Cerita : Guru Les Basa Jepang

Nadyan wengi mlaku nggremet tumuju ing punjere, nanging ayuning kartika wiwit jumedhul saka suwalike mega peteng.  Ragaku uga isih panggah mengkurup saduwure springbed jambon. Lemes tanpa daya. Mula aku nyoba nglipur rasa kanthi ngrungokake tembang kenangan kampai(1) ing laptopku.

Aku durung bisa ngleremake mripatku kang wiwit sore katon abuh  merga kakehan ngetokake luh. Sedhih amarga sesuk aku bakal ditinggal lunga marang pawongan kang wis ndudut gregetku. Pawongan kang wis dak anggep kangmasku, kancaku, sedulurku, bapakku lan guru sejatiku. 

Pak Is, mangkono aku ngundang. Asma jangkepe Iskandar Rahmat Basuki. Guru les basa Jepangku. Priyantune kalem, ngemong, lucu tur ya ora njelehi. Rikmane rapi tansah dijongkati piyak tengah. Godhege simbar rumembun. Yen aku ngarani piyambake kaya artis Reza Rahadian. 

Aku tepang marang panjenengane wiwit limang wulan kepungkur. Wektu Bu Harni, guru les basa Inggrisku madoske guru les basa Jepang. Ya pak Is iku. 

Wiwit sepisan kepanggih Pak Is, aku ora nyana yen panjenengane duweni kapinteran kang mumpuni lan tanggap ing sasmita. Cara mucale uga sabar, alon, cetha, lan sistematik wiwit saka kognitif 1 tekan 6. Imbang ing antarane afektif lan psikomotorike. Ora kaya guru-guru ing sekolahanku kang akeh-akehe mung teori, monoton. Iki kang ndadekake kanca-kancaku padha ngantuk. Kanthi cara iku mau aku bisa nampa pelajaran saka Pak Is kanthi seneng lan mudheng. Uga mangsuli pitakonan kanthi bener lan pener.

Kang dadi senengane atiku maneh, menawa rampung ngeles mesthi dicritakake babagan panyurung kang wose bisa nuwuhake greget lan krenteg anggonku sinau. Lan kepriye supayane nglakoni urip iki kanthi milih pilihan apa wae kang wicaksana. 

Sajanan ta, duweni gelar Sarjana Sastra Jepang kang wis kawisudha rong wulan kapungkur, nanging Pak Is uga jago babagan basa Jawa. Katitik, menawa ngasta mesthi nggathuk-nggathukake basa Jawa karo basa Jepang.  

Isih kelingan gamblang nalika piyambake sepisan mucal aku. 
 “Dhik Reni, Basa jepang iku ana gandheng cenenge kalawan basa Jawa, lho.”
“Napa nggih, Pak? Boten mungkin.” Sautku nyela sajak ora percaya.”
“Ngene, basa Jawa iku duweni unggah-ungguh, semana uga basa Jepang uga nduweni.” 

 “Lha pripun niku, Pak?” Aku takon maneh, merga aku durung mudeng babagan paramasastrane Basa Jepang nadyan Sekolahku uga ing SMA jurusan basa asing. Kang  disinauni ing kelas siji iki pelajarane isih umum, lan basa Jepang uga wiwit wae mlebu ing materi aksara jepang, yaiku hiragana, katakana lan saperangan kanji.

“Coba saiki ditulis dhisik dhik, Reni.” Pak Is mbacutake katrangane, aku mbukak buku tulisku.
“Anata wa dare desuka?”  Iku tegese “Jenengmu sapa?” Menawa ing basa Jawa iku diarani basa ngoko.
Sawise rampung dak tulis, Pak Is mbacutke maneh. 

“Anata wa donata desuka? Iku tegese “Panjenengan asmane sinten?” kanggo takon marang pawongan kang dianggep luwih sepuh lan dhuwur jabatane, kaya ing basa krama. Bedane mung dare lan donata “
“Banjur di jawab. Watasi wa Reni kusumawati desu(2). hehe”
“Aaa… Pak Is, saged mawon.” Swaraku sinambi nggebuke buku ing lengene.
Merga Pak Is nyebut jenengku mau, aku lan Pak Is padha gegojegan ngguyu sawetara nuli mbacutake sinau maneh. Pak Is mbabarake siji mbaka siji tembung-tembung iku mau lan pungkasane aku nyoba praktek pitakonan mawa basa Jepang. 

Lagi sepisan wae wis katon akrab. Seminggu ping loro anggonku dilesi Pak Is, mula jam papat sore aku mesthi wis smadya ing saksisihe ruang tamu. Rasane bungah banget jroning atiku wektu semana kaya ketiban ndaru.  Nanging, rasa bungah iku mau bakal sirna.

Sesuk Pak Is wis ora bisa ngelesi aku maneh. Sesuk Pak Is kudu nglakoni pawiyatan telung wulan ing Lembang, tumuli magang ing Jepang telung taun suwene. Dadi wiwit sesuk aku wis ora ketemu Pak Is maneh. Kudu nunggu telung taun. Rasane Kaya lagi gek wingine aku tepung Pak Is. Geneya cepat banget pisahe? 

Luh mripatku kang wis garing, bali mbrebes mili maneh. Tembang kampai dak sorake sithik, aku melu nembang lirih kanthi swara pedhot-pedhot. 

Na..mida... no kotoba.. de utaitai// Ase no.. hikari o.. karada ni.. abite// Furikaerazu ni.. sonomama.. ikeba... yoi// Kaze.. ni fukaretemo ame.. ni utaretemo// Shinjita ai... ni o.. mukeruna ...(3)
...

***

Dina iki, mengko jam setengah telu sore Pak Is tindak tumuju Lembang kanthi nitih Pesawat Wings Air nomer IW-1811. Dadi, sawise mulih sekolah aku bisa menyang Bandara Adi Sucipto. Wektu semono cukup kanggo perjalanan. 

Bener, sawise bel muni ping telu. Aku metu saka lawang sekolah dhisik dhewe. Turut ndalan mbrebesku ora uwis-uwis. Gas kendaraan metikku dak puter maneh, 70 km/jam. Iku wis banter amerga dalane rada macet. Saka jembatan gandhul Janti, aku tambah ngebut ngalor. 

Jam loro punjul sepuluh menit aku tekan Bandara. Luhku dak ulapi. Pak is dak bel. Tanpa antan-antan Pak Is wis ana ing ngarepku. Sajake wis ngenteni suwe. Atiku kesendhal mayang.

“Pak Is..” Swaraku karo nubruk. Sirah lan awakku didhekep ing dhadhane. Luhku crocrosan.   
“Pak Is pamit dhisik ya, Dhik Reni. Salam kanggo kulawarga ing dalem. Wis..Ora papa aja digetuni. Mengko ya mesthi dipadoske ijol guru les basa Jepang maneh kang luwih prayoga dening Ibu. Wis gek ndang meneng. Diawasi wong akeh, masak nganggo seragam SMA isih nangis.. apa ora isin karo adhik-adhik kae. hehe” 

Pak Is nyoba nglipur atiku.
 “Ku..Kula taksih kepingin diwucal panjenengan, Pak!” swaraku mingseg-mingseg.
Sawetara iku lengenku loro-lorone dicekel, aku tangi saka dhadhane. Luh ku diulapi. Aku namatne praupane kang sumunar. 

“Dhik Reni, sapa wae kang mulang iku padha wae. Gumantung pribadhi lan niyate kepriye? Kang luwih penting yaiku kewasisan kang kudu ajeg digladhi. Itsumo, Itsudemo, Itsu Mademo(4) lan uga aja lali marang “Saiki, neng kene, aku gelem’’(5). Isih kelingan pesene Pak Is biyen ta? 
Aku isih ajeg namati praupane. Piyambake mbacutake pratelane.

“Oya, Sesasi engkas semesteran ta Dhik! Gambate kudasai(6). Muga Gusti paring mergi. Amin.”
“Pak Is…”Sepisan maneh aku ambruk ing dhadhane kanthi nggeget-nggeget. 
“ Wektune Pak Is Budhal, Dhik Reni.”
“Ngatos..atos.. nggih,Pak!. Swaraku lirih. Aku banjur Salaman, astane dak ambung. Aku ora bisa kumecap apa-apa maneh.

Pak Is mlampah tumuju undhak-undhakan montor mabur. Aku mung bisa namatke lakune lan dedonga, muga Pak Is tansah kaparingan bagas waras ing Negara Sakura kana. Lan uga aku bisa kepanggih maneh mbesuke. Nanging mripatku sansaya mbrebes mili. Kaya-kaya atiku ora lila ditinggal Pak Is. Ora ana pawongan sing bisa ngganteni Pak Is. 

Montor mabur mlaku ngulon indhik-indhik. Atiku tambah goreh. Sikilku mlaku tumuju lapangan montor mabur. Aku nyoba mlayu lonjong mimis. Nanging montor mabur kepara kilat playune. Akeh kang ngawasi lan ana uga wong loro ngoyak aku, nanging ora dak paelu. 

Montor mabur wiwit nutup roda ateges wis munggah ing akasa. Ing tengah-tengah panasan aku mandeg. Dhengkulku dak dempetke ing dalan landhesan montor mabur. Dumadakan tanganku dicandhak Pak Satpam. Tanganku  kaya-kaya kepengin ngranggeh montor mabur kang wis katon cilik. Swaraku mbengok sora kaya mbelah-mbelahna bumi.               
“Pak Iiiiiiiiiiiss!” 

Katrangan :
1) Tembang kang asale saka Jepang dianggit taun 1956.
2) Tembung kanggo mungkasi ukara ing basa Jepang.
3) Aku pengin nembang kanthi tembung-tembung kang kebak luh//Cahya gegayuhan kasarira ing ragamu//Aja mlinguk ing mburi, mlakua terus//Sajroning derese udan lan galake angin//Aja kok gegeri tresna kang wis diniyati. 
4) Tansah, Kapan wae, saklawase. 
5) Wejangan Ki Ageng Suryamentaram, bilih urip kudu pasrah, iklas kapan wae lan ing ngendi wae.   

Share :

Facebook Twitter Google+
0 Komentar untuk "Cerita : Guru Les Basa Jepang "

Back To Top