Materi Bahasa Jawa SD Kelas (Pelajaran 4)


Standar kompetensi:
1.      Mampu mendengarkan dan memahami berbagai wacana lisan tentang ungkapan teman dan tembang dolanan.
2.      Mampu mengungkapkan gagasan dan perasaan secara lisan tentang pengalaman dan mendeskripsikan benda di sekitarnya.
3.      Mampu membaca nyaring dengan lancar dan memahami teks sastra.
4.      Mampu mengungkapkan pikiran/perasaan secara tertulis dalam berbagai ragam bahasa Jawa sesuai unggah-ungguh.

kompetensi dasar:
1.2.    Mendengarkan tembang dolanan.
2.2.    Mendeskripsikan benda di sekitarnya dengan ragam bahasa tertentu.
3.1.    Membaca nyaring dan lancar teks sastra sederhana.
4.1.    Menulis kegiatan sehari-hari.


A.Nyemak:
                  Nyemak Tembang Dolanan

Gatekna anggone gurumu nembangake tembang dolanan ing ngisor iki!
                                                                                                   
Lir-ilir
Lir-ilir lir ilir tandure wis sumilir
Tak ijo royo-royo tak sengguh penganten anyar
Bocah angon penekna blimbing kuwi
Lunyu-lunyu penekna kanggo masuh dodod ira
Dodod ira kumitir bedhahing pinggir
Dom ana jlimatana kanggo seba mengko sore
Mumpung gedhe rembulane mumpung jembar kalangane
Ya suraka surak iya...
                                                                                            
                                 Sepuran
Sinten nunggang sepur lunga nyang Kediri,
wong niki sepur dhur bayare setali,
sapa trima nggonceng konangan kondhektur,
yen didhendha kenceng napa boten kojur,
sinten nunggang sepur lunga dhateng Nganjuk,
sinten pengin makmur aja seneng umuk.

Tugas Pribadhi
1.    Goleka tembang dolanan 4-5, sakliyane sing ana ing dhuwur!
2.    Tulisen ing buku tugasmu kanthi tumemen!
3.    Coba tembangna tembang dolanan kasebut!
Wangsulan:
Siswa golek lan nulis tembang dolanan saliyane ing dhuwur


B. Micara:
Ngandharake Cirine Barang
Gatekna tuladha ing ngisor iki!
No.
Gambar
katerangan
1
(gambar piring)
Iki arane piring.
Digawe saka beling.
Wangune bunder ceper.
Gunane kanggo wadhah sega
nalika mangan.
2
(gambar pacul)
Iki arane pacul.
Digawe saka wesi.
Pacul iku pirantine pak Tani.
Gunane kanggo ngangkat lan
ngedhuk lemah.

3
(gambar gelas)
Iki arane gelas.
Digawe saka beling.
Wangune bunder dawa.
Gunane kanggo ngombe.

4
(gambar tipi)
Iki arane tipi.
Wangune kothak.
Kalebu piranti elektronika.
Gunane kanggo ngrungokake
lan ndelok warta.
Uga bisa kanggo ndelok hiburan.


Tugas pribadhi
Wangsulana pitakonan ing ngisor iki kanthi pratitis!
No.
Gambar
Katrangan
1
(gambar helm)
Aku dienggo ana sirah
Aku bunder atos.
Aku digunakake nalika numpak sepedha motor.
Apa jenengku?
Wangsulan: Helem

2
(gambar lilin)
Aku murup yen oglangan.
Aku bunder dawa.
Yen murup terus, aku entek.
Apa jenengku?
Wangsulan: Lilin

3
(gambar wajan)
Aku alat masak
Aku bunder ceper.
Aku kanggo nggoreng.
Apa jenengku?
Wangsulan: Wajan

4
(gambar radhio)
Aku piranti elektronik.
Aku kanggo ngrungokake pawarta.
Aku uga bisa kanggo ngrungokake  hiburan.
Apa aku?
Wangsulan: Radhio

5
(gambar meja)
Aku piranti kanggo ndodok barang
Aku nduwe sikil papat
Sak sisihku ana kursi
Aku saka kayu
Wangsulan : Meja


C. Maca:
          Maca Seru Wacan
Maca seru tegese maca kanthi swara lan irama kang cetha.
Wacanen wacan iki kanthi swara lan irama kang cetha!
Piknik
Dina Minggu, bocah-bocah mesthi prei.
Kulawargane Raihan piknik neng Parangtritis.
Sing mangkat neng Parangtritis bapak, ibu, lan kakange yaiku Mas Rama.
Parangtritis mapane ana ing kutha Ngayogyakarta.
Papane isih asri lan nyenengke.

Kiwa tengene isih akeh karang lan ombak sing gedhe.
Hawane neng Parangtritis kepenak banget.
Neng kono akeh turis saka mancanegara uga.
Rame banget dina Minggu neng Parangtritis.


Tugas pribadhi
Wangsulana pitakonan ing ngisor iki!
1.    Apa irah-irahane wacan ing dhuwur?
       Wangsulan: Piknik  

2.    Ana ngendi Parangtritis iku?
       Wangsulan:  Ing Kutha Ngayogyakarta 

3.    Panggonan apa Parangtritis iku?
       Wangsulan:  Papan pariwisata kang awujud segara. 

4.    Sapa wae sing neng Parangtritis?
       Wangsulan:  Bapak, ibu, lan Mas Rama.  

5.    Dina apa kulawargane Raihan piknik neng Parangtritis?
       Wangsulan:  Dina Minggu.



Share :

Facebook Twitter Google+
0 Komentar untuk "Materi Bahasa Jawa SD Kelas (Pelajaran 4)"

Back To Top