Kumpulan Soal dan kunci basa Basa Jawa UTS SMA/SMK XII



 Soal dan kunci basa Basa Jawa UTS SMA/SMK XII
semester gasal

A.    Pilihen salah siji wangsulan kanggo soal-soal ing ngisor iki kanthi menehi tandha ping (X) ing antarane a, b, c, d utawa e marang wangsulan kang bener!

1.       Guneman ing ngisor iki satitekna kanthi premati!
Mukidi       :  Menapa kepareng, Kula badhe nyuwun priksa?
Bambang  :  Ya, kena bae arep takon apa?
Mukidi    :  Jenisipun ukara  menika miturut isinipun wonten gangsal. Kula namung ngertos tiga inggih menika ukara pawarta, ukara pitakon, ukara pakon. Lajeng ingkang kalih menapa nggih.
Bambang  :  O… ngono ta, sing loro yaiku ukara pamenggak kang isine menggak supaya ora nglakoni kang dikarepke dene ukara pangajap yaiku ukara kang isine ngarep-arep.
Mukidi     :  Nggih…sakniki Kula sampun mangertos, matur nuwun.

Paraga kang luwih enom yaiku ... . 
A.       Mukidi, katitik matur nganggo basa ngoko        
B.        Mukidi, katitik matur nganggo basa krama 
C.        Mukidi, katitik matur nganggo madya 
D.        Bambang, katitik matur nganggo basa ngoko
E.        Bambang, katitik matur nganggo basa ngoko

2.       Tembung aku dadi kula lan tembung kowe dadi sampeyan, titikane basa . . .
A.        Ngoko lugu                                                                            D.  Krama alus
B.        Ngoko alus                                                                             E.  Krama inggil
C.       Krama lugu

3.        Ukara ing ngisor iki kang ora migunakake unggah-ungguh basa kang trep yaiku ….  
A.        Kula boten sarujuk menawi tiyang dhahar punika kaliyan jumeneng lan ngendikan.
B.        Pak, punapa kula pikantuk nderek panjenengan?
C.       Le, tulung, coba golekana layang ulem nggone Pak Rejo.
D.       Menawi saged kula nyuwun wekdale sekedhap kangge ngendikan kaliyan panjenengan.
E.        Bu, nyuwun pangapunten menawi atur kula kalawau lepat.


4.       “Lhoh, kowe arep menyang ngendi, Dhi?
         Guneman ning dhuwur migunakake basa...
A.      ngoko alus                                                             D.  krama lugu
B.      ngoko lugu                                                             E. krama lugu
C.     madya lugu

5.       Tembang kinanthi ing ngisor iki satitekna!
Upamane wong lumaku
Marga gawat den liwati
Lamun kurang ing pangarah
Sayekti karendet ing ri
Apese kasandhung padhas

Kang dadi isi utawa amanat ing tembang kinanthi dhuwur yaiku … .
A.       Dadi wong kudu sugih banda supaya slamet
B.       Dadi wong kudu tumindak becik supaya slamet
C.       Dadi wong kudu sugih pangati-ati supaya slamet
D.       Dadi wong kudu sugih pangati-ati supaya uripe bejo
E.       Dadi wong kudu sugih ndak kasandhung padhas

6.       Tembang-tembang ing ngandhap menika satitekna!
1.      Mijil                                                                         7. Dhandanggula
2.      Maskumambang                                                    8. Durma
3.      Wirangrong                                                             9. Sekar
4.      Sinom                                                                    10. Megatruh
5.      Asmarandana                                                        11. Ilir-ilir
6.      Gambuh
Ingkang mlebet tembang macapat manggen wonten angka ...
A.       1,2,4,5,6,7,8,10                                                       D. 1,2,4,5,6,7,9,10
B.       1,2,3,5,6,7,8,10                                                       E. Sedaya tembang macapat
C.       1,2,4,5,6,7

7.       Sing dudu paugerane nggawe tembang ing ngisor iki, kajaba …..
A.       guru wilangan                                                          D. guru gatra
B.       watak tembang                                                        E. guru tembang
C.       guru lagu

8.       tibaning swara ing pungkasaning gatra sajroning tembang macapat diarani … .
A.       guru wilangan                                                          D. guru gatra
B.       watak tembang                                                        E. guru tembang
C.       guru lagu

9.       saben tembang macapat mesthi duweni watak kang digambarake, semana uga tembang kinanthi. Ing ngisor iki kang klebu watake tembang kinanthi yaiku ... .
A.       rasa seneng, katresnan, lan kawicaksanan
B.       rasa sedhih, katresnan, lan kawicaksanan
C.       sumanak, katresnan, lan kawicaksanan
D.       katresnan, lan kawicaksanan
E.       rasa galak, katresnan, lan kawicaksanan

10.    Geguritan ing ngisor iki satitekna!


……………
Nalika dina kemis wayah sore
Nalika buruh budhal saka pabrike
Langit mendhung katon udan ngawe-ngawe
Setengah jam anggonku ing kene
Bingung..
Aku tansah bingung kaya wong ling-lung
Luwe weteng iki,
Pegin rasane gek ndang bali
Nanging kena ngapa kowe malah mati
Mogok ana sakulone kali
Supraku... supra ijo tumpakanku
Bensin ana tangki katon komplang-komplang
Geni busi katon mubal-mubal
Nanging ngapa ora bisa tak pancal
Apa kowe wis bosen karo aku?
Supraku ... supra ijo tumpakanku
Saben dina ngancani aku golek ilmu
Menawa klentu, Aku njaluk pangapuramu



Irah-irahan kang trep kanggo geguritan  yaiku … .
  1. Macet
  2. Tumpakanku
  3. Bingung
  4. Supraku
  5. Kentekan bensin
11.    Ing ngisor iki carane nulis geguritan, kajaba ... .
  1. Milih tema utama underane rembug, umpamane ;religius, katresnan lsp.
  2. Ngetokake rasa pangrasa
  3. Wiwit nulis saukara mbaka saukara
  4. Ngentekake rasa pangrasa kang lagi dilakoni
  5. Menehi tema kang jumbuh karo isi/temane geguritan



12.    Ing ngisor iki kang migunakake guru lagu lan guru wilangan (6-i)yaiku ... .
A.        Dedalane guna lawan sekti                                                    D. Tumungkula yen dipun dukani
B.        Kudu andhap asor                                                                 E. Bapang den simpangi
C.       Wani ngalah dhuwur wekasane

13.    titikan geguritan ing ngisor iki satitekna!
1)       cacahing gatra ora ajeg, nanging sethithike papat
2)       cacahing wanda ing gatra siji lan sijine kudu padha akehe
3)       tibaning swara kudu runtut
4)       kawiwitan saka irah-irahan

Kang dadi titikane geguritan modern manggon ana ing angka … .
A.       1                                                              D. 4
B.       2                                                              E. Sedaya leres
C.       3

14.    Tembung kang digunakake penyair kanggo nyritakake sawijining bab kanthi cara mbandingake karo barang utawa tembung liyane diarani … .
A.       Diksi                                                         D. Geguritan
B.       Lelewaning basa                                      E. imajinasi
C.       Purwakanthi

15.    Mbaleni swara (vokal), mbaleni tembung, mbaleni kelompok tembung (frasa) utawa mbaleni ukara sajroning geguritan diarani … .
A.       Diksi                                                         D. Geguritan
B.       Lelewaning basa                                      E. imajinasi
C.       Purwakanthi

B.  Pitakon-pitakon ing ngisor iki wangsulana kanthi premati!
1.       Ceceg-ceceg ing Wacan ing ngisor wangsulana kanthi unggah-unguh kang trep!
Dhawuhe Pak Guru
Pinuju ngaso Pak Guru ( ...1) Miki. Miki ( ...2) njupukake buku kang keri ana ing meja guru. Pak Guru ( ...3), “, mrenea sedhela!” Sing ( ... 4) age-age mara nyedhak, ngadeg jejeg, tangane tumata, ngapurancang polatane sumeh,  banjur ( ... 5) “Punapa Pak?” Miki anggone matur swarane lirih, nanging cetha swarane luwes kepenak. Pak Bima mbacutake ( ... 6) “Jupukna buku ing meja guru!” “Menika, Pak!” Miki matur mangkono iku karo ( ...7) buku, awake rada mbungkuk. dene buku kang diaturake kuwi sadurunge wis diwalik, nalika Pak Guru nampani, banjur bisa ( ...8) tulisane, ora susah malik maneh.

a. diutus
f. dikengken
b. ditimbali
g. matur
c. maca
h. nimbali
d. pangandikan
i. ngaturake
e. maos
j. ngendika

2.       Tulisen guru wilangan lan guru lagune tembang kinanthi kuwi!
3.       Serat Wedhatama iku anggitane KGPAA Mangkunegara IV. Apa tegese  serat Wedhatama iku! Lan KGPAA cekakan saka apa?
4.       Sebutna titikane geguritan modherenkuwi!
5.       Gaweya geguritan babagan pendhidhikan, pilihen salah siji kanthi irah-irahan kang wis ditemtokake ing ngisor iki! Gawenen sithik-sithike 10 gatra/baris!

Buku
Kendaraan
Sapi
angkuta
Flasdisk
Dempul  
Seragam
Sepatu



Kunci Jawaban
Mid semester Gasal kelas XII
Basa Jawa
PG.
1. B
6. A
11. E
2. C
7. E
12. E
3. D
8. C
13. D
4. B
9. A
14. B
5. C
10. D
15. C


Romawi II

1.       Hajbgdie
h. nimbali
d. pangandikan
a. diutus
i. ngaturake
j. ngendika
e. maos
b. ditimbali

g. matur


2.       Paugeran tembang kinanthi
3.       Kanjeng Gusti Pangeran Arya Adipati
4.       Titikan geguritan modhern
Kawiwitan irah-irahan
Cacahe gatra ora ajeg
Cacahe wanda ing saben gatra ora ajeg
Pilihane tembung mentes
Nganggo basa endah
5.       Kreativitas siswa

Norma Penilaian
Skor benar pada pilihan ganda = 5
Skor pada essay = maksimal skor nilai benar per nomor : 5
Skor pilihan ganda + skor essay x 2
50 + 50  = 100

Share :

Facebook Twitter Google+
0 Komentar untuk "Kumpulan Soal dan kunci basa Basa Jawa UTS SMA/SMK XII"

Back To Top