Artikel : Sesambungane Agama Lan Budhaya

Sesambungane Agama Lan Budhaya

Akeh crita kang ngandharake menawa agama islam nalika nyebar ing tanah Jawa iku tanpa paksan. Budhaya-budhaya saka leluhur kang maune ngandhut wejangan agama liya malah dirembakakake. budhaya mau dadi sarana kanggo nggulawentah agama islam supaya bisa katrima dening bebrayan Jawa. 

Para wali kang nalika nyebar agama islam wus mangerteni menawa budhaya lokal bisa dadi sawijining senjata nyebarake agama islam tanpa ngilangi utawa ngadohake marang bebrayan.

Ing sejarah, nalika jaman Prabu Sindok(929-949M), wis akeh para saudagar saka Jawa kang nglayar tumekaning kutha Baghdad, Irak. Sesambungan dagang antarane Nuswantara karo manca mangkono bisa diarani wus raket. 

Dadi ora mung warga Nuswantara wae kang nglayar tekan negara manca, ananging akeh para warga manca uga nate mampir ing Nuswanara saperlu nawakake dagangane. Contone, pedagang-pedagang islam saka Persia lan Gujarat uga akeh kang mara. 

Dadi awit jaman sadurunge para wali nyebarake agama islam ing Jawa, wus ana para warga kang nyandhang agama islam. Sawijining bukti yaiku pasarean ing Gresik kanthi jeneng Fatimah Binti Maimun, kang seda ing taun 1082 M. 

Akeh pamikiran kang nduweni panduga, menawa nalikane jaman Raja Air Langga (1019-1042 M), utawa saora-orane ing jaman Prabu Jayabaya(1135-1157 M) iku wis ana pedagang-pedagang Islam kang mampir ing Jawa. Kamangka agama wong Jawa nalika Hindu-Budha. 

Kita durung nate krungu pawarta menawa ing wektu iku ana perang ing antarane agama Islam lan Hindhu utawa Budha. Malahan akeh kang mratelakake yen ing jaman mau, Nuswantara nemahi jaman gemah ripah loh jinawi. Para bebrayan bisa urip kanthi ayem tentrem tanpa mbedak-mbedakake agama lan budhaya.

Ing jaman iku uga, ana prastawa akulturasi agama Hindhu lan Budha. Agama kang sejatine beda mau, adhedhasar toleransi banjur disambungake dadi agama kang sinebut Syiwa Budha, agama kang anane amung ing tanah Nuswantara (Sekitar Walisanga:1960). Saka agama iku mau, samengko bakal lair ukara,”Bhineka Tungal Ika” sajroning kitab Sutasoma anggitan Mpu Tantular.

Adhedhasar sejarah, para wali kang sabanjure nyebarake agama islam ing Jawa mangerteni menawa bebrayan iku padha urip rukun marang liyan. Dadi anggone nyebarake uga ora kanthi paksan. Maneka warna budaya dadi sarana para wali kanggo nyebarake agama Islam, contone wayang. Sejatine wayang kuwi kang nganggit dudu para wali. Para wali amung nambahi utawa ngowahi sajrone tatahan utawa bahan-bahan kanggo gawe wayang. 

Kang nganggit wayang yaiku Prabu Jayabaya ing taun 861. Sabanjure wayang mau digawe utawa dimodifikasi jumbuh jaman lan kasenengane para raja jaman semana. Wayang wus akeh ngalami owah gingsir ing saben raja tanah Jawa. 

Owah-owahan wayang nate digarap nalika jamane Prabu Suryamisesa(1145), Prabu Maesakandremen(1166), Prabu Branata(1283), Prabu Brawijaya 1 (1301), Sunan Kalijaga(1443), Raden Trenggono(1447), Ratu Tunggul Giri(1480), Sutan Hadiwijaya/Jaka Tingkir(1505), Panembahan Senopati(1542), Prabu Nyakrawati(1552), lan ing jamane Sultan Agung Hayokrokusumo uga nate gawe wayang purwa.

Kanthi mengerteni owah-owahan wayang mau, dadi gamblang menawa budhaya kuwi bisa kanggo sarana nyebarake virus karukunan antar agama. Ora kudu pakem melu asal-usuling budhaya, nanging budhaya bisa ngrembaka lan urip nut lakuning jaman. 

Ora prelu njaluk menange dhewe utawa benere dhewe. Bab agama lan budhaya kuwi beda, nanging kepriye carane para bebrayan lan punggawane agama utawa budhaya padha mangerteni siji lan sijine.  Sahingga bisa kacipta karukunan antar umat agama. 


Bisri Nuryadi

Share :

Facebook Twitter Google+
0 Komentar untuk "Artikel : Sesambungane Agama Lan Budhaya"

Back To Top