Irah-irahan : Ledhek Saka Ereng-Erenge Gunung Wilis
Panyerat : Tulus Setiyadi, S.TP
ISBN : 978-602-25829-8-1
Cetakan : Pertama, Nopember 2016
Katerbitake dening : Pustaka Ilalang Group. Lamongan-Jawa Timur
Gunggung kaca : iv + 151 kaca
Ora Mung Cinta Segitiga
Ing sejarah, para ulama anggone nyebarake agama Islam migunakake dalan budhaya. Budhaya iki kang dirembakakake para ulama kanggo njiret atine para kawula. Kanthi cara ndeder Budhaya sajroning panyebaran agama, para kawula padha ikhlas nrima Islam. Lan mesthine kang wigati ora ana tembung kapeksan apa maneh paten-pinaten. Kandhutan Islami dileburake ing budhaya, utawa suwalike kandhutan budhaya kang dilebur sajroning agama.
Nyatane para leluhur wis mbuktekake menawa rong perkara mau bisa akur-rukun lan padha jangkepi siji mring sijine. Akeh tuladhane kang bisa ditemoni, kayata; tembang dolanan kang ngandhut maneka warna budi pekerti lan agama. Ing jagade wayang kulit, dhalang ora mung mbabar kocape crita nanging uga pamikiran-pamikiran agama lan budhaya. Semana uga ing pasrawungan, isih akeh bab budhaya lan agama kang padha lumaku bebarengan, kayata; kondangan, sadranan, mitoni, nyewu lan sakpiturute.
Kabeh budhaya kang ana ing pasrawungan mau tekan seprene isih migunakake donga-donga kang kajupuk saka sumbere agama Islam. Kang dadi pitakonan, kena ngapa saiki akeh pawongan kepengin mateni budhaya kang wis lumampah ing bebrayan? Akeh tulisan essay, cerita utawa novel kang ngrembag babagan perkara mau. sawijining buku mangkono yaiku novel asesirah “Ledhek Saka Ereng-Erenge Gunung Wilis”, Garapane Tulus Setiyadi.
Sanajan dudu sarjana sastra utawa Pendidikan Bahasa jawa, ananging playune Tulus bab kasusastran mligine kasusastran Jawa wis mumpuni. Ora ujug-ujug langsung bisa nulis ngono wae. Nanging Tulus ngakoni yen nyebur ing njagade panulisan kuwi mesthi ngliwati pepalang lan laku minangka panulis. Ing kaca ngarep, Tulus titip pesen kanggo para pamaca. “Menawa wedi luput, mengkone ora bakal ngerti marang benere. Ora perlu wedi salah sajroning nulis, dene ana kaluputan anggepen minangka pengalaman kanggo dalane kasampurnan”.
Yen diwaca ing kaca-kaca ngarep udakara bab kapisan tekan bab kalima, pamaca mesthi duweni angen-angen yen buku novel iki bakal ndudhah bab katresnan wae. Katresnan antarane Lastri kang dadi ledhek, Widi minangka abangan, lan Yusuf maragani Ustadz. Widi lan Yusuf iki padha ngoyak-ngoyak atine Lastri. Dredah tambah gayeng nalika bapa-sibune Lastri duwe pilihan dhewe-dhewe, ora gathuk.
Saben dina anane mung padha padudon rebutan mantu. Bab iki bisa kadelok ing kaca 21, “Muh, dadi wong urip aja kegedhen panjangka. Mbok sing prasaja wae. Dene kowe wis ngerti menawa anake dhewe ledhek, banjur kok jodhokake ustadz, apa ora bisa ketawur?”.
Ing kene kaya-kaya alur novel samengkone mesthi ngrembug babagan tresnane Lastri marang Widi lan Yusuf. Utawa bisa diarani cinta segitiga minangka tembung lawas ing jagade basa Indonesia. Nanging apa kang dadi pamikiran mangkono mau ora bakal ditemoni ing novel iki. Isih akeh crita katresnane Lastri karo pawongan lanang liyane. Pancen novel iki ora mung ngrembug cinta segitiga.
Kang luwih wigati saka iku, novel iki ngandharake menawa titiwanci iki akeh kang ngomong yen agama lan budhaya iku minangka rong perangan kang beda. Kaya langit lan bumi utawa banyu lan lenga. Ora bisa dicampur, kepara kudu dipisah. Pamikirane Lastri, pakne, bune, Yusuf lan Widi padha disuntak ing alure crita miturut panemune dhewe-dhewe. Blak-blakan tanpa ditutup-tutupi. Dadi pamaca bisa banjur mudheng apa kang dikarepake panulis.
Kembali ke Daftar isi Artikel dan Resensi Jawa.
Kembali ke Daftar isi Artikel dan Resensi Jawa.
Pungkasane atine Yusuf luluh lan ngrumangsani yen pagaweyane Lastri minangka ledhek pancen dudu pagaweyan kang nerak wewaler agama. Yusuf njlentrehake ing kaca 55, “Ledhek kuwi ora luput lan ora ala. Miturut buku sing dakwaca malah kepara luhur. Awit minangka perantarane Dewi Sri. Dewi kang dipercaya minangka cikal bakale mistik kejawen.
Uga Dewi Sri minangka dewane pari. Kanggo mujudake rasa kurmate dianakake bersih desa kanthi nanggap tayub utawa wayang sing lakone magepokan karo Dewi Sri. Sajroning bersih desa tujuwane becik ngirim donga marang para leluhur lan sesaji kang digawa iku simbol kang ngemu piwulang luhur tumrap manungsa urip. Bersih desa ngono kabudhayan kang luhur kanggo nyaketake sesambungane manungsa marang Gustine lan marang alam. Kabeh kuwi ora kena diarani musrik”.
Nggusisake buku iki ora bakal gela ing mburi. Wektu ora mung kabuwang mangkono wae tanpa teges merga maca novel kang ing ngarep tinulis ”Edisi Khusus KBJ IV”. Ora mung mbabar crita katresnan wae, nanging akeh ngilmu babagan agama, budhaya, sastra, gendhing lan donyane ledhek uga digelar ing kene. Buku iki bisa dadi patuladhan mring pamaca supaya diaturake marang liyan.
Yen agama lan budhaya iku ora kaya pertalite karo banyu, ora bisa dicampur. Nanging agama lan budhaya iku kaya dene rel sepur. Sanajan manggone kiwa lan tengen nanging ora bisa dipisahake siji lan sijine.
Bisri Nuryadi
0 Komentar untuk "Resensi Novel Jawa : Ledhek Saka Ereng-Erenge Gunung Wilis "