Soal + Kunci Jawaban UKK B. Jawa SD Kelas 3/2


I.    Wacanen kanthi premati!

Mreti Kesehatan
Bu Ning, gurune Putri kelas 3 pancen priyayine grapyak, semanak, tur dhisiplin. Saben esuk jam 06.00 Bu Ning wis tindak sekolahan, nitih pit montor, watara 15 menit tekan sekolahan.

Bu Ning iku priyayi sing mreti kesehatan, wiwit rambut tekan sikil diupakara njaba njero. Tegese diupakara njaba iku kanthi resikan, rikmane dijamasi rong dina pisan nganggo sampo anti ketombe. Pasuryane diresiki sedina pindho, nganggo krim pembersih, mula ora jerawaten. Nek siram sabune sing wangi tur apik.

Sikate gigi apik, bisa diputer-puter ngresiki kerak untu, tur odhole ya enak. Iku kabeh kalebu ngupakara badan saka njaba. Lha yen saka njero Bu Ning uga ora tau lali. Bu Ning mesthi ngunjuk suplemen makanan kesehatan lan vitamin. Jarene yen ngunjuk kuwi awake terus ora gampang kena lelara. 

Saumpamane kerep tindakan adoh, kesel-kesel, Bu Ning cepet mari. Yen serak-serak, Bu Ning uga ngunjuk makanan kesehatan iku sedina ping pindho. Putrane Bu Ning, jenenge Palupi, umure lagi limang tahun. 

Saliyane maem lan ngombe susu saben esuk, Palupi uga diparingi multivitamin sing rasane jeruk. Palupi sehat, ora tau lelaranen, awit gisine dijaga dening ibune. Kangmase Palupi jenenge Eko uga ngombe multivitamin, malah sedina pindho amarga multivitamin apik banget kanggo kesarasan. Multivitamin kanggo anak biasane kaya kembang gula, bunder gepeng, ana sing rasane apel, jeruk, strawberi, lan coklat.

Dina Minggu pas Bu Ning tindak-tindak karo garwane, ketemu Bu Heru, sedulure prenah enom. Bu Heru matur, “Mbak, kok lare kula Ani wingi nyuwun kembang gendhis ingkang kados gadhahanipun Mbak Palupi, nanging kula pados dhateng pundi-pundi kok boten wonten. Punika menapa to, Mbak?”

Bu Ning gumujeng. “O, sing kaya kembang gula iku jenenge multivitamin. Yen Jeng Heru arep mundhut, toko ya ora ana sing adol, wong sing adol mung apotik. Arep ngagem pirang kothak ta, mengko kareben diaturke mrana.”
Bu Heru kaget, “Lho, Mbak Ning inggih badhe mundhut, ta”? Lha yen ngaten keleresan.”
“Iya mengko rawuh nggonku, yo keno!” ngendikane Bu Ning. “Inggih Mbakyu,” wangsulane Bu Heru.

Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi bener! Garapen karo kancamu sabangku!
1.    Ibune Ani iku sapa asmane?       
Wangsulan :  Bu Heru 

2.    Multivitamin sing kanggo bocah biasane kaya apa?    
3.    Supaya resik yen adus kudu nganggo apa?           
Wangsulan :  sabun 

4.    Kanggo njaga kesehatan saben dina Bu Ning ngunjuk apa?           
Wangsulan :  suplemen makanan kesehatan lan vitamin
5.    Multivitamin iku diedol ana ing ngendi?        
Wangsulan :  apotik 

6.    Palupi putrane Bu Ning iku umure pira?  
Wangsulan :  limang tahun 

7.    Bu Ning iku guru kelas pira?      
Wangsulan :  kelas 3 

8.    Yen kramas iku nganggo apa?           
Wangsulan : sampo 

9.    Kajaba maem lan ngombe susu, Palupi uga diparingi apa?
Wangsulan : multivitamin sing rasane jeruk. 

10.  Multivitamin iku apik kanggo apa?
Wangsulan :  kanggo kesarasan

                                                                                     
II.   Pilihen salah siji jawaban kanggo soal-soal ing ngisor iki kanthi menehi tandha ping (x) ing antarane a, b, c, utawa d kang kokanggep paling bener!

1.    Sukete dibabadi nganggo ....
             a.    pacul    
             b.    arit       
             c.    peso
             d.    sendhok
Wangsulan : b

2.    Wali Sanga yen ditulis nganggo aksara Jawa dadi…
a.    sz[wolu
b.    waidq
c.    wlisz
d.    wlisb
Wangsulan :  c

3.    Taman Mini Indonesia indah iku tetironing ....
a.    jagad
b.    Nuswantara
c.    Sumatra
d.    Jawa Tengah
Wangsulan : b

4.    Abang-abang ora legi, tiwas magang ora dadi.
       Ukara ing dhuwur kalebu ....
a.    wangsalan
b.    parikan
c.    cangkriman
d.    dolanan
Wangsulan :  b

5.    Crita “Kancil lan Baya” kalebu jinise ....
a.    dongeng            
b.    fabel                  
c.    legenda             
d.    sage
Wangsulan :  b

6.    Marang tangga teparo iku kudu ....
a.    congkrak           
b.    padudon
c.    drengki             
d.    rukun
Wangsulan :  d

7.    Bapak tuku rokok ana warung.
       Ukara ing dhuwur menawa diowahi nganggo basa krama yaiku ....
a.    Bapak tumbas rokok wonten warung.
b.    Bapak mundhut ses wonten warung.
c.    Bapak mundhut ses ana warung.
d.    Bapak tumbas rokok wonten warung.
Wangsulan :  b

8.    Andi     :      “Apa gunane areng brambut iku?”
       Dika      :      “Kanggo nyaring banyu supaya bening lan resik.”
       Andi     :      “Apa bahane ya mung cukup areng berambut thok, Di?”
       Dika      :      “Ora Ndhi. Ana bahan liyane, kayata duk, krikil, lan batu bara. Kabeh mau duwe piguna dhewe-dhewe.
       Isine pacelathon antarane Dika karo Andi yaiku ....
a.    rembugan bab tugas sekolah saka Bu Ida
b.    rembugan carane nambal ban bocor supaya luwih cepet
c.    rembugan bahan-bahan kanggo nyaring banyu
d.    rembugan bab asile latihan Pramuka sesasi iki
Wangsulan : c

9.    Wayang iku kalebu crita fiksi, yaiku crita kang dumadi adhedhasar ....
a.    kasunyatan
b.    panaliten
c.    kitab suci
d.    angen-angene pengarang
Wangsulan : d

10.  Salah sawijine tujuan wisata kang becik yaiku ....
a.    ngentekake wektu prei
b.    ngentekake sangune dhuwit
c.    ngilangake rasa sumpeking pikir
d.    menehi gawean biro perjalanan
Wangsulan :  c

11.  Papan tuku obat nganggo resep dhokter iku arane ….
                    a.    toko     
                    b.    apotik  
                    c.    KUD
                    d.   warung
Wangsulan :  b

12.  Ukara sing nuduhake yen acarane lagi arep dilekasi yaiku ....
a.    Wasana cekap semanten atur kula.
b.    Salajengipun Bapak RT kula aturi paring pangandikan.
c.    Mangga adicara menika kita wiwiti kanthi ndonga piyambak-piyambak.
d.    Sedaya sampun kalampahan mangga ngaturaken syukur dhumateng Gusti.
Wangsulan : c

13.  Manuk emprit mencok pari, dadi murid sing ... .
a.    taberi                 
b.    sregep
c.    pinter                
d.    meneng
Wangsulan : a 

14.  Pandhawa sing ragil dhewe jenenge ....
a.    Puntadewa        
b.    Wrekudara        
c.    Janaka               
d.    Sadewa
Wangsulan : d

15.  Kula ndherek ibu sowan eyang ingkang nembe gerah, nanging sapunika gerahipun eyang sampun ....
             a.    senggang    
             b.    waras   
             c.    nemen
             d.    mantun
Wangsulan : d

16.  Ing ngisor iki kang dudu kalebu sarana transportasi modhern yaiku  ....
a.    busway             
b.    helikopter          
c.    kapal ferry
d.    gethek
Wangsulan : d

17.  Darma  :     “Gi, Sugi, anggonmu neng kutha rak durung suwe ta? Mesthi kowe ngerti bab tetanen lan rabuk kang lagi wae diterangake Pak Guru.”
       Sugi      :     ”Pancen aku maesa kok! Tegese omahe ndesa. Lha yen mung prakara rabuk wae, kecil cekake! Kowe arep takon apa? Takona sasenengmu, ndang!”
       Pacelathon antarane Darma karo Sugi ngrembug prakara ....
a.    asale Sugi          
b.    maesa                
c.    rabuk
d.    Pak Guru
Wangsulan :  c

18.  Wisata menyang Sea World iku kang ditonton yaiku saweneh kewan kang diarani ....
             a.    iwak           
             b.    macan
             c.    gajah    
             d.    baya
Wangsulan : a

19.  Bale kota yen ditulis nganggo aksara Jawa dadi …
a.         v[l[kot
b.         zle[koq
c.         blekuq
d.         b[l[kot

Wangsulan :  d

20.  Pitik walik tanpa lancur ....
       Bacutane parikan ing dhuwur yaiku ....
a.    blanja sithik arang nganggur
b.    blanja sithik tetep kurang
c.    blanja sithik ajeg mangan
d.    blanja sithik ora kurub
Wangsulan : a

21.  Beni sawise lulus dadi insinyur ora nyambut gawe kantoran, nanging ngopeni bandeng ing ....
             a.    kolah    
             b.    tlaga
             c.    kali
             d.    tambak
Wangsulan : d 

22.  Sang Prabu kedhatone ing Ayodya. Pepatihe Raden Sugriwa. Senapati perange Raden Anoman. Garwane Dewi Shinta.
Asmane sang Prabu yaiku ....
a.    Sang Hyang Wisnu
b.    Raden Laksamana
c.    Prabu Dasamuka
d.    Prabu Rama      
Wangsulan : d 

23.  Aksara Jawa iku cacahe ana ....
a.    19                       c.    21
b.    20                       d.   22
Wangsulan : b

24.  Tembung sing dienggo ing geguritan becike ....
a.    endah tur mentes
b.    nggladrah
c.    ngremit
d.    prasaja
Wangsulan : a

25.  Pamarintah netepake Program Wajib Belajar 9 Tahun.
       Miturutmu, sing kanggo sasaran bocah sing umure ... taun.
a.    1 - 9                         
b.    4 - 12
c.    7 - 15                
d.    9 - 18
Wangsulan : c

II.   Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki nganggo tembung kang mathuk!
1.    Indonesia klebu negara ... amarga pendhudhuke dadi tani.
Wangsulan : agraris 

2.    [mj tulisan jawa ing sisih kiwa diwaca ....
Wangsulan :  meja 

3.    Tembung tandur, matun, ani-ani klebu tembung bidhang ....   
Wangsulan :  pertanian 

4.    Geguritan iku uga diarani ....
Wangsulan : puisi Jawa 

5.    kuws  tulisan Jawa ing sisih kiwa diwaca ....
Wangsulan : kuwasa 

6.    Tembang Gambuh klebu jinis tembang ....
Wangsulan :  macapat 

7.    Obah herege bumi iku diarani prastawa ....
Wangsulan :  alam 

8.    Tembung kramane lara yaiku ....
Wangsulan :  gerah

9.    Mangsa ... kerep ana banjir.
Wangsulan : rendheng 

10.  Guru iku gaweane mulang wuruk marang ....
Wangsulan : siswa  


IV. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi bener!
1.    Gawea ukara nganggo tembung ing ngisor iki
       a.    Pira      
       b.    Sapa
Wangsulan :  kreativitas siswa.

2.    Paragraf ing ngisor iki jangkepana supaya dadi paragraf sing mathuk!
       Lina bocah kelas 3 ing SD 5 Salatiga. Prei semester iki, Lina arep menyang nggone Simbah sing mapan ana Semarang. Lina lan Ibuke numpak ... sing bane cacahe telu. Sawise tekan ... Lina lan Ibuke nyegat bus. Kanthi wektu rong jam, Lina lan ibuke tekan Semarang. Banjur numpak transportasi tradhisional sing digeret jaran, sing jenenge ... .
Wangsulan :  Becak, Terminal, Andhong.

3.    MbakTutik- jambu-ngundhuh -kebon-ing
       Tembung-tembung ing dhuwur rakiten supaya dadi tembung kang bener!
Wangsulan :  Mbak Tutik ngundhuh jambu ing kebon. 

4.    Aranana tuladha prastawa nggegirisi (menakutkan) kang kokngerteni!
Wangsulan :  kacilakan montor mabur, sunami lsp.

5.    Tulisan Jawa ing ngisor iki saline dadi tulisan Latin!
       a.    duku    
       b.    mfu                           
Wangsulan : a.Dhuku   b.madu


Share :

Facebook Twitter Google+
0 Komentar untuk "Soal + Kunci Jawaban UKK B. Jawa SD Kelas 3/2"

Back To Top