Materi B. Jawa SD Kelas 4/2 (Pelajaran 4)


Standar kompetensi:
1.    Mampu mendengarkan dan memahami ragam wacana lisan tentang cerita tradisi setempat dan tembang macapat.
2.    Mampu mengemukakan perasaan dan gagasan secara lisan tentang peristiwa tertentu dan cerita tokoh wayang dengan bahasa yang santun.
3.    Mampu membaca dan memahami teks sastra dan membaca kalimat sederhana berhuruf Jawa.
4.    Mampu menulis karangan dalam berbagai ragam bahasa Jawa sesuai unggah ungguh dan menulis huruf Jawa.

kompetensi dasar:
1.1  Mendengarkan cerita tradisi setempat dengan ragam bahasa tertentu.
2.1  Menanggapi suatu peristiwa dengan menggunakan ragam bahasa tertentu.
3.1  Membaca teks sastra (misalnya percakapan, sandiwara, dan sebagainya)
4.1  Menulis urutan cara membuat sesuatu secara sederhana.


A.    Nyemak:
Nyemak Crita Tradisi

Adat Nalika Jisim Dipunbidhalaken
Ing wekdal sapunika taksih kathah para sedherek Jawi ingkang ngugemi adat sarta tata cara warisan para luhur, ananging ugi kathah adat sarta tata cara kina ingkang sampun dipuntilar. Adat sarta tata cara kina ingkang taksih saged dipunprangguli ing satengahing bebrayan agung Jawi ing antawisipun kados ing ngandhap punika:

1.    Brobosan; inggih punika menawi ingkang tilar donya punika tiyang sepuh, para anak putu dipunbrobosaken ing sangandhaping bandhosa ingkang sampun dipunangkat. Kathahipun kaping tiga. Tujuanipun supados kita nyumerepi dumadosing kita ing alam donya punika lantaran saking tiyang sepuh. Kaping kalih anak putu sampun ngeklasaken dhumateng ingkang sampun tilar donya sowan dhateng ngarsaning Gusti ingkang Maha Kuwaos.

2.    Saderengipun jisim dipunbidhalaken wonten adicara mecah kendhi ingkang isinipun toya kacampuran sekar.

3.    Nalika jisim dipunbidhalaken wonten pawongan ingkang mbekta senthir ngantos dumugining regol, kulawarganipun memuji supados ingkang tilar donya sageda padhang, boten kepetengen ing tengah margi.

4.    Sesarengan kaliyan mbekta senthir margi ingkang dipunlangkungi jisim dipunsaponi, meh sami kaliyan angka kalih bilih kulawarganipun memuji supados margining ing alam kubur sageda resik, boten wonten alangan.

5.    Mecah gendheng, nalika jisim dipunbidhalaken kulawarganipun lajeng mecah gendheng ing pangangkah supados rohipun ingkang tilar donya boten purun wangsul dhateng alam kasar malih jalaran griyanipun sampun risak, utawi dipunrisak.

6.    Mecah piring, meh sami kaliyan mecah gendheng supados rohipun ingkang tilar donya boten purun wangsul dhateng alam kasar masalahipun kulawarganipun sampun boten purun nampi lantaran piringipun ingkang dipunangge ajang sampun dipunpecah.

7.    Menawi ingkang tilar donya jaka utawi prawan, tegesipun dereng nate emah-emah lajeng dipundamelaken gagar mayang (sanes kembar mayang kangge penganten) kaliyan dipun sangoni ayam ingkang taksih lancur (menawi jaler) lan taksih dhere (menawi estri). Ayamipun dipunculaken sasampunipun layon dipunpetak.

Adat sarta tata cara ing nginggil wonten ingkang sampun boten dipunangge utawi ical. Kados adat utawi tata cara brobosan taksih kathah dipun lampahi ing tlatah Pacitan, Madiun, Lamongan ngantos Surabaya. 

Ananging tata cara kados mbekta senthir, nyaponi margi, mecah gendheng, sarta mecah piring sampun boten pinanggih. Ing tlatah Baturetno, Wonogiri adat mecah gendheng sarta mecah piring taksih wonten namung mligi priyantun ingkang sugih utawi taksih wonten trah sentana dalem. Kanggenipun brayat ingkang sanes trah sampun kathah ing nilar.

Namung ugi perlu dipunwuningani bilih ingkang nami adat sarta tatacara punika tamtu owah gingsir kabekta saking owah gingsiring jaman.

Tugas Kelompok
Tatanen aksara awut-awutan iku supaya dadi tembung kang magepokan karo wacan ing dhuwur. Yen wis ketemu banjur wenehana penjelasan, tanggapan, utawa penemumu sakanca!
1.    G – E – L – O – R
Katrangan: regol
Siswa menehi panemu ngenani regol. 

2.    G – R – G – A – A – M – G – N – A – A – Y
Katrangan: gagar mayang
Siswa menehi panemu ngenani gagar mayang. 

3.    R – H – E – T – I – S – N
Katrangan: senthir
Siswa menehi panemu ngenani senthir. 

4.    G – G – E – N – N – E – H – D – H – M – A – C – E
Katrangan: mecah gendheng
Siswa menehi panemu ngenani mecah gendheng. 

5.    M – H – E – C – A – P – G – N – I – R – I
Katrangan: mecah piring
Siswa menehi panemu ngenani mecah piring. 

6.    D – T – A – A
Katrangan: adat
Siswa menehi panemu ngenani adat. 

7.    N – O – B – A – R – B – S – O
Katrangan: brobosan
Siswa menehi panemu ngenani brobosan. 

8.    D – A – B – O – S – N – A – H
Katrangan: bandhosa                     
Siswa menehi panemu ngenani bandhosa. 

9.    M – J – S – I – I               
Katrangan: jisim
Siswa menehi panemu ngenani jisim. 

10.  I – K – E – D – N – A – M – C – H – E – H
Katrangan: mecah kendhi
Siswa menehi panemu ngenani mecah kendhi.

Tugas Mandhiri
Wangsulan pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi pratitis adhedhasar wacan ing dhuwur!
1.    Apa pangangkahe anane mecah gendheng?
Wangsulan:
Supaya rohipun kang wus seda ora gelem bali maneh menyang alam kasar jalaran omahe wis rusak utawa dirusak.

2.    Kepiye tata carane menawa sing ninggal isih prawan utawa jaka?
Wangsulan:      
Digawekake gagar mayang lan disangoni pitik kang isih lancur(manawa lanang) lan isih dhere (manawa wadon). Pitike diuculake sawise layon dipetak.

3.    Apa kang diarani brobosan iku?
Wangsulan:
Brobosan yaiku Manawa kang seda iku wong kang wis tuwa, para anak putu dibrobosake ing sangisore bandhosa kang wis diangkat.

4.    Apa tujuane dianakake brobosan?
Wangsulan:
Supaya kita mangerteni dadine awake dhewe ing alam donya iki lantaran saka wong tuwa.

5.    Apa tujuane nggawa senthir nganti tekan regol?
Wangsulan:
Supaya kang wus seda bisa padhang, ora kepetengen ing tengahe dalan.

B.     Maca:
Nanggepi Prastawa Kanthi nggunakake Basa Ngoko

Saben prastawa mesthi bakal munculake tanggepan. Nanggepi salah sawijine prastawa yaiku menehi penemu utawa komentar marang prastawa kang kelakon. Umpamane marang prastawa kang kedadean ing sekolahan, dalan, sawah, lan sapanunggalane. Tanggepan bisa arupa saran, panyaru, pandhukung, utawa kritik.

Nalika arep nanggepi prastawa, kudu nggatekake bab-bab kaya ing ngisor iki.
a.    Tanggepan iku arupa dhukungan utawa panyaru prastawa.
b.   Wenehana alesan kang kuat, menawa preslu diwenehi bukti lan conto kang jumbuh karo panemumu dhewe.
c.    Nggunakake basa kang santun lan efektif saenggo tanggepan mau gampang ditampa wong liya.

Tuladha:
Prastawa: Ing jaman saiki, akeh bocah kang wani karo wong tuwa.
Tanggepan: Pancen ing jaman saiki akeh bocah kang wani marang wong tuwane. Iku bisa wae disebabake sesrawungan kang ora bener. Ditambah tontonan ing TV kang akeh-akehe ngajari wani marang wong tuwane. Babagan iki sabenere bisa dibeneraki, kanthi ngetrapke ajaran agama kang luwih akeh supaya bisa ndandani morale bocah saiki.


C.Maca:
Maca Naskah Sandiwara

Komandan          : “Prajurit!!! Dirapeti barisane!!!”
Prajurit-prajurit   :      “Siap Ndan”
Komandan          :   “Rungokke!!! Dhawuhe Ki Patih, saiki uga nggoleki kawula meneh, sakakeh-akehe lebokke kunjaran.”

Prajurit 1             :   “Wingi-wingi ya ngono….”
Prajurit 2             :   “Ora tau oleh ya?”
Prajurit 3             :   “Mben dina kok maraton ta Ndan, lari jarak jauh terus….”

Komandan          :   “Hus, dha menenga sik! Iki wis gawat ya cah….”
Prajurit 6             :   “Hla  pripun ta?”
Komandan          :   “Awake dhewe diwenehi wektu telung dina… ora oleh lawuh awake dhewe sing dingo lawuh….”

Prajurit 4             :   “Sik cah yen awake dhewe kabeh melu ndelik wae piye cah?”
Prajurit 5             :   “Ya setuju aku”
Prajurit 3             :   “Ngono wae cah timbang jur dha maraton, tiwas kesel, mulih mrongos, jek disengeni….”

Prajurit 2             :   “Ngene terus lak ora rabi-rabi no aku…”
Prajurit 5             :   “Meh karo sapa? Genah wong-wong dha klepat mlayu yen weruh sragammu ngono kok….”
Prajurit 1             :   “Iya cah… yen kabeh prajurit mbalela, melu mlayu kaya kawula Medhang Kamulan wae piye?”

Komandan          :   “Hus…kowe ki dha ngerti ora? Sabuk sing ra bisa ucul kuwi….”
Prajurit 6             :   “Niki ta? Kabeh prajurit gadhah kok…hla pripun ta?”
Komandan          :   “Sabuk kuwi wis dimantrani, sakwayah-wayah Gusti Prabu Dhewata Cengkar pengin, diwaca mantrane, kowe kabeh langsung kesendhal neng ngarepe…hla telung dina yen ora oleh lawuh, yen kowe kabeh disedhal mlebu kunjaran, mben dina salah siji dipangan piye coba?”

Prajurit 6             :   “Waa…parah cah”
Prajurit 1             :   “Genah ra sida mbalela iki”
Prajurit 2             :   “Ckk… ya wis, oyak-oyakan meneh….”

Prajurit 4             :   “Iya ya, mbiyen kae aku lagi meh mangan, durung sida rong emplokan ngerti-ngerti wetengku mlilit terus mak plekethis tekan alun-alun.”
Prajurit 5             :   “Ooo sasi wingi ta? Kae sakdurunge wetengku ya mlilit.”
Prajurit 6             :   “Nggih pun ngga mangkat.”

Komandan          :   “Ayo baris sing apik!!!”
Prajurit-prajurit :   “Siap, Ndan”
Prajurit 3             :   “Sedaya pun cemepak Ndan, siap mangkat niki.”

Komandan          :   “Rangsum panganan kanggo sarapan, gaman-gaman, pedhang, tumbak, panah? Tali kanggo mbanda kawula? Obor?”
Prajurit-prajurit   :      “Pun.”
Komandan          :   “Wis yakin ra ana sing kelalen?” 

Prajurit-prajurit :   “Pun.”
Komandan          :   “Ya wis, prajurit liyane wis dha baris neng alun-alun, ayo mangkat selak kesuwen.”

Tugas Mandhiri
Wangsulana pitakon ing ngisor iki adhedhasar pacelathon ing dhuwur!
1.    Apa sing arep digoleki lan apa wae sing digawa?
Wangsulan:
Nggoleki kawula sakakeh-akehe, sing digawa yaiku rangsum panganan, gaman-gaman, pedhang, tumbak, panah, tali, lan obor.

2.    Miturut panemumu sing padha ngayahi gawean iklas apa ora? Apa sebabe?
Wangsulan:
Ora iklas amarga kepeksa, menawa ora gelem mangkat sewayah-wayah  Gusti Prabu Dewata Cengkar macakake mantra ing sabuk kabeh bisa kasendal mlebu kunjaran.

3.    Sapa wae sing lagi padha pacelathon?
Wangsulan:
komandan, prajurit 1, prajurit 2, prajurit 3, prajurit 4, prajurit 5, prajurit 6.

4.    Pada ngrembug apa ing pacelathon iku?
Wangsulan:
Ngrembug babagan arep nggoleki kawula sakakeh-akehe kang arep dilebokake kunjaran nanging bingung malah padha crita dhewe-dhewe.

5.    Sapa sing diwedeni wong-wong sing podho celathu?
Wangsulan:
Gusti Prabu Dewata Cengkar


D.Nulis:
Nulis Carane Gawe Samubarang

Gawe Panganan Pelas
Resep siji iki kena diarani wis rada langka, wis rada angel golekane. Mbokmenawa wae ing daerah Madiun, Magetan, lan Ngawi wae kang isih ana. Arane yakuwi bothok Pelas. Bothok Pelas kuwi satemene saemper bothok Mlandhing mung wae komponen bahanne kang beda. Sing utama yakuwi saka dhele ireng.

Pelas wis angel golekane, arang banget wong kang adol. Mangka satemene rasane enak banget. Mbokmenawa wae kegerus panganan ‘modern’ jaman saiki. Pengin ngerti kaya ngapa rasane? Ayo nyoba nggawe wae ya.

Bahan kang Dibutuhake:  
-     250 gr dhele ireng, direndhem sewengi   
-     klapa nom saglundhung, diparut kasar     
-     godhong salam sacukupe      
-     laos sacukupe, iris tipis-tipis 
-     godhong gedhang    

Bumbu kang Dialusake:
-     8 siyung brambang
-     5 siyung bawang
-     1 sdt tumbar
-     3 cm kencur
-     1 sdt gula jawa
-     1 sdt uyah

Carane Nggawe:
Dhele ireng direndhem sewengi, sawise kuwi ditus banjur didang nganti mateng. Campur bumbu alus klawan kelapa parutan, lan dhele ireng kang wis mateng. Sabanjure godhong gedhang disiapake kanggo mbungkus, luwih dhisik wenehana salembar godhong salam lan sairis laos, banjur diiseni 2 sdm campuran kelapa lan dhele ksb. Bungkus kaya dene mbungkus bothok, dibitingi, lan didang 30 menit engga mateng.
Prasaja ta?
Yen seneng rada legi, bisa ditambahake gula Jawa.

Tugas Mandhiri
Wangsulana pitakon ing ngisor iki adhedhasar pacelathon ing dhuwur!
1.    Apa wae kang dicampur karo dhele ireng kang wis mateng?
Wangsulan:
Campur bumbu alus klawan klapa parutan.

2.    Kepiye carane mbungkus pelas dhele ireng?
Wangsulan:
Dibungkus karo godhong gedhang, bungkuse kaya dene mbungkus bothok, dibitingi.

3.    Apa bahan dhasare yen arep nggawe panganan pelas dhele ireng?
Wangsulan:
dhele ireng

4.    Apa wae bahan kang kudu disiapake menawa arep gawe pelas dhele ireng?
Wangsulan:
-        250 gr dhele ireng, direndhem sewengi
-        klapa nom saglundhung, diparut kasar
-        godhong salam sacukupe
-        laos sacukupe, iris tipis-tipis
-        godhong gedhang

5.    Sebutna bumbu kang dibutuhake menawa arep gawe pelas dhele ireng?
Wangsulan:                   
8 siyung brambang, 5 siyung bawang, 1 sdt tumbar, 3 cm kencur, 1 sdt gula jawa, 1sdt uyah


Kembali ke Daftar isi Soal, Kunci, Materi Basa Jawa SD, SMP, SMA/SMK




Share :

Facebook Twitter Google+
0 Komentar untuk "Materi B. Jawa SD Kelas 4/2 (Pelajaran 4)"

Back To Top