Soal Semesteran Bahasa Jawa SMP Kelas 8 Semester Gasal


C. Pilihen salah siji jawaban kanggo soal-soal ing ngisor iki kanthi menehi tandha ping (X) ing antarane a, b, c utawa d kang koanggep paling bener!

1. Para demonstran anggone demo padha nggawa kewan. Ana sing nggawa tikus, pitik, bebek, wedhus, cecak, lan sapanunggalane. Kewan-kewan mau didadekake simbol kanggo wong-wong kang dituntut tanggung jawabe utawa didadekake “sasaran tembak”. Sing paling rame nalika presiden dipadhakake kebo.
Tumindak kreatif sarana ngece utawa madhakake manungsa nganggo simbol-simbol supaya ora banget-banget nglarani ati diarani ...
a. nyeni
b. nyemoni
c. nyepelekake
d. nyindhir

2. Nulis laporan iku kang paling penting isi laporane jujur lan kena dipertanggung jawabake, mula sajroning nulis laporan ora kena ngarang sageleme dhewe. Saliyane iku prayogane jroning nulis laporan migunakake basa ...
a. Krama
b. prasaja, efektif lan cetha
c. alus, endah lan kreatif
d. inofatif, modern lan narik kawigaten

3. Pariwara utawa iklan iku salah siji strategi pemasaran dadi paling ora kudu ... supaya konsumen weruh menawa mbutuhake barang utawa jasa mau.
a. ditawakake kabeh guna lan khasiat kang dikandhut dening prodhuke
b. mamerake kaluwihan utawa keunggulan produk
c. pinter ngomong nawakake produk
d. efektif lan gampang dimangerteni

4. Wayang Klithik iku digawe saka kayu wangun gepeng kaya wayang kulit kang nyritakake Menak Jingga saka Blambangan ngraman lan sabanjure gugur mungsuh ...
a. Raden Damarwulan
b. Parikesit
c. Panji Asmarabangun
d. Prabu Jayabaya

5. Lakon kreasi anyar ing wayang purwa, kang ora njupuk saka babon crita nanging paragane isih nggunakake paraga crita Ramayana utawa Mahabarata disebut lakon ...
a. carangan
b. kreatif
c. beber
d. kreasi baru

6. Bebasan ... menawa isih pilih asih, marang siji lan liyane ora padha pangrengkuhe.
a. sedhakep ngawe-awe
b. emban cindhe emban siladan
c. greget-greget sedhah
d. nyempal sambi mancal

7. “Satru mungguwing cangklakan”. Tembung garba ing paribasan ngarep yaiku ...

a. mu=suh

b. mu=gWi=

c. st(

d. c=kLkKn\

8. Paribasan kang tegese padha karo “Satru munggwing cangklakan” yaiku ...
a. Ancik-ancik pucuking eri
b. Dudu beras ditakerake
c. Dom sumurup ing banyu
d. jirak pindha munggwing wana
9. Londho-londho ... nggendhong ...

a. ke[bo  ,  [bo[jo

b. [bo[jo , ke[bo

c. wl=szit\  ke[bo

d. me[nQo[lo , ke[bo



10. ?r[wr[wrnTsMl=ml= ... .

a. tunTs\

b. wutuh

c. putu=

d. muju/

11. Pasangan ... menawa oleh sandhangan suku, cakra, keret utawa pengkal wujude bali wutuh
a. Ha, Sa, Pa
b. Ra, Ga, Ya
c. La, Ra
d. Ka, Ta, La

12. Kumbakarna gugur ketaman pusakane Ramawijaya amarga netepi darmaning satriya kang kudu bela negara dudu amarga mbela utawa mbenerake tumindake Prabu Dasamuka kang ora dadi tanggung jawabe. Pusakane Ramawijaya arane ...
a. cakra baskara
b. guwawijaya
c. kuntawijaya
d. pasopati

13. Panembahan senopati ing ngalaga iku tansah amemangun karyenak tyasing sesama. Tembung karyenak iku asale saka tembung ...
a. kari
b. karya
c. karya anak
d. karya enak

14. Paugeran tembang Asmaradana gatra kaping telu yaiku ...
a. 8/e
b. 8/a
c. 8/i
d. 8/u

15. Cacahing gatra saben sapada tembang iku diarani ...
a. guru lagu
b. guru gatra
c. guru wilangan
d. pupuh

16. Titilaras iku ana rong jinis yaiku ...
a. wantah kaliyan entar/pepindhan
b. diatonis kaliyan pentatonis
c. slendro kaliyan pelog
d. tradhisional lan modern

17. Aja diarep-arep seni tradhisi bisa ... yen proses kreatif kanggo nglestarekake mung omongan kang diomongake thok
a. maju
b. ilang
c. lestari
d. modern

18. Para leluhur iku nyata kreatif buktine sok migunakake bebasan kanggo ngati-ati njaga pangucap supaya tetep santun. Salah sijine awujud bebasan kang unine, “Nglumpukake ... pisah”.
a. buntut
b. kanca.
c. balung
d. sedulur

19. Sarupaning tembung kang nerangake sawijining pakaryan/pagawean diarani ...
a. tembung pakon
b. tembung kriya
c. tembung tandang
d. tembung tanduk

20. Tembung tetuku lan bebarengan iku tulisan Jawane ...

a. tetuku,bebr_zn\

b. tetuku, bebx=zn\

c. tutuku,bbx=zn\

d. tetuku,sesr_zn\

21. Wong kang ora mudhengan iku kena diparibasakake

? ... kyke[bo. ?

a. aj

b. [pLomP=[pLo[mP=o

c. [pLoz[pLo[zo

d. [pLozh[pLo[zoh

22.  ? Tandha ing ngarep iku kanggo tenger ...
a. pada wiwitan pupuh dhisik dhewe
b. wiwitan pupuh
c. wiwitan pada
d. tamat

23. ? jujulu[kKjkt=kirswi[sffisulTn Yaiku ... .

a. sulTnHgu=

b. sulTnHm=kurt\

c. sulTnPkubuwn

d. sulTnHfiwijy

24. Sajroning nyekel paprentahanan, K.G..P.A.A. Mangkunagara IV ngadegake pabrik gula ing
a. Surakarta lan Ngayogyakarta
b. Sragen lan Klathen
c. Pracimaharja lan Pracimantara
d. Colomadu lan Tasikmadu

25.       gb rahwana     gambar paraga kasebut ratu saka negara ...
a. Ngalengka
b. Panglebur Gangsa
c. Ngastina
d. Maespati

D. Isenana cecek-cecek ing ngisor iki kanthi pratitis!
1. Kudu dieling-eling menawa gawe iklan iku kudu wani ... marang apa kang dikandhakake.
2. Nalika tanggal 7 November 2003, wayang oleh sertifikat “World Master Piece of Oral and Intangible Heritage of Humanity” saka ...
3. Ana kang duwe panemu maca geguritan iku kudu nganggo wiraga, wirama lan wirasa. Tembung wiraga iku meh padha karepe karo istilah teknik maca geguritan yaiku ...
4. Polatan rai jumbuh/cocok karo rasa kang dikarepake geguritan, diarani ...
5. Wong jejodhoan ora nganggo tata cara salumrahe wong, ora perlu menyang naiban (petugas sing nyathet perkara nikah) diarani ...
6. Wayange saka kulit nyritakake Parikesit nganti teka prabu Jayabaya ing kraton Kedhiri, diarani ...
7. Dadining wong, yaiku dadi apik, lurus, tanggung jawab utawa dadi ala, sengsara, rekasa kawiwitan saka mangsa tembang ...

8. ?ai=z/ssu=tulad,ai=mf-  ...

9. Tandha        ?         iku digunakake ana ...
10. Tulisan aksara Jawa kanggo ukara “Boten namung setunggal” kang bener yaiku ...



E. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi Pratitis!
1. Aranana jinising tembang Macapat kang koweruhi!
2. Sebutna 5 tuladha jinis lakon carangan!
3. Sebutna jinis-jinising tembung ing basa Jawa!
4. Sebutna istilah-istilah teknik maca geguritan!
5. Ukara ing ngisor iki tulisen nganggo aksara Jawa:
a. ora ana padhang tanpa ana peteng.
b. lelakon sing wis kelakon dadia pengilon.
c. gumolonging tekad marganing kasembadan.
d. Samangsaning pasamuan gonyak-ganyuk nglelingsemi.

Kunci Semester
A.    Pilihan Ganda
1.     b.    nyemoni
2.     b.    prasaja, efektif lan cetha
3.     b.    mamerake kaluwihan utawa keunggulan produk
4.     a.    Raden Damarwulan
5.     a.    carangan
6.     b.    emban cindhe emban siladan
7.     b.    mu=gWi=
8.     c.    Dom sumurup ing banyu
9.     c.    wl=szit\  ke[bo
10.   c.    putu=
11.   d.    Ka, Ta, La
12.   b.    guwawijaya
13.   d.    karya enak
14.   a.    8/e
15.   b.    guru gatra
16.   c.    slendro kaliyan pelog
17.   c.    lestari
18.   c.    balung
19.   b.    tembung kriya
20.   c.    tutuku,bbx=zn\
21.   c.    [pLoz[pLo[zo
22.   d.    tamat
23.   d.    sulTnHfiwijy
24.   d.    Colomadu lan Tasikmadu
25.   a.    Ngalengka

B.    Isian
1.     tanggung jawab
2.     UNESCO
3.     gesture
4.     mimik
5.     kumpul kebo
6.     Wayang madya
7.     Asmaradana
8.     mzunK/s
9.     wiwitaning pada pupuh dhisik dhewe
10.   [botenNmu=stu=gl\

C.    Uraian
1.     Mijil, Maskumambang, Kinanthi, Sinom, Asmaradana, Dhandhang gula, Gambuh, Durma, Pangkur, Megatruh, Pocung

2.     Wahyu Makutharama, Wahyu Cakraningrat, Wahyu Tohjali, Semar Mbangun Kayangan, Semar Boyong, Petruk Dadi Ratu, Gathutkaca Rajah, Rama Nitis, lsp

3.     tembung kriya, tembung aran, tembung kahanan, tembung sesulih, tembung wilangan, tembung katrangan, tembung panyeru, tembung panggandheng, tembung panyambung

4.     Lafal       : Ngucapake tembung kanthi trep, cetha utawa ora pelo.
        Intonasi : Cendhek dhuwuring pangucap.
        Irama     : Cepet alone ngucapake tembung.
        Gestur   : Obahing awak manut swasana sing dikare               pake geguritan.
        Mimik     : Polatan rai jumbuh/cocok karo rasa kang dikarepake geguritan.

5.     a.    ?[aoranpd=tnPanpet_.

        b.    ?ll[konSi=wisKl[konffiy

           pzi[lon\, 

        c.    ?gu[mo[l=ozi=[tkfM/gni=

               ksemBfn\,  

        d.    ?sm=sni=Npsmuw[ngovkG

               vukH=zLili-semMi.

.



Share :

Facebook Twitter Google+
0 Komentar untuk "Soal Semesteran Bahasa Jawa SMP Kelas 8 Semester Gasal"

Back To Top