Geguritan Sejarah

Petang Puluh Lima
Bledhek kang nyeblak kampung iki
Wus ambyar dadi cahya srengenge
Kang mijil ing sisih wetan
Katon endah lan gawe bungah

Kaya jabang bayi,
Kang kakandhut si biyung kuwi
Si biyung tetep mesem,
Sanajan sang bojo wus sirna
Dadi klasa
Kanggo nggelar swargane negara


Sewidak Lima
Apa kabeh iki,
Wis dadi garising langit?
Apa merga karma,
Kang ora bisa dipingit?
Ing ngendi wae
Mung keprungu swara jejerit
Saka jero ati kang kecenthit

Nanging sapa ngerti?
Prastawa iki mula mbukani
Crita kang wigati
Ing Nagari
Lenggahe arga Merapi


Sangang Puluh Wolu
Pak dhalang malik Kayon gapuran
Katon gambar geni mbulat-mbulat
Saking gedhene,
Banjur nglethak warung sak bakule

Geni sing maune kuning
Malih dadi maneka warna
Ana abang, ijo, biru lan ireng
Werna kuwi padha mlayu bareng
Ngoyak tipake Kingkong
Kang jare dosane
Ngluwihi mafia Hongkong


Rongewu Patbelas
Taun ngarep
Taun nyalawadi
Dadi rebutane
Para punggawa saknagari
Mbuh, apa iki sing diarani
Pepesthine Gusti?

Nanging,
Dongaku mung siji
Muga bener Pangandika
Sang Begawan Ranggawarsita

Wejange Eyang Bule
Sawijining dina
Aku meloni adicara
Tatacara uripe wong jawa
Ing jaman walanda

Ing kono kababar carita
Dolanan, dalan, klambi,
Gaweyan, lan ransportasi
Ing jaman semana
Kabeh kang rawuh
Padha ngematake kawruh

Salah sawijining pasarta grememeng
“Wah, underane topik apik tenan
Gambar utawa vidione
Nggondheli ati”

Pancen bener,
nanging
Kang dadi pitakonku
Kena ngapa paraga ing crita
Njlentrehake tatacara uripe wong jawa
Kamangka kang mbabar
Wong bule sing adoh ing paran kana?


Resiko
Kang asmuni
Mangkono jenenge asli
Gareng Sriwedari

Wengi iku dheweke ora P.Y.
Merga kasidhang kasuse
Mung kliru ndagel
Garevo kang duweni cekakan
Games of the new emerging forces(*),
Dirombak dadi Ganewul
Kang tegese segane tiwul

Aku dadi mikir
Gaweyan ndagel wae nduweni resiko
Apa maneh gaweyan salumrahe?


 * : Olimpiade panemune Pak Karno


Share :

Facebook Twitter Google+
0 Komentar untuk "Geguritan Sejarah"

Back To Top