Cerita Jawa : Dongenge Kebo lan Jalak

Ing jaman biyen, Kebo lan manuk jalak kuwi ora kekancan kaya saiki. Kaloron asring padudon kang bisa gawe muntabe sing ngopeni. Critane, ing Sawijining negara ana Raja kanthi asma Banaspati. Raja kuwi nduweni wibawa sing gedhe, merga bisa mimpin negarane kanthi makmur. Pirang-pirang prekara dirampungi kanthi cak-cek, ora nunggu suwe. 

Kanggo mangerteni kahanan negarane, saben esuk lan sore Raja mau mesthi ngubengi wewengkon krajan kanthi kendaraan kang gagah prakosa.  Kendaraan mau yaiku Lembu Turangga lan Jalak Naga. 

Lembu Turangga wujude kaya jaran nanging awake gedhe dhuwur lan duweni sungu. Playune kebat, kaya dhene sepur gaweyan jepang, Sinkansen. Kewan iki ditumpaki Raja saben  wayah esuk. 
Tumpakan sing  sijine yaiku Jalak Naga, awujud manuk gedhe kanthi werna kaya manuk beo, ana abang, kuning, biru lan ijo. Yen mabur cepet banget memper pesawat tempur F17.  

Rong klangenan mau pancen ngedap-edapi. Kabeh para warga ing Krajan kono padha percaya yen kewan mau titisan para dewa ing kayangan. 
Emane, kewan sekti mau sejatine ora nate rukun. Saben dina anane mung padudon. Tumindak iki ditindakake nalika Raja sare utawa ana kaperluan liyane. Sakjane Raja wis mangerteni tumindake Lembu lan Jalak mau, nanging mung dimenengke wae. Dheweke menehi kalodhangan kanggo kaloron supaya bisa akur dhewe tanpa diwejangi Raja. 

Krungu saka njero Krajan, kewan klangenan Raja padha lok-lokkan. Mbuh kuwi perkara perangan awak utawa mbandhingake sapa sejatine kang duweni kekuwatan luwih sekti.

“Blek..blekk.. blekk..” Jalak ngeplek-ngepleke swiwine ing ngarepe Lembu.
“Hueekk.. hueekk..huekk..” Unine Lembu sinambi mragakake wong muntah.
“Yen masuk angin ya gek ndang kerokan kana lho, njijik-njijiki.” Alokke Jalak Naga.
“Awak gagahe kaya ngene kok masuk angin, sory ya. Aku mung ora kuat karo ambune awakmu, merga swiwimu mbok keplek-keplekke.” Lembu nimpali.

“Ora mungkin. Bar adus aku. Wangine kaya ngene kok. Ya kowe kuwi sing ora tau adus.”
“haa..haa.. mbok rene yen ora percaya. diambu awakku.”
“lha thek nyait... Sudimen, mending ngambu liyane tinimbang ngambu awakmu.”

Dumadakan omongan mau padha mandheg amarga ngerti Rajane mlebu kandhang. Raja Banaspati mlaku nyedhaki Jalak Naga tanpa ngrembug babagan lok-lokan mau. Gegere dikeplak-keplak. Rong prajurit sing nderekke banjur nguculi tali kang nggubet gulune Jalak Naga. 

“Sore iki menyang Kadipaten Parang Kondhang, Lak. Jare ing kana lagi ana dredah.” Ucape Raja sinambi munggah ana gegere Jalak.

Jalak Naga banjur ngeplek-ngeplekke swiwine. Tetanduran ing kiwa tengene padha mobat mabit. Lembu Turangga banjur uga melu-melu mbeker-mbeker lan njunjung sikil ngarepe menyang dhuwur. 
“Hiieek... hieeekk...” Swarane Lembu Turangga, Kaya-kaya menehi greget marang Jalak Naga. Pancen yen ana Raja tumindake kewan kaloron mau katon akrab.

Saknalika Jalak Naga mlumpat menyang akasa nunjem mega-mega putih. Ora suwe kaloron mau katon cilik yen disawang saka bumi.

Kurang luwih setengah jam anggone mabur, tangane Raja sisih tengen ngeplak gulune Jalak ateges reting manengan. Sawise  kuwi tangan loro dikeplakake bareng menyang gulune kang ateges mudhun.
Para warga kang ngingeti prastawa mau banjur padha manembah, ngerti yen pawongan kang nitih Naga mau Rajane dhewe . 

“Aku krungu jare yen ing Kadipaten kene lagi enek dredah. Apa bener?” Pitakone raja sora.
Banjur sawijining warga ndhodhok sembah, mlaku indhik-indhik menyang pangadeke Raja.
“Saderengipun dalem nyuwun Pangapura, Gusti. Pangandikan Panjenegan leres, menika kula sak kadang sampun boten kiat mbayar pajek, Gusti. Amargi pajek ing Kadipaten mriki mindhak kathah, kamangka ing warsa menika kathah ingkang gagal panen, Gusti.”

“Lha terus, kowe kabeh padha nglawan ngono?” Pitakone Raja nyelani.
 “Pangapurane, Gusti. Kala wingi wonten prajurit saking Kadipaten sami ngudareksa warga kangge mbayar pajek wau. Saperangan warga sak-janipun kepengin ngajak musyawarah rumiyin, nanging para prajurit boten kersa kepara nekad anggone meksa para warga. Banjur salajengipun sami padudon lan pungkasanipun warga mriki wonten ingkang dados korban, Gusti.”

“Ooo. Ngono critane. Wis, saiki rasah padha sedhih. Bali menyang pakaryane dhewe-dhewe. Bakal dak rampungi prekara iki.”

“Maturnuwun Gusti. Maturnuwun.” Wangsulane para warga seneng. 
“Mak klepeerr...” Jalak Naga bali maneh menyang akasa tumuju Kadipaten. Ora suwe saka kuwi, Raja tekan Kadipaten kang dituju lan sabanjure mudhun menyang plataran. Para prajurit kang lagi jaga-jaga kaget mangerteni Rajane rawuh tanpa ngirim utusan luwih dhisik.  

“Ana ngendi Adipatimu?” Pitakone Raja. 
 “Pangapunten Gusti, Adipati nembe wonten prelu wonten njawi.” Wangsulane sawijining prajurit.
“Njawi ngendi?”
“Pangapunten Gusti, dalem boten mangertos.”
“Masak Adipati lunga ora ana sing ngerti. Apa ora ana sing dikandhani?”

Kabeh prajurit padha meneng. Ora ana sing wani wangsulan.
“Kupingmu padha krungu apa ora? Yen ora ana sing wangsulan, bakal dak obrak-abrik Kadipaten iki.” 
“Pangapurane, Gusti. Adipati nembe wonten... wonten... “
“Wonten ngendi?” Swantene Raja nggetak.
“Wonten gunung Kembang Mekrok, Gusti. Sampun pitung dinten niki.” Wangsulane rindhik-rindhik.

Mireng wangsulan mau, Raja mendhel sawetara. Dheweke wis ngerti yen panggonan mau duweke para wanita memper widadari kang seneng nggodhani para priya. Emane panggonan mau dudu wewengkone Raja Banaspati. Kanggo ngawekani prastawa sing ora-ora, Raja ngirim utusan menyang gunung mau. 

“Adipati ora cetha, Kadipaten lagi ana prekara malah ditinggal plesiran. Saiki, kowe kabeh padha mangkata menyang gunung Kembang Mekrok. Adipatimu konen mulih.” Prentahe Raja kang gawe para prajurit age-age sendhika dhawuh lan budhal. Semana uga Raja, banjur bali menyang Krajan.

Kaya padatan, sawise tekan Krajan Jalak Naga bali menyang kandhange kang mapan saksisihe Lembu Turangga. Disawang katon Lembu lagi turu nglipus. Dumadakan, ember komboran kang mapan ing ngarepe dipancal nganggo cekere.

“Grombyaaanggg...”Swara ember kang ngagetake Lembu.
“Gregap...” Lembu njranthal saknalika, banjur muntab, “Cah ora aturan. Enek kewan turu malah grombyangan. Apa ora tau mangan sekolahan kowe kuwi?”

“Haa..haa..haaa.. Ana kewan kok isine mung turu ngorok wae. Kaya aku iki lho.. Bar nderekne Gusti keliling negara nanging isih cemunguud. Ora klumbrak-klumbruk kaya kowe kuwi. ” Karo ngeplek-ngeplekake swiwine. 

Ora dinyana, kedadeyan mau dimangerteni dening Raja. Mulane, ing wengi iku Raja ora turu nanging mung ngingeti tumindake Naga lan Turangga. Klangenan mau padha lok-lokan ora uwis-uwis kepara padha adu sikil lan cangkem. 

Ora trima karo omongane Jalak, tugelan bata kang manggon ing ngarepe dislenthak, mencelat ing raine Jalak. Diinggati, cucuke banjur nothol gebuk kayu disawatake menyang awake Lembu. Emane gebuk kayu mau ora ngenani awake Lembu, nanging dumadakan ditangkep tangan manungsa kang prekasa. Ora liya Raja Banaspati.

Rong kewan mau saknalika padha mencep mak cep.. mengkeret. Ora ana swara kajaba swara jangkrik ing njaba.

Raja meneng sawetara, banjur sabdane metu, “Saiki padha rungokna. Eling-elingin janjimu nalika semana, nalika dak angkat dadi kendaraan Krajan. Kowe padha janji bakal njaga kawibawan lan kaprawiran minangka klangenan Krajan. Ananging kowe kabeh padha mblenjangi janji. Sakjane aku wis ngerti polahmu awit biyen. Dak tok-tokke supaya padha ngrumangsani. Nanging malah sansaya ndodro. Krajan kene lagi akeh dredah. Yen klangenanku kabeh kaya kowe, ora bisa akur, arep dadi apa Krajanku?Anane mung malah dadi remuk. Dadi wiwit sesuk, kowe kabeh wis ora dak anggep klangenanku maneh.”

jalak lan Lembu banjur ngetokake swara mbeker-mbeker lan ngoceh minangka wujud ora sarujuk karo pangandikane Raja mau. Praupane katon sedhih lan sabisane njaluk pangapura kanthi swiwi lan sikil diobah-obahne. 

“Ora mung kuwi.” Raja Mbacutke.
“Sesuk sawise srengenge njedhul, kowe kabeh dak dongakake dadi kewan sing pancen ora bisa dipisahake. Kewan sing padha menehi pambiyantu. Iki kanggo ngelongi dosa-dosamu amarga ora bisa akur.” Sabanjure ngendikan mangkono, Raja bali mlebu Krajan. Naga lan Turangga mung bisa nangisi pesthine. Ora bisa tumindak apa-apa maneh kajaba ngenteni jumedhule srengenge.

Bener, sawise srengenge njedhul, klangenan Raja kang gagah prakasa mau owah dadi kewan lumrah. Lembu Naga dadi kebo kanthi awak lemu ginuk-ginuk. Lan Jalak Naga dadi kewan cilik awujud manuk jalak werna ireng. 

Kebo kang duweni watak crobo ndadekake awake dirubung nyawa cilik lan tuma. Endah kaya ngapa gatele? Kamangka nyawa cilik lan tuma kebo mau dadi pakanane manuk jalak. Ngerti panganan kang kaya ngono mau, Jalak banjur mencok ana gegere Kebo, notholi nyawa cilik lan tuma. Krasa di thotholi Jalak, kebo dadi krasa kepenak ora ngrasakake gatel maneh. Mulane nganti tekan sakyahmene, Kebo lan Jalak tansah runtang-runtung bebarengan. Nanging emane, kaloron kewan kasebut akeh sing wis dipisahake dening manungsa.




   
  


  

Share :

Facebook Twitter Google+
0 Komentar untuk "Cerita Jawa : Dongenge Kebo lan Jalak"

Back To Top