Soal Basa Jawa XI Mid Genap


I.         PILIHAN GANDA

A.  Pilihen wangsulan a, b, c, d utawa e sing minangka wangsulan sing paling bener ana ing lembar jawaban sing wis sumadya  kanthi menehi tandha ping (x)!

Tembung gambuh ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan nomer 1 lan 2 !
Semengko ingsun tutur
sembah catur supaya lumuntur
dhihin raga, cipta, jiwa, rasa, kaki
ing kono lamun tinemu
tandha nugrahaning Manon

1.        Tembung “lumuntur” iku asale saka tembung lingga apa lan kang dadi tegese yaiku ... .
A.       tutur, omong                                                         D. luntur, cilik
B.       lamun, omong                                                      E. luntur, ilang
C.       tutur, becik

2.        Ingkang dipunwastani “semengko insun tutur” wonten tembang ing nginggil, inggih menika ... .
A.     pituturku dadi kasunyatan                                        D. pitutur prasaja
B.     pituturku mbesuke                                                   E. pitutur kang lamis
C.    pituturku saiki

3.        Tegese tembang gambuh ing basa Indonesia ngisor iki satitekna!
Melaksanakan petuah itu
Harus kokoh budipekertinya
Teguh serta sabar
Tawakal lapang dada
Menerima dan ikhlas apa adanya sikapnya dapat dipercaya
Mengerti “sangkan paraning dumadi”

Tembang ing ngisor iki kang dadi tegese ing basa Indonesia dhuwur yaiku ... .

A.       Pamoting ujar laku
Kudu santosa ing budi teguh
Sarta sabar tawakal legaweng ati
Trima lila ambeg sadu
Weruh wekasing dumados

D.       Sabarang tindak tanduk
tumindake lan sakadaripun
den ngaksama kasisipaning sesami
sumimpanga ing laku dur
hardaning budi kang ngrodon
B.       Semengko ingsun tutur
sembah catur supaya lumuntur
dhihin raga, cipta, jiwa, rasa, kaki
ing kono lamun tinemu
tandha nugrahaning Manon
E.       Sucine tanpa banyu
mung nyunyuda mring hardaning kalbu
pambukane tata titi ngati-ngati
atetep telaten atul
tuladhan marang waspaos
C.       Sekar gambuh ping catur
kang pitutur polah kang kalantur
tanpa tutur katula-tula katali
kadaluwarsa kapatuh
katutuh pan dadi awon


4.        Tembang Macapat ing ngisor iki kanggo soal nomer 4 lan 5!
Gambuh
Aja nganti kabanjur
Barang polah ingkang nora jujur
Yen kabanjur sayekti kojur tan becik
Becik ngupayaa iku
Pitutur ingkang sayektos
          Tembang Macapat iku duweni guru lan guru wilangan ….
A.     7u, 9u, 12i, 8u,8a                                                     D. 7u, 8o, 12u, 8u,8i
B.     7u, 8u, 12u, 8u,8i                                                     E. 7u, 10u, 12i, 8u, 8o
C.    7u, 8u, 12a, 8u,8o

5.        Kang dadi isine tembang ing dhuwur, kejaba ....
A.     ajaran budi pekerti                                                   D. ajaran mandhiri
B.     ajaran jujur                                                               E. ajaran tata krama
C.    ajaran sopan lan santun
6.        Ing ngandhap menika kang leres tembang gambuh saking serat wedhatama miturut guru lagu lan wilangan,  inggih menika... .

A.       Ing batin tan salah
Kedhap kilap ilining ing kalbu
Kang minangka colok celaking Hyang Widhi
Widadaning budi sadu
Pandak panduking liru nggon

D.       Ing batin tan kliru
Kedhap kilap ilining ing kalbu
Kang minangka colok celaking Gusti
Widadaning budi sadu
Pandak panduking liru nggon

B.       Ing batin tan kliru
Kedhap kilap ilining ing ati
Kang minangka colok celaking Hyang Widhi
Widadaning budi sadu
Pandak panduking liru nggon

E.       Ing batin tan kliru
Kedhap kilap ilining ing kalbu
Kang minangka colok celaking Hyang Widhi
Widadaning budi pekerti
Pandak panduking liru nggon

C.       Ing batin tan keliru
Kedhap kilap ilining ing kalbu
Kang minangka colok celaking Hyang Widhi
Widadaning budi sadu
Pandak panduking liru nggon



7.        Ing serat Wedhatama Gambuh ana tembung “Manon”, duweni teges ... .
A.       Guru                                                                       D. pamaos
B.       Siswa                                                                     E. Gusti Allah
C.       Panganggit

8.        Cacahing wanda ing saben larik tembang macapat diarani ... .
A.       Guru gatra                                                             D. pada
B.       Guru wilangan                                                        E. pupuh
C.       Guru lagu

9.        Para siswa mesthine wis padha mangerteni pitutur luhur saka tembang gambuh. Kang dadi gunane tembang gambuh yaiku ... .
A.       Kanggo aweh panglipur
B.       Kanggo aweh pitutur
C.       Kanggo aweh pangajab
D.       Kanggo aweh pangrimuk
E.       Kanggo aweh pangarep-arep

10.     Kerot ora duwe untu, nduweni teges ... .
A.     duweni panjangka nanging ora nduwe niat
B.     namakake panggawe ala sarana nggunakake tangane wong liya
C.     gawe rerusuh ing panggonan sing wus tentrem
D.     darbe panjangka nanging ora duwe sarana
E.     gawe kabecikan ing panggonan sing wus tentrem

11.     Bebasan “ngobak-ngobak banyu bening” nduweni teges ... .
  1. duweni panjangka nanging ora nduwe niat
B.     namakake panggawe ala sarana nggunakake tangane wong liya
C.     gawe rerusuh ing panggonan sing wus tentrem
D.     darbe panjangka nanging ora duwe sarana
E.     gawe kabecikan ing panggonan sing wus tentrem

12.     Pethikan crita  ing ngisor iki satitekna!
Balakan
Nalika semana keraton Majapahit lagi ketaman rubeda. Sang Prabu antuk Sasmita menawa sing bisa ngluwari rubeda sajroning nagaraya rnung KyaiAgeng Balak. Sang Prabu banjur utusan Tumenggung Simbarja lan Simbarjaya nggoleki Kyai Ageng Balak. Ing wusana ketemu ana sacedhake kali Ranjing sing mapan ing Desa Mertan kecamatan Bendosari. Kacarita Majapahit bati tentrem sawise Kyai Ageng Balak  nyenyuwun marang Gusti kang murbengdumadi. Nanging Ki Ageng tetep dedunung ana ing kono nganti sasedane. Malah tekan seprene papan mau katelah dukuh/desa Balakan.


Crita Balakan mangkono mau kagolongake....
A.     legendha                                                                                  D. mite
B.     fable                                                                                         E. dongeng
C.    sage                

13.     Wong jaman biyen duwe cara kang mandi kanggo nuturi anan putune, yaiku gawe pesen kang sinandhi ing sajrone crita minangka tandha wong Jawa kang tansah nggatekake tlatah sakiwa tengene. Tuladha yen awake dhewe arep pipis ora kena saparan-paran yaiku jalaran ... .
A.              supaya panggonane resik kabeh                                       D. jalaran ana panggonan kang luwih trep
B.              supaya manungsa bisa ngurmati alam                                              E. jalaran bisa cilaka
C.              supaya duwe tata krama

14.     Nalika ibune ngruruhi anakke, Malin Kundang ora nggagas. Ibune malah ditepang nganti ambruk. Ngenani kahanan kayo mangkono, ora nyana ibune nyumpahi Malin Kundang. Pungkasane dhewekke dadi watu.
Pepiling kang bisa kajupuk saka pethikan crita rakyat ing dhuwur yaiku ... .
A.     Gatekna pepinginane wong tuwa                                            D. Aja nglarani atine wong tuwa
B.     Suwarga iku ana ing tlapak sukune ibu                                    E. Ngati-ati yen wong tuwane duka
C.    Dadi anak kudu bekti marang wong tuwa

15.     Papan padunungan kang diandharake sajroning crita Rawa Pening yaiku ... .
A.     Gunung Kendhalisada, Redi Telamaya, Sendhang ari wulana
B.     Gunung Kalisada, sendhang kalitan, Redi Telamaya
C.    Sendhang ari wulana, Gunung Kendhalisada, Redi Telamaya
D.    Redi Telamaya, sendhang kalitan, Gunung Kendhalisada
E.     sendhang kalitan, gunung kutawinangun, Redi Telamaya

Pethikan rakyat ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan nomer 16 lan 17!
Salah siji murid kinasihe Sunan Kalijaga yaiku Sunan Geseng. Minangka murid, Sunan Geseng iku banget anggone patuh lan setya marang kabeh prentahe Sunan Kalijaga. Sadurunge Ki Cakrajaya iku amung tukang nderes legen saka wit siwalan utawa wong mbiyen ngarani nderes kawung. Nalika Sunan Kalijaga liwat ing panggonan nderese Ki Cakrajaya. Sunan Kalijaga krungu tembange Ki Cakrajaya kang unine digatekake Sunan Kalijaga mung dibolan-baleni “Taklila-lila, taklila-lila”.
Bareng ditakoni Kanjeng Sunan Kalijaga,  “Kok mung lila-lila wae ki jane iku tembang apa Ki Sanak?”
Ki Cakrajaya mangsuli apa anane, “Alah wong saben dina niku urip kula nggih mung kados ngeten niki, munggah-mudhun nderes legen. Supados urip kula sing susah niki mboten kraos susah nggih taklila-lila (takrilak-rilakake/taksabar-sabarke)”
Sunan Kalijaga kang nalika nyawang praupane Ki Cakrajaya weruh ana cahya kang nandhani dheweke iku calon waliullah takon maneh, “Upamane diganti ngono kepiye Ki Sanak? Supaya luwih apik...”
Ki Cakrajaya kanthi mesem mbalik takon, “Lha diganti napa?”
Sunan Kalijaga, “Laa Illaha Ilallah”
Nalika Ki Cakrajaya menek maneh kanggo nderes lan tetembangan maneh kanthi apa kang mentas diucapake kanjeng Sunan Kalijaga, deresan legene ora metu banyune maneh nanging ngetokake emas. Ki Cakrajaya mudhun lan mlayu ngoyak Kanjeng Sunan Kalijaga saperlu meguru. Wiwit saka iku ki Cakrajaya dadi muride Kanjeng Sunan Kalijaga. Sawijining dina Sunan Kalijaga pengin nguji kasetyane Sunan Geseng kanthi ujian kang abot. Sunan Geseng kang wektu iku isih diceluk Ki Cakrajaya, kang isih buyute Nyai Ageng Bagelen, diutus kanggo sujud nggegem teken kang ditancepake ing sawijining gunung ing tlatah Bagelen. Sunan Kalijaga mesen supaya Ki Cakrajaya ora ninggal panggonan nganti penjenengane wangsul.
Ki Cakrajaya sujud nggegem lan njaga teken kang ditinggal dening Sunan Kalijaga. Udan, panas, adhem, atis lan ananing kewan galak Sasuwening nunggu tekene gurune ora sethithika Ki Cakrajaya nggeser lungguhe. Dheweke tetep meneng ing panggonan lungguhe. Dina ganti dina, sasi terus ganti, tahun menyang tahun ora karasa Ki Cakrajaya wis sujud nggegem teken suwene 7 tahun.
...

16.     Pethikan crita rakyat ing dhuwur klebu jinise ... .
A.         Legendha                                                             D. Fabel
B.         Sage                                                                     E. Dongeng
C.         Mite

17.     Irah-irahan kang trep kanggo Pethikan crita rakyat ing dhuwur yaiku ... .
A.     Sunan Kalijaga                                                         D. Sujud pitung taun
B.     Sunan Cakrajaya                                                     E. Tongkate sunan Kalijaga
C.    Sunan Geseng

18.     Crita rakyat sing ana gegayutane marang sejarah, kepahlawanan lan kesaktian sawijining pawongan diarani ... .
A.     Fabel                                                                       D. sage
B.     Mitos                                                                        E. legendha
C.    Dongeng
19.     Nalika isih cilik biyen mesthi wis padha mangerteni crita kancil lan baya utawa kancil nyolong timun. Dene crita mau klebu ... .
A.     Fabel                                                                       D. sage
B.     Mitos                                                                        E. legendha
C.    Dongeng

20.     Ing ngandhap menika ingkang boten kalebet  titikanipun crita rakyat, inggih menika ... .
A.       Critanipun sakeplasan (dimirengaken sepisan banjur tamat)
B.       Isinipun crita ngandhut pitutur, panyaruwe lan piweling
C.       Nggambaraken kedadeyan-kedadeyan ingkang tumemen
D.       Anonim, boten dimangerteni sinten sejatosipun panganggit
E.       Nyritakaken bab awon lan leres kangge patuladhan

B.    Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi bener, pener lan tliti!

1.        Tembang gambuh ing ngisor iki gancarna nganggo basa Indonesia!
sabarang tindak tanduk
tumindake lan sakadaripun
den ngaksama kasisipaning sesami
sumimpanga ing laku dur
hardaning budi kang ngrodon

2.        Apa kang diarani kawruh basa “bebasan” iku? wenehana  3 tuladha!
3.        Paugeran tembang macapat iku cacahe ana pira? Sebutna lan jlentrehna kang dadi tegese!
4.        Jinise crita rakyat iku werna-werna. Coba jlentrehna apa kang diarani crita rakyat ing ngisor iki lan wenehana tuladha critane, saben crita rakyat 3 tuladha!
a.    Legendha
b.    sage
c.    mite
d.    fabel
5.        Ing materi crita rakyat mesthine wis padha mangerteni babagan crita ing dhaerahmu dhewe-dhewe. Coba saiki tulisen kepriye critane legendha dumadine kutha Boyolali kuwi!





Kunci jawaban Ulangan Mid Semester
Pelajaran : Bahasa Jawa
Tahun : 2015/2016
 I.

1.
E
11.
C
2.
B
12.
A
3.
A
13.
B
4.
E
14.
D
5.
D
15.
A
6.
C
16.
B
7.
E
17.
C
8.
B
18.
D
9.
B
19.
A
10.
D
20.
C






 II.
1.      Segala tindak tanduk
Dilakukan ala kadarnya
Memberi maaf atas kesalahan sesama
Menghindari perbuatan tercela
Dan watak angkara yang besar
2.      Bebasan yaiku unen-unen sing ajeg panganggone lan duweni teges entar kang ngemu surasa nggambarake tindak-tanduke manungsa.
Tuladha : Kerot ora duwe untu, Nabok nyilih tangan, Ngubak-ngubak banu bening
3.      Guru lagu : tibane swara vokal saben pungkasan larikan tembang
Guru wilangan : cacahe wanda ing saben larikan macapat
Guru gatra : cacahe larikan tembang macapat
4.      Legendha yaiku crita rakyat  sing diangep nyata kedadeyane jalaean sajroning crita ana paraga sejarah lan dibumboni bab ajaib, sekti lsp.
Tuladha : rawa pening, Roro Jonggrang, Banyuwangi
Sage yaiku crita rakyat sing ana gegayutane marang sejarah, nyritakake bab kepahlawanan, kesaktian sawijining pawongan.
Tuladha : calon arang, Ciung wanara, Siliwangi, Panji lsp.
Mite yaiku crita rakyat sing paragane para deea utawa samubarang mahkluk separo dewa dumadi ana ing donya utawa kahyangan.
Tuladha : Nyi roro kidul, Nyi Blorong, jenglot
Fabel  yaiku crita khayalan bab kewan sing poahe kaya manungsa.
Kancil nyolong timun, semut lan manut, kancil lan macan, lsp.
5.      Kang wigati crita wonten asmanipun Sunan Pandanaarang, Nyi Pandanarang, Sunan kalijaga. (kawicaksanan guru)


Share :

Facebook Twitter Google+
0 Komentar untuk "Soal Basa Jawa XI Mid Genap "

Back To Top