Soal Semester Gasal Basa Jawa SMP Kelas 9

A.   Pilihen salah siji jawaban kanggo soal-soal ing ngisor iki kanthi menehi tandha ping (X) ing antarane a, b, c, utawa d kang koanggep paling bener!

Kanggo soal no. 1-4
Gya siniram hangganya Sang Putri,
tirta wening kang amawa cahya,
beboreh rekta warnane,
ginosok hangganipun,
sinarengan mantra kang mijil,
larut memalanira,
ngalela dinulu,
watak setya tinarbuka,
tangguh tanggon teguh tumanggaping kardi,
santosa budinira.

1.   Tembang ing nduwur klebu salah siji ura-ura Sekar .... dikarepake minangka donga, panyuwunan, pangarep-arep, uga wejangan kanggo calon penganten.
a.   Sinom
b.   Asmaradana
c.   Dhandhanggula
d.   Mijil

2.   Tembung “hangganya Sang Putri’, tegese ....
a.   calon penganten putri
b.   awake sang putri
c.   jiwane sang putri
d.   anake sing putri

3.   Tembung “beboreh rekta”, tegese ....
a.   lulur ireng
b.   lulur biru
c.   lulur abang
d.   lulur kuning

4.   Tembung “ngalela dinulu”, tegese ....
a.   berkah lumebu         
b.   dedonga supaya     
c.   cetha nduweni
d.   cetha disawang

5.   Semangate kaya jaran dipecut, Kunta gage-gage nyengklak onthele terus blabas. Ukara kasebut nggunakake majas ....
a.   paradoks
b.   alegori
c.   simile
d.   ironi

6.   Pak Gatot ngunandika, “Mbok menawa gandheng iki wis bengi, tukang tambale njaluk larang, ya.” Ukara kasebut nggunakake majas ....
a.   antitesis
b.   sinisme
c.   simile
d.   ironi

7.   Ngunandika iku tegese ....
a.   ngomong
b.   nyindhir alus
c.   takon
d.   omongan dhewe

8.   Kabeh kuwi ditindakake kanggo ngrewangi nyangga kabutuhane kaluwargane. Kang klebu tembung entar jroning ukara kasebut yaiku ....
a.   nyangga kabutuhan
b.   ngrewangi nyangga
c.   kanggo ngrewangi
d.   kabeh kuwi

9.   Resi Gotama sabanjure nggarwa Dewi Indradi. Senajan menawa jujur satemene Dewi Indradi nalika iku wis duwe pacangan ing kayangan yaiku ....
a.   Bathara Surya
b.   Bathara Guru
c.   Bathara Indra
d.   Bathara Wisnu

10.       Dewi Indradi wis janji kanggo ngati-ati nggunakake ...., ora sembrana mbukak apa maneh nganti diweruhi wong liya sanajan anak bojone dhewe.
a.   cupu internet
b.   sastra jendra manikingrat
c.   sastra manik astagina
d.   cupu manik astagina

11.       Crita Ramayana ditulis dening .... kira-kira watara 400 tahun sadurunge Masehi.
a.   Wyasa
b.   Mpu Tantular
c.   Walmilki
d.   Mpu Sedhah lan Panuluh

12. Putrane Dewi Anjani kang wujud kethek putih iku jenenge ....
a.   Anoman                  
b.   Sugriwa                   
c.   Kumbakarna
d.   Arjuna

13.                        Paraga wayanging sisih iku mujudake paraga Ratu saka ....
                       a.   Gunung Mangliawan
                       b.   Gua Kiskendha
                       c.   Arga Belah
                       d.   Kendhalisada

14. Candraning mangsa nalika akeh woh-wohan kang enak mirasa, yaiku ....
a.   suta manut ing bapa
b.   pancuran mas sumawur ing jagad
c.   rasa mulya kasucian
d.   sotya sinarawedi

15. Mangsa akeh woh-wohan kang enak mirasa iku tiba nalika mangsa ....
a.   3                             
b.   5                             
c.   4
d.   6

16. Mangsa lung-lungan bangsa uwi, gembili, gadhung wiwit padha rumambat iku tiba nalika mangsa ....
a.   3                             
b.   5                             
c.   4
d.   6

17. Ngombe ... sloki ilang pangati-atine
a.   2                             
b.   5                             
c.   4

18.       ?...nF|[rnSjuri=.
a.   pipi[n

b.   punD[kK

c.   asT[n

d.   rmB|[tT

19.       ?... n]jums\,
a.   pipi[n

b.   punD[kK

c.   asT[n

d.   rmB|[tT

20.       ?cnF`ni=[m=osaikuan;...;.
a.   12                      

b.   13                      

c.   92


B.   Isenana cecek-cecek ing ngisor iki kanthi pratitis!
1.   Ura-ura tembang .... iku dumadi saka 7 pada (bait) dilarasake marang cacahing beboreh.
2.   Resi Gotama, sawijining resi sekti mandraguna saka pertapan .... ing perenging Gunung Sukendra.
3.   Tembung entar kang unine .... iku tegese sabar/sugih pangapura.
4.   Kula aturi pinarak wonten gubuk kula. Ukara kasebut nggunakake majas ....
5.   Majas kang mbandingake sarana analogis kanthi ngilangake tembung panggandheng disebut majas .... 
6.   Konflik kang ora enggal dirampungake iku bakale dadi ....
7.   Panyandra lengen kang apik iku ....
8.   .... kawula busana, ngombe .... sloki wiwit duwe solah kang nganeh-anehi kaya abdi nganggo busanane ndarane.
9.   Pancuran mas sumawur ing jagad, candraning mangsa ...., wiwit ana gremis lan udan.
10.          Candraning mangsa kapitu yaiku ....

C.   Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi pratitis!
1.   Kepriye paugeraning tembang kang kanggo ura-ura ing Upacara adat Siraman?
Wangsulan :                                                
2.   Putra-putrane Dewi Indradi kang malih kethek iku sapa bae?
Wangsulan :                                                
3.   Golekna tembung-tembung entar saka sifat ing ngisor iki:
a.   seneng milara       
b.   seneng colong jupuk        
c.   seneng mangan enak       
d.   mencla-mencle
Wangsulan :                                                
4.   Tulisna tahapan-tahapan jroning Plot utawa aluring crita!
Wangsulan :                                                
5.   Gawea tuladha ukara kang nggunakake majas ing ngisor iki:
a.   personifikasi
b.   hiperbola
c.   litotes
Wangsulan :                                                


Kunci Ulangan Semester
A. Pilihan Ganda
1. c. Dhandhanggula
2. b. awake sang putri
3. c. lulur abang
4. d. cetha disawang
5. c. simile
6. b. sinisme
7. d. omongan dhewe
8. a. nyangga kabutuhan
9. a. Bathara Surya
10. d. cupu manik astagina
11. c. Walmilki
12. a. Anoman
13. b. Gua Kiskendha
14. c. rasa mulya kasucian
15. d. 6
16. a. 3
17. d. 6

18. a. pipi[n

19. b. punD[kK

20. a. 12

B. Isian
1. Dhandhanggula
2. Grastina
3. jembar segarane
4. litotes
5. metafora
6. klimaks
7. lengene nggendhewa pinenthang
8. tri, telung
9. kalima
10. wisa kentar ing maruta

C. Uraian
1.  10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a.
2. Anjani, Subali, Sugriwa
3. a. entheng tangane               
b. dawa tangane           
c. mogel ilate   
d. lunyu ilate    
4. tahap tetepungan (perkenalan)
tahap thukuling konflik/prakara
konflik saya ruwet
puncak masalah/klimaks
karampunganing crita
5. kasumanggakaken


Share :

Facebook Twitter Google+
0 Komentar untuk "Soal Semester Gasal Basa Jawa SMP Kelas 9"

Back To Top