Kumpulan Geguritan budaya dan Wayang:kebiri, Limbuk lan Cangik, Bethara Guru,Sarpakenaka,Sengkuni

Kumpulan Geguritan budhaya dan Wayang:kebiri, Limbuk lan Cangik, Bethara Guru,Sarpakenaka,Sengkuni adalah kumpulan kecil geguritan yang menceritakan tentang lima tikoh wayang dalam dunia politik kita.

Tidak heran, banyak penyair yang mengekspresikan tokoh wayang sebagaimana sifat yang dilakukan oleh para tokoh politik.  Semisal wong cilik atau rakyat kecil pasti akan dekat dengan tokoh limbuk atau cangik. Dimana kedua tokoh ini adalah seorang ibu dan anak.

Kemudian geguritan dengan judul kebiri akan menceritakan keadaan jaman sekarang, yang banyak orang yang tidak mau memakai adat Jawa.

Langsung saja, melalui kelas.com ini akan kami sampaikan geguritan budhaya dan wayang di bawah ini.

Limbuk Lan Cangik
Nduk, kahanan sansaya ndadi
Ora selak Baratayudha bakal pecah
Mak pyar, belinge nancep ing batin
Perih           
Kaya wewengkon tilase mataram kae
Para punggawa nyangking gambar, uga bedhil
Ing ngarep salaman
Ing mburi nyanthet
Aja selak, Nduk!
Delengen kanthi jiwa kang tumata
Rasa kang sejati
Ayo, diparani!
Sanajan simbok lan gendhuk mung kaitung angka
Dudu manungsa


Bethara Guru
Lembu andini
Lembu kang suci
Dadi tumpakan ingsun
Ing duwur kayangan
Lan mudhun ing bumi
Kayanganku disangga para kawula
Dijunjung minangka luhur
Lan sinandhiku dadi pitutur
Kang wajib ditetepi
Lembu andini sing dak tumpaki
Dumadakan mati dibrakot singa
Titisan para dewa manca
Kang njilma dadi dewane nagara


Sarpakenaka
Wandaku awon
Tumindakku angkara
Kaya kangmasku Dasamuka
Nanging aku bisa njilma
Dadi putri solo  
Utawa putri Indonesia
Ayu moblong-moblong
Jumeneng kanthi unggah-ungguh
Uga ngabekti marang sapada-pada  


Sengkuni
Kojuring kojur
Duwe lakon ora tau mujur
sakjeg jumblek nemplek kelir
Kadhapuk paraga kenthir
Ingsun iki Patih ora godag nglabur
Malah agawe ajur mumur
Ing Negara sebrang
Ingsung dadi kawentar
Pendhak dina mlebu Koran
Merga kasebut ing pamarintahan  


Kebiri?
Gondhal-gandhul kupat saben kori
Apa maneh yen diberek digrujug jangan gori
Dipangan bareng kumpul kulawarga kakung lan estri
Tradhisi mangkene aja nganti keri
Merga klebu kabudayan kang kudu diuri-uri
Nanging emane saiki akeh kang padha srei
Jare yen weruh kadya kahanan kang ngeri
Rasa atine prasasat ketuncep eri
Oalah padha enggala mari
apa ya klakon tradisi mangkene uga dikebiri?


5 geguritan bertema wayang dan budaya diatas adalah karya pengelola blog sendiri. untuk diketahui saja tiga geguritan diatas pernah dimuat dalam surat kabar Jagad Jawa di Solo.

Melalui Kumpulan Geguritan budhaya dan Wayang:kebiri, Limbuk lan Cangik, Bethara Guru,Sarpakenaka,Sengkuni kini kita menjadi mengetahui bahwa dunia politik kita memang terlalu dekat dengan tokoh wayang yang selama ini kita ketahui.


Demikian dari kelasjawa.com, semoga bisa bermanfaat bagi kita semua. 

Share :

Facebook Twitter Google+
0 Komentar untuk "Kumpulan Geguritan budaya dan Wayang:kebiri, Limbuk lan Cangik, Bethara Guru,Sarpakenaka,Sengkuni"

Back To Top