Materi dan latihan ulangan Bahasa Jawa SMA/SMK Kelas XII


Wulangan 2
A. Ngrungokake
Wawancara yaiku proses dialog antara sawijining wong kang golek informasi lanwongkang menehi informasi (narasumber). Narasumber yaiku wong kang ahli utawa pana ing babagan bidang tartamtu. Wawancarabisa kaleksanan kanthi langsung adhep-adhepan (face to face) karo wong kang diwawancarai, utawa kanthi oralangsung kayatalumantar telpon, internet, layang, e-mail, lan sms. 

Ewadene jinis-jinise wawancara ing antarane yaiku:
1. Wawancara berita (news-peg interview), yaiku wawancara kang ditindakake kanggo nggoleki katrangan, informasi utawa prastawa.
2. Wawancara pribadi (personal interview), yaiku wawancara kanggo nggoleki data gegandhengan karo dhiri pribadi lanpanemu interview.
3. Wawancara eksklusif (exclusive interview), yaiku wawancara kang ditindakake wartawan (saka sawijining media) kanthi khusus karo interview,kang jumbuh karo prakara tinamtu ing papan kang wis karembug bebarengan antarane wartawan lang kang diwawancarai.
4. Wawancara sambil lalu (casual interview),yaiku wawancara kang ditindakake kanthi ora khusus,mung kepeneran wae, ora ana rembugan sadurunge karo interview
5. Wawancara kliling/jalanan (man in the street interview), yaiku wawancara kang ditindakake wartawan ngubungi sadhengah interview kang mapane pisah,kang antarane siji lansijine ana gegandhengan karo pawarta kang bakale ditulis.

Nalika nindakake wawancara,ana bab-bab kang perlu digatekake, ing antarane:
1. Nemtokake topic wawancara
2. Nemtokake tujuane (informasi apa kang digoleki)
3. Nyiapake pitakonan
4. Nemtokake narasumber
5. Gawe janji karo narasumber (wektu, papan, lan kebutuhan kanggo wawancara)

Bab-bab kang uga perlu digatekake nalika ungguhing basa:
1. Miwiti kanthi salam
2. Nganggo basa kang sopan miturut  unggah ungguhing basa
3. Pandelenge tumuju marang narasumber
4. Mungkasi wawancara kanthi atur panuwun


Gladhen 1
Wangsulana pitakon-pitakon iki!
1. Tulisen apa wae pokok-pokok isine pacelathon ing dhuwur!
Wangsulan : Pamarentah kudu nggatekake situs-situs porno supaya bocah-bocah cilik ora kasil mbukak

2. Apa sebabe teknis nutup internet ora gampang?
Wangsulan : Internet nduweni akses kang tanpa winates mula angel diblokir. Upama situs porno kasil ditutup, otomatis situs-situs liyane uga bakal ketutup.

B. Micara
Saben pawongan ikumesthi duwe pengalaman. Lelakon kang dilakoni saben dina iku Manawa dirasakake bisa dadi pengalaman kang nengsemake. Pengalaman kang nengsemake yaiku pengalaman kang banget kesane tumrap awake dhewe. Mula pengalaman kang nengsemake bisa awujud pengalaman kang nyenengake,nyusahake, gawe guyu, apadene gawe tangis.

Gladhen 1
Wacanen kang premati pengalamane
Ketanggor
Yen aku kelingan karo kedadean telung dina kepungkur, rasane pancen ya rada mesake, ning satemene ya nganggo kudu nggutu brang. Ketanggor. Mbok menawa kuwi tembung sing paling pas kanggo nggambarake apa kang nembe dialami dening Bagus.

Kabeh wis padha ngerti nek Bagus kuwi wis suwe kondhang dadi sowok idola. Ora mung ing tingkat lokal nanging tekan sekolahan liyane barang. Sebab dheweke kuwi penyandhang predikat pelajar teladan tingkat kabupaten. Mula dening kanca-kanca kabeh dheweke banjur sinengkake minangka ketua OSIS, nganti rong periode.

Ngerti bocah wadon sing padha naksir, banjur dimanfaatke dening Bagus. Padha diaku pacar terus kaya dianggo dolanan. Sing sugih diporoti dhuwite, njaluk ditraktir werna-werna, ngajak dolan mrana-mrana. Sing takgumuni lha kok padha mung monat-manut wae. Kamangka nek wis bosen banjur ditinggal ngono wae. Habis manis sepah dibuang. Nanging kok isih ana cewek-cewek sing nguber-uber. Apa padha ora kapok ya.

Sebenere aku ora peduli karo tingkahe Bagus.nanging sing ndadekake atiku goreh rak perkara Dian. Ana kabar, jarene wis ana semingguan Dian runtang-runtung karo Bagus. Terus terang aku ora rila yen mengko Dian bakal didadekake kurban sing sabanjure dening Bagus. Wis suwe aku kenal Dian awit cilik, menawa menyang ngendi-ngendi tansah bebarengan.

Nanging adoh ing kanyatan. Sorene nalika lagi santai, gitaran ing teras omah, nddak Dian teka klunah-klunuh. Lungguh bruk ing sandhingku karo crito yen mau awan dheweke weruh Bagus ngomong pating glenik karo Erin ing parkiran. Jarene Pak Minto penjaga sekolah kang tanggane Erin, Bagus kerep ndolani Erin. Banjur Dian marani bagus lan bagus diunen-uneni. Epek-epek tangane dian mampir ing raine bagua. Semono uga Erin.

Aku kenal bangett karo watake dian. Tanggung jawab lan luwat pribadene. Ora gampang keguh la kepincut karo lambe lamise cowok. Muga-muga dheweke enggal antuk ganti singluwih becik tinimbang karo sing dhisik.

Gladhen
Wangsulana pitakon ing ngisor iki!
1. Sapa kang dadi idola ing sekolahan?
Wangsulan :Bagus

2. Kapan kedadean iku kelakon?
Wangsulan : telung ndino kepungkur

3. apa kang ndadekake Bagus dadi cowok idola?
Wangsulan : penyandhang predikat pelajar teladan tingkat kabupaten

4. Ana ing ngendi bae bagus dadi cowok idola?
Wangsulan : Ana ing sekolah lan sekolah liya

5. Ing ekolah bagus disinengkake dadi apa?
Wangsulan : Ketua OSIS

6. Kepriye carane bagus manfaatke cewek-cewek kang seneng dheweke?
Wangsulan : Padha diaku pacar terus kaya dianggo dolanan. Sing sugih diporoti dhuwite, njaluk ditraktir werna-werna, ngajak dolan mrana-mrana.

7. Sapa jenenge koncone penulis?
Wangsulan : Dian

8. Sapa kang ngomong karo bagus ing parkiran?
Wangsulan : Erin

9. Sapa jenenge tanggane Erin?
Wangsulan : Pak Minto

10. kepriye kpribadene Dian?
Wangsulan : Tanggung jawab lan luwat pribadene. Ora gampang keguh la kepincut karo lambe lamise cowok


C. Maca
Maca pawarta iku beda karo maca wacana, amarga maca pawarta iku padatan diwacakake kanggo umum (pamirsa). Mula saka iku panganggone lafal, intonasi, cethaning ucapan, tajeming pamriksan, lan tata cara kang digunakake kudu sarwa prayoga.

Wacanen naskah pawarta (berita) ingngisor iki ana ing ngarep kelas. Setitekna lafal, intonasi, cethaning ucapan, tajeming pamriksan, lan tata cara kang bener!

Tuladha teks pawarta.
Wilujeng ndalu para miyarsa,
Wilujeng pepanggihan maneh karo Radio Republik Indonesia ing Surakarta. Keparenga aku Kusuma Bawana maosake pawarta sawutuhe.

Kasunanan Surakarta Hadiningrat ngleluri Mahesa Lawung. Atusan abdi dalem, prajurit lan sentana dalem saka Karaton Kasunanan Surakarta Hainingrat, diina senen (5/5), kanthi alon-alon mecaki dalan lemah saka rattan gedhe tumuju ing Pundhen Alas Krendhawahana. Kurang luwih 200 abdi dalem, prajurit lan sentana dalem iki ana saperangan kang nggawa ubarampe sesaji. Dina iku karaton Kasunanan Surakarta sedya nindakake laku ritual sesaji Mahesa Lawung.

Saben taun ritual iku pancen dilakoni kanthi pangajab kanggo nyenyuwun marang Gusti Kang Murbeng Dumadi murih Karaton Surakarta lan Negara iki tansah kalis saka maneka rubeda. Sesaji Mahesa Lawung ing Pundhen Alas Krendhawahana mujudakake laku ritual sesaji kanggo Bathari Kalayuwati utawa Bathari Durga kang dianggep dadi salah sijine pangayom tumrap Karaton Surakarta.

Miturut Pangageng Sasana Wilapa Karaton Kasunanan Surakarta, GKR Wandansari, ritual sesaji Mahesa Lawung yektine ora mung wates ditegesi minangka sesaji marang Bathari Kalayuwati, ananging tebane luwih amba. Werdine yaiku dongane nyenyuwun pangayoman tumrap Karaton Kasunanan Surakarta lan tebane luwih amba marang bangsa Indonesia.

Pawarta sabacute. DKKS arep Ndayakake Sastra Jawa. Dewan Kesenian Kota Solo (DKKS) duwe krenteg kanggo ndyakake lang ngleluri sastra jawa, mligine ing tlatah Kutha Solo. Kacihna during dadi kawicaksanane mligi, nanging krenteg iki wis dadi rerasan ing DKKS kang para paraga penguruse wis gumathok lan mung kari ngenteni dikukuhake dening Walikota Solo. 

Joko Sumantri, salah sijine pengurus DKKS kang kajibah ngurusi jagad sastra, nalika wawancara kalawan Espos, ngandharake ing wektu cedhak iki dheweke kepengin nggelar patemon karo para sastrawan sing dikarepake ya warga bebrayan ing kutha solo kang kapiadreng nulis geguritan, crita cekak, dongeng bocah, artikel kabudayan jawa lan sajinise.

Gladhen
Coba teks pawarta mau wacanen kaping 4-5 siswa maneh, nagging paragane kang maca uga kudu beda-beda. Saka paraga-paraga mau mesthi wae anggone maca mesthi beda-beda. Amarga lafal, intonasi, lan irama kang dibisani uga ora padha. Mula cobanen kualitas pangrungonmu kanthi cara menehi biji marang kanca kang maca manut ukuranmu dhewe-dhewe! Garapen kaya tuladha!

D. Nulis
Tanggap wacana yaiku medharake utawa mahyakake utawa ngandharake utawa njlentrehakake sabda utawa surasa utawa isi utawa kawigaten (amanat) marang wong liya kang surasane mahargya karawuhan para tamu. Mula cak-cakan lan dhapukane tanggap wacana iku maneka warna.

Panulisane tanggap wacana kudu bisa ngenani marang acara kang lagi dilaksanakake. Kanggo ngayati panulisane tanggap wacana bisa nggunakake cengkorongan (kerangka), kang ancase nggampangake anggone ngayahi nulis tanggap wacana. Udheraning tata cara nulis tanggap wacana yaiku: (1) nemtokake topic lan tujuane, (2) nyusun cengkorongan, (3) ngembangake cengkorongan dadi pidhato kang wutuh.

Cengkorongan panulisse tanggap wacana yaiku:
1. sesirah (judul), sesirah kaudiya supaya: tetep wigati, nyenengake, mranani
2. tema, yaiku sawijining amanat utawa pesen kang dijlentrehake dening pamaos tanggap wacana.
3. subtema, yaiku reroncening amanat utawa pesen kang didadekake siji dadi wujud tema.
4. surasane wedharan, yaiku purwaka, bab-bab kang wigati karembug, udheraning rembug, kesimpulan, panemu pamedhar sabda, wasana rembugan kang bisa urut, imbang, gembleng, nalar, nyata, sarta migunani.
5. basa, kaudiya supaya trep pamilihe tembung, cetha dhapukane ukara, leres manut ing paugerane basa klebu tataning panulisan, cirining panulisan, lan aksara kang digunakake.

Evaluasi Wulangan
I. Wenehana tandha ping (x) ana aksara a, b, c, d utawa e ing sangarepe wangsulan sing bener!

Kasunanan Surakarta Hadiningrat ngleluri Mahesa Lawung. Atusan abdi dalem, prajurit lan sentana dalem saka Karaton Kasunanan Surakarta Hainingrat, diina senen (5/5), kanthi alon-alon mecaki dalan lemah saka rattan gedhe tumuju ing Pundhen Alas Krendhawahana. Kurang luwih 200 abdi dalem, prajurit lan sentana dalem iki ana saperangan kang nggawa ubarampe sesaji. Dina iku karaton Kasunanan Surakarta sedya nindakake laku ritual sesaji Mahesa Lawung.

Saben taun ritual iku pancen dilakoni kanthi pangajab kanggo nyenyuwun marang Gusti Kang Murbeng Dumadi murih Karaton Surakarta lan Negara iki tansah kalis saka maneka rubeda. Sesaji Mahesa Lawung ing Pundhen Alas Krendhawahana mujudakake laku ritual sesaji kanggo Bathari Kalayuwati utawa Bathari Durga kang dianggep dadi salah sijine pangayom tumrap Karaton Surakarta.

1. papan dununge ritual Mahesa Lawung yaiku ing …
a. Pundhen Alas Krendhawahana
b. Alas Krendhawahana
c. Karaton Kasunanan
d. Surakarta
e. Mangkunegara
Wangsulan : a

2. Krendhawahana mujudake laku ritual sesaji kanggo ….
a. Bathara Yuda
b. sentana dalem
c. Sri Sultan
d. Bathari Kalayuwati
e. abdi dalem
Wangsulan : d

3. wos surasane pawarta ing dhuwur yaiku ….
a. karesikan
b. agama
c. tradhisi
d. pawiyatan
e. criminal
Wangsulan : c

4. sawijing cara kanggo golek informasi utawa data kanthi proses dialog antarane sawijining wong kang golek informasi lan wong kang menehi informasi, yaiku ….
a. dhiskusi
b. tanggap wacana
c. pawarta
d. wawancara
e. pacelathon
Wangsulan : d

5. wong kang ahli utawa pana, nduweni spesialis ing babagan tartamtu, utawa wong kang dianggep pana babagan prakara tartamtu ana ing sajroning wawancara diarani ….
a. juru warta
b. wartawan
c. spesialis
d. narasumber
e. narapati
Wangsulan : d

6. saliyane kanggo metode jurnalistik arupa nglumpukake pawarta, wawancara uga bisa kanggo ….
a. panaliten lan ilmu pengetahuan
b. cengkorongan tanggap wacana
c. nulis pacelathon
d. narasumber
e. nulis laying
Wangsulan : a

7. wawancara kang ditindakake wartawan saka sawijining media kanthi mligi utawa khusus kang jumbuh karo prakara tartamtu ing papan kang wis dirembung bebarengan antarane wartawan lan narasumber diarani ….
a. wawancara pawarta
b. wawancara pribadi
c. wawancara keliling
d. wawancara jalanan
e. wawancara eksklusif
Wangsulan : e

8. wawancara kang ditindakake wartawan ngubungi sadhengah interview kang mapane pisah,kang antarane siji lansijine ana gegandhengan karo pawarta kang bakale ditulis diarani ….
a. wawancara pawarta
b. wawancara pribadi
c. wawancara keliling
d. wawancara jalanan
e. wawancara eksklusif
Wangsulan : c

9. wawancara kanggo nggoleki data gegandhengan karo dhiri pribadi lanpanemu interview diarani ….
a. wawancara pawarta
b. wawancara pribadi
c. wawancara keliling
d. wawancara jalanan
e. wawancara eksklusif
Wangsulan : b

10. Sesorah utawa pidato bisa digunakake ing sadhengah kahanan. Tegese Sesorah yaiku….
a. Micara utawa nglairaken panemu sarana lesan ing sangarepe wong akeh.
b. Nglairake panemu sarana tulisan.
c. Nglairake panemu.
d. Nglairake panemu awujud tembung.
e. Nglairake panemu kanggo awake dhewe.
Wangsulan : a

11. Sing ora kagolong anggone sesorah bisa kaleksanan kanthi becik, mula sing sesorah kudu nggatekake…
a. Basa sing kudu digunakake kudu laras/ cocog karo sing diadhepi.
b. Busanane kudu sing apik lan sopan.
c. Polatane mbesengut.
d. Wiramaning swara sing kepenak.
e. Solah bawane kudu manteb lan teteg.
Wangsulan : a

12. Supaya bisa narik kawigaten, mula ing ngisor iki sing orak kagolong tangeran pawarta kang apik yaiku….
a. Anyar
b. Wigati/Menarik.
c. Objektif.
d. Publisitas.
e. Wartane wis kuna.
Wangsulan : e

13. Nalika maca pawarta sing kudu digatekake yaiku….
a. Intonasi kudu pas, pocapan kudu bener, bantere swara kudu pas, anggone maca pawarta pandelenge tumuju ing ngarep.
b. Intonasi kudu pas, bantere swara ora wigati, pocapan kudu pas.
c. Intonasi ora wigati, pocapan kudu bener, bantere swara kudu pas, pandelenge mandhep ngarep.
d. Intonasine kudu pas, pocapan ora wigati, bantere swara kudu pas, pandelenge mandhep ngarep.
e. Intonasi ora wigati, pocapan ora wigati, swara ora kudu banter, pandelenge nghingkluk.
Wangsulan : a

14. Durung suwe iki pancen wis tau dikabarake yen akeh montor mabur sing padha nemahi kacilakan ing mancanegara utawa ing Indonesia. Durung ana rong sasi kabar mau, lha kok kasusul maneh kedadeyan montor mabur tiba durung suwe iki, pase ing desa geplak, kacamatan karas, magetan, jawa timur rikala dina rebo esuk kira-kira jam setengah pitu ing tanggal 20 Mei 2009, nalika bangsa Indonesia mangerti Hari Kebangkitan Nasional. Montor mabur kang tiba lan kobong mau duweke TNI AU jinis Hercules C-130 nomere A-1325. Miturut pawarta saka layang kabar lan TV, montor mabur kasebut budhal saka pangkalan lapangan Udara Halima Perdanakusuma Jakarta lan arep tumuju menyang dhaerah Biak, Papua. Nanging durung nganti tekan papan kang tumuju, lan nalika arep mampir Ing lapangan Udara Iswahyudi Madiun montor mabur kasebut nemahi Kacilakaan. Pawarta ing dhuwur ngemot babagan….
a. Kacilakaan motor mabur ing Surabaya.
b. Kacilakaan montor mabur ing Pacitan.
c. Kacilakaan montor mabur ing Magetan.
d. Kacilakaan montor mabur ing Biak.
e. Kacilakaan montor mabur ing Jakarta.
Wangsulan : c

15. Tanggapan kang pas ngengingi pawarta ing dhuwur yaiku….
a. Suku cadang sing digunakake kanggo ngganti, ora perlu sing asli.
b. Mesin sing digunakake wis lawas, sing penting bisa mabur.
c. Montor mabur sing ana ing Indonesia kudune diganti sing anyar saengga mesine anyar lan suku cadang sing digunakake kudu asli. Supaya bisa dijamin slamet.
d. Montor mabur sing digunakake iku umurre wis tuwa, sing penting bisa mabur.
e. Montor mabur ing Indonesia bisa mabur sanajan suku cadang lan mesine ora asli.
Wangsulan : c

16. Sing perlu digatekake nalika wawancara yaiku…
a. Nemtokake undheran/ topik wawancara, nemtokake ancas, nyiapke pitakon-pitakon, nemtokake nara sumber, lan gawe janji karo narasumber.
b. Nemtokake undheran/topik wawancara, nemtokake ancas, nemtokake nara sumber.
c. Nemtokake narasumber, gawe janji karo narasumber.
d. Nemtokake ancas, gawe pitakon-pitakon.
e. Gawe janji, pitakon-pitakon ora wigati, ora ana ancas, nemtokake undheran/topik wawancara.
Wangsulan : a

17. Tulisan Wawancara Swaji kaleh Embah.!!
Swaji :”Embah, Menapa keparengan kula yuwun priksa.”
Embah: “Arep takon apa? Antuk garapan ngomah apa kepriye?”
Swaji :”wewangunaipun kadosta: griya tumpuk, ruko, batako, perumnas, lan sanes-sanesipun. Sanadyan mekaten, sarehne bebrayan jawi menika gadhah jinis piyambak ingkang maneka warni, Pramila kula sakanca kedah mengertosi. Lah bab ingkang dipundadosaken garapan griya denging Pagu Guru.”
Embah:”O….ngono to. Mudheng aku kersane gurumu kuwi. Pancen omah jawa iku maneka warna. Apa kira-kira kowe durung mudheng bab jinise omah jawa iku?”
Swaji: “Sajatosipun sampun mangertos, Mbah. Nanging dereng jangkep.”
Embah: “Coba omahe Pak Tapa kae, jinise apa?”
Swaji: ” Dalemipun Pak Tapa menika limasan, Mbah. Awit wanguning griya wonten empyakipun sekawan ingkang kalih ageng seorang dene ingkang kalih malih wangun majeng tiga utawi segitiga.”
Isine wawancara ing dhuwur yaiku…
a. Babagan omah Jawa.
b. Babagan wong Jawa.
c. Babagan tanah Jawa.
d. Babagan wisata Jawa.
e. Babagan buku Jawa.
Wangsulan : a

18. Narasumber ing wawacara dhuwur yaiku…
a. Swaji lan Embah.
b. Swaji.
c. Embah.
d. Sing nglakoni wawacara.
e. Embah karo Swaji.
Wangsulan : c

19. Sing diarani wawancara yaiku…..
a. Golek Informasi saka Majalah.
b. Golek Informasi saka Radio.
c. Golek Informasi saka Internet.
d. Golek Informasi saka Buku.
e. Golek Informasi saka wong sing diarani nara sumber.
Wangsulan : e

20. cengkorongan panulise tanggap wacana yaiku, kajaba ….
a. sesirah (judul)
b. tema
c. subtema
d. basa
e. paragraph
Wangsulan : e

II. Wangsulana pitakon ing ngisor iki kanthi premati!
1. Kepriye cengkorongan pidhato?
Wangsulan : sesirah (judul), tema, subtema, surasane wedharan, basa,

2. Apa kang diarani wawancara?
Wangsulan : sawijing cara kanggo golek informasi utawa data kanthi proses dialog antarane sawijining wong kang golek informasi lan wong kang menehi informasi

3. Jlentrehna kang diarani narasumber!
Wangsulan : wong kang ahli utawa pana, nduweni spesialis ing babagan tartamtu, utawa wong kang dianggep pana babagan prakara tartamtu ana ing sajroning wawancara

4. Gawea pawarta kang lumantar radio! Surasane bebas!
Wangsulan : Kawicaksanan guru

5. Apa kang diarani tanggap wacana?
Wangsulan : medharake utawa mahyakake utawa ngandharake utawa njlentrehakake sabda utawa surasa utawa isi utawa kawigaten (amanat) marang wong liya kang surasane mahargya karawuhan para tamu




Share :

Facebook Twitter Google+
0 Komentar untuk "Materi dan latihan ulangan Bahasa Jawa SMA/SMK Kelas XII "

Back To Top