Irah-irahan : Menyok lan Bothekan. Kumpulan crita cekak sarta geguritan
Panyerat : Nardi
ISBN : 979-602-6284-12-9
Cetakan : Pertama, 2016
Katerbitake dening : sanggar sastra Pamarsudi sastra Jawi Bojonegoro(PSJB)
Gunggung kaca : viii + 102 kaca
Grenengane Wong Cilik
Karya sastra mujudake sarana kanggo numplak uneg-uneg utawa panemu. Apa wae kang ana gandheng cenenge marang kahanan sosial, politik, ekonomi, pawiyatan utawa kabudayan bisa manjing sajroning karya sastra. Karya sastra modern ing jagad kasusastran Jawa isih akeh kang sumebar ing kalawarti, ariwarti sarta buku. Karya sastra modern mau awujud cerkak, geguritan lan novel.
Sanajan sarana mau ragane sansaya kuru, nanging nyatane ora medhotake krenteg para wasis kanggo tetep ngasilake karya. Ing donyane buku, karya sastra Jawa modern uga isih ana gregete. Buku mau bisa dimijilake saka pribadhi utawa sanggar pasinaon. Tuladha buku saka sanggar pasinaon kang tembe mijil yaiku “Menyok lan Bothekan. Kumpulan crita cekak sarta geguritan”. Buku iki katulis dening mbah Nardi, sawijining panulis kang miwiti nulise nalika yuswa 50 taun.
Kanggone mbah Nardi, paragane wong cilik ing jagad pamarintahan iku tetep dibutuhake. Paraga mau ora mung awujud fisik, nanging uga awujud pikiran lan daya intelektual. Sanajan wong cilik iku ora bisa ngambah donyane pamarintahan, nanging kanggone mbah Nardi wong cilik kudu tetep nduweni swara. Swara mau kudu metu sanajan amung grenengan ing mburi wae. Grenengan ing kene duweni teges swara kang pancen ora sarujuk marang kawicaksanane pamarintahan.
Menyok, ing Solo kasebut pohung, dadi tetenger kumpulan crita cekak kanthi cacah 11 irah-irahan. Akeh crita kang menehi panyaruwe tumrap para penggedhe pamarintahan mau. Tuladhane bisa kajupuk saka cerkak asesirah ”expo”. Ing kono dicritakake pamarintahan Kabupaten nganakake expo limang taun sepisan. Darman kang mung saderma tukang becak melu ndeleng kahanan amarga oleh job ngeterake Pak Dulah, tanggane kang sugih.
Pak Dulah banjur nggedabrus karo kanca-kancane kang tembe wae mudun saka mobil sedan. Krungu swara kang ora mathuk karo atine, Darman banjur crita marang sawijining bakul ing sisih expo kono, “ … Dha umuk ngrembug kesejahteraan rakyat, mbrastha KKN, ngentas kemiskinan, njejegake hukum lan sapiturute. Aku ya mung ngrungokake karo nyawang, jroning batinku njur tuwuh angen-angen, palinga wong-wong sing dha ngomong ngono kuwi mengko nek wis wetenge wareg rak dha mulih neng omahe dhewe-dhewe, njur mapan turu ngeloni bojone. Wis dha lali apa sing bar diucapake, njur kapan lehe nindakake, kepriye carane?”(kaca 16).
Mbah Nardi uga nylempitake panyaruwe sanajan sejatine crita mau ora ngritik marang panguwasa. Tuladha bisa kajupuk saka cerkak, “akik”. Ing crita mau sakjane ngrembug babagan akik kang dadi primadona akeh pawongan. Malah ana kang nyoba gawe akik saka fosil. Nanging mbah Nardi nyelipake panyaruwe katujokake marang panguwasa kang ora duweni watak satriya.
Mbah Nardi nulis, “ Wong telu padha lenger-lenger nyawang fosil sing gemlethak ing ngarepane rumangsa ora kuwagang olehe mecah, saking atose. Dithuthuki bola-bali panggah menter, mlethek wae ora. Ora beda kaya atine wong-wong gedhe kae atose kaya watu. Genah yen dha nandang kaluputan, ora gelem ngrumangsani, ditibani palu kok mleset.” (kaca 24). Sabanjure alur crita mlaku maneh nut marang underan topik.
Ing kumpulan geguritan cacah 36 irah-irahan kanthi tetenger “Bothekan”(kothak kanggo nyimpen racikan jamu utawa bumbon), uga ora sethithik kang duweni werdi kaya ing kumpulan cerkak. Ing kene panulis kaya-kaya kepengin kandha, yen nerbitake buku sastra Jawa ora kudu tulisan kang wis nate kapacak ing ariwarti utawa kalawarti. Kang durung nate kapacak uga patut lan wangun yen digawe buku, kayadene kumpulan geguritan Bothekan iki.
Kaya kandhutan sajroning cerkak ing ngarep, kumpulan geguritan iki uga akeh kang menehi panyaruwe marang pamarintahan. Ing geguritan asesirah “Indonesia-1” kaca 77, mbah Nardi nulis, “Kaya sarung amoh/suwek/rowak-rawek/wis kewuhan ndondomi//. Geguritan katulis kanthi tembung lan ukara cetha, blaka, wela-wela. Mbokmenawa mbah Nardi ngrumangsani yen aran adil kuwi durung bisa manjing ana ing kahanan urip lan kauripan bebrayan.
Kanggone wong cilik, aran adil mung kembang lambe kang tansah tinandur ing saparan-paran. Adil mung kanggo saperangan wong-wong penggedhe ing kana. Ing kene mbah Nardi nulis asesirah, “Durung apal”, unine, “Pancasila/1. Ketuhanan yang Maha Esa/2. Dereng apal … / 3. Dereng apal …/ 4. Dereng apal … / 5. Pengadilan rakyat bagi seluruh mantan pejabat yang pernah terlibat … lan liya-liyane//” (kaca 82).
Ing wulan agustus iki, saben dalan padha tumancep bendera abang-putih. Uga ora ketinggalan gapura kempling, lan gemerlape lampu warna-warni. Kahanan iki dadi pratandha akeh para generasi kang nyambut dina kamardikan kanthi mongkog. Amarga Negara wis uwal saka penjajag. Penjajag mau pancen wis ora njajag awujud perang, mbedhili lan ngebomi warga bangsa kita.
Nanging sapa ngerti yen para penjajag saka mancanegara liyane tekan titiwanci saiki isih njajag bangsa kita kanthi wujud kang beda. Muga-muga wae apa kang dadi perkara penjajag mancanegara mau ora kaya kang diandharake ing panutupe cerkak, “Menyok”(kaca 57), “Bisa dibayangake kaya negarane dhewe wektu iki, sumbere minyak akeh, nanging kebutuhan bahan bakar kepeksa tuku rega larang. Lha, kepriye maneh, sumbere minyak wis dikuwasani pengusaha mancanegara”.
Bisri Nuryadi
0 Komentar untuk "Resensi Buku Jawa: Kumpulan Cerkak Lan Geguritan"