Geguritan Kehidupan : Kelingan Univet Bantara, Kebacut,Nyepi,Perdikan,Teles

Geguritan Kehidupan : Kelingan Univet Bantara, Kebacut,Nyepi,Perdikan,Teles, menggambarkan tentang keadaan manusia dalam kehidupan nyata. Banyak sekali masalah yang dihadapi manusia.

Geguritan adalah salah satu materi dalam pelajaran Bahasa Jawa. Mulai dari SD, SMP sampai SMA/SMK atau yang sederajat. Diharapkan dengan adanya blog ini bisa membantu para siswa untuk mempelajari contoh-contoh geguritan.

“kelasjawa.com” dibuat untuk membantu para siswa yang kesulitan belajar Bahasa Jawa di rumah. Dengan menggunakan blog ini para siswa akan dibimbing untuk mempelajari materi ataupun soal-soal yang ada dalam pelajaran tersebut dari SD, SMP dan SMA. Mari kita simak dengan seksama.


Kebacut
Omah gedhek kebak lumut
Sansaya wengi akeh lemut
Yen subuh ketutup pedhut
Ing kono akeh crita kang nylimut

Jare biyen akeh lelembut
Ingonane dhukun kang dadi pangemut
Mbah dhukun duwe aji-aji pecut
Bisa nekakake dhuwit padha sujud

Dicritani mangkono aku mung mesem kecut
Mbok menawa kuwi crita kang wis kebacut
Pancen Jawa akeh slenco ing antarane urip lan urub


Nyepi
Ing endahe tipi
Dak delok lomba Da’i
Ing kono mbabar mbaka siji
Sesorah kang disuting
Lan ditonton
Sak indenging nagari

Aku dadi kelingan
Ngendikane ustad sufi
Kang mangkono kuwi
Padha wae mbangun pangilon
Kanggo nyeksekake
Lan mbenerke awake dhewe

Ora beda,
Kaya penemune Wedhatama
Yen kepengin cedhak Gusti
Iku mesthine seneng nyepi


Perdikan
Tangisku lan anakku
Nangis, nagisa sing banter le
Merga tangismu iku bisa ngredemke tangisku
Tangisku lan tangismu krasa beda

Tangismu iku minangka pambukamu ing alam donya
tangismu bakal goncangke jagade jiwaku, ngger
jiwa kang durung bisa teteg
jiwa kang durung jejeg anggone ngadeg
jiwa kang garing
ora nate dadi garang

tangisku tangise wong lanang kanggo nutup umur
umur eyangmu yang ora nate gigirik marang panase srengenge
eyangmu kang teteg kanthi krenteg kang teguh, bakuh ngadepi maneka warna prekara
kang sawayah-wayah bisa nyampluk ati lan raga.

Le, tangismu lan tangsiku iki pancen beda.
Nanging, tangismu bisa ngredem tangisku
Muga tangisku lan tangismu nyawiji
Dadi wineh kang tansah tumandur ana ing o,ah iki,
Dadiya kekarepane eyangmu
kang ora nate ndemok aluse pipimu
Ora nate mbopong 
Ora nate ngambung pipimu kang gembung
Le, tangismu lan tangisku beda


Teles
Gung liwang-liwung
toya megung
ayo ambyur
ambyur.. teles.. kebes..
mumpung udane deres
deres, kaya dhene netra
kang lagi mbrebes
netrane sapa?
yen ora netrane pakdhe tukimin
kang manggon ing gubuk
krengkat-krengket
sak-kukupan yoga lan semahe


Geguritan Kelingan Univet Bantara

Ali-ali emas
Dak lebokake ing driji
Dadi pratandha
Yen aku wis ana sing duweni

Ora ngira aku
Kelingan marang sliramu
kanca sak kampus
nalika ngangsu kawruh

biyen mlaku bareng gandengan tangan
ing gazebo padha gegojekan
Nggarap tugas, melu organisasi
runtang-runtung Tansah di lakoni

nanging kabeh kudu pisahan
nalika wisudha lulusan
sliramu bakal bali
aku ora saguh nututi
merga kahananku kang ora mumpuni

Kampus Univet bantara sukoharjo
Dadi seksi tresnaku jaman semana
Kampus Univet bantara sukoharjo
Dadi seksi thukule kembang tresna

Demikian tulisan yang sudah kami posting dalam blog kelasjawa.com ini. Semoga Geguritan Kehidupan : Kelingan Univet Bantara, Kebacut,Nyepi,Perdikan,Teles, bisa membantu dan bermanfaat bagi semua.  Diharapkan dengan membaca para siswa akan sedikit terbantu dalam materi geguritan di sekolah.


Share :

Facebook Twitter Google+
0 Komentar untuk "Geguritan Kehidupan : Kelingan Univet Bantara, Kebacut,Nyepi,Perdikan,Teles"

Back To Top