Materi B. Jawa SD Kelas 4/2 (Pelajaran 2)

Pelajaran 2
Standar kompetensi:
1.    Mampu mendengarkan dan memahami ragam wacana lisan tentang cerita tradisi setempat dan tembang macapat.
2.    Mampu mengemukakan perasaan dan gagasan secara lisan tentang peristiwa tertentu dan cerita tokoh wayang dengan bahasa yang santun.
3.    Mampu membaca dan memahami teks sastra dan membaca kalimat sederhana berhuruf Jawa.
4.    Mampu menulis karangan dalam berbagai ragam bahasa Jawa sesuai unggah ungguh dan menulis huruf Jawa.

kompetensi dasar:
1.1  Mendengarkan cerita tradisi setempat dengan ragam bahasa tertentu.
2.1  Menanggapi suatu peristiwa dengan menggunakan ragam bahasa tertentu.
3.1  Membaca teks sastra (misalnya percakapan, sandiwara, dan sebagainya)
4.1  Menulis urutan cara membuat sesuatu secara sederhana.

Materi
A.Nyemak:
Crita Tradhisi

Adat Tingkeban
Ing Dina Senen, tanggal 6 Januari 2013, daleme Pakdhe Darma katon regeng banget. Tangga teparo lan tamu padha rawuh, kakung putri, tuwa lan enom. Dina iki Pakdhe Darma nganakake upacara adat tingkeban putrine kang aran Ekawati. Tingkeban mono upacara adat Jawa kanggo ibu kang mbobot sepisanan lan kandhutane umure pitung sasi. 

Ubarampe kanggo upacara tingkeban akeh cacah lan wernane kayata: panganan, banyu kembang kanggo siraman, jarik kanggo salin ibu kang mbobot, klasa amoh, pitik urip, ingkung, lan liya-liyane. Ingkung iku iwak pitik utuh kang dimasak kanthi cara dipanggang. Bubar dibeleh, pitike ora dirajang. Nanging diutuhne banjur disunduk nganggo pring utawa kayu. Banjur diolahi kanthi cara dipanggang.

Nalika tekan upacara siraman, Ekawati karo garwane disirami nganggo banyu pitung werna. Kang nyirami ibu-ibu kang cacahe uga pitu. Rampung siraman Ekawati disalini jarik ganti kaping pitu. Nalika ibu kang mbobot karo garwane disirami nganggo banyu iku, ingkung kang dicepakne ing cedhake disaut salah sijine pawongan banjur diplayokne. Pawongan kang mlayokne ingkung iku biasane dioyak pawongan-pawongan liyane. Mulane acarane dadi rame banget. 

Dene pitik urip dening ibu kang nyirami ibu mbobot diumbulne supaya mabur. Pawongan kang padha nyekseni siraman padha rebutan nangkep pitik urip kang diaburne iku. Sapa sing bisa nangkep, pitik iku dadi duwekke. Sawise pitik ditangkep, kang pungkasan, kanggo nutup acara tingkeban, bapak-bapak lan ibu-ibu tamu undangan bubar kanthi diwiwiti salah sawijine pawongan kang nyeret klasa amoh kang dilungguhi. 

Upacara adat tingkeban dileluri nganti saprene, luwih-luwih ana ing masarakat padesan. Tujuane upacara adat tingkeban yaiku atur sukur panuwun marang Gusti Allah kang wis paring berkah wujud bayi kang isih ana kandhutan. Uga panyuwunan muga-muga yen wis tekan wancine bayi lair kanthi lancar ing tembe bisaa dadi bocah kang pinter lan luhur bebudine.

Tugas Kelompok
Tatanen aksara-aksara ing ngisor iki dadi tembung kang cocog karo crita ing dhuwur banjur golekana katrangane! Aturna wangsulanmu iku ing ngarep kelas kanthi kendel!
Tuladha:
B - O - T - O - M - B = mbobot
Katrangan: ibu kang lagi ngandhut jabang bayi.   
            
1.    M - A - N - I - S - R - A = Siraman                                                                   
Katrangan: adus/padusan. 

2.    N - N - G - G - U - I - K= ingkung
Katrangan: iwak pitik utuh kang dimasak kanthi cara dipanggang. 

3.    P - A - M - B - U - R - A - P - E = ubarampe
Katrangan: panganan lan lelawuhan, lsp. kang diaturake  marang dhedhuwuran nalika nduwe gawe utawa apa-apa kang dadi perabot/kapreluan/piranti sawijining upacara. 

4.    M - A - H - A - S - A - L - O - K = klasa amoh
Katrangan: nam-naman saka mendhong sing kanggo lemek linggih kang wis amoh. 

5.    K - A - J - I - R = jarik
Katrangan: jarit/kain kang digambari/dibathiki.


Tugas Mandhiri
Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi pratitis!
1.    Ingkunge dikapakne wektu ibu kang mbobot disirami?
Wangsulan:
Ingkung kang dicepakne ing cedhake disaut salah sijine pawongan banjur diplayokne. Pawongan kang mlayokne ikung iku biasane dioyak-oyak

2.    Kepiye pungkasane acara tingkeban?
Wangsulan:
Kanggo nutup acara tingkeban, bapak-bapak lan ibu-ibu tamu undangan bubar kanthi diwiwiti salah sawijine pawongan kang nyeret klasa amoh kang dilungguhi.

3.    Apa kang diarani tingkeban iku?
Wangsulan:
Tingkeban, yaiku upacara adat Jawa kanggo ibu kang mbobot sepisanan lan kandhutane umure pitung sasi.

4.    Pitik urip iku dienggo kepiye?
Wangsulan:
Pitik urip dening ibu kang nyirami ibu mbobot diumbulne supaya mabur.

5.    Apa wae ubarampe kang kudu disiapake?
Wangsulan:       
Panganan, banyu, kembang kanggo siraman, jarik kanggo salin ibu kang mbobot, klasa amoh, pitik urip, ingkung, lsp.



B.Micara:
Nanggepi Sawijining Prastawa

Tanggapan iku ngetokake, ngucapake uneg-uneg marang wacan utawa kedadean. Uneg-uneg iku bisa awujud panyaruwe, pasarujukan, dhukungan, larangan, ajakan, lan liya-liyane. Ananging anggone ngucapake uneg-uneg iku kudu nggatekake tata krama lan basa. Ora kena nglarani atine sapa wae, uga wong sing ditanggapi. 

Tuladhane prastawa:
Tiwase Penambang Pasir
Maksude arep golek pasir kanggo mbangun omahe, Sriyanto warga Dusun Ngernak, Kembang, Jatipurno, Wonogiri malah tiwas ing papan panambangan. Prastawa iku kedadean dina Setu sore tanggal 29 Oktober 2011. Korban kasil diangkat warga karo tim SAR Wonogiri sawetara sabubare kedadean. 

Kapolsek Jatipurno ngungkapake menawa korban karo wong loro tanggane teka ing papan panambangan. Wektu Sriyanto ndhudhuk pasir ujug-ujug lemah ndhuwure ambleg lan ngurugi Sriyanto. 

Kapolsek njelasake menawa kedadean iku kagolong kacilakan kerja mulane sawise diotopsi ing Rumah Sakit marang tim medis, jenazah korban langsung diserahake marang keluargane. Miturut kapolsek Jatipurno, sewengi sadurunge kedadean ing wewengkon Jatipurno udan deres nganti pirang-pirang jam suwene. Mbok menowo lemahe dadi lembek sabubare kudanan. 

Kedadean iku dimangerteni oleh bapak Sukidi. Warga ing sak kiwa-tengene panambangan kang lagi liwat ing papan panggonan. Sukidi mangerteni ana uwong kurugan lemah nanging isih ketok sithik bagian sikile. Kapolsek banjur paring piweling wanti-wanti marang para warga supaya nggatekake lingkungan menawa arep nambang pasir. 

Amarga lemah ing sakiwa tengene papan panambang akeh lemah kang bisa wae longsor sawayah-wayah kaya dene kedadean iki.
Solopos, Minggu Legi 30 Oktober 2011

Tugas Kelompok
Wenehana tanggapan marang ukara kang kapethik saka wacan ing dhuwur!
1.    Kapolsek njelasake menawa kedadean iku kagolong kacilakan kerja.

2.    Kapolsek banjur paring piweling wanti-wanti marang para warga supaya nggatekake lingkungan menawa arep nambang pasir.

3.    Maksude arep golek pasir kanggo mbangun omahe, Sriyanto warga Dusun Ngernak, Kembang, Jatipurno, Wonogiri malah tiwas ing papan panambangan.

4.    Miturut kapolsek Jatipurno, sewengi sadurunge kedadean ing wewengkon Jatipurno udan deres nganti pirang-pirang jam suwene.

5.    Wektu Sriyanto ndhudhuk pasir ujug-ujug lemah ndhuwure ambleg lan ngurugi Sriyanto.
Tanggapan:
Siswa menehi tanggapan ngenani ukara kasebut.

Tugas Mandhiri
Wangsulana pitakon ing ngisor iki adhedhasar wacan prastawa ing dhuwur kanthi pratitis!
1.    Sapa sing ngangkat jasade korban?
Wangsulan:
Warga karo Tim SAR Wonogiri.

2.    Kepiye pewelinge kapolsek marang warga?
Wangsulan:
Para warga supaya nggatekake lingkungan menawa arep nambang pasir. Amarga lemah sakiwa tengene papan panambang akeh lemah kang bisa wae longsor sawayah-wayah kaya kedadean iki.

3.    Apa kedadean kang dicritakake?
Wangsulan:
Panambang pasir kang tiwas amarga kajugrugan pasir.

4.    Ngapa lemah bisa longsor sore iku?
Wangsulan:
Amarga sawengi sadurunge kedadeyan iku udan deres nganti pirang-pirang jam suwene lan mbok menawa lemahe dadi lembek.

5.    Sapa sing dadi korban, warga ngendi?
Wangsulan:                   
Sriyanto, warga Dhusun Ngernak, Kembang, Jatipurno, Wonogiri.

C. Maca:
Maca Naskah Sandiwara

Petruk Dadi Ratu
Kacarita nalika samana Petruk Kanthong Bolong ora kelegan atine, lunga tanpa pamit. Kabeh sedulure ora ana sing mangerteni apa sababe dene Petruk lunga saka papan dununge. Semar, Gareng, apadene Bagong padha bingung. Semono uga bendarane, para Pandhawa, uga katut bingung rumangsa kelangan sedulur. Sakabehing kawula dalah para prajurit disebar supaya ngupadi papan dununge Petruk.

Kocapa ing Nagara Ngamarta geger amarga ana kraton tiban arane Buluketiga, ratune ajejuluk Sang Prabu Belgeduwelbeh. Sang Prabu Belgeduwelbeh iki pranyata sekti mandraguna ora ana sing bisa ngalahake. Akeh para ratu ing sakiwa tengene padha teluk lan nggabung marang Buluketiga, ora susah digepuk ing perang. Jebule Sang Prabu Belgeduwelbeh iku yo si Petruk Kanthong Bolong.

Pinuju ing dina pasewakan, Sang Prabu Belgeduwelbeh ingadhep para nayaka, bupati, miwah para raja tetelukan. Padha sungkem amari kelu. Uga ora keri sang garwa prameswari Limbuk Methuthuk sarta para emban padha sowan ngadhep. Sawise Sang Prabu Belgeduwelbeh ndangu bab tata tentreming praja marang para nayaka, banjur ngendika marang garwane mangkene:

Sang Prabu   :   “Garwaku sing ayu, Dhiajeng Limbuk Methuthuk sing ginuk-ginuk.”
Limbuk        :   “Wonten dhawuh, Kakang Prabu.”

Sang Prabu   :   “Kepriye mungguh kahanane keputren Dhiajeng, rak padha slamet, ta?”
Limbuk        :   “Inggih Kakangmas!”

Sang Prabu   :   “Ngene ya Dhiajeng Limbuk, saiki nagarane dhewe kudu ngirit, urip sing sarwa prasaja. Tegese prasaja yaiku ora mewah-mewahan. Mangan ora kudu lawuh iwak-iwakan. Jangan ora prelu sing kenthel. Sing penting saiki awake ajeg waras. Kowe rak ya mathuk ta, Dhiajeng Limbuk?”

Limbuk        :   “Inggih Kakang Mas, kula ndherek kemawon!”
Sang Prabu   :   “Nah, yen mangkono mengko dhawuhana marang abdi emban sing tukang olah-olah. Sing saiki sayure yaiku jangan bothok godhong pohung apa jangan loncom bayem, dene lawuhe tahu bacem apa tempe goreng. Dhiajeng Limbuk kowe rak wis bisa gawe tahu ta?”

Limbuk        :   “Dereng saged Kakang Mas!”
Sang Prabu   :   “We, lah dalah gawe tahu iku ora angel. Gawe tahu iku carane mangkene. Kedhele kang lagi bae dituku saka pasar dikosek dhisik nganggo banyu nganti resik. Yen wis resik banjur digodhog ana ing kwali nganti setengah mateng. 

Kedhele kang setengah mateng iku banjur digiling nganggo gilingan campur karo pathining kedhele. Sabanjure banyu kang campur pathi kedhele digodhog maneh nganti umub. Yen wis umub banjur dientas lan diler ana ing loyang kang wujude pesagi. Sawise adhem, banyu pathi kedhele iku 
banjur njendhel dadi tahu terus diirisi miturut kabutuhan. Wis ngerti ta Dhiajeng carane gawe tahu saiki?”

Limbuk        :   “Inggih sampun mangertos sapunika!”
Sang Prabu   :   “Lha yen wis ngerti sesuk coba-coba gawea tahu karo abdimu emban kae.”
Limbuk        :   “Inggih, Kakang Mas!”

Tugas Mandhiri
1.    Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi pratitis adhedhasar wacan ing dhuwur!
a.    Sapa wae sedulure Petruk?
Wangsulan:
Semar, Gareng, Bagong

b.    Nalika dadi raja, Petruk nanggo jeneng sapa?
Wangsulan:
Prabu Belgeduwelbeh

c.    Petruk dadi ratu ing negara ngendi?
Wangsulan:
Nagara Ngamarta

d.    Sapa prameswarine Petruk?
Wangsulan:          
Limbuk Methuthuk

e.    Apa sing diarani urip sarwa prasaja?
Wangsulan:
Urip sarwa prasoja, yaiku ora mewah-mewahan.

2.    Kepiye carane nggawe panganan “tahu”!
Wangsulan:
Kedhele kang lagi wae dituku saka pasar dikosek dhisik nganggo banyu nganti resik. Yen wis resik banjur digodhog ana ing kwali nganti setengah mateng. Kedhele kang setengah mateng iku banjur digiling nganggo gilingan campur karo pathining kedhele. 

Sabanjure, banyu kang campur pathi kedhele digodhog maneh nganti umub. Yen wis umub banjur dientas lan diler ana ing loyang kang wujude pesagi. Sawise adhem, banyu pathi kedhele iku banjur njendhel dadi tahu terus diirisi miturut kabutuhan.

D. Nulis:
Nulis Carane Gawe Samubarang
Kowe mesthi tau ngerti wong adol dolanan. Ana akeh dolanan iku kang migunakake barang-barang kang wis ora kanggo utawa barang bekas. Contone kitiran, mobil-mobilan, wayang, lan liya-liyane. Mobil-mobilan bisa digawe saka kaleng utawa blek bekas. 

Wayang bisa digawe saka kardus, dene kitiran bisa digawe saka kertas kang diwarnani kanthi endah. Nggawene iku kabeh mbutuhake keprigelan. Kowe bisa uga gawe dolanan dhewe migunakake bahan kang wis ora kanggo. Contone gawe pesawat saka kertas kang ora kanggo.

Gatekna carane gawe pesawat saka kertas ing ngisor iki!
1.    Bahan
Kertas tipis persegi panjang.

2.    Carane gawe:
a.    Pojok kertas sisih kiwa lan tengen didekuk menyang jero nganti mbentuk lancip ing pucuke.
b.    Pucuke kertas kang wis lancip iku didekuk medhun.
c.    Pojok dhuwur kertas sisih kiwa lan tengen didekuk maneh kaya cara sepisan (cara a).
d.    Pojok kertas kang saiki posisine ana ing ngisor disuwek pucuk-pucuke sithik wae. Banjur pucuk lancipe ditalipke munggah.
e.    Kertas kang wis dilipet-lipet, sisih kiwa lan tengene didekuk supaya dadi pesawat-pesawatan.
f.    Gathukane kertas ing tengah dadi sumbu kanggo blingsir pesawat/punggung pesawat. Yen wis, pesawat-pesawatan bisa diuncalake sakuwate. Yen pinuju ana angin gedhe, pesawat bisa mabur adoh. 

Tugas Mandhiri
Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi pratitis!
1.    Menawa arep gawe pesawat-pesawatan apa kang dibutuhake?
Wangsulan:
Kertas tipis persegi panjang.

2.    Apa kang dibutuhake supaya bisa gawe dolanan dhewe saka barang bekas?
Wangsulan:  ketrampilan/kaprigelan.

3.    Apa wae bahan/barang bekas kang bisa digawe dolanan?
Wangsulan:                   
Kaleng utawa blek bekas, kardus, kertas.

4.    Barang bekas apa wae kang bisa digawe mobil-mobilan?
Wangsulan:
Lempung, kayu, kaleng/blek bekas.

5.    Dolanan apa wae kang bisa digawe dhewe saka kertas?
Wangsulan:
Kitiran, pesawat terbang, kapal/perahu, manuk-manukan, lsp.

Share :

Facebook Twitter Google+
0 Komentar untuk "Materi B. Jawa SD Kelas 4/2 (Pelajaran 2)"

Back To Top