Geguritan Penulisan : Inspirasi ,Ariwarti,Guritku,Guritmu

Geguritan Penulisan : Inspirasi ,Ariwarti,Guritku,Guritmu menceritakan tentang inspirasi dalam menulis puisi. Selain itu kumpulan geguritan ini juga membahas tentang pendapat tentang menulis geguritan.

Bahasa Jawa di sekolah bisa menjadi ketakutan tersendiri bagi para siswa. Karena dalam pelajaran itu banyak sekali kata-kata atau soal yang memang susah sekali untuk di jawab atau diartikan. Untuk itu para siswa harus dididik dan mempelajari pelajaran Bahasa Jawa ini walaupun sedang di rumah. 

Untuk itu dibutuhkan metode agar anak-anak bisa dengan leluasa belajar di rumah. Dengan metode seperti ini diharapkan para siswa di sekolah tidak lagi merasa kesulitan dalam mengartikan kata bahasa Jawa maupun menjawab soal-soal dalam ulangan MID atau ulangan semesteran. Selamat mencoba.

Melalui kelasjawa.com, mari kita simak Geguritan Penulisan : Inspirasi ,Ariwarti,Guritku,Guritmu di bawah ini!


Inspirasi
Sisih tengen kopi
Sisih kiwane kacang bawang
Ing tengah-tengah
Netbuk murub kencar-kencar
Ngenteni driji mijeti aksara
Kang wus smadya
Nanging pikiran kethul  inspirasi
Kanggo mecaki lurung
Dalan tulisan kang bakal dilarung
Kopi gusis, kacang bawang amblas
Tembung mung muni sak ukara
Kuwi wae durung sampurna

Ariwarti
Dinamu mung ukara kang kandha
Ngandhani saweneh kanggo mbabar crita
Lokal, nasional utawa internasional
Iki wigati
Bisa nuwuhake greget ing jero ati
Nanging sepurane
Sakumbruk ragamu
Kang mendhem ngilmu
Numpuk ing ndhuwur meja
kapan bisa dak waca?

Guritku
Ing wengi sirep wong iki
Mung keprungu kekidungan montor   
Sesliweran War..wer..war..wer…
Aku lungguh kanthi horeg
Horeg, kaya mau awan
Nalika Pak Guruku ngendikan
“Ora mokal basa lan sastra Jawa nemoni pati,
Merga sithik generasi paneruse, 
Mintip-mintip kaya thonthor kentekan lenga.”   

Jiwa kanomanku krasa kesendhal 
Mak sengkring

Basa lan sastra Jawa kang kawentar luhur
Disangga simbah merga kebak pitutur
Endah, dadi tuntunan ora mung tontonan
Apa bakal ora keprungu maneh endahe?
Apa meksa mung gari tilase?         
                                                
Mula, Ing wengi sirep wong iki
Dak tulis geguritan sakbisaku
Kanthi paramasastra kang prasaja
Lan unggah-ungguh kang pancen ora tepa
Nanging ora dadi ngapa
Geguritan iki minangka pratandha
Yen aku uga melu ngupaya
Ngrembakane basa lan sastra Jawa              


Guritmu
Apa kabeh iki wis dadi garising langit?
Apa merga karma kang wis ora bisa dipingit?
Ing ngendi wae mung keprungu swara jejerit.
Saka jero ati kang kecenthit.
Merga ngelih apa dene ati kang kecenthit.

Manungsa kanthi rupa celeng alas
Mlaku gagah mikul brangkas
Kang isine inten, uranium lan emas
Mung jare wae, kuwi dudu nggone dhewe
Rusak, remuk, ambyar, bubrah kahanan

Apa kuwi wong waras?
Aku mung kasebut Pak Rt
Ngertine mung ngedomne raskin lan surat KTP
Ya iku amanah kang kudu dak cekel
Muga kanthi amanah

Demokrasi apa pancen kaya mangkene
Ngantem nyamplok
Apa demokrasi kudu digenti?


Terimakasih telah berkunjung ke blog kami. Semoga apa yang kami sampaikan Geguritan Penulisan : Inspirasi ,Ariwarti,Guritku,Guritmu bisa bermanfaat bagi para siswa semuanya. Jika merasa tulisan ini bermanfaat, kamu bisa share ke medsos agar teman-teman yang lainnya juga ikut kecipratan ilmunya. Salam kelasjawa.com.



Share :

Facebook Twitter Google+
0 Komentar untuk "Geguritan Penulisan : Inspirasi ,Ariwarti,Guritku,Guritmu"

Back To Top