Artikel ini pernah di muat di Jagad Jawa .. Solopos..
Jenang, Kurikulum lan Generasi Mudha
Seratan Bapak Tundjung W.Sutirto
ing rubrik Gagasan Solopos (26/11/13) kanthi irah-irahan “Jenang sengkala Versus Zuppa Soup”, mratelakake
pirang-pirang prekara babagan jenang ing Nuswantara.
Prekara jenang iku dirembug amarga ing
dina kemis, Surya kaping 21 November 2013 kang manggon ing omah sinten
Heritage, dideklarasikake ngadege Yayasan Jenang Indonesia (YJI). YJI nduweni
ancas ngenalake jenang Nuswantara marang
bebrayan agung, mligine tumrap para generasi mudha supaya Jenang panggah
ngrembaka.
Bapak Tundjung W.Sutirto uga ngandharake maneka
warna jenang kang titiwanci pungkasan iki para generasi mudha wis padha ora
mangerteni. Merga ora mangerteni mau, para generasi mudha luwih nggandrungi
jenang saka manca, kayata zuppz soup tinimbang jenang lokal kayata
jenang sengkala, jenang mancawarna, jenang suran, jenang procotan lan jenang sungsum.
Saliyane iku, maneka warna jenang
ing nuswantara uga disebutake, kayata jenang tinituan(Manado), jenang mengguh(Buleleng),
jenang ayam Jakarta(Betawi), jenang papeda (Maluku), jenang tatjin
mera(Madura), jenang kanji(Aceh), jenang sabun(Tulungagung).
Mijile jenang ing wewengkon
Nuswantara ora mung kanggo dhaharan wae, nanging maneka warna jenang mau
nduweni werdi utawa filosofi wigati tumrap bebrayan agung. Kabeh mau kanggo
ngarep bagaswaras lan kaslametan saka Gusti Ingkang Maha Murbeng dumadi.
Playune jenang uga bisa kita
tingali ing bab babad. Ing babad bangsa kita, jenang nate dadi simbol werna
abang lan putih. Ing buku “6000 tahun
sang merah putih” (1951), anggitan Mr. Muhammad Yamin diandharake menawa
werna abang lan putih minangka werna rakyat kang wiwit jaman purba wis dadi
werna kang agung.
Nalika jaman Krajan Mataram,
Nuswantara durung nduweni bendera negara. Werna mau njilma ing sajrone gula lan
klapa. Gula jawa
minangka simbol werna abang, lan klapa minangka simbol werna putih mau dadi
bahan baku kanggo gawe jenang. Prastawa iki kedadeyan sadurunge prajanjen
Giyanti taun 1755. Ora maido yen jenang tradisonal akeh kang nduweni werna
abang lan putih.
Emane, Jenang kang ngandhut werdi
luhur lan babad bangsa mau wis ora dimangerteni dening para generasi mudha.
Kamangka sing kudu nguri-nguri kabudhayan ing tembe mburi ora liya yaiku para
generasi mudha dhewe.
Para generasi mudha, mligine para
siswa SD, SMP, SMA/SMK sakjane ora bisa disalahake ing bab iki. Amarga mung
saipit kawruh kanggo nyinauni bab jenang kuwi mau. Coba kita tingali buku-buku
ing perpustakaan sekolah. Pira cacahe buku kang ngrembug babagan jenang? tamtu
perpustakaan ngendi wae mung sethithik kang nduweni buku bab Jenang. Malahan
ana perpustakaan kang blas ora nduweni buku bab Jenang.
Semana uga nalika ngangsu kawruh
ing kelas, para siswa mung bisa nyinauni bab Jenang ing pelajaran Basa Jawa. Kuwi
wae mung sethithik. Standar Kompetensi(SK) kang awujud ngrungokake, micara,
maca lan nulis durung saguh mbabarake bab jenang.
Panulis dadi kemutan nalika rapat
MGMP Basa Jawa Kab. Boyolali wulan kepungkur. Salah sawijining pengurus MGMP
medhar sabda babagan kurikulum anyar kang gegayutan karo Pelajaran Basa Jawa. Pangandikan
mau minangka oleh-oleh saka rapat pengurus MGMP Basa Jawa sak-Jawa Tengah karo Dinas Pendidikan dan
Kebudayaan Provinsi
kang ngrembug babagan kurikulum Basa Jawa, ing Salatiga wulan September
kepungkur.
Ing pelajaran Basa Jawa, mbesuke
bakal ngowahi SK lan KD (Kopetensi dasar). Ing kono, SK lan KD lawas ora bakal
ditrapke maneh, nanging diganti per materi. Salah siji materi yaiku kabudhayan. kabudhayan ing bab lair, nikah lan seda uga
akeh dilebokake. Ing kono akeh upacara-upacara Jawa kang kudu ditindakake.
Menawa nindakake upacara mau, kita ora bisa uwal saka sing jenenge jenang.
Muga wae kurikulum anyar pelajaran
Basa Jawa kang bakal ditrapake ing taun pelajaran anyar(2014) bisa kaleksanan
kanthi sae. Mesthine kurikulum anyar mau
bisa diimbangi kanthi buku-buku babagan jenang kang sumebar ing
perpustakaan-perpustakaan sekolah.
Kanthi mangkono para siswa minangka
generasi sateruse bisa nyinauni bab jenang, saengga bisa mangerteni apa ta sejatine
jenang kuwi? Apa werdine? Lan kepriye babade?
Kabeh tamtu nduweni pandonga, mbok
menawa kanthi mijile YJI lan kurikulum Basa Jawa kang anyar mau, bisa dadi
thinthir kanggo pepadhang tumrap para generasi mudha supaya nyinauni kabudhayan
Jawa kang titiwanci pungksan iki sansaya kesikut jaman.
Bisri
Nuryadi
Guru
SMK Karya Nugraha Boyolali
Sinau
ing Bilik Literasi Solo
0 Komentar untuk "Artikel Kurikulum "