Standar kompetensi:
1. Mampu mendengarkan dan memahami ragam wacana lisan tentang cerita tradisi setempat dan tembang macapat.
2. Mampu mengemukakan perasaan dan gagasan secara lisan tentang peristiwa tertentu dan cerita tokoh wayang dengan bahasa yang santun.
3. Mampu membaca dan memahami teks sastra dan membaca kalimat sederhana berhuruf Jawa.
4. Mampu menulis karangan dalam berbagai ragam bahasa Jawa sesuai unggah ungguh dan menulis huruf Jawa.
kompetensi dasar:
1.2 Mendengar tembang pocung.
2.1 Melakukan percakapan menggunakan ragam bahasa tertentu.
3.2 Membaca indah, misalnya geguritan.
4.2 Menulis kalimat sederhana berhuruf Jawa nglegena.
A. Nyemak:
1. Tembang Macapat
Ngrungokake Tembang Pocung
Tembang macapat iku cacahe ana 11, yaiku:
1. Maskumambang 5. Mijil 9. Asmarandana
2. Pocung 6. Kinanthi 10. Sinom
3. Gambuh 7. Durma 11. Dhandhanggula
4. Megatruh 8. Pangkur
Tembung macapat mau kaiket dening paugeran-paugeran kayata guru gatra, guru lagu lan guru wilangan.
1. Guru gatra: cacahing gatra (larik) saben sapada (bait).
2. Guru wilangan: cacahing wanda (suku kata) saben sagatra.
3. Guru lagu: tibaning swara a, i, u, e, o ing pungkasaning gatra (larik)
Dene paugeran kasebut kaya kang ana ing tabel ngisor iki :
No.
|
Tembang
|
Guru gatra
|
Guru wilangan
| |||||||||
1.
|
Pocung
|
4
|
12u
|
6a
|
8i
|
12a
| ||||||
2.
|
Maskumambang
|
4
|
12i
|
6a
|
8i
|
8a
| ||||||
3.
|
Megatruh
|
5
|
7u
|
8i
|
8u
|
8i
|
8o
| |||||
4.
|
Gambuh
|
5
|
7u
|
10u
|
12i
|
8u
|
8o
| |||||
5.
|
Mijil
|
6
|
10i
|
6o
|
10e
|
10i
|
6i
|
6u
| ||||
6.
|
Kinanthi
|
6
|
8u
|
8i
|
8a
|
8i
|
8a
|
8i
| ||||
7.
|
Asmaradana
|
7
|
8i
|
8a
|
8o
|
8a
|
7a
|
8u
|
8a
| |||
8.
|
Pangkur
|
7
|
8a
|
11i
|
8u
|
7a
|
12u
|
8a
|
8i
| |||
9.
|
Durma
|
7
|
12a
|
7i
|
6a
|
7a
|
8i
|
5a
|
7i
| |||
10.
|
Sinom
|
9
|
8a
|
8i
|
8a
|
8i
|
7i
|
8u
|
7a
|
8i
|
12a
| |
11.
|
Dhandhanggula
|
10
|
10i
|
10a
|
8e
|
7u
|
9i
|
7a
|
6u
|
8a
|
12i
|
7a
|
2. Ngrungokake Tembang Pocung
Semaken tembang kang arep ditembangake dening gurumu ing ngisor iki!
Pocung
Ngelmu iku kelalone kanthi laku (12u)
Lekase lawan kas (6a)
Tegese kas nyantosani (8i)
Setya budya pangekesing durangkara (12a)
Bapak pocong dudu watu dudu gunung (12u)
Sabamu ing sendhang (6a)
Pencokanmu lambung kering (8i)
Prapteng wisma si pocung muntah guwaya. (12a)
Tugas mandiri
Sawise ngrungokake tembang Pocung ing dhuwur, saiki wangsulana pitakon-pitakone!
1. Ana pira guru gatra tembang Pocung?
Wangsulan: 4 (papat)
2. Tulisen guru gatra, guru wulangan lan guru guru lagune tembang pocung!
Wangsulan: Guru gatrane cacahe 4 : 12u, 6a, 8i, 12a
3. Apa batangane tembang macapat sing nomer 2?
Wangsulan: Wadhah kango ngisi banyu
4. Apa tegese guru gatra?
Wangsulan: Cacahing gatra (larik) saben sapada (bait)
5. Apa tegese guru wilangan?
Wangsulan: Cacahing wanda (suku kata) saben sagatra.
6. Tulisen guru wilangane tembang pocung baris nomer 2!
Wangsulan : 6
7. Tulisen guru lagune tembang pocung baris nomer 3!
Wangsulan : i
8. Tembang macapat iku cacahe ana!
Wangsulan : 11
9. Tibaning swara a,i,u,e,o ing pungkasaning gatra (larik) diarani...
Wangsulan : guru lagu
10. Coba sebutna 4 wae tembang macapat kuwi!
Wangsulan : mijil, pocung, kinanthi, sinom lsp.
B. Micara:
Pacelathon Nganggo Unggah-Ungguh Basa
Unggah-unggah basa Jawa iku kaperang dadi:
1. Ngoko lugu 3. Krama lugu
2. Ngoko alus 4. Krama alus
1. Ngoko Lugu
Basa ngoko lugu iku basa kang ana sajroning ukara kang wujud tembunge arupa tembung ngoko, ora kacampuran basa krama.Ater-ater lan panambange uga nganggo basa ngoko.
Basa ngoko lugu dianggo dening:
a. Wong tuwa marang anake.
b. Guru marang muride.
c. Wong kang wis padha tetepungan kanthi raket.
Tuladhane:
a. Rani lagi sinau basa Jawa.
b. Mas Sutardi menyang Kudus numpak bus.
2. Ngoko Alus
Basa ngoko alus iku basa kang ana ing sajroning ukara, kang wujud tembung-tembunge arupa tembung ngoko lan krama inggil tumrap wong sing diajak guneman (wong kapindho) utawa kang sing digunem (wong katelu), dene ater-ater lan panambange tetep ngoko.
Basa ngoko alus dianggo dening:
a. Ibu marang bapak ing dalem.
b. Wong tuwa marang wong enom kang duwe palungguhan dhuwur.
c. Sapadha-padha kang wis raket, nanging tetep padha ngajeni.
d. Adhi marang kangmase utawa mbakyune sing gelem ngajeni.
Tuladha:
a. Pak RW mau rawuh mrene, panjenengan pirsa apa durung?
b. Aku dhewe malah perkewuh menawa Pak Lurah kersa tindak mrene.
3. Krama Lugu
Basa krama lugu iki basa ing sajroning ukara, kang wujud tembung-tembunge arupa tembung krama ora kacampuran ngoko, utawa krama inggil. Dene ater-ater lan panambange uga krama.
Basa krama lugu dianggo dening:
a. Wong kang kaprenah enom marang wong kang kaprenah tuwa.
b. Murid marang gurune.
c. Anak marang wong tuwane
Tuladha:
a. Jam papat wau simbah mirengaken radhio.
b. Ibu tumbas gendhis setunggal kilo.
4. Krama Alus
Basa krama alus yaiku basa kang ana sajroning ukara, kanthi wujud tembunge arupa tembung krama lan tembung krama inggil tumrap wong sing diajak guneman (wong kapindho) utawa kang sing digunem (wong katelu). Dene ater-ater lan panambange uga dikramakake.
Basa krama alus dianggo dening:
a. Wong kang kaprenah enom marang wong kang kaprenah tuwa.
b. Anak marang wong tuwa.
c. Wong kang lagi tetepungan anyar.
d. Murid marang guru
Tuladha:
a. Sinten ingkang ngaturi panjenengan kala wau Bu?
b. Dinten menika bapak kondur saking Jakarta.
Tugas kelompok
Coba paragakna karo kanca sisihmu, kaya wong guneman tenanan kae!
Anak : “Pak badhe tindak pundi, ta?”
Bapak : “Iki arep nang sawah?”
Anak : “Lho Pak, wau dalu panjenengan lak bibar saking sabin, ta?”
Bapak : “Iya gek bengi, aku leb. Saiki arep ndhaut.”
Anak : “Oh, ngaten. Leb menika lak pados toya, kagem noyani sabin, ta?”
Bapak : “Iya bener, Le.”
Anak : “Lha menawi ndhaut kala wau menapa, Pak?”
Bapak : “Ndhaut ki, ndhedher winih pari, banjur ditandur ing sawah. Mulane yen prei ki menyang sawah, ngrewangi bapak, ben ngerti ndhaut.”
Anak : “He..he, nyuwun pangapunten, Pak kala wingi boten purun mbiyantu bapak. Nanging samenika kula purun kok, mbiyantu bapak wonten sabin.”
Bapak : “Ya apik iku, wong wis gedhe, wis samesthine latihan nyambut gawe.”
Anak : “Inggih, Pak kula takmendhet caping rumiyin, lajeng sareng bapak, dhateng sabin.”
Bapak : “Aja lali nggawa wedang sisan, mengko yen ngelak-ngelak barang.”
Anak : “Inggih Pak.”
C. Maca:
Maca Geguritan
Geguritan iku padha wae karo puisi. Yen puisi nganggo basa Indonesia, dene yen geguritan nganggo basa Jawa.Lumrahe geguritan ditulis kanthi basa kang endah lan isine mentes. Ing ngisor iki ana tuladha geguritan, coba wacanen kanthi premati!
Geguritan 1
Tamanku
(kepethik saka : Seneng basa Jawa)
Segere hawa wayah esuk
Ora marga jago kluruk
Nanging kembang kang pinajang
Ana ing taman endah sinawang
esuk sore dak sirami
katon reged dakresiki
mula tamanku dadi asri
Geguritan 2
Kanca Tani
Dening Purwanti
Wayah esuk wis siaga awakmu neng sawah
Kanca pacul ...arit... lan caping
Kabeh tak lakoni kanthi seneng tulusing batin
Ora nggagas anyep, adem lan atising awak
Macul... macul... lan macul sing tak lakoni
Ngopeni sawah supaya awoh lan akeh
Rengeng-rengeng suarane atimu ngancani ngasomu
Kesel, lungkrah, ora tau digagas
Semangatmu ngalahake hasile panenmu
Elok tenan tekadmu kanca tani kanggo tuladha anak putu
Geguritan 3
PETANI
(kapethik saka artikeldegreen2.com)
Saben esuk kudu wes tangi
ngelebi banyu saben wengi
Gawa pacul kanggo maculi
Arite kanggo ngariti dami
Ora peduli panase serngenge
Sawahe kudu diopeni
Ora peduli ademe wengi
Ngileni banyu saka kali
Ora peduli kudu ngenteni
Seng penting biso dadi pari
Tuga
Garapen tugas pribadi ing ngisor iki kanthi tumemen!
1. Deklamasekana geguritan ing dhuwur ing ngarep kelas salah siji wae!
2. Gawea geguritan kanthi tema “Pertanian”! banjur aturna ing ngarep kelas!
D.Nulis:
Nulis Aksara Jawa
Aksara Jawa:
a n c r k
ha na ca ra ka
f t s w l
da ta sa wa la
p d j y v
pa dha ja ya nya
m g b q z
ma ga ba tha nga
Tuladha :
sp : sapa jk : jaka
sa : saha sl : sala
bl : bala nt : nata
mt : mata nn : nana
an : ana lr : lara
Tugas Kelompok
Nulisa tembung-tembung nganggo aksara Jawa kang cacahe lima! Tulisen ing papan tulis, banjur wacanen aksara Jawa mau! Tulisen kanthi rapi, teliti lan ngati-ngati!
Wangsulan : Siswa nulis lan maca aksara Jawa. Guru maringi biji.
Tugas Mandhiri
Tulisan Jawa ing ngisor iki salinen dadi tulisan Latin!
1. mr : 6. ps :
2. bs : 7. sz :
3. dd : 8. vw :
4. kn : 9. fy :
5. aj : 10. bqr :
- ls
- lr
- tp
- pl
- wj
- lp
- wy
- sp
- wr
- lm
Wangsulan : 1.mara, 2.basa, 3.dhadha, 4.kana, 5.aja, 6.pasa, 7. sanga, 8.nyawa, 9.daya, 10.bathara, 11.lasa, 12.lara, 13.tapa, 14.pala, 15.waja, 16.lapa, 17.waya, 18.sapa, 19.wara 20.lama
Kembali ke Daftar isi Soal, Kunci, Materi Basa Jawa SD, SMP, SMA/SMK
Kembali ke Daftar isi Soal, Kunci, Materi Basa Jawa SD, SMP, SMA/SMK
0 Komentar untuk "Materi B. Jawa SD Kelas 3/2 (Pelajaran 1)"