Soal Semester 2 + Kunci Jawaban B. Jawa SD Kelas 2/2


A.   Wenehana tandha ping ing (x) aksara a, b, utawa c, kang kokanggep bener!

1.    Anak pitik arane ….
a.    cemeng
b.    meri
c.    kuthuk
Wangsulan: c. 

2.    Aku digawe saka wesi. Wujudku tipis. aku piranti pawon. Aku digunakake kanggo ngiris utawa ngrajang. Aranku ….
a.    peso                  
b.    sendok
c.    garpu
Wangsulan: a. 

3.    Kang dadi raja ing Ngamarta yaiku ….
a.    Werkudara
b.    Puntadewa
c.    Janaka
Wangsulan: b. 

4.    Punakawan cacahe ana ….
a.    telu                    
b.    lima
c.    papat
Wangsulan: c. 

 5.   Pandhawa cacahe ana ….
a.    lima
b.    enem
c.    papat
Wangsulan: a. 

6.    Basa krama numpak yaiku ….
a.    nunggang
b.    nitih
c.    numpak
Wangsulan: b. 

7.    Bapak nembe … sate. Basa krama kang trep kanggo ngisi ceceg-ceceg ing ukara kuwi yaiku ….
a.    nedha
b.    mangan
c.    dhahar
Wangsulan: c. 

8.    Budi diwenehi dhuwit ibu. Ukara iku basa kramane ….
a.    Budi diparingi arta ibu.
b.    Budi diaturi arta ibu
c.    Budi diparingi dhuwit ibu.
Wangsulan: a. 

9.    Kanggo nakokake panggonan mi-gunakake tembung pitakon .…
a.    sapa
b.    ngendi
c.    kapan
Wangsulan: b. 

10.  Ibu menyang pasar. Menyang basa kramane ….
a.    dugi
b.    tindak
c.    dhateng
Wangsulan: c. 

11.  Yen awake dhewe ditulungi kudu ngucapake ….
a.    matur nuwun
b.    nyuwun sewu
c.    nyuwun pangestu
Wangsulan: a. 

12.  Gunane gotong royong yaiku ….
a.    gawean tambah abot
b.    gawean tambah entheng
c.    gawean suwe rampunge
Wangsulan: b. 

13.  Tuladha kegiyatan ing omah yaiku ….
a.    nggarap ulangan
b.    numpak bis
c.    nyirami kembang
Wangsulan: c. 

14.  Kowe duwe buku gambar …?
       Tembung pitakon kang mathuk yaiku ….
a.    pira
b.    sapa
c.    kapan
Wangsulan: a. 

15.  Saderengipun mlebet kebon kewan bapak … karcis. Tembung kang trep kanggo ngisi ceceg-ceceg kuwi yaiku ….
a.    tuku                  
b.    mundhut
c.    tumbas
Wangsulan: b.

II.   Isenana ceceg-ceceg ing ngisor kanthi milih wangsulan ing ngisore!
1.    Papan kanggo mandhege sepur ....    
Wangsulan: stasiun

2.    Papan kanggo mandhege bis ....  
Wangsulan: terminal

3.     Papan kanggo dol tinuku barang ....    
Wangsulan: pasar

4.    Papan kanggo mriksakake wong lara ....  
Wangsulan: rumah sakit

5.    Papan kanggo golek ilmu ....
Wangsulan: sekolah       

6.    Omahe pitik ....
Wangsulan: kandhang   

7.    Omahe yuyu ....
Wangsulan: rong 

8.    Omahe dara ....
Wangsulan: pagupon     

9.    Omahe macan ....     
Wangsulan: krangkeng 

10.  Omahe jaran ....
Wangsulan: gedhogan

                    a.    terminal                    e.    stasiun               i.     krangkeng
                    b.    rumah sakit               f.    warung              j.     petarangan
                    c.    sekolah                     g.    kandhang           k.    pagupon
                    d.    pasar                         h.    gedhogan           l.     rong

IV.        Wangsulana pitakonan ing ngisor iki!
1.    Ing ngendi ibu biyasane blanja janganan?
Wangsulan:
pasar

2.    Apa arane wong kang nglakokake wayang?
Wangsulan:
dhalang       

3.    Sapa jenenge punakawan kang pawakane jangkung lan irunge dawa?
Wangsulan:
gareng  

4.    Kepriye pawakane Bagong?
Wangsulan:
Pawakane Bagong wetenge gedhe, irunge pesek, lan bokonge gedhe.

5.    Ukara ing ngisor iki kramakna:
a.    Mbahku ngombe kopi saben esuk.
b.    Mas Rahmat lagi maca buku.
Wangsulan:
a. Simbah kula ngunjuk kopi saben enjing.
b. Mas Rahmat nembe maos buku.



Share :

Facebook Twitter Google+
0 Komentar untuk "Soal Semester 2 + Kunci Jawaban B. Jawa SD Kelas 2/2 "

Back To Top