Latihan Soal Basa Jawa Kelas 6/2 (Kompetensi 2)


A.  Wacanen Kanthi Premati!
Upacara Adat ing Jawa Tengah
“Desa mawa cara, negara mawa tata”. Unen-unen iku pancen wis trep dienggo, awit pancen wong Jawa iku wiwit saka Jawa sisih wetan nganti tumeka ing Jawa sisih kulon, tansah ngleluri adat lan tata carane sing ditindakake nganti saiki. Dene ing Jawa Tengah dhewe wis lumrah yen adat lan tata carane kanggo nglairake rasa panuwun marang Gusti Allah, nganakake slametan. Dene tata carane, sawise ambenge kenduren didongani, ana sing banjur dirahapi bebarengan, umpamane ing upacara adat bersih desa. Nanging yen upacara adat liyane umpamane syukuran, bancakan, slametan wong mati, lan sapiturute, sawise didongani lumrahe brekate banjur digawa mulih menyang omahe dhewe-dhewe.
Wong urip iku, wiwit saka lair tumeka mati ngalami owah gingsir.  Owah-owahan iku kadhang kala uga ana sandhungane, alangane, apese, godha, lan sapiturute. Mula iku kudu ngreti sarat sarana sing bakal ditindakake, upamane:
a.   upacara sajrone ana kandhutan;
b.   upacara lairing jabang bayi;
c.   upacara ngancik diwasa;
d.   upacara dhauping penganten;
e.   upacara tumbuk yuswa;
f.    upacara kasripahan.

Ana ing upacara kasripahan, sanajan wis mati, ngajal, utawa tilar donya, wong sing mati isih tetep digatekake lan dislameti dening kulawargane. Dene urutane mangkene:
a.   surtanah : slametan sing dianakake bareng jenazah disarekake
b.   nelung dina  : slametan sawise tinggal donya ing telung dina;
c.   mitung dina : slametan sawise geblage ganep pitung dina;
d.   matang puluh dina : slametan sawise geblage ganep patang puluh dina;
e.   nyatus dina : slametan sawise geblage ganep satus dina;
f.    mendhak pisan : slametan sawise  geblage ganep setahun;
g.   mendhak pindho : slametan sawise geblage ganep rong taun;
h.   nyewu dina : slametan sawise geblage ganep sewu dina.
(Kapethik saking Wursita Basa 6)
1.   Kena ngapa upacara slametan iku ditindakake?
Wangsulan:     
Kanggo ngalairake panuwun marang Gusti
2.   Aranana jinis slametan liyane kang isih ditindakake dening masarakat Jawa!
Wangsulan:     
Tingkeban, sadranan, selapanan, nyepasar, lan sapanunggalane.
3.   Apa tegese unen-unen “Desa mawa cara, negara mawa tata”?
Wangsulan:
Saben daherah kuwi nduweni adat dhewe-dhewe.
4.   Sebutna jinise slametan kang ditindakake pawongan kanggo nylameti wong kang wis ngajal/mati!
Wangsulan:     
Surtanah, nelung dina, mitung dina, matang puluh dina, nyatus dina, mendhak pisan, mendhak pindho, nyewu dina.
5.   Kepriye tata carane slametan kang ditindakake?
Wangsulan:   
Ditindakake marang adate dhewe-dhewe

Kembali ke Daftar isi Soal, Kunci, Materi Basa Jawa SD, SMP, SMA/SMK

1.   Saderengipun monggo tansah ngunjuk-aken puja lan puji syukur dhumateng Gusti ingkang Moho Kuaos ingkang taksih paring kesehatan, kasarasan, napa dene kesempatan dhumateng kula panjenengan sedaya.
      Prethelan pidhato ing dhuwur diarani ....
a.   pambuka               c.   isi
b.   panutup                d.   gumujengan
Wangsulan :  (a)

2.   Bapak-bapak kerja bakti ngusungi wedhi saka kali kanggo urug dalan.
      Tembung kerja bakti istilahe ... gunung.
a.   gugur                    c.   ngrubuhake
b.   janur                     d.   ngrangsang
Wangsulan :  (a)             

3.   Slametan yen mbobot umur 7 sasi neng kandutan yaiku ....
a.   Sepasaran             c.   Ngidak siti
b.   Mitoni                   d.   Siraman
Wangsulan :  (b)

4.   Wujud urip rukun ing masarakat, tuladhane ....
a.   layat                      c.   plesiran
b.   dodolan                 d.   buruh
Wangsulan :  (a)

5.   Slametan bareng-bareng nyuwun keslametan ana ing desa sing dianakake saben tahun sepisan yaiku ....
a.   Besik                      c.   Syukuran
b.   Bersih desa            d.   Mahargyan
Wangsulan :  (b)

6.   septuk[rosnDlHb=
      Tulisan ing dhuwur kawaca ....
a.   sepatu karo sandhal abang
b.   sandhal karo sepatu abang
c.   sepatu sandhal karo abang
d.   sandhal sepatu karo abang
Wangsulan :  (a)

7.   Matur medharake uneg-uneg, pengu-muman, apa dene sesrepan ngilmu ing sangarepe wong akeh diarani ....
a.   kethoprak             c.   sesorah
b.   ndhalang              d.   nembang
Wangsulan :  (c)

8.   Aksara Jawa iku cacahe ana ....
a.   10                          c.   28
b.   20                          d.   30
Wangsulan :  (b)

9.   Cirine basa layang sing becik yaiku ....
a.   baku                      c.   endah
b.   runtut                    d.   gampang ditampa
Wangsulan :  (a)

10. Sesambungan kulawarga antarane kowe karo putrane budhemu arane ....
a.   ponakan                c.   nakdulur
b.   misan                    d.   putu
Wangsulan :  (c)

11. Ireng-ireng kulit keong, padha seneng ....
      Tembung kang trep kanggo ngganepi parikan ing dhuwur yaiku ....
a.   nyambut gawe
b.   gugur gunung
c.   gotong royong
d.   kerja bakti
Wangsulan :  (c)

12. Tawon madu ngisep sekar, dadi guru kudu ....
      Tembung kang trep kanggo ngganepi parikan ing dhuwur yaiku ....
a.   galak                     c.   telaten
b.   sabar                     d.   pinter
Wangsulan :  (b)

13. Ing ngisor iki sing kalebu jinis tembang macapat yaiku ....
a.   maskumambang
b.   menthog-menthog
c.   jamuran
d.   gundhul pacul
Wangsulan :  (a)

14. Tembang macapat iku cacahe ....
a.   10                          c.   12
b.   11                          d.   13
Wangsulan :  (b)

15. Ngenteni ing prapatan.
      Ukara ing dhuwur menawa katulis kanthi aksara Jawa sing bener yaiku ....
a.   septuk[rosnDlHb=

b.   [z[nTniai=p]ptn\

c.   z[nTnianp]ptn\

d.   ze[nTniai=p]ptn\

Wangsulan :  (d)

16. Ing kampung, pamong sing kajibah urusan bab kepaten lan mantenan yaiku ....
a.   carik                      c.   bayan
b.   ulu-ulu                  d.   modin
Wangsulan :  (d)

17. Pos rondha saliyane kanggo piket njaga keamanan lingkungan uga kanggo ....
a.   nampa tamu nginep
b.   papan ngumpule bocah nom-noman
c.   ngraketake seduluran para warga
d.   ngeyup yen kepanasen lan kodanan
Wangsulan :  (c)

18. Organisasi kemasarakatan  paling ngisor dhewe yaiku ...
a.   Rukun Tetangga   c.   Dasa Wisma
b.   Rukun Warga       d.   koperasi
Wangsulan :  (a)

19. Saben selapan dina, RT 03 RW 02 nganakake kumpulan RT.
      Etungan selapan dina padha karo ... dina.
a.   25                          c.   35
b.   30                          d.   40
Wangsulan :  (c)   
          
20. Masarakat kang uripe cedhak segara umume nyambut gawe dadi ....
a.   petani                    c.   nelayan
b.   pedagang              d.   guru
Wangsulan :  (c)

21.  Wong sing nduwe keprigelan mono prayogane disukuri kanthi dikembangake lan dimupangatke.
       Tembung kang katulis kandel ing ukara kasebut memper tegese karo....
a.    becike                c.    tujune
b.    karepe               d.   lumrahe
Wangsulan:
a.

22.  Sutarno saben mangkat sekolah mesthi telat.
Tanggepan kang pas yaiku ....
a.    Sutarno bocah bodho senenge telat.
b.    Sutarno keset tangi esuk dadine telat.
c.    Sutarno bocah kendel wani telat.
d.    Sutarno perlu diconto amarga wani telat.
         Wangsulan:
b.

23.  (1) Arin tangi saka paturone.
       (2) Sabanjure, Arin adus.
       (3) Bel muni nuduhake tabuh 05.00 WIB.
       (4) Arin nglempit kemul lan nata kasure.
       (5) Arin sarapan.
       Urutan tembung-tembung ing dhuwur kang bener yaiku ....
a.    (1), (2), (3), (4), (5)
b.    (1), (3), (4), (2), (5)
c.    (3), (1), (4), (2), (5)
d.    (3), (1), (2), (5), (4)
Wangsulan:
c. 

24.  (1)  Prunggu-prunggu digembleng.
       (2) Prunggu dibentuk dadi wujud gamelan.
       (3)  Prunggu-prunggu dicor.
       Urutane gawe gamelan kang bener yaiku....
a.    (1), (2), (3)         c.    (3), (1), (2)
b.    (3), (2), (1)         d.   (2), (1), (3)
Wangsulan:
c. 
25.  iku-sabetane-merga-kondhang-dhalang
       Ukara kang runtut kanggo tembung-tembung ing dhuwur yaiku ....
a.    Merga kondhang dhalang iku sabetane.
b.    Sabetane iku kondhang merga dhalang.
c.    Dhalang iku kondhang merga sabetane.
d.    Dhalang iku merga kondhang sabetane.
Wangsulan:
c. 
26.  mculswh  diwaca ….
a.    lemah garing
b.    wakul glimpang
c.    macul sawah
d.    mangan jagung
Wangsulan: c.
27.  Tembung “sekolah” menawa ditulis Jawa, aksara la diwenehi ....
a.    cakra                 c.    cecak
b.    layar                  d.   wignyan
Wangsulan: d.
28.  Arjuna iku Pandhawa kang angka ....
a.    siji                  c.    telu
b.    [lo[ro          d.   ppt\
Wangsulan: c.
29.   ngombe kopi, yen ditulis nganggo aksara Jawa ....
a.    [zo[mBij[a
b.    [zom[b[kopi
c.    [zomeB[kopi   
d.    [zo[mB[kopi 
Wangsulan: d.
30.  Nonton balapan karung.
       Ukara ing dhuwur yen disalin nganggo aksara Jawa dadi ....
a.    [no[nTonBlpnKru=     
c.    [no[nTonBlpnKruz\ 
b.    [non[tonBlpnKru=             
d.    [no[nTon\blpnKru=
Wangsulan: a.



D.  Parikan ing ngisor iki golekana tutugane ana ing sisihe!
1.   Wajik klethik gula Jawa, luwih becik sing                    (________)                  a.         tuwa
2.   Sriwedari tengah prenahe, angger janji arang                         (________)                  b.         wani
3.   Wedang bubuk tanpa gula, aja sok ngantuk gelis       (________)                  c.         pinter
4.   Anak lutung jare kowe, bareng bingung gelem           (________)                  d.         ngibul
5.   Kali praga mili ngidul, kabeh kandha ora                    (________)                  e.         nyatane
6.   Manuk tuhu mencok pager, yen sinau dadi                 (________)                  f.          turu
7.   Abang-abang ora legi, tiwas nantang ora                    (________)                  g.         mrene
8.   Jaran kepang mangan pari, klambi abang merak        (________)                  h.         becik
9.   Anak dara jare piyik, seneng nangga ora                     (________)                  i.          ati
10. Wedang bubuk gula tebu, mata ngantuk njaluk          (________)                  j.          prasaja
Wangsulan :
1-j, 2- e, 3-a, 4-g, 5-d, 6-c, 7-b, 8-i, 9-h, 10-f

E.   Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi pratitis!
1.   Sebutna uba rampene teater!
Wangsulan:   
Kreativitas siswa
2.   Gaweya tuladhane parikan!
Wangsulan:   
Klapa sawit, wite dhuwur wohe alit. Isih murid aja seneng keceh dhuwit.
Kembang menur, sinebar den awur – awur. Yen wis makmur, aja lali mring sedulur.
3.   Apa sing diarani kalawarti?
Wangsulan:   
Yaiku majalah kang penerbitane kang manut wektu tartamtu (seminggu, dwi minggu, wulanan) kang isine maneka warta tulisan utawa gambar.
4.   Apa sing diarani ariwarti?
Wangsulan:   
Yaiku iklan.
5.   Ukara iki tulisen nganggo aksara Jawa!
a.   Seneng maca buku.
b.   Sregep sinau ben maju sekolahe.
Wangsulan: 

se ne= m c bu ku
s} gepSi n au [bnM ju se [ko lh ae


Perbaikan
Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki nganggo tembung kang mathuk!
1.   Layang iku tinulis kanthi basa kang ....
Wangsulan;
baku
2.   Suwe ora jamu, jamu godhong tela, suwe ora ketemu, ....
Wangsulan :
temu pisan gawe gela
3.   [ronDbezi Tulisan iki kawaca ....   
Wangsulan :
rondha bengi
4.   Sistem keamanan kang ana desa kerep diarani ....
Wangsulan :
poskamling
5.   Ekspresi utawa obahing rai nalika mragakake drama diarani ....
Wangsulan :
ekpresi
6.   Para kadang tani gawe ... kanggo nyuburake lemah.
      Tembung kang trep kanggo ngganepi ukara ing dhuwur yaiku ....
Wangsulan :
rabuk
7.   Supaya tentrem uripe, saben warga kudu tansah .... ora padu wae.
Wangsulan :
rukun
8.   Hansip iku cekakan saka ....
Wangsulan :
pertahanan sipil
9.   Basa kang digunakake ing geguritan yaiku basa kang ....     
Wangsulan :
endah
10. Wong kang nulis geguritan iku diarani ....
Wangsulan : panggurit

Kembali ke Daftar isi Soal, Kunci, Materi Basa Jawa SD, SMP, SMA/SMK


Share :

Facebook Twitter Google+
0 Komentar untuk "Latihan Soal Basa Jawa Kelas 6/2 (Kompetensi 2)"

Back To Top