Artikel Jawa : Puasanya orang Jawa

Pasane Wong Jawa

Kanggone wong jawa, pasa minangka saperangan tumindak kang kudu ditindakake. Awit jaman semana, pasa wis dadi perkara kang wigati. Mula saking wigatine bab pasa mau, wong Jawa padha gawe acara-acara kanggo ngrayakake tekane sasi pasa. 

Isih akeh adat utawa tadhisi kang bisa dadi conto, ing antarane sadranan lan punggahan. Pirang-pirang minggu kepungkur pawarta kang ngandharake tradhisi panyambutan sasi pasa mau digelar ing saben media cetak utawa elektronik. 

Ing crita-crita wayang, bab pasa iki lumrahe diarani tapa. Tapa lan pasa sakjane duweni teges kang ora adoh bedane. Tapa bisa ditegesake kanthi nglakoni mati raga sarta sumingkir saka ing alam rame.  Dene pasa yaiku ora mangan, ora ngombe sarta ora senggama karo bojone suwene tekan fajar nganti surupe srengenge.

Tapa bisa lumebu ing sajrone pasa mau. bedane tapa ing kene ora kudu sumingkir saka ing alam rame. Kabeh bisa tapa ing satengahe bebrayan agung tanpa kudu gawe cuwa siji lan sijine. Pasa bisa nyawiji marang tapa, semana uga sewalikke.

Sakjane kang diarani pasa kuwi ora mung kaya kang dikandakake ing dhuwur. Pasa kudu bisa gawe pawongan tambah eling, waspada lan nyedulur marang liyan. Sunan Kalijaga kang uga aran “Mubaligh Keliling” nate maringi wejangan bab tapa marang wong Jawa. Wejangan tapa mau bisa ditingali ing buku Sunan Kalijaga, Biografi, Sejarah, Kearifan, Peninggalan, dan Pengaruh-pengaruhnya (Yudi Hadinata:2015).

Ing kaca 164, panulis mratelakake Jinise tapa kang dianjurake dening Sunan Kalijaga iku ana pitu. Yaiku tapa badan, tapa budi, tapa nepsu, tapa nyawa, tapa rahsa, tapa cahya, lan tapa atma/hayu. Tapa mau menehi wejangan luhur marang manungsa supaya bisa tumindak ikhlas, sabar, waspada, lan seneng paring pitulungan.

Yen ditrapake ing bebrayan, tapa kang sejatine ana ing sajrone pasa iki ora bisa jumbuh karo kauripan manungsa saiki. Wis akeh para manungsa kang nindakake pasa nanging nyimpang tumindake marang ajaran kang wis dadi kapercayane. Semana uga para pawongan kang lungguh ing kursi DPR. Wulan pasa kang sejatine kanggo tapa raga lan jiwa nanging malah digawe padha kaya sasi-sasi sadurunge.

Para birokrat durung bisa ngetrape tapa nepsu, tapa cahya lan tapa hayu sajrone pakaryane kang satemene dadi wakile wong cilik. Wong cilik ing kene mung terus-terusan wae dienggo jenenge kanggo   nggayuh nepsu kadonyan kang lire mung nyenengake para wakil mau. Wong cilik mung kanggo syarat jeneng lan urusan golek stempel.

Durung bisa dadi panutan rakyat kanggo nggawa aspirasi, malah ana-ana wae kepengin njaluk dana aspirasi. Ora baen-baen, dhuwit kang dijaluk mau akehe 20 miliar per taun per daerah pemilihan. Para DPR mau apa wis ora preduli yen pakaryane dadi anggota dewan nemahi lempeng orane karo gegayuhane wong cilik kang sejatine kudu dirembakakake. 

Akeh kang ngira-ngira yen saperangan gedhe bebrayan mbiji pakaryane DPR isih adoh saka gegayuhan rakyat. Kanthi mangkene, temtu wae ora pantes para wakil mau nuntut maneka warna panjalukkan. 

Alesane jane trep, kanggo ngratakake pembangunan wewengkon. Nanging nyawang kahanan kinaryan para DPR kang akeh-akehe ora genah pakaryane, perkara dana aspirasi mau bisa dadi perkara kang nggegirisi tumrap negara lan wong cilik.  Dana aspirasi bisa gampang dikorupsi kanthi nggawe proyek lan sistem kong-kalikong marang bos-bos proyek. Pungkasane wong cilik maneh kang dadi korbane. Lha terus yen mangkono kahanane, apa gunane pasa tumrap pribadhi lan negara? 

Ing tivi, internet, ariwarti lan kalawarti akeh kang ngabarake yen para DPR mau padha nduweni acara buka bersama. Lan kanthi gamblang bisa ngumpulake para yatim piatu saperlu diwenehi sumbangan. Dadi yen bener mangkene, para birokrat mau bisa dadi patuladan merga bisa menehi conto kang becik. 

Nanging emane ing sisih liya para birokrat mau dadi conto kang ora becik kanthi tumindak korupsi lan ngapusi wong cilik. Mula bener yen ana unen-unen, “Tikus ndase ireng”. Unen-unen kang katujokake marang pawongan kang nduweni sipat kaya tikus.

Bisri Nuryadi



Share :

Facebook Twitter Google+
0 Komentar untuk "Artikel Jawa : Puasanya orang Jawa"

Back To Top