Soal + Kunci Jawaban B. Jawa SD Kelas4/2 (Pelajaran 4)


Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi pratitis! 
Ngepek
Dina Selasa iku beda karo dina Selasa sadurunge. Kabeh kancaku tekane gasik. Yen biyasane rame-rame crita bab acara TV, olehe layangan, bal-balan lan sapiturute. Dina iku kabeh anteng karo nyangking bukune dhewe-dhewe padha diwaca. Pak Aris guru IPS arep nganakake ulangan ing jam kapisan.

Aku sing biasane paling crewet uga melu kaya sing ditindakake kancaku. Meneng sinambi maca. Ing atiku rada ana dheg-dhegan sebab aku pancen kalebu bocah sing kesed sinau. Ora suwe bel muni. Bocah-bocah banjur tata baris lan mlebu kelas urut siji mbaka siji.

Saka kadohan wis keprungu swara sepatune Pak Aris.
“Sugeng enjing para siswa,” salame Pak Aris saben miwiti pamulangan.
“Enjing, Pak,” bocah-bocah mangsuli.

Sawise dhawuh supaya bocah-bocah ngetokake kertas, Pak Guru enggal ngedumake soal. Aku sakanca banjur padha nggarap. Kanca sakelas anteng nggarap soal. Semono uga aku, njingglengi soal nomer siji tekan telu entheng kabeh. Ngancik soal nomer papat, pikiranku wiwit ora karuwan sebab soale angel. 

Pikiran elekku metu. Alon-alon tanganku ngrogoh sak kathok. Dakjupuk kertas secuwil sing wis dakcepakake. Karo nglirik Pak Guru sing lenggah anteng ing ngarep. Aku miwiti aksiku. Kebeneran pas banget kepekanku mau. Swasana tetep anteng. Saking senenge atiku amarga sing dak goleki, ora ngira babar blas yen Pak Aris wis jumeneng ing mburiku. Aku tetep nyalin kepekanku entuk separo.

“Wis rampung nulise, Dar?” swara saka mburiku.
Aku kaget setengah mati, lan ora bisa njawab. Sing metu dudu tembungku nanging malah kringetku sing gobyos. Wusana garapanku dipundhut Pak Guru. Dina Selasa ngarepe aku ulangan maneh dhewekan, karo dipesen Pak Guru supaya aku percaya marang awakku dhewe.

A.   Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi pratitis adhedhasar wacan ing dhuwur!
1.    Apa pitutur kang bisa dijupuk saka wacan iku?
Wangsulan:
Dadi siswa kudu percaya marang awakke dhewe lan kudu tumindak kang jujur.

2.    Apa sebabe awake dhewe yen ulangan ora oleh ngepek?
Wangsulan:
Amarga iku minangka tumindak kang ora jujur.

3.    Wacan ing dhuwur nyritakake babagan apa?
Wangsulan:
Dina selasa ulangan IPS, wektu ulangan sawijining siswa ana kang konangan ngepek, siswa kuwi mau didhawuhi ulangan maneh selasa ngarep.

4.    Sapa jenenge guru IPS iku?
Wangsulan:                   
Pak Aris

5.    Apa sebabe si Dar gobyos?
Wangsulan:
Amarga kaget wektu ngepek, Pak Aris pandangon saka mburine.


B.   Pilihen salah siji jawaban kanggo soal-soal ing ngisor iki kanthi menehi tandha ping (x) ing antarane a, b, c, utawa d kang kokanggep paling bener!

1.    Dadi bocah kuwi aja sok seneng goroh.
Dasanamane tembung goroh, yaiku ... .
a.    ngapusi
b.    gumedhe
c.    dolanan
d.   keset
Wangsulan:  a

2.    kuni/ rs[n pait\
       Ukara ing dhuwur wacane ....
a.    kunir rasane asem.
b.    kuning warnane busem
c.    kunir rasane pahit.
d.   kunire rasah diparut
Wangsulan:  c. 

3.    Ibu nggoreng tahu.
       Tahu digawe saka ....
a.    klapa                 c.    kecap
b.    kedhele            d.   gembus
Wangsulan:  b. 

4.    Panulisane panggonan lan tanggal layang kang bener yaiku ....
a.    Bandung: 16 Nopember 2006
b.    Bandung, 16 Nopember 2006
c.    Bandung; 16-11-2006
d.   Bandung 16 Nopember 2006
Wangsulan:  b. 

5.    Ing ngisor iki kang pait rasane yaiku ....
a.    madu                c.    bratawali
b.    garangasem     d.   anggur
Wangsulan:  c. 

6.    Yen menyang pasar aja lali tukua ... setangkep.
       Tembung kanggo ngganepi ukara ing dhuwur yaiku ....
a.    ampyang         
b.    gula pasir        
c.    gula Jawa
d.   dhadha menthok
Wangsulan:  c. 

7.    Aja lali (tulis) layang ijin menyang sekolahan!
       Tembung ing jero kurung sing bener ....
a.    nulisa                c.    nulisana
b.    nulis                  d.   nulisake
Wangsulan:  b. 

8.    Nastiti lan Ajeng dadi sahabat pena.
       Tembung kang kacitak kandel tegese ....
a.    kekancan kanthi piranti pena
b.    kekancan kanthi kirim-kiriman surat
c.    kekancan kang diwiwiti kanthi nyilih pena
d.   kekancan kang ora ngreti namane
Wangsulan:  b. 

9.    Parma nylumbat krambil.
       Lesane ukara ing dhuwur yaiku ....
a.    Parma              
b.    krambil            
c.    Nylumbat
d.   nylumbat krambil
Wangsulan:  b. 

10.  Dhi, golekna blarak arep dakgawe ...!
       Tembung kang trep kanggo ngganepi ukara ing dhuwur yaiku ....
a.    bleketepe         c.    tarub
b.    kupat                d.   pager
Wangsulan:  b. 

11.  Gambar wayang ing sisih tengen arane ....
a.    Puntadewa     
b.    Werkudara     
c.    Janaka
d.   Baladewa
Wangsulan:  b. 

12.  Tindak tanduk kang ora becik ditindakne nalika mangan bareng yaiku ....
a.    migunakake tangan tengen
b.    mangane karo lungguh
c.    mangane kècap (nyuwara)
d.   pas mangan meneng ora caturan
Wangsulan:  c. 

13.  Ngecakake basa kudu nganggo unggah-ungguh.
       Sinonim tembung kang kacithak kandel ing dhuwur ....
a.    tata krama       
b.    lembah manah      
c.    tata cara
d.   andhap asor
Wangsulan:  a. 

14.  Yen dadi panguwasa aja nganti kaya saloka gajah ngidak rapah, kang tegese ....
a.    Wong sing ketuju kekarepane.
b.    Wong sing cilaka amarga rembuge dhewe.
c.    Wong sing kuwasa nanging nerak wewalere dhewe.
d.   Wong sing tumindak kanthi migunakake asmane wong sing kuwasa.
Wangsulan:  c. 

15.  Le, tukokna kayu ... wae!
       Tembung kang mathuk kanggo ngganepi ukara ing dhuwur yaiku ....
a.    satalen              c.    saunting
b.    satompo           d.   sabongkok
Wangsulan:  d. 

16.  Wong asor nanging sugih kapinteran, bebasane ....
a.    Kutuk marani sunduk.
b.    Adol lenga kari busike.
c.    Bathok bolu isi madu.
d.   Kriwikan dadi grojogan.
Wangsulan:  c. 

17.  Genea tahu disenengi wong akeh?
       Ukara ing dhuwur kalebu ukara ....
a.    pakon               c.    tanggap
b.    andharan          d.   pitakon
Wangsulan:  d. 

18.  Janur digawé kupat, yen ditulis Jawa ....
a.    jn/u figwe kupt
b.    jn/u fig[w kupt\
c.    jnu fig[w kupt\
d.   jn/ fig[w kupt\
Wangsulan:  b. 

19.  Sutini ngombe rujak degan.
       Tembung kang kacithak kandel minangka ....
a.    jejer                   c.    lesan
b.    wasesa              d.   katrangan
Wangsulan:  c. 

20.  Emping bisa nyebabake asam urat dhuwur.
       Bahan bakune emping yaiku ....
a.    pohung             c.    so
b.    kroto                 d.   mlinjo
Wangsulan:  d. 

21.  Pak Ngadiman dodol tahu guling.
       Jejere ukara ing dhuwur yaiku ....
a.    Pak Ngadiman
b.    dodol
c.    tahu guling
d.   Pak Ngadiman dodol
Wangsulan:  a. 

22.  Gajah perang karo gajah, kancil mati ing tengah, tegese ....
a.    Wong gedhe kang padha pasulayan wong cilik sing dadi korban.
b.    Wong tuwa njaluk wulang marang anak.
c.    Melu rekasa nanging ora melu ngrasakake kepenake.
d.   Wong asor tumindak kaya wong luhur.
Wangsulan:  a. 

23.  Pacelathon bisa kedadean menawa paling ora ana wong ....
a.    siji                     c.    telu
b.    loro                   d.   papat
Wangsulan:  b. 

24.  Perang bubat, yen ditulis nganggo aksara Jawa dadine ....
a.    [pr/ bubt
b.    per/ bubt\
c.    per= bubt
d.   per= bubt\
Wangsulan:  d. 

25.  Tembung sireku, murbeng kagolong tembung ....
a.    sanepa              c.    jarwo dhosok
b.    entar                  d.   garba
Wangsulan:  d.


C.   Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki nganggo tembung kang mathuk!
1.    Mbak Harti nggoreng tahu.
       Ukara ing dhuwur kalebu ukara ....
Wangsulan:
ukara tanduk 

2.    Gula Jawa iku digawe saka ....
Wangsulan:
nira(cairan) kambil, aren utawa siwalan 

3.    Simbah ngunjuk bratawali.
       Bratawali rasane ....
Wangsulan:
pait 

4.    Tempe iku digawe saka ....
Wangsulan:
dhele 

5.    Aja seneng gawe rusuh ana papan kang tentrem.
       Bebasan tembung kang kacithak kandel yaiku ....
Wangsulan:                                   
Ngubak-ubak banyu bening. 

6.    Kejugrugan gunung menyan.
       Saloka ing dhuwur duwe teges ....
Wangsulan:
pikantuk kabegjan kang gedhe 

7.    Urutane gunggunge gedhang yaiku, sauler, salirang, satangkep, banjur ....
Wangsulan:
satundhong 

8.    Aku tukokna gedhang ... wae arep dakenggo makani manuk.
       Tembung kang mathuk kanggo ngganepi ukara ing dhuwur yaiku ....
Wangsulan:
sauler

9.    Tardi nonton pabrik bata.
       Lesane ukara ing dhuwur yaiku ....
Wangsulan:                                   
pabrik bata                         
             
10.  Nani tuku buku, yen ditulis Jawa ....
Wangsulan:
tukubuku

D.  Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi pratitis!
1.    Udhalen ukara ing ngisor iki!
a.    Dhek wingi Bu Siti kulak kedhele.
b.    Ibune Ika gawe tempe saka dhele.
Wangsulan:
a.      Dhek wingi (katrangan), Bu Siti (jejer), kulak (wasesa) kedhele (lesan)
b.      Ibune Ika (jejer), gawe (wasesa) tempe (lesan) saka kedhele (katrangan)

2.    Sebutna adat kang magepokan karo jisim?
Wangsulan:
Brobosan, mecah kendhi kang isine banyu kacampur sekar, mbekta senthir nganti tekane regol, mecah gendheng, mecah piring lan sapiturute.

3.    Amrih dadi bocah lumrah
       Tulisen nganggo aksara jawa!
Wangsulan:                   
amRihffi[bochlumRh

4.    p/t ffi misuw/u me/g lucu
       Tulisen Latin ukara nganggo aksara Jawa ing dhuwur!
Wangsulan:
Parto dadi misuwur merga lucu.

5.    Ukara-ukara ing ngisor iki urutna supaya dadi paragraf kang becik!
a.    Uga ora akeh kolesterole.
b.    Malah ora ana lemake.
c.    Tahu iku ketoke sepele.
d.   Jalaran enak rasane.
e.    Nanging gedhe paedahe.
f.     Kajaba enak, gizine akeh.
Wangsulan:
Tahu iku ketoke sepele.
Nanging gedhe paedhahe.
Jalaran enak rasane.
Kajaba enak, gizine akeh.
Malah ora ana lemake.
Uga ora akeh kolesterole.

Share :

Facebook Twitter Google+
0 Komentar untuk "Soal + Kunci Jawaban B. Jawa SD Kelas4/2 (Pelajaran 4)"

Back To Top