Materi B. Jawa SD Kelas 4/2 (Pelajaran 3)


Pelajaran 3

Standar kompetensi:
1.    Mampu mendengarkan dan memahami ragam wacana lisan tentang cerita tradisi setempat dan tembang macapat.
2.    Mampu mengemukakan perasaan dan gagasan secara lisan tentang peristiwa tertentu dan cerita tokoh wayang dengan bahasa yang santun.
3.    Mampu membaca dan memahami teks sastra dan membaca kalimat sederhana berhuruf Jawa.
4.    Mampu menulis karangan dalam berbagai ragam bahasa Jawa sesuai unggah ungguh dan menulis huruf Jawa.

kompetensi dasar:
1.2.         Mendengarkan tembang Gambuh.
2.2.         Menceritakan tokoh wayang Puntadewa.
3.2.         Membaca kata berhuruf Jawa yang menggunakan sandhangan panyigeg wanda (layar, cecak, wignyan).
4.2.         Menulis kalimat sederhana berhuruf  Jawa menggunakan sandhangan panyigeg wanda dan wyanjana.


A.Nyemak:
Nyemak Tembang Gambuh

1.    Tembang Gambuh
Tembang macapat utawa tembang cilik iku cacahe ana sewelas. Saben tembang nduweni wewaton (guru) dhewe-dhewe ing babagan:
-     Cacahing gatra saben sapada utawa kang kasebut guru gatra.
-     Guru wilangan (cacahing wanda) ing saben gatrane.
-     Guru lagu (dhong-dhing) ing saben pungkasaning gatra.

Dene jeneng-jenenge tembang macapat lan cengkorongane kaya ing ngisor iki:
a.    Gambuh (7u, 10u, 12i, 8u, 8o)
b.   Mijil (10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u)
c.    Pocung (12u, 6a, 8i, 12a)
d.   Megatruh (12u, 8i, 8u, 8i, 8o)
e.    Kinanthi (8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i)
f.    Maskumambang (12i, 6a, 8i, 8a)
g.   Durma (12a, 7i, 8a, 7a, 8i, 5a, 7i)
h.   Pangkur (8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i)
i.    Asmaradana (8i, 8a, 8e, 8a, 7a, 8u, 8a)
j.     Dhandhanggula (10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a)
k.   Sinom (8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a)

2.    Semaken tembang Gambuh ing ngisor iki!
            Gambuh 1
Lumrahe tani utun
Padha raket anggone dha srawung
Gotong royong nyambut gawe nandur pari
Kerjane padha gumregut
Sangan entheng ora abot

            Gambuh 2
                                        Aja nganti kabanjur,
                                        sabarang polah kang nora jujur,
                                        yen kebanjur sayekti kojur tan becik,
                                        becik ngupayaa iku,
                                        pitutur ingkang sayektos.
           
(Aja nganti diterus-teruske sakabehe tindak sing ora jujur. Yen kebanjur satemene kojur, ora becik. Becike goleka pitutur sing bener (temen).)

Tegese tembung:
sayekti = sayektos, temen, benar, sungguh-sungguh.
kojur    = cilaka, celaka.
                   
Tugas Mandhiri
Wangsulan pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi pratitis adhedhasar wacan ing dhuwur!

1.    nadyan metu saking “wong sudra pepeki”
       Apa kang diarani wong sudra pepeki?
Wangsulan:
Wong sudra papa (hina).

2.    Apa tegese adiguna adigang adigung?
Wangsulan:
Wong kang ngendel-endelake kepinterane, kekuwatane, lan kekuasaane.

3.    Apa akibate tumindak ora jujur?
Wangsulan:
Satemene bakal kojur lan ora becik.

4.    Apa kang pantes ditiru saka tembang Gambuh pada kaping loro?
Wangsulan:
Becik niru pitutur sing bener.

5.    Apa sing dimaksud pitutur ingkang sayektos?
Wangsulan:                   
Pitutur kang satemene/bener/sayekti.


B. Micara:
Crita Tokoh Wayang Puntadewa

Puntadewa ing Bharatayuda
Jeneng Yudhistira, asline raja jin ing alas Mertani. Ing lakon Babad Alas Mertani, Pandhawa kasil ngalahake jin-jin ing alas kuwi. Yudhistira manjing ana ing ragane Puntadewa, pembarepe Pandhawa. Jeneng Yudhistira luwih kondhang dienggo dening Puntadewa kang banjur dadi raja ing Amarta, Indraprasta, iya Cintakapura, utawa Batanakawarsa, sing tilas alas Mertani. Jeneng Puntadewa tegese punjering kaluhuran dene Yudhistira dhewe maknane raja prajurit.

Ing lakon Bharatayuda, Prabu Puntadewa tetep nglenggahi watake sing ora gelem ngapusi. Nalika Pandhita Durna madeg senopati agung, kabeh Pandhawa rumangsa bingung. Sebab, dikaya ngapaa wae Pandhita Durna kuwi gurune Pandhawa. Apa ya murid arep wani marang gurune?

Untung Prabu Kresna ora kurang iguh pratikele. Terus sing didhawuhi ngadhepi Pandhita Durna iku putra Pancala, Raden Dhresthajumena. Kresna mung dhawuh marang Werkudara supaya merjaya gajah titihane senopati pengamping (Prabu Prameya) kang aran Gajah Esthitama. Sawise gajah kelakon mati dikepruk gada Rujakpolo, kabeh wadya Pandhawa banjur kadhawuhan alok yen Esthitama mati. 

Pamirenge Pandhita Durna sing mati mau Aswatama. Mula Pandhita Durna banjur nglumpruk otot bebayune, kaya wis kelangan daya. Kanthi ati sing bingung, Durna banjur takon mrana-mrene, kalebu marang para punakawan, marang Werkudara, Arjuna, Nakula, Sadewa, lan sapitutrute. Kabeh anggone mangsuli padha gelem dora yen Aswatama pancen mati. Durna akhire takon marang Puntadewa. Bareng ditakoni kaya mengkono mau mesthi wae Sang Prabu bingung banget, mosok arep goroh?

Dibisiki karo Prabu Kresna yen kala-kala wong kena goroh angger dienggo kabecikan. Nanging Puntadewa tetep puguh ora gelem goroh. Kresna golek cara liya, supaya anggone matur marang Durna nalika ngucapake tembung "esthi” sing lirih banget wae, dene anggone ngucapake tembung “tama”sing cukup seru.

Tenan, diucapake dening Prabu Puntadewa ngono kuwi. Saka pangrungune Pandhita Durna, Aswatama mati, mula Durna banjur nglumpruk ing sangarepe Puntadewa, ning Sang Prabu banjur digandheng Kresna sumingkir saka papan kono. Karijen tanpa daya, Durna ketekan Dhresthajumena kang wis kepanjingan yitmane Prabu Ekalaya iya Palgunadi kang pingin males ukum. Kanthi pedang ligan, Pandhita Durna ditigas janggane, satemah pralaya.

Prabu Puntadewa sing sabar tur banget lila-legawa pambegane iku tau diapusi Kurawa lumantar Patih Sengkuni srana kasukan main dhadhu kanthi totohane negara. Satemah para Pandhawa sakadang kudu gelem nglakoni dadi wong buangan ing alas suwene 12 taun. Ing pakeliran pusakane kang asring dadi kembang lambe dhalang, yaiku Jimat Kalimasada Pustaka Jamus. 

Ana uga Payung Kyai Tunggulnaga tumbak Kyai Karawelang, lan Sangsangan Robyong (tilarane Prabu Yudhistira, ratu Mertani) kang dayane, menawa Puntadewa nesu lan astane nganti nyenggol kalung iki, sanalika sarirane salin wujud dadi brahala utawa buta kang gedhene sagunung anakan kanthi kulit putih kang apraceka Dewa Amral iya Dewa Mambang.

Ing pungkasaning crita, Puntadewa munggah swarga bareng karo sedulur-sedulure. Puntadewa bareng karo asune moksa sing pungkasan. Tinimbang Pandhawa liyane, raja iki luwih resik atine. Ora kumalungkung, ora sok kuwasa, jujur, lan ngugemi agama kanthi ngati-ati.

Ing sorga, Puntadewa ora trima amarga sedulur-sedulure padha mlebu neraka. Dheweke njaluk supaya melu mlebu neraka. Kamangka, para Kurawa malah enak-enak ana swarga. Jebul kuwi mung sawetara. 

Pandhawa kudu nglebur dosa dhisik sawetara banjur mlebu swarga. Dene Kurawa bisa ngrasaake endahing swarga amarga ana sawetara kabecikan, nanging ora akeh. Sawise Kurawa ngrasakake swarga banjur dilebokake ana ing neraka.

Tugas Mandhiri
Wangsulana pitakon ing ngisor iki kanthi pratitis!
1.    Apa dayane gaman Sangsangan Robyong?
Wangsulan:
Dayane menawa Puntadewa nesu lan astane nganti nyenggol kalung iki, sanalika sarirane salin wujud dadi brahala utawa buta kang gedhene sagunung anakan kanthi kulit putih kang apraceka Dewa Amral (Dewa Mambang).

2.    Sapa sejatine kang aran “Yudhistira” iku?
Wangsulan:
Puntadewa

3.    Puntadewa tau diapusi Sengkuni pas ngapa?
Wangsulan:
Main dhadhu.

4.    Apa sebabe Durna lemes, nglumpruk ora duwe daya?
Wangsulan:
Amarga saprungune Pandhita Durna sing mati Aswatama.   
      
5.    Sapa sing dipateni Werkudara nganggo gada rujakpolo?
Wangsulan:                   
Gajah Esthitama



C.Maca:
Maca Wacan Aksara Jawa
?phlwn\,

?phlwnHikua[khcch[a.
anphlwnWnitkytk/tinil[nFwis/tik.
phlwnKku=a[khcch[a.

si=skjwkytfipnegr,suk/n,kiaj/[fwnTr.
si=sksumt]kytmuamfHt,t_kuaum/,aim[mBo[vJol\,
asnufinsulwesi.


Tugas Kelompok
Wacan kang nganggo aksara Jawa ing dhuwur iku wacanen ing ngarep kelas kanthi tliti lan premati!

Wangsulan:
Siswa maca wacan kanthi aksara Jawa kasebut lan guru maringi panilaian.
Pahlawan
Pahlawan iku akeh cacahe.
Ana pahlawan wanita kayata Kartini lan Dewi Sartika.
Pahlawan kakung akeh cacahe.
Sing saka Jawa kayata Dipanegara, Sukarno, Ki Hajar Dewantara.
Sing saka Sumatra kayata Muhamad Hata, Tengku Umar, Imam Bonjol.
Hasanudin  saka Sulawesi.


Tugas Mandhiri
Wangsulana pitakon ing ngisor iki kanthi pratitis adhedhasar wacan ing dhuwur!
1.    Patimura iku pahlawan saka ngendi?
Wangsulan:
Sulawesi

2.    Sapa contone pahlawan putri indonesia?
Wangsulan:   
Kartini lan Dewi Sartika

3.    Sapa wae contone pahlawan saka sumatra?
Wangsulan:
Muhamad Hata, Tengku Umar, Imam Bonjol.

4.    Apa irah-irahane wacan ing dhuwur?
Wangsulan:
Pahlawan

5.    Diponegoro iku pahlawan saka ngendi?
Wangsulan:
Jawa                               

D.Nulis :
Nulis Nganggo Sandangan Wyanjana

Sandhangan wyanjana
Sandhangan wyanjana iku digunakake kanggo nyigeg aksara sing dipasangi nanging ora mateni swara mung nyelip ana tengah-tengah.
Wujude:
1.Cakra( ....] ) kanggo nyisipake swara -ra ana aksara sing dipasangi
Tuladha:
sukra   ditulis  suk]                                 
Tradhisi ditulis  t]disi
2. Keret ( ....}) kanggo nyisipake swara -rê dadi ora kena nulis aksara siji dipasangi cakra lan pepet, cakra menawa ketemu pepet ana aksara sing padha kudu diganti utawa mali dadi keret.
         Tuladha:                                                             
Greget        ora ditulis  g]eget\    nanging ditulis  g}get\
Sregep ora ditulis  s]egep\   nanging ditulis  s}gep\
Kreteg ora ditulis  k]eteg\   nanging ditulis  k}teg\
3. Pengkal ( ....\) kanggo nyisipake swara -√ya ana aksara sing dipasangi
Tuladha:
Kyai     ditulis  k- ai                      Radyan      ditulis  rf- n\
Setya    ditulis  set-

Tugas Kelompok
Ukara kanthi aksara Jawa ing ngisor iki wacanen kanthi tliti lan pratitis!
1.    mej[nNfig[wskkyusi=a
   pik\
Wangsulan:
Mejane digawe saka kayu supaya apik.

2.    ke[bonÑ|antel=u[akT/
Wangsulan:
Kebonku ana telung hektar.

3.    [dokTebedhaji[no[tone[go[ro
Wangsulan:
Dhokter bedah Aji Noto Negoro.

4.    aw[kÑnn[go[s=okengeni
Wangsulan:
Awake Nana gosong kena geni.

5.    kuci=fiwdhaikru=
Wangsulan:
Kucing diwadhahi karung


Tugas Mandhiri
A.   Tulisen tembung-tembung ing ngisor iki nganggo aksara Jawa!
1.    Tuku trasi                :---------------------
Wangsulan:
tukut]si

2.    Saka sabrang           :---------------------
Wangsulan:
sksb=]

3.    Durung sregep       :---------------------
Wangsulan:
duru=s}gep\

4.    Lara                          :---------------------
Wangsulan:
lr

5.    Byar pet                   :---------------------
Wangsulan:
b/-pet\

6.    Ampyang kacang   :---------------------
Wangsulan:
amp=-kc=

7.    kriwil                        :---------------------
Wangsulan:
ki]wil\

8.    Bagya setyawan      :---------------------
Wangsulan:
bg-set-wn\

B.   Jodhokna aksara Jawa karo Latine!
1.    lrpnu




Buku lima

2.    bukulim



Bocah lanang

3.    spisiji



Mangan

4.    supy



Tuku roti

5.    tuku [roti



supaya

6.    [bochln=



Lara panu

7.    mzn\



rumah sakit

8.    turumiri=



Turu miring

9.    rumh skit\



Kari telu

10.  kri telu



Sapi siji


Wangsulan:
1.      Lara panu
2.      buku lima
3.      sapi siji
4.      supaya
5.      Tuku roti
6.      bocah lanang
7.      Mangan
8.      Turu miring
9.      rumah sakit.
10.  Kari telu






Share :

Facebook Twitter Google+
0 Komentar untuk "Materi B. Jawa SD Kelas 4/2 (Pelajaran 3)"

Back To Top