Soal UAS Gasal Basa Jawa SMP Kelas 7

A.   Pilihen salah siji jawaban kanggo soal-soal ing ngisor iki kanthi menehi tandha ping (X) ing antarane a, b, c utawa d kang koanggep paling bener!
1.   Wujudipun wara-wara punika wonten kathah, salah satunggalipun inggih punika wara-wara patembaya ingkang suraosipun babagan ....
a.   iklan
b.   undhangan.
c.   sayembara
d.   peraturan

2.   Tiyang sadrajad ingkang sampun raket sesrawu-nganipun kathah-kathahipun nggunakaken basa ....
a.   Ngoko Lugu
b.   Ngoko Alus
c.   Krama Lugu
d.   Krama Alus

3.   Titikanipun vokal miring punika kathah-kathahipun menawi dipunwuwuhi ... wangsul dados jejeg.
a.   ater-ater                  
b.   panambang             
c.   wuwuhan
d.   seselan

4.   Prayogi langkung rumiyin dipunsetitekaken pilihan wangsulan kanthi teliti saha ngati-ati. Tembung ingkang salebetipun nggadhahi vokal ‘a’ jejeg inggih punika ....
a.   bala                        
b.   tansah                     
c.   bongsa
d.   jagad Jawa

5.   Limrahipun curiga punika manjing wrangka, nanging wonten ing isbat ugelipun dados wrangka manjing curiga. Tembung manjing seratan Jawinipun ....
      a. mnji=
      b. mnCi=
      c. mvJi=
      d. mvCi=         

6.   Basa iku duweni sipat ... yaiku owah manut jaman kelakone, mula ora bisa disalahake manawa saperangan basa Jawa iku ilang.
a.   fleksibel                  
b.   dinamis                   
c.   terbuka
d.   peka jaman

7.   Nanging bisa disalahake manawa awake dhewe ora ana niat kanggo ... apa sing isih ana.
a.   nguri-uri                   
b.   ngurip-urip               
c.   nglestarekake
d.   ngrembakakake

8.   Rangsinyu muksitu. Jurang isine banyu, gumuk isine watu klebu jinising cangkriman ....
a.   wancahan
b.   pepindhan
c.   plesedan
d.   blenderan

9.                               Bapake Dasamuka iku jenenge ....
                            a.   Sumali
                            b.   Sukesa
                            c.   Danaraja
                            d.   Wisrawa

10. Pancen crita wayang kulit iku kunane asal saka Indhia, nanging amarga kreatif lan inofatife  para leluhur ing Jawa critane iku luwih moncer lan ngrembaka. Bab iku ndadekake Jawa duwe ciri khas crita wayang dhewe kang beda karo babon crita asli saka Indhia. Crita wayang kulit iku kajupuk saka babon crita ...
a.   Ramayana lan Baratayuda
b.   Dongeng lan Sejarah
c.   Pandhawa lan Kurawa
d.   Mahabarata lan Ramayana

11.       Raja Negara Alengka Prabu Sumali kagungan putra kalih, ingkang satunggal asmanipun Dewi Sukesi lan ingkang satunggalipun malih inggih punika Raden Sukesa ingkang amargi boten saged ngendhaleni dhiri mangkenipun malih raseksa saha asmanipun katelah ....
a.   Dasamuka
b.   Prahasta
c.   Patih Sengkuni
d.   Jambumangli

12.       Tembung tetironan iku linggane awujud tembung ....
a.   tiron                        
b.   tetiron                     
c.   tetiru
d.   tiru

13.       Tuladha tembung andhahan kang oleh wuwuhan awujud ater-ater yaiku ....
a.   tetuku
b.   playon
c.   nyilih
d.   bukuku

14.       Aja lali marang aku. Tembung kanggo nggenepi ukara iku kang trep yaiku ....

a.   jen=gul

b. jen=ktul\

c.   jen=genF|l\

d.   jen=[sl

15.       Kembang kencur, ganda sedhep sandhing sumur kudu ..., yen kepengin ....
      Tembung kang trep kanggo ngisi cecek-cecek ing unen-unen dhuwur yaiku ....
a.   ngawur, makmur
b.   ngawur, mujur
c.   jujur, ajur
d.   jujur, luhur

16. Sing gelem nuduhake ... awake dhewe, lan uga bisa ... nalika susah, kuwi sing tenan-tenan kanca sejati
a.   becike, alane
b.   kurange, ngancani
c.   kurange, ngewangi
d.   rejekine, nulungi.

17. Ing pewayangan Pancal Panggung iku wujude ....
a.   kebo                       
b.   aji                           
c.   buta
d.   demang

18. Nggunakake tembung iku kudu ngati-ati, aja nganti isin amarga kleru milih tetembungan. Tuladhane tembung “swargi” iku tegese ...
a.   akhirat                     
b.   surga                      
c.   almarhum
d.   jeneng wong

19.       Durung menang, yen durung wani ...,
      Durung unggul, yen durung wani ...,
      Durung gedhe, yen durung ngaku ....
      Tembung kang trep kanggo ngompliti wejangane R.M.P. Sosro Kartono ing dhuwur yaiku ....
a.   kalah, asor, cilik
b.   nyerang, ngekul, penggedhe
c.   ngalah, mundur, nyambut gawe
d.   menang, unggul, gedhe

20.       Simbah      : “Bapakmu mau mangkat jam pira, Le?”
      Thole   : “Bapak kala wau ... .”
a.   mangkat jam wolu, Mbah
b.   bidhal jam wolu, Mbah
c.   tindak jam gangsal langkung tigang jam, Mbah
d.   tindak jam wolu, Mbah

21.       Tembung lelungan kaliyan sesarengan punika seratan Jawanipun ....

a.   leluzn\,sesr_zn\

b.   luluzn\, sesx=zn\

c.   luluzn\,ssx=zn\

d.   Xluzn\,sesr_zn\

22. Dheweke ngakoni kridhane pejuang nalika mungsuh Landa pancen gesit-gesit. Ukara ing ngarep tembung rangkepe arupa tembung rangkep ....

a.   fWipu/w                 

b.   fWimf-
     
c.   fWiwsn

d.   fWili=g

23.       siraugst]iyar[nN,kufu ... ai=bufi,

a.   anTe=jtmi[ko

b.   anT_jtMik

c.   anT_pke/ti

d. jtMik

24.      ?alialiail=mt[n, ar[nNtemB|=r=kep Yaiku ....

a. fWipu/w

b. fWimf-semu

c. fWiwsn

d. fWili=g semu

25. “Sinau basa, tegesipun sinau bangsa,
      sinau melu susah, melu sakit,
      tegesipun: sinau ngudi raos lan batos,
      sinau ngudi kamanungsan.”
      Ing nginggil punika wejanganipun ....
a.   Paku Buwana IV
b.   R.M.P. Sosro Kartono.
c.   R.Ng. Ranggawarsita

B.   Isenana cecek-cecek ing ngisor iki kanthi pratitis!
1.   Perangan wara-wara ingkang ngemot asmanipun ingkang tanggel jawab dhumateng wontenipun wara-wara punika aranipun ....
2.   Pak Kyai mulang ngaji. Pak Kyai menawi kaserat aksara Jawi dados ....
3.   Budi pekerti punika kalebet tuntunan ... ingkang paling penting kagem tiyang Jawi.
4.   Mbalung klapa, ... ora pirsa.
5.   Tembung ‘ampun dipunpaiben’ ngokone ....
6.   Serat MAHABHARATA punika damelanipun ....
7.   Basa ingkang limrah kagunakaken kangge ngunandika punika basa ....
8.   “Aja waton ngomong, ngomonga kang nganggo waton.” Unen-unen ing ngajeng punika kalebet tuladha ....
9.   Wiwit 7 November 2003, wayang pikantuk sertifikat “World Master Piece of Oral and Intangible Heritage of Humanity” saking ....
10.       Sinau basa tegesipun sinau ....

C.   Garapen manut prentahe!
1.   Sebutna apa wae perangan kang kudu ana ing wara-wara/kudu katulis nalika gawe wara-wara!
2.   Sebutna apa bedane iklan lan poster!
3.   Gawea tuladha cengkorongan nulis pengalaman pribadhi!
4.   Gawea tuladha parikan!
5.   Ukara-ukara ing ngisor iki tulisen nganggo aksara Jawa:
a.   Panggung sangga buwana.
b.   Aji Pancasonya
c.   Prabu Wisrawana
d.   Ditya Jambumangli


 Kunci
Semesteran
1. c
2. a
5. b
6. b
7. c
8. b
9. c
10. a
11. d
12. d
13. b
14. d
15. c
16. a
17. d
18. c
19. a
21. c
22. a
24. d
25. c
26. d
27. b
29. d
30. b

1. peprenahan
2. gambar tulisan Jawa pakkyai
3. moral
4. ethok-ethok
5. aja dipaido
6. resi wyasa
7. Ngoko
8. purwakanthi lumakasana
9. UNESCO
10. bangsa

1. - irah-irahan/judul
- pambuka (sing diwenehi wara-wara/kanggo sapa wara-wara iku katujokake)
- isi
- papan
- titi mangsa
- pepernahan (asmane sing tanggung jawab)
2. iklan luwih mentingake tulisan dene poster luwih mentingake gambar
3. kasumanggakaken
4. kasumanggakaken
5.
a. p=gu=[s=ogbuwn

b. ajipvC[sov

c. p]buwis]wn



Share :

Facebook Twitter Google+
0 Komentar untuk "Soal UAS Gasal Basa Jawa SMP Kelas 7 "

Back To Top