Geguritan Sejarah


Petang Puluh Lima

Bledhek kang nyeblak kampung iki 
Wus ambyar dadi cahya srengenge 
Kang mijil ing sisih wetan
Katon endah lan gawe bungah
Kaya jabang bayi,
Kang kakandhut si biyung kuwi
Si biyung tetep mesem,
Sanajan sang bojo wus sirna
Dadi klasa
Kanggo nggelar swargane negara 


Sewidak Lima

Apa kabeh iki,
Wis dadi garising langit?
Apa merga karma,
Kang ora bisa dipingit?
Ing ngendi wae
Mung keprungu swara jejerit
Saka jero ati kang kecenthit
Nanging sapa ngerti?
Prastawa iki mula mbukani
Crita kang wigati
Ing Nagari
Lenggahe arga Merapi


Sangang Puluh Wolu

Pak dhalang malik Kayon gapuran
Katon gambar geni mbulat-mbulat
Saking gedhene,
Banjur nglethak warung sak bakule
Geni sing maune kuning
Malih dadi maneka warna
Ana abang, ijo, biru lan ireng
Werna kuwi padha mlayu bareng
Ngoyak tipake Kingkong 
Kang jare dosane
Ngluwihi mafia Hongkong


Rongewu Patbelas

Taun ngarep 
Taun nyalawadi
Dadi rebutane 
Para punggawa saknagari
Mbuh, apa iki sing diarani 
Pepesthine Gusti?
Nanging,
Dongaku mung siji
Muga bener Pangandika
Sang Begawan Ranggawarsita

Dening : Bisri Nuryadi
Alumnus Univet Bantara Sukoharjo

Share :

Facebook Twitter Google+
0 Komentar untuk "Geguritan Sejarah"

Back To Top