Cerita Bahasa Jawa : GUNUNG CINA KANG DADI KENANGAN

Ora krasa wis sepuluh taun aku ninggalke sliramu. Nanging gegambaranmu isih ngebaki ing awang-awang pikiranku. Fotomu 3x4 sing biyen wektu SMA kok wenehke aku, tekan seprene isih dak simpen. Nadyan wis tau ketrocohan banyu udan, sethithik gambar rambutmu rada buyar. Apuranen aku ya, Sit. Wiwit lulusan tekan seprene, aku ora bisa methuki sliramu. 

***

Wis telung dina iki aku numpak bis kang katon sumuk lan sumpek. Aku wis ora sabar pengin ketemu marang Siti, kanca sekelasku biyen nalika SMA, uga pacarku wektu semono. Nanging saiki aku ora ngerti kepriye kabare. Isih legan nunggu aku apa wis duwe anak bojo.  

Siti, ya mung Siti sing dadi gegondhelaning atiku. Saben dina mesthi kelingan Siti. Menawa kelingan Siti, aku ora bisa sumingkir saka Gunung Pare. Kuburan Cina kang manggon ing pinggir Kartasura, Sukoharjo, kang wis dadi seksi katresnan ing antarane aku lan Siti. Merga omahe Siti sapinggire gunung iku. Desa cilik kang mesthi ramene 24 jam nonstop. Kebak tukang becak kang ngetem, sliwar-sliwer cah enom-enom, bos-bos utawa warga kang statuse ora dak ngerteni teka saka kutha liya padha ngumpul ing desa iku. 

Mbak-mbak, Ibu-ibu padha lipenan lan pupuran kandhel, jejer-jejer kaya dagangan daging ing pasar. Awake diumbar, kanthi klambi ketat lan akeh kang mung tengtopan. Merga desa cilik iku wis kondhang kasebut lokalisasi GP, cekakan saka Gunung Pare. Nanging jaman semono aku uga ora pati nggagas, butuhku ya mung ketemu Siti. Sakjane suwene suwe aku uga nyadar, menawa ibune Siti iku uga sawijining tuna susila ing desa iku. 

Merga kahanan desa kang kaya mangkono mau, Siti kerep ngejak aku metu mlaku-mlaku ing gunung cilik, ya Gunung Pare iku. Sesuketan kang ijo royo-royo lan wit-witan mahoni dadi sesawangan kang endah. Ketambahan maneh wangi-wangian saka dupa saduwure kuburan Cina kang gawe betahe aku lan Siti ing papan kono.

 Asring banget aku lan Siti nemoni wong Cina lagi ziarah. Akeh bocah-bocah cilik kang nonton, malah dikongkon ngresiki makame sing arep diziarahi. Sawise iku bocah-bocah mau diwenehi dhuwit. Ora baen-baen sing menehi. Minim sepuluh ewu. Malah akeh sing menehi seket ewu barang. 

Nate ana cewek ABG Cina melu ziarah wong tuwane. Cewek iku mau dak sawang tanpa kedhep. Aku sempet kesengsem karo awake kang putih resik nganti urate sing werna biru wae katon ing sikil lan tangane. Nanging aku cepet nyadhar, menawa tresnaku iki mung kanggo Siti sanajan pakulitane ora bisa nandhingi cewek Cina mau. Kanggoku tresna iku dudu mung perkara pakulitan kang putih lan praupan ayu, nanging perkara ati kang tulus. 

Wektu kuwi, Siti banjur dak rangkul nganggo tangan tengenku. Dumadakan kairing sumilire angin kang ndadekake rambute Siti  mobrak-mabrik nutupi wajahe sing dak anggep manis dhewe sak donya. Rambute dak silake. Bebarengan karo nyilake rambut, krungu swara wong-wong padha mlayu gendadapan. Mobil, sepedha motor, lan pit onthel kang cacah akeh mau padha njrantal banter ngadohi desa iku. Kaya manuk emprit kang nggrombol notholi pari ing sawah banjur digusah karo petanine. Mak klepeeerrr... manuke padha buyar.

Aku karo Siti ora kaget, malah kepara ngguyu bareng. Wis mudheng menawa kedadeyan kaya mangkono mau mesthi ana grebegan pulisi. Yen wis ketekan pulisi, biyasane Bos Narto sing dadi puggawane desa iku nekani. Ngomong sedhela, dijak ngopi lan malah udud bareng kaya wis katon akrab. Mbuh kepriye carane Bos Narto, ora suwe saka iku pulisi banjur lunga. Kahanan desa bali kaya lumrahe. Wong-wong padha teka maneh. Semono sateruse. 

Korden jendela bis dak bukak. Sesawangan katon beda ora kaya sepuluh taun kepungkur. Biyen dalan Boyolali-Solo akeh gronjalane. Nanging saiki wis katon mulus tenan. 

“Terminal Kartasura.. Terminal Kartasura persiapan.” Swara kernet ngelingke. Aku ngadek njupuk tas gedhe ing jok sadhuwurku banjur ngenteni mandhege bis.

Sawise bise mandheg. Sikil kiwaku jumangkah metu, napaki aspal terminal Kartasura kang gawe gorehe atiku. Terminale katon amba nanging sepi, beda banget karo biyen. Batinku terus ngomong dewe. Terminale mesthi wis dipindhah? Ketara banget amarga biyen Terminale sapinggire dalan gedhe. 
Aku lungguh ing sawijining warung sedherhana sawetane terminal, kanggo leren. 

“Bu, niki terminale anyar nggih?.” Pitakonku nyelani bakul kang gawa jilbab iku sinambi ngudhak gula.
“Nggih pun sawetara, Mas. Kirang langkung gangsal taunan. Lha mase tiyang pundi, ta?” wangsulane buk’e mau kanthi grapyak. 

“Kula niku asline nggih tiyang mriki, Bu, wingking Kopasus, nanging pun dangu nglembara ten Jambi.  Lha mriki riyin lak sawah nggih, Bu?” 
“Oalah.. mung tiyang Kandhang Menjangan mriku, ta. Boten, Mas. Ngapunten, mriki riyin Gunung Pare. Mesthine sampeyan nggih sampun ngertos.”
Atiku mak tratap. Esteh sing dak cekel dak selehke.

“Dados mriki riyin Gunung Pare, Bu, kuburan Cina nika?.” Aku takon maneh kaya durung percaya. 
“Nggih mas. Sing riyin kangge saru-saru.”

Mak klepat, aku metu saka warung. Dak sawang terminal saka sisih kidul tekan pucuk. Ora ana saipit-ipita tinggalan saka Gunung Pare. Kabeh wis owah gingsir. Lha Siti banjur pindah ngendi?
Aku bali mlebu maneh ing warung, aku yakin buk’e iki bakal menehi wangsulan sing dak karepake.
Bener, ibuk’e bakul crita akeh marang aku. Menawa warga kang ndhisik dadi tuna susila, saiki wis padha pindhah menyang gunung Kemukus, Sragen. Lan ora sithik uga kang wis padha tobat. Nikah lan melu bojone dhewe-dhewe.   

“Ngapunten, Bu. Buk’e napa nggih tepang kaliyan warga Gunung Pare?”
“Riyin nggih kathah sing kenal, Mas. Merga, dina-dina kula niku nggih mung nunggu warung sawetane. Napa sampeyan gadhah sedulur ten Gunung Pare?”

“Sanes sedulur, Bu. Namung rencang sekolah SMA riyin. Jenenge Siti, Siti Juli Suryanti. Griyane nomer tiga saking ler.”
“Oalah, Siti anake yu Sarni kae ta?”
“Nggih bu, leres. Sakniki ten pundi, Bu.” pitakonku kemrungsung.

“Riyin pindah ten Magetan, Jawa Timur, Mas. Yu Sarni angsal bojo duda tiyang mrika. Malah turene Siti nggih pun nikah angsal tanggane. Niku pun dangu, Mas. Saploke Gunung Pare tutup, Taun kalih ewu tiga-an. Sakniki nggih pun boten ngertos kabare.”

Krungu wangsulan kang kaya ngono mau, aku wis ora duwe daya. Lambeku meneng ora bisa kumecap apa-apa maneh.
 Kabeh iki mau salahku. Mungkin sakjeke aku wis ora bakal ketemu Siti. Aku uga ora bakal nganggu omah-omahane Siti. Aku mung bisa ndongakake, muga Siti bisa lelumban ing bebrayan kanthi wilujeng nir ing sambekala.

Sit, ngapuranen aku ya, bakal dak bongkar kenanganku. Kaya dene Gunung Pare, kang wis kabongkar dadi Terminal.  
“Lho.. Mas..Mase.. kok malah ngalamun ora uwis-uwis. Ngapunten, Mas, warunge badhe kula tutup. Niki Sampun surup.”  Swara buk’e sing duwe warung nggoyok-nggoyok awakku.












Share :

Facebook Twitter Google+
0 Komentar untuk "Cerita Bahasa Jawa : GUNUNG CINA KANG DADI KENANGAN"

Back To Top