Materi B. Jawa SD Kelas 3/2 (Pelajaran 2)


Standar kompetensi:
1.   Mampu mendengarkan dan memahami ragam wacana lisan tentang cerita tradisi setempat dan tembang macapat.
2.   Mampu mengemukakan perasaan dan gagasan secara lisan tentang peristiwa tertentu dan cerita tokoh wayang dengan bahasa yang santun.
3.   Mampu membaca dan memahami teks sastra dan membaca kalimat sederhana berhuruf Jawa.
4.   Mampu menulis karangan dalam berbagai ragam bahasa Jawa sesuai unggah ungguh dan menulis huruf Jawa.

kompetensi dasar:
1.1 Mendengar percakapan antara anak dengan anak dan anak dengan orang tua.
2.2 Menceritakan pengalaman yang menarik menggunakan ragam bahasa tertentu.
3.1 Membaca dongeng atau cerita
4.1 Menulis karangan sederhana menggunakan ragam bahasa Jawa tertentu.


A. Nyemak:
             Pacelathon bocah marang wong tuwa.

1. Kabudhayan Nusantara
Kabudayan Nusantara saiki karasa wis sangsaya suda kuncarane. Kamangka ana ing kabudayan kono kasimpen tata krama, budi pekerti, trapsila lan ajaraning  luhur urip kang migunani.  Mula supaya pamore budaya Nusantara tambah mumbul maneh, ing kene  Institut Seni Indonesia (ISI) sak-Nusantara kompak ngadani  maneh gelaran rutin  taunan Festival Kesenian Indonesia (FKI) kaping VII, kang tahun iki mapan ana ing ISI Surakarta.

Festival Kesenian Indonesia  (FKI)  isine komplit yaiku sarasehan, workshop,  pagelaran seni, pameran lan pemutaran  film, bazar seni lan liya-liyane. Sedyane supaya nyambung maneh, rasa  budaya Nusantara kang sejati, kang saiki wis suda dening ombyaking kahanan. 

Festival dianakake ora mung ana ing ISI Surakarta wae, ananging uga ana ing Taman Budaya Surakarta, galeri Bale Soedjatmoko, Kampus II  ISI Mojosongo, Monumen Pers, lan sanggar seni masyarakat, tuladhane mapan ana padhepokan Jengglong  Jaya  dianakake ritual lan kirap budaya, kayata Jedhoran, Reog, lan ritual Rara Blonyoh (ritual tetanen).


2. Tuladha pacelathon

Semaken pacelathon kang bakal diwacakake dening kancamu ing ngisor iki!
Simbah         : “Neng omah kok sepi, takmaca koran dhisik pengin nonton wayang  uwong  neng Sriwedari”

Sapta            : “Mbah.. panjenengan nembe punapa?”

Simbah         : “Iki lo lagi maca koran, nonton jadwale pentase wayang uwong neng  Sriwedari.”

Sapta            : “Njing kapan wonten wayang uwong, Mbah? Panjenengan nggih seneng ta?”

Simbah         : “Wah jane wis suwe aku seneng  kok, saka critane, tarine lan busanane sing diagem, ... aku golek jadwale sing ngepasi aku ora ana prelu?

Sapta            : “Wah, sae niku, Mbah. kathah paedahe saged ningali budayane piyambak. sakjanipun kula kepengin nonton, Mbah.

Simbah         : “Ya bener kuwi, la iki ana sing pentase dina Minggu jam 10 esuk, piye nonton ora? Karcise ya ora larang mung Rp5.000,00?. Wis tak bayari sisan wae.

Sapta            : “nggih, maturnuwun sanget, Mbah!”



Tugas Kelompok
Coba wangsulana pitakonan ing ngisor iki kanthi lisan! Garapen karo kanca samejamu!
1.    Apa karepe Simbah ing pacelathon kuwi?
Wangsulan: pengin nonton wayang  uwong  neng Sriwedari  

2.    Miturutmu, apa kang kongerteni babagan wayang uwong iku?
Wangsulan: kaya ketoprak, wayang wong sing maen uga uwong.  

3.    Apa bener Sapta matur marang Simbah nggunakake basa kang sopan?
Wangsulan: Ya, bener 

4.    Pira mbayare pentas wayang  uwong  neng Sriwedari?
Wangsulan: 5.000/limang ewu 

5.    Sapa sing nindakake pacelathon ing dhuwur kuwi?
Wangsulan: Simbah lan Sapta         


B. Micara:
             Nyritakake Pengalaman

1.  Hikmah Pengalaman
Pengalaman iku sajining kedadean kang tau dilakoni. Kadadean mau bisa arupa kadadean kang nyenengake, ngguyokake, gawe sedhih, medeni lan liya-liyane. Sing baku saka pengalaman-pengalaman mau bisa dijupuk “hikmahe”. 

Umpamane kowe tau tiba ing dalan. “Hikmahe” yaiku kowe kudu luwih ngati-ati ing dalan. Amarga dalan iku papane wong padha mlaku, numpak pit, numpak montor lan liya-liyane. Aja nganti nalika kowe tiba ing dalan, malah kowe muni-muni utawa misuh-misuh nganggo tembung-tembung kang ora becik. 

Crita pengalamanmu mau bisa kokcritakake marang kancamu, supaya kancamu padha mangerteni, lan melu-melu ing dalan tansah ngati-ati. Anggone crita kudu kanthi basa kang gampang ditampa, lan swara kang cetha.

2.  Tuladha pengalaman
Wacanen kanthi seru, crita pengalaman ing ngisor iki!

Simbah Kang Daktresnani
Simbahku  putri wis sepuh, wong yuswane wis meh sangang puluh tahun, dadi yen mriksani wis ora pati cetha. Ananging isih rosa, ora gelem melu anak-anake malah milih urip dhewe ana ndesa, penere ana Bangak, Boyolali.

Lebaran biasane putra-putrine ngumpul, mergane preine dawa.  Mula putu-putune pada ngumpul, ana sing saka Semarang, Jakarta, lan Bogor.  Bareng-bareng pada sowan ndaleme simbah, gayeng banget neng daleme simbah amarga kabeh ngumpul.

Ana ing daleme simbah nyritakake gaweane, kancane, simbah nyela “Ketemu sedulur ki mbok crita maneh sing akeh kae aja mung pandeng-pandengan wae!” We lha genahe simbah ki ora mireng  olehe padha crita ngethuprus mau.  Bareng wis sore pada arep adus lan gentenanan anggone adus, malah ana sing nimba lan ngisi kolah. Wah sesuk dipasangne sumur listrik wae mesakne simbah nimba terus. Anak-anak pada nyengkuyung kanggo nukokake kompa banyu, ben ora kabotan anggone simbah sing nimba.

Bareng wis mbengi kabeh pada neng tengah karo nonton tivi sinambi ngemil panganan  sing wis cumawis neng meja. ana emping, kacang bawang, tape ketan, rengginan, enthing-enthing, lan liyane. Gayeng tenan acarane wengi kuwi, nanging simbah putri mung manggut-manggut wae. Ana salah sijine putrane ngajak Simbah putri ing Jakarta ning  ora kersa .

Esuk esuk wis pada tangi lan nyepakake kabeh prabot sing arep digawa bali maneh, lan simbah keri mergane ora kersa diajak neng Jakarta, simbah neng Bangak karo putrane sing ragil, lan dadi siji saomah karo putrane. Dadi ana sing njaga Simbah Putri.  Jam 10 esuk pada pamit lan Simbah Putri mung manggut-manggut wae karo ngguya-ngguyu.


Tugas Kelompok
Wangsulana pitakonan iki kanthi Percaya Dhiri lan cepat-cepetan karo kancamu!

1.    Anake ana ngendhi wae?
Wangsulan:  ana sing ning Jakarta, Semarang, Bogor, lan ana sing ning Bangak, Boyolali

2.    Sapa sing dicritakne ing wacan dhuwur kuwi?
Wangsulan : Simbah putri

3.    Ana ngendi critane kuwi?
Wangsulan:  ing Bangak, Boyolali

4.    Apa sebabe anak-anak nukokake kompa banyu?
Wangsulan: amarga ben ora kabotan anggone simbah sing nimba.

5.    Ana anake sing neng kono?
Wangsulan : ana, sing ragil.


C. Maca :
        Maca Dongeng
        Wacanen dongeng ing ngisor iki kanthi tenanan!

Sabuke Nabi Sulaiman
Hladalah Kancil kepergok Ula lan meh wae kepidak. Kamangka ulane gedhe, dawane kira-kira telung meter. Ora let suwe Macan teka.

“Hla! Kecandhak kowe saiki. Arep ngapusi meneh?” Macan arep nubruk. Dumadakan, “Sssst.....” tangane Kancil nemplek neng lambe, “Aja rame-rame. Pak Macan, nalika aku lagi golek timun, aku ketemu Nabi Sulaiman terus aku diwenehi tugas.”

“Apa maneh iki, kowe ketemu Nabi Sulaiman sing bisa omong-omongan karo kewan kaya awake dhewe iki. Terus kowe diwenehi tugas apa?”

“Supaya njaga sabuke Kanjeng Nabi Sulaiman. Iki lho sabuke!”
“Lho iki genah ula ngono kok.”

“O... kowe ki kurang piknik kok Pak. Sabuk saiki biasa digawe saka kulit ula. Nanging amarga iki sabuke Nabi, dadi isih wutuh lan alami. Sapa sing nganggo sabuk iki bisa dadi abdi kinasihe Nabi Sulaiman lan dadi kewan sing ampuhe kagila-gila, sekti banget ngono lho pokoke.”

“Oleh aku nyoba nganggo sabuke nabi Sulaiman, Cil?”
“Aja, aku mengko didukani Kanjeng Nabi.”

“Yen ora oleh kowe takpangan saiki.”
“Wah... piye, ya? Ya wis kono cobanen!”
Macan wiwit ngambus-ambus ula. Ulane didilati. Sikile Macan wiwit molak-malik awake Ula. Ula kaget.

“Kurang ajar. Wani-wanine kowe ngganggu olehku turu.” Ula nyembur si Macan banjur nggubet awake Macan. Macan ora gelem ngalah, awake Ula dicakar-cakar nganti godres. Ula genti nyokot kana kene. Macan rumangsa sesek amarga awake digubet. Macan banjur ngguling-ngguling karo nggedhekake wetenge. Ula waspada tetep ngruket wetenge Macan. Sikile Macan wiwit mancal-mancal, ngudhari gubetane Ula. Gelut terus, rame, dedreg, uleng-ulengan.

“Wah gayeng tenan iki. Mbuh lah sapa sing menang, ra penting. Sing penting aku slamet saka Pak Macan lan Ula.” Kancil njrunthul mumbul-mumbul karo singsot.



Tugas Kelompok
Wangsulana pitakon-pitakon iki kanthi teliti lan jujur, Percaya diri marang awake dhewe! 

1.    Satemene apa sing diarani sabuke Nabi Sulaiman iku?
Wangsulan:  ula

2.    Miturut Kancil sing nganggo sabuke Nabi Sulaiman bakal kepiye?
Wangsulan:  dadi kewan sing ampuhe kagila-gila, sekti banget

3.    Apa irah-irahan dongeng ing dhuwur?
Wangsulan:  Sabuke Nabi Sulaiman

4.    Sawise macan ketemu kancil, apa sing arep ditindake macan marang Kancil?
Wangsulan:  pengin nubruk

5.    Kancil ngapusi Macan menawa lagi oleh tugas saka Nabi Sulaiman. Apa tugase?
Wangsulan: njaga sabuke Kanjeng Nabi Sulaiman.


D.Nulis:
     Nulis Karangan

Nulis karangan iki, jan-jane ora angel. Nanging akeh siswa kang ngarani angel. Para siswa ngarani nulis karangan iku angel amarga, ora gelem gladhen (latihan). Nulis karangan iku bisa  kadadean-kadadean saben dina kang dialami. 

Umpamane kadadean nalika piknik, mangkat sekolah, kadadean ing omah, lan liya-liyane. Dadi nulis karangan iku ora kudu sing angel-angel. Cukup nulis kadadean kang kerep dilakoni wae. Saliyane isine karangan kang bener. 

Nulis karangan uga kudu nggatekake tata tulise. Ing ngisor iki ana tuladha panganggone Aksara gedhe (huruf kapital) lan tandha titik.

1.    Tandha Titik (.)
Dianggo mungkasi ukara, tuladhane:
a.    Aku arep mangkat sekolah.
b.    Ibu gawe sega goreng.

2.    Aksara Gedhe (Huruf Kapital)
Dianggo miwiti sawijining ukara, tuladhane:
a.    Bapak tindak Semarang.
b.    Mas Bayu nggarap PR basa Jawa.


Rangkuman
Ketrampilan Maca

Maca mujudake ketrampilan. Wong bisa trampil maca iku lamun kerep utawa kulina latihan maca. Maca sing becik iku kepenak dirungokake sarta gampang dingerteni karepe. Maca iku kudu nggatekake tandha-tandha wacan sing digunakake, intonasi, lagu, pakecapan kudu trep jalaran iku kabeh nemtokake tegese utawa karepe. 

Maca iku gegayutan karo:
a.    Pakecapane Vokal: Aksara iku kudu diwaca kepriye, diwaca jejeg apa miring.
Maca          Macan                                 Soto           Kothong
Siti             Garing                                   Tahu         Balung
Sate           Melek 

b.    Tandha wacan : Ukara diwaca kanthi intonasi manut tandha wacan sing digunakake.
Tandha koma ( , ):  ukara diwaca mandheg sedhela.
Tandha titik ( . ):  ukara diwaca mandheg.
Tandha pitakon (?):  nelakake pitakon.
Tandha pakon ( ! ):  nelakake prentah.  

c.    Mapan ana ngendi pamedhote tembung ing ukara 
Bapak/Guru kula/nembe sakit.
Bapak Guru/kula/nembe sakit.
Bapak Guru/kula nembe sakit.







Share :

Facebook Twitter Google+
0 Komentar untuk "Materi B. Jawa SD Kelas 3/2 (Pelajaran 2)"

Back To Top