Materi Basa Jawa Kelas 1/2 SD (Pelajaran 4)

Standar Kompetensi:
1. Mampu mendengarkan dan memahami berbagai wacana lisan sederhana (dongeng) dalam ragam bahasa tertentu.
2. Mampu mengungkapkan gagasan dan perasaan secara lisan tentang nama dan fungsi anggota tubuh serta benda-benda di sekitar sesuai dengan unggah-ungguh.
3. Mampu membaca dengan lafal dan intonasi yang benar serta memahami isi teks.
4. Mampu menulis kalimat sederhana dengan huruf lepas, sambung, dan dikte.

Kompetensi Dasar:
1.2 Mendengarkan dongeng binatang.
2.2 Menyampaikan rasa suka dan tidak suka terhadap sesuatu atau kegiyatan dengan menggunakan ragam bahasa tertentu.
3.1 Membaca nyaring
4.1  Menulis kalimat sederhana.
 A. Nyemak
         Ngrungokake Crita Dongeng
         Semaken pamacane crita dongeng dening gurumu iki!

Kabecikan Diwales Kabecikan
Ana manuk mencok ing wit-witan.
Ana wong sing arep mbedhil manuk kuwi.
Semut ngerti banjur nyokot sikile wong mau.

“Dor... dor… dor...” keprungu swarane bedhil.
Nanging mimise ora ngenani manuk.
Manuk mabur ngadoh.

Semut dolan ing pinggir kali.
Semut keseret banyu tekan tengah kali.
“Tulung-tulung” Semut mbengok.
Swarane semut keprungu manuk.

Manuk banjur nibakake godhong.
Semut munggah godhong.
Pungkasane Semut slamet.

“Matur nuwun Nuk,” kandhane Semut.
“Padha-padha Mut,” wangsulane Manuk.
Kapethik saka Piwulang Basa Jawa 1

Tugas Mandiri

Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki adhedhasar dongeng “Kabecikan Diwales Kabecikan”!
1.   Sapa kang nulungi Manuk nalika arep dibedhil?
      Wangsulan    :     Semut
2.   Kepriye unine swara bedhil?
      Wangsulan    :  “Dor... dor… dor...”
3.   Apa tegese tembung “mimis” ana crita ing dhuwur?
      Wangsulan    :  peluru
4.   Sapa kang nyokot sikile wong kang mbedhil?
      Wangsulan    :  Semut
5.   Sapa kang nulungi Semut nalika keseret banyu kali?
      Wangsulan    :  manuk

Tugas Kelompok

Golekana tembung-tembung kang angel saka dongeng ing dhuwur! Tulisen ing papan ngisor iki banjur wacanen tegese tembung mau! Menawa isih durung ngerti tegese bisa koktakokake marang gurumu!

No
Tembung kang angel
tegese
1.       
pungkasane
Kang keri dhewe (akhir)
2.
..............................................
.............................................................................
3.
..............................................
.............................................................................
4.
..............................................
.............................................................................
5.
..............................................
.............................................................................
6.
..............................................
.............................................................................
7.
..............................................
.............................................................................
8.
..............................................
.............................................................................  
9.
..............................................
.............................................................................
10.
..............................................
.............................................................................
Wangsulan : Miturut Karepe siswa

B. Micara
       Ngandharake Rasa Seneng lan Ora Seneng
       Gatekna tuladha rasa seneng lan ora seneng ing ngisor iki! 

Tuladha rasa seneng:

Gb. Saking : https://pixabay.com/en/children-school-laughing-fun-602967/ 

     1.   Aku seneng mangan krupuk.
     2.   Rudi seneng bal-balan.   
     3.   Tari seneng olahraga. 

Tuladha rasa ora seneng :  

Gb. Saking : http://www.mustanir.com/maal-hadits-asy-syarif-tidak-ada-ketaatan-dalam-bermaksiat-kepada-allah/ 

     1.   Bayu ora seneng ngapusi.
     2.   Intan ora seneng padu.
     3.   Intan ora seneng mangan mie ayam.

Tugas

      Gawea ukara rasa seneng lan ora seneng kang cacahe lima ing ngisor iki! Garapen bebarengan karo kancamu
No.
Ukara Rasa Seneng
Ukara Rasa Ora Seneng
1.
      .................................................
......................................................

Wangsulan: Bebas nanging sopan
 
C. Maca
       Maca Seru
       Wacanen kanthi seru pacelathon ing ngisor iki!

Ibu            :     “Le…wis tangi durung?”
Agung       :     “Sampun Bu.” (Agung metu saka papan paturone)
Ibu            :     “We…jebul wis ngango sragam barang ta, takkira durung tangi.”
Agung       :     “Nggih sampun ta Bu, kula tangi jam gangsal wau.”
Ibu            :     “Yo wis, ndang sarapan, Ibu nggoreng endhog kanggo kowe.”
Agung       :     “Inggih Bu.” (Agung mangan nganti entek)
Ibu            :     “Gung iki sangune.”
Agung       :     “Inggih Bu, matur nuwun, kula mangkat rumiyin nggih?’
                       (Agung mangkat sekolah karo pamitan marang ibune)

Tugas mandiri

Wacanen kanthi cetha!
1.   sirah                :     sirah
2.   cendhak          :     cendhak
3.   Thuthuk          :     thu – thuk
4.   Tutuk              :     tu – tuk
5.   Sega               :     se – ga
6.   pitik                :     pi– tik
7.   Elek                :     e – lek
8.   Enom              :     e – nom
9.   Pitutur             :     pi – tu – tur
10. Piweling          :     pi – we – ling

Tugas Kelompok

Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi lisan adhedhasar pacelathon ing dhuwur!
1.   Apa lawuhe Agung nalika sarapan?
2.   Jam pira anggone Agung tangi turu?
3.   Agung ngaturake apa nalika diwenehi sangu?
4.   Sapa sing guneman?
5.   Apa kang ditindakake Agung nalika arep mangkat sekolah?

D. Nulis
Nulis Ukara Latin Jejeg Disambung

Nulis Latin jejeg disambung iku gampang. 
Nanging akeh bocah kang kangelan.  
Amarga kesed anggone gladhen. 
Mula yen kepengin cepet bisa.   
        
Kudu sregep gladhen lan ora wegahan. 
Ing bab ngarep wis diterangne. 
Babagan Nulis Latin jejeg disambung.
Coba bukaken sepisan maneh.
Wacanen lan cobanen maneh.

Tugas

Ukara-ukara ing ngisor iki salinen nganggo ukara Latin jejeg disambung! Garapen karo kanca sisihmu!
1.    Mbak Suryani gawe rujak uleg.

2.   Ibu tindak dhateng pasar

3.   Tora sakaluwarga menyang Prambanan.

4.   Rani maca geguritan.

5.   Bapak nitih kendaraan

6.   layangan - Andi - dolanan

7.   Timnas - arep - Andi - daftar - pemain - dadi

8.   Hore - kelinci - sepur – numpak

9.   Rokha - komputer - ajar

10. pilot - Aku - pengin - dadi

Share :

Facebook Twitter Google+
0 Komentar untuk "Materi Basa Jawa Kelas 1/2 SD (Pelajaran 4)"

Back To Top