra Indonesia sekaligus”.
Bisri Nuryadi
0 Komentar untuk "Resensi Buku : PIYE KABARE BUKU SASTRA JAWA?"