Kumpulan geguritan percintaan : Ana Tresna ing HMJ Basa Jawa, Muput ,Ali-ali,Tresna ra candhak,Lawang Gedhek,Janji,Seragam Keki,Lila,Mendhung,WayahWengi,Tresnaku.

Kumpulan geguritan percintaan : Ana Tresna ing HMJ Basa Jawa, Muput ,Ali-ali,Tresna ra candhak,Lawang Gedhek,Janji,Seragam Keki,Lila,Mendhung,WayahWengi,Tresnaku akan mengantarkan kita kepada hal yang sering dinikmati oleh hampir semua manusia di muka bumi.

Bagaimana tidak, setiap orang akan megnalami percintaan sesama manusia yang berbeda kelamin. Dari percintaan tersebut, muncul dalam berbagai acara, tulisan, video dan banyak film.

Banyak sekali lagu-lagu yang menceritakan tentang cinta. Begitu juga dengan yang lain semical, sinetron, film layar lebar, puisi, maupun dalam geguritan.

Kelasjawa.com melalui postingan ini juga akan mempersembahkan geguritan percintaan untuk sobat semua. Mari kita baca dengan seksama.

Ana Tresna ing HMJ Basa Jawa
Ing kampus iki, Dhik
Nate awake dhewe macaki
dawane lurung wektu
jembare lambe nalika geguyu
kesipat sedhih adoh luh 
kadya kuthuk kang lagi wae netes
katon sigrak sumringah nglakoni urip

Ing kampus iki, Dhik
Nate awake dhewe nyebur bareng
Ing sawijining paguyuban kampus
HMJ Basa Jawa
Kang dadi seksi tekan saiki
Reka-reka melu nguri-nguri kabudhayan
Kareban ngudi ngilmu dadi wulangan

Ing kampus iki, Dhik
Aku mampir sedhela
Nyawang sesawangan kang kebak wewayanganmu
Wus ora katon ragamu mak klebat
Sirna marga sliramu bali ing papan lairmu
Krasa sepi nadyan
rame ing ngendi-endi dalan

Ing kampus iki, Dhik
Sliramu teka lan lunga
Atiku kang nandhang keranta


Muput
Setaun muput,
Aku nyawang slirane
Sanajan mung katon bleger
Katutup buri geger
Nanging praupan lan rambut
Katon mloho saka fesbuk

Setaun iki uga,
Komputerku thukul gegodhongan
Pentil lan Kembang mekrok seger
Ngebakki papan twitter
Ukarane ngoceh ngganter
Ngluwihi manuk kacer

Wus dak sangka,
Yen aku lan slirane beda
Bab rembug utawa prekara
Nanging ora dadi ngapa,
Mbok menawa beda bisa nyawiji
Kaya dhene sambel marang gereh teri

Priya sampurna,
Gagah nyandhing wanita
Ing angete dhampar kencana
Dadi wewujudan kang blaka
Merga ngucap unege tresna

Dak tapok cangkemku,
Iki kasunyatan
Ora mung manise geguritan

Keyboardku dak pijet,
aksaraku nembung
“Nimas,
 Apa gelem padaranmu dak silih,
kanggo nandhur winih
tresna,
kang wus suwe dak sapih?”


Ali-ali
Kerana wujud kang mulya,
Aji kang larang
Dadi ajine para kang nyandhang

Wayahe,
Driji manis ngerong
Ing ragamu kang bolong
Nanging kayane
Guwamu wus buntet
Katutup ijone suket

Ali-ali..
Tembung dwi lingga semu
Pancen pasemonmu
Gawe kisruhe padinanku

Oo... ali-ali,
Sliramu tetep mabur
Dhuwur
Dak oyak
Kepara Swiwiku ceklek,
Netraku blawur


Tresna ra candhak
Jeng,
cagak iki Isih jejeg
nyangga dhempel sak kancane
sanajan para rayap
nglethak siji mbaka siji
dadi grajen

semana uga
apa kang kependhem
sajroning rasa iki
panggah netepi setya
sanajan nate gigrik
kesampluk angin


Lawang Gedhek
Lawang gedhek iki bisa nutup wengi
Nanging ora bisa nutup babad
Crita kang wus nglegendha
Ing antarane aku lan sliramu

Biyen nalika ragamu teka
Nyawang kahanan kang ora ngira
Katon parasmu ngandhut sewu ukara

lawang gedhek banjur kok tutup
Kairing tresnamu kang sansaya angslup
                                                            

Janji
Diajeng,
kangmas njaluk pangapura
Ora kuwawa netepi janji

Janji kang biyen tansah kok ugemi
Janji kang nate mecaki lurung
Dhusun pinggir gunung

Merga kangmas isih dadi joko kluntrung
Durung bisa dadi juragan kang misuwur

Seragam Keki
Beninge pedhut ing wayah subuh
Isih bening tresna kang dak rengkuh
Campuh nyawiji ing ati
Kaya-kayaa wus ketalen pati
Tan bisa diudhari

Nanging,
Tresnamu malah sansaya luntur
Kesaput angin wengi
Bebarengan karo gludhuke guntur

Nalika netraku mangerteni
Sliramu kepengin priyayi
Sing nduweni seragam keki


Lila
Kinira uripku bakal ketekan pati
Aku lila
Kinira dalanku wus cuthel
Kepedhot pesthi
Aku uga lila

Lilaku nampa antebing gunung
Kang jugrug saka lathimu
Nemahi watu-krikil abang
Prasasat arit kang tembe dipandhe

Aku tan bakal oncat, cah ayu...
Amung madhep mantep
Netebi cuilan ati
Kang tansah nglangut rina wengi
Merga nunggu...
piwales tembungmu.


Geguritan dening Maryati
Mendhung WayahWengi
Kandeling mendhung ing awang-awang
Nutupi endhahe rembulan lan lintang
Kandeling peteng ing ngarep
Nutupi jagading pangarep

Wengi kang mung sakeclapan
Anggawa gumuruh angin
Kang gawe gorehe ati

Ing gawang-gawang kana
Sakeclapan uga
Sliramu tansah ngaton
Kaya dhene mendhung
Kang gawe lakonku kesandhung

Tresnaku
Kelingan sliramu ing kana
Tansah gawe atiku kelara-lara
Yen eling guneme janjimu
Atiku tambah nelangsa

Dhuh.. cah bagus
Playumu kang kesendhal mayang
Mak plencing ninggal crita kasmaran
Pratandha kasetyanmu mung emban cindhe
Manise madu mung dadi kembange lambe

Luh ing pipi
Aja nganti mili
Aku kudu kuwat nglakoni
Napaki lakon nggujengi pesthi
Tekan mengko dak temokake
Tresna kang sejati ...

Ternyata banyak sekali masalah yang dihadapi insan manusia dalam percintaan ya? Kadang susah, kadang senang atau bahagia. Tentunya cinta itu adalah salah satu episode yang wajib ditempuh oleh setiap manusia untuk menuju kedewaasaan.

Demikian lah persembahan dari kelasjawa.com, dengan judul Kumpulan geguritan percintaan : Ana Tresna ing HMJ Basa Jawa, Muput ,Ali-ali,Tresna ra candhak,Lawang Gedhek,Janji,Seragam Keki,Lila,Mendhung,WayahWengi,Tresnaku. Semoga dengana dayan geguritan ini bisa menambah wawasan kita dalam dunia geguritan.













Share :

Facebook Twitter Google+
0 Komentar untuk "Kumpulan geguritan percintaan : Ana Tresna ing HMJ Basa Jawa, Muput ,Ali-ali,Tresna ra candhak,Lawang Gedhek,Janji,Seragam Keki,Lila,Mendhung,WayahWengi,Tresnaku."

Back To Top