Soal + Kunci Jawaban B. Jawa SD Kelas 2/2 (Kompetensi 3)


I.    Wenehana tandha ping (x) ing aksara a, b, utawa c, kang kokanggep bener!

1.    Saben esuk jagoku ... .
       a.    kluruk
       b.    muni
       c.    ngorek
       Wangsulan: a

2.    Sing duwe jalu kuwi ... .
       a.    jago
       b.    babon
       c.    pitik
       Wangsulan: a

3.    Wayah esuk sakdurunge mangkat sekolah,
       Penake olahraga ... .
       a.    mlayu-mlayu
       b.    nglangi
       c.    sekak
       Wangsulan: a

4.    Papan panggonan umum tuladhane ….
       a.    sekolah
       b.    omah
       c.    pasar
       Wangsulan: c. 

5.    Sing menehi tandha yen sepur arep mangkat yaiku ….
       a.    Pak Sep
       b.    masinis
       c.    juru kunci
      Wangsulan: a. 

6.    Papan kanggo dol tinuku yaiku ….
       a.    pasar                 
       b.    sekolah
       c.    stasiun
       Wangsulan: a. 

7.    Pengetan dina Kartini tanggal ….
       a.    21 April            
       b.    22 April
       c.    23 April
       Wangsulan: a. 

8.    Sing ngunekake klakson sadurunge sepur mangkat yaiku ….
       a.    Pak Sep             
       b.    masinis
      c.    juru kunci
       Wangsulan: a. 

9.    Papan wisata Danau Toba ana ing tlatah ….
       a.    Sumatra Selatan
       b.    Sumatra Barat
       c.    Sumatra Utara 
      Wangsulan: c. 

10.  Papan kanggo mandhege bis yaiku ….
      a.    stasiun               
      b.    terminal
      c.    pasar
     Wangsulan: b

11.  Tukang nglakokake andhong utawa dhokar jenenge .…
      a.    kondektur
      b.    sopir
      c.    kusir
      Wangsulan: c. 

12.  Pelabuhan laut ing Surabaya jenenge .…
       a.    Tanjung Benoa
     b.    Tanjung Perak
     c.    Tanjung Emas
     Wangsulan: b. 

13.  Anin saben wengi nggarap PR lan .…
       a.    sinau                 
       b.    dolanan
       c.    turu
       Wangsulan: a. 

14.  Ukara sing jumbuh karo gambar, yaiku ... .
      
Gb. Saking : https://clipartfest.com/categories/view/d6db7d89d82c5f264a1a64d92de261b31df9b616/clipart-bola.html



       a.    bal kuwi wujude bunder
       b.    bocah-bocah arep kasti
       c.    bal kuwi kothak
       Wangsulan: a

15.Yen mancing iwak penake ana ... .
       a.    kolah
       b.    kali
       c.    pasar
Wangsulan: b.

Wacan ing ngisor iki wacanen kanthi premathi banjur wangsulana pitakonane!
Punakawan
Perange antarane Janaka karo Cakil uwis rampung.
Buta Cakil wis mati ana ing palagan.
Para pendhereke Janaka wis leren lan ngaso.
Ana ngasone neng pinggiring alas.

Semar, Gareng, Petruk, lan Bagong padha leren lan gojekan.
“Kang Gareng, aku seneng bisa mateni buta,” kandhane Petruk.
“Ya aku uga bungah.”
“Ha...ha...ha... piye ana apa? Buta?, “kandhane Bagong.

“Ala ngono wae, kok, bungah,” kandhane Bagong.
“Ha...ha..ha ...kowe bisa mateni buta Cakil?,”pitakone Petruk lan Gareng.
Sajak ngece marang Bagong.
Lagi wae padha gojekan, K Lurah Semar rawuh.
“Rama, Rama...ngaso kene wae, “Bagong mangsuli.
Wong papat padha lelungguhan.

II.   Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki adhedhasar wacan ing dhuwur!
1.    Urutna saka gedhe punakawan iku?
       Wangsulan:  Semar, Gareng, Petruk, Bagong.  

2.    Perange sapa karo sapa crita neng dhuwur iku?
       Wangsulan:  Janaka karo Buta Cakil  

3.    Apa irah-irahane wacan ing ndhuwur iku?
       Wangsulan: Punakawan  

4.    Sapa wae punakawan iku?
       Wangsulan: Semar, Gareng, Petruk, Bagong. 

5.    Sapa bendarane punakawan iku?            
       Wangsulan:  Janaka 

III. Isenana ceceg-ceceg ing ngisor kanthi bener!
1.    Bocah sing sregep sinau bakal ....
       Wangsulan:pinter 

2.    Masinis nyambut gawe ana ing ....     
       Wangsulan:stasiun 

3.    Sing nglakokake montor mabur diarani ....     
       Wangsulan:pilot 

4.    Sing nglakokake bis umum yaiku .... 
       Wangsulan:sopir

5.    Papan kanggo mandhege sepur yaiku .... 
       Wangsulan:stasiun 

6.    Papan kanggo mandheg kapal jenenge ....
       Wangsulan:pelabuhan   

7.    Papan kanggo maca buku yaiku ....   
       Wangsulan:perpustakaan 

8.    Sadurunge numpak sepur kudu tuku ....  
       Wangsulan:karcis/tiket 

9.    Yen kepengin ndeleng kewan mara menyang ....  
       Wangsulan:kebon kewan 

10.  Yen awake dhewe ditulungi kudu ngaturne ....    
       Wangsulan:matur nuwun

IV. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi pratitis!
1.    Aranana 3 pegawean kang ana sambungane karo papan umum!
       Wangsulan : sopir, masinis, pilot, dhokter, lsp.

2.    Aranana papan panggonan umum sing kok ngerteni!
       Wangsulan : pasar, kantor pos, terminal, stasiun, pelabuhan, puskesmas, lsp.

3.    Aranana tuladha 3 alat transportasi!
       Wangsulan : kapal, sepur, bis, lsp.

4.    Aranana papan wisata ing dhaerahmu!
       Wangsulan : Tuladha wangsulan: Grojogan Sewu, Keraton Kasunanan Surakarta, Taman Satwa Taru Jurug.

5.    Kepriye patrape yen ing papan panggonan umum?
       Wangsulan : Tansah sopan lan njaga karesikane (Kreativitas siswa).

Share :

Facebook Twitter Google+
0 Komentar untuk "Soal + Kunci Jawaban B. Jawa SD Kelas 2/2 (Kompetensi 3)"

Back To Top