SK
Mendengarkan
Mampu mendengarkan dan memahami ragam wacana lisan melalui pembacaan teks pidato dan cerita wayang.
Berbicara
Mampu mengungkapkan pendapat dan perasaan secara lisan tentang pidato dan mengapresiasi tembang macapat.
Membaca
Mampu membaca dan memahami teks pidato dan membaca huruf Jawa.
Menulis
Mampu menulis karangan dalam berbagai bentuk dan menulis huruf Jawa.
KD
1.2 Mendengarkan cerita tokoh wayang Nakula dan Sadewa.
2.2 Berpidato.
3.2 Membaca kalimat berhuruf Jawa.
4.1 Menulis karangan (parafrase, dialog, narasi, dan sebagainya.
Karakter : Cinta tanah air, tekun, cinta ilmu, percaya diri, berani
A.Nyemak (Nyemak Crita Wayang)
Sudamala
Dewi Kunthi, ibune para Pandhawa sumelang atine menggalih putra-putrane kang lagi perang mungsuh raseksa Kalantaka lan Kalanjaya sing sekti mandraguna. Dewi Kunthi nyuwun pitulungane Bathari Durga kanggo mateni Kalantaka lan Kalanjaya. Sang Bathari sumadya ngabulake panyuwune kanthi syarat Dewi Kunthi kudu masrahake Sadewa. Dewi Kunthi mesthi bae nolak syarat iku, nanging sabanjure ana kang ngosikake batine Dewi Kunthi. Salah siji abdine Bathari Durga manjing marang Dewi Kunthi. Perang batin kang rame dialami Dewi Kunthi, milih mbelani putrane dhewe, sang Bima lan Arjuna kang lagi tandhing karo Kalantaka lan Kalanjaya nanging ngorbanake putra kwalon sang Sadewa. Amarga wis kepanjingan balane Durga, Dewi Kunthi banjur ngalahake rasa tresnane marang putra kwalone sang Sadewa. Owah kekarepane Dewi Kunthi banjur nggawa Sadewa menyang Alas Setra Gandamayit. Sadewa dibanda, dicencang, ditaleni ana wit.
Sadewa amung manut bae marang ibune. Kanggo Sadewa ibune iku kaya dene gurune kang wis minterake, ngopeni lan ngajarake cara supaya bisa urip marang dheweke. Apa bae printahe ibune dilakoni. Sadewa percaya Gusti bakal tansah nylametake sanajan ketoke dheweke bakal dikorbanake. Sadewa luwih ayem, amarga Semar sang pamong ngeterake dheweke nalika digawa ibune menyang Alas Setra Gandamayit. Semar tau mbisiki menawa dheweke bakal diuji rasa bektine marang ibu, sabanjure diweden-wedeni meh dipateni, nanging bab iku mujudake sawijining cara kanggo matengake jiwane kang isih kaya bocah. Sawise dheweke kalis saka rasa wedi mati, uripe bakal luwih tentrem lan darmane bakal nyuda memala, ‘Sudamala’.
Lungguhan ana sangisore wit kang nyancang awake, Sadewa diweden-wedeni wewujudan kang nggegirisi. Sadewa tetep wae anteng lan sabar, wusanane Bathari Durga dhewe kang teka kanthi wujud kang luwih saka nggegilani. Bathara Guru teka nulungi Sadewa kanthi manjing ana ragane banjur ngrapalake donga pangruwatan kang njalari Bathari Durga eling sapa dheweke mbiyen. Wujude Bathari Durga malih dadi ayu maneh kaya mbiyene nalika isih dadi widadari Dewi Uma. Sabanjure Bathari Uma ngaturake panuwun marang Sadewa lan menehi jeneng anyar “Sudamala”.
Abdine Bathari Durga kang manjing ana Dewi Kunthi pengin diruwat nanging malah digeguyu Semar lan dikon tapa kanggo ngresiki jiwane sing isih kaya raseksa. Wusanane Sudamala utawa Sadewa ngewangi kakange ngalahake Kalantaka lan Kalanjaya.
B. Micara
Sesorah
Sesorah iku uga diarani pidhato. Yaiku ngendika ing sangarepe wong akeh. Yen ngendikan karo konco kancane dhewe mono saben wong bisa nglakoni. Ananging yen didhawuhi ngendikan ing sangarepe wong akeh durung mesthi bisa.
Coba praktekna wacan pidhato ing ngisor iki ing sangarepe konco-koncomu!
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Bapak, Ibu Dewan Juri saha sedherek-sedherek ingkang kula kurmati.
Saderengipun mangga kita sareng ngaturaken puja-puji pudyastuti dhumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Maha kuwaos inggih punika Gusti Allah swt.. Amargi kanthi linuberan rahmat saha hidayanipun kita sedaya saged pinanggihan wonten wekdal ingkang sae menika kagem mengeti dinten Kamardikan Republik Indonesia ingkang kaping 65.
Para Rawuh ingkang minulyo,
Kita sedaya sampun mangertosi menawi Nagari Indonesia punika sampun saged sejajar utawi sami kaliyan nagari maju sanesipun. Kathah sampun penghargaan utawi predikat ingkang dipun sandhang kaliyan Indonesia wonten tingkat Internasional. Ananging punapa saged Indonesia moncer kados sakmenika menawi mboten wonten pahlawan bangsa wonten warsa 1945? Menawi kados menika kita kedah instropeksi diri saha kedah nggadhah pambegan menapa ingkang sampun kita aturaken dhumateng bangsa kita.
Bapak, Ibu Dewan Juri saha sedherek-sedherek ingkang kula kurmati,
Wonten wekdal menika, wulan Agustus 2010, Indonesia sampun ganep yuswanipun ingkang kaping 65. Yuswa kados menika mboten sami kaliyan kahananipun Bangsa Indonesia luwih-luwih perjuwanganing pahlawan nagari. Taksih kathah warga masyarakat ingkang dereng ngraosaken gesang ingkang mulya wonten warsa menika. Ugi taksih kathah luwih saking setunggal ewu siswa/i Indonesia ingkang mboten nglajengaken sekolah amargi kiranging biaya saha inggilipun kebutuhan pokok luwih-luwih wonten kitha ageng kados to kitha Malang menika. Punapa menika kamardikan hakiki ingkang sampun dipun sandhang Nagari Indonesia kurang luwih 65 warsa kepengker? Kahanan menika miturut pangemut kula amargi kiranging partisipasinipun warga masyarakat Indonesia. Pamerintah RI saged sae kinerjanipun saha lancar programipun menawi sedaya warga masyarakat nggadhahi partisipasi ingkang ikhlas kagem nglaksanakaken program pembangunan menika saha maringi tanggung Jawab marang pamerintah.
Para Rawuh ingkang kula kurmati,
Kangge ngisi kamardikan punika, kita minangka siswa siswi Indonesia mangga sesarengan nggadhahi rasa sosial dhumateng pepadha. Rasa sosial menika saged kita wujudaken kados:
1. paring kinurmatan marang guru-guru , tiyang sepah, luwih-luwih pahlawan bangsa kita,
2. sami nglestarekaken budaya utawi nilai-nilai tradisi bangsa ingkang kinakar saking budaya daerah, nggih kados basa Jawi menika,
3. njagi kautuhaning persatuan saha kesatuan bangsa, lan sapanunggalanipun.
Menawi tiga menika minimal sampun ditindakaken kaliyan pemuda/pemudi Bangsa Indonesia, Insya Allah kamardikan bangsa ingkang mituhu saged dipun raosaken dening sedaya warga masyarakat Indonesia. Amargi sakmenika budaya globalisasi sampun kathah anjalarwonten jiwaning pemuda/pemudi Indonesia, mula budaya global ingkang negatif punika cepet sanget ngrisak moraling anak negeri. Ingkang penting sanget inggih punika kita kedah njagi persatuan kaliyan generasi muda sami wonten saindenging Nuswantara saha mboten ambeda-bedakaken sedherek-sedherek kita supados Nagari Indonesia saged gemah ripah loh jinawi saha dados andakara wonten donya punika.
Sedherek-sedherek ingkang minulya,
Kula kinten sampun cekap ingkang saged kula aturaken. Kula ugi nyuwun gunging samudra pangaksami menawi wonten pitutur kula ingkang mboten sekeca wonten penggalihipun para rawuh sedaya. Kados parikan:
Ana temanten mangan srikaya,
Mangan kupat uga terasi,
Cekap semanten atur kawula,
Sedaya lepat nyuwun pangaksami.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
(Kapethik saka madaisking.blogspot.com kanthi ewah-ewahan saprelunipun)
Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi nggatekake pidhato ing dhuwur!
1. Tulisen pambukane sesorah iku?
Wangsulan:
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Bapak, Ibu Dewan Juri saha sedherek-sedherek ingkang kula kurmati.
Saderengipun mangga kita sareng ngaturaken puja-puji pudyastuti dhumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Maha kuwaos inggih punika Gusti Allah swt.
2. Apa isine sesorah ing dhuwur?
Wangsulan:
Kagiyatan kanggo ngisi kamardikane bangsa
3. Kepiye panutupe sesorah ing dhuwur?
Wangsulan:
Kula kinten sampun cekap ingkang saged kula aturaken. Kula ugi nyuwun gunging samudra pangaksami menawi wonten pitutur kula ingkang mboten sekeca wonten penggalihipun para rawuh sedaya. Kados parikan:
Ana temanten mangan srikaya,
Mangan kupat uga terasi,
Cekap semanten atur kawula,
Sedaya lepat nyuwun pangaksami.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
4. Sesorah ing dhuwur diucapake ing acara apa?
Wangsulan:
Lomba sesorah kanggo mengeti dina kamardikan
5. Kepiye carane mujudake rasa sosial marang sapadha-padha?
Wangsulan:
Paring pakurmatan marang guru, tiyang sepah, nglestarekaken budaya, njagi kautuhaning persatuan saha kesatuan.
C. Maca (Aksara Jawa)
1. Ukara Nganggo Aksara Jawa
Tuladha:
?p]burhwnrtuai=zX=ksugihbnD,sekTi.
?kumBk/nbutnzi=fu[wjiwsti]ylbuhnegr.
2. Sigeg/Mateni “ng”, “r”, “h”, lan Pasangan “nga”, “ra”, “ha”
Tuladha:
a. Sigeg “ng” : ( = ) contone ing tembung sarung, kawung, bawang, rewang
“r” : ( / ) contone ing tembung bubur, sabar, sasar
“h” : ( h ) contone ing tembung owah, sawah, Jawah, layah
Tuladha:
Sarung = sru =
Bubar = bub/
gabah = gbh
b. Pasangan “ng”, “r”, lan “h” : ( Z) contone ing tembung Mas Ngadina, wis ngidul, dak ngirim
“r” :( R) contone ing tembung pit rusak, awak ringkih, adol rokok, jaran ratu
“h” : (H) contone ing tembung Den Harjo, bis Handoyo, mesin hitung, numpak Honda.
Tuladha:
Mas Ngadina = msZfin
Pit rusak = pitR|sk\
Den Harjo = [fnH/j
Garapan
A. Tembung lan ukara kanthi aksara Jawa ing ngisor iki tulisen Latine!
1. pyh : ....
Wangsulan :
Payah
2. jwh : ....
Wangsulan :
Jawah
3. gugu/gun=u : ....
Wangsulan :
Gugur gunung
4. p]auly/ : ....
Wangsulan:
Prahu layar
5. smB|=mcn\ : ....
Wangsulan :
Sambung macan
B. Tembung lan ukara ing ngisor iki tulisen nganggo aksara Jawa!
1. Ibu kita Kartini : ....
Wangsulan :
ai bu ki t k/ ti ni
2. Bung Tomo : ....
Wangsulan :
bu= [to [mo
3. Pahlawan Diponegoro : ....
Wangsulan :
ph lwnFi[pone [go[ro
4. Pangeran Antasari : ....
Wangsulan :
pqernHnTsri
5. Dewi Sartika : ....
Wangsulan :
de wi s/ ti k
Garapan
Tulisan ing ngisor iki wacanen kanthi lesan tanpa nyalin aksara luwih dhisik!
1. l y= k b/ 4. k m/ fi kn\
2. ai bu munDutGu l 5. ne g r ai [n[D ne si y
3. ph lwnNe g r
Wangsulan :
1. Layang kabar,
2. Ibu mundhut gula
3. Pahlawan negara
4. Kamardikan
5. Negara Republik Indonesia
D Nulis (Nulis Narasi)
Narasi utawa paparan iku tulisan kanggo njlentrehake kedadean utawa cerita. Narasi iku kanggo nerangake salah sawijine kedadean sing wis kelakon ing kepungkur.
Tuladha:
Wacan ing ngisor iki gatekna!
Pangeran Diponegoro
Wiwit taun 1825 ngantos dumugi taun 1830 ing tanah Jawi wonten perang ageng, katelah nami Perang Diponegoro. Dipunwastani Perang Diponegoro awit pengageng ingkang ngadani perang mengsah Kumpeni menika priyantun trahing aluhur, sesilih Pangeran Diponegoro.
Pangeran Diponegoro punika sedherek tunggal rama sanes ibu kaliyan Sri Sultan Hamengku Buwono IV ing Yogyakarta, putranipun Sultan Hamengku Buwono III.
Sasedanipun Sri Sultan Hamengku Buwono IV, ingkang putra, ingkang kala semanten saweg yuswa tigang taun, winisudha gumantos jumeneng nata, sesilih Sultan Hamengku Buwono V. Awit saking kersanipun para pinisepuh, Pangeran Diponegoro kadhawuhan ngembani ingkang putra keponakan, Sri Sultan Hamengku Buwono V.
Sanajan ingkang piniji ngembani Sri Sultan Hamengku Buwono V punika Pangeran Diponegoro, nanging ingkang ngasta bang-bang pangalum-aluming praja, ngembat pusaraning negari, Ki Patih Danureja IV. Sang Rekyana Patih ketliweng kenging pambujukipun Kumpeni, satemah kathah pranataning nagari ingkang adamel cuwanipun para kawula ing Yogyakarta, minggahipun para sentana sedaya. Awit, pranatan-pranatan punika saestu adamel pitunanipun para senatana punapa dene para kawula ing Yogyakarta. Kosok wangsulipun, pranatan punika saya adamel sekeca saha omberipun bumi Nusantara. Pranatan ingkang damel cuwanipun para kawula punika umpamanipun icalipun arta sewan tumrap siti ingkang dipunsambut dening Kumpeni: rakyat kedah mbayar paos pandamelipun margi, kreteg, lan slokan-slokan irigasi: margi dipunsewakaken dhateng bangsa Cina.
Nguningani kawontenan ingkang boten saleresipun punika, Pangeran Diponegoro runtuk kondur dhateng purinipun ing Tegalreja, tata-tata ngadani perang mengsah Kumpeni.
Ndilalah wonten dadakanipun. Kala semanten Kumpeni badhe miyaraken margi Yogya-Magelang. Pathok-pathokipun margi ingkang dipunwiyaraken menika nrajang siti lenggahipun Pangeran Diponegoro. Rumaos boten dipunsuwuni ijin, Pangeran Diponegoro dhawuh njabuti pathok-pathok punika.
Sumerep glagat ingkang kirang sae, punapa dene malih Pangeran Diponegoro nduwa timbalanipun residhen, Kumpeni nglurug dhateng Tegalreja, purinipun Pangeran Diponegoro dipunbesmi. Tujunipun, Pangeran Diponegoro saha ingkang garwa dalah para pendherekipun sawatawis saged lolos. Pangeran Diponegoro sapendherekipun makuwon wonten ing Selarong. Wiwit nalika menika Pangeran Diponegoro ngadani perang mengsah Kumpeni.
Pangeran Diponegoro ngecakaken pindhah-pindhah, satemah Pangeran Diponegoro angel dipuncepeng. Kuciwa, sasampunipun lumampah dhateng gangsal taun, pendherekipun para wadya bala, satunggal kalih sami pasrah bongkokan, nungkul dhateng Kumpeni remeh manahipun. Lajeng tuwuh akalipun julig ingkang linambaran ing watak nistha. Kumpeni ajak-ajak rembagan dhateng Pangeran Diponegoro. Kanthi prasaben bokbilih ing salebetipun pirembagan mangke pemanggihipun Pangeran Diponegoro boten saged gathuk kaliyan pemanggihipun Kumpeni, Pangeran Diponegoro kenging kondur lan kenging nglajengake perang mengsah Kumpeni.
Tetela, nalika pirembaganipun Kumpeni kaliyan Pangeran Diponegoro boten saged gathuk, Pangeran Diponegoro lajeng dipuncepeng sarta dipunkandhangaken dhateng Manado. Salajengipun dipunpindhah dhateng Makassar ngantos dumugining seda kala taun 1855.
(Kapethik saking Krida Basa 6)
Garapan
Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi pratitis adhedhasar wacan ing dhuwur!
1. Taun pira Perang Diponegoro iku dumadi?
Wangsulan:
Taun 1825-1830.
2. Kena ngapa wadya balane Pangeran Diponegoro dadi ringkih?
Wangsulan :
Sampun sayah.
3. Sapa sejatine Pangeran Diponegoro?
Wangsulan:
Putranipun sultan Hamengkubuwana III.
4. Pranatan apa wae sing gawe gela para kawulane Pangeran Diponegoro?
Wangsulan:
Icalipun arta sewan tumrap siti ingkang dipunsambut dening kumpeni,rakyat kedah bayar paos pandamelipun margi, kreteg, slokan-slokan irigasi, margi dipunsewakaken dhateng Cina.
5. Kepriye sikepe/tanggapane Kumpeni ngerteni glagate Pangeran Diponegoro kang miturute kurang becik?
Wangsulan:
Kumpeni nglurug ana ing Tegalreja.
0 Komentar untuk "Materi Basa Jawa Kelas 6 SD/2 (Pelajaran 1)"